Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pandhangan Sing Bener bab Kesalahan

Pandhangan Sing Bener bab Kesalahan

Don lan Margaret * seneng banget wektu diparani karo anaké wédok lan keluargané. Sakdurungé keluargané anaké wédok bali, Margaret, pensiunan koki, masak makroni keju. Kuwi panganan kesenengané putuné lanang loro.

Sakwisé kabèh wis padha lungguh, Margaret nggawa masakané lan didèlèh ing méja. Wektu mbukak panciné, Margaret kagèt merga lali nglebokké bahan utamané, yaiku makroni.

Kita kabèh isa nggawé kesalahan ora masalah umur utawa sepira akèhé pengalamané kita. Isa waé merga omongan sing sembrana, tumindak ing wektu sing ora pas, utawa gampang lali. Apa sebabé kita isa nggawé kesalahan? Piyé carané ngatasi kuwi? Apa kuwi isa dicegah? Kita isa ngerti jawabané nèk nduwé pandhangan sing bener bab kesalahan.

PANDHANGAN KITA LAN GUSTI ALLAH

Nèk nindakké bab-bab sing apik, kita seneng lan ngrasa pantes nèk dialem. Ning, nèk nggawé kesalahan, senajan ora disengaja utawa ora ana sing ngerti, kita uga kudu gelem ngakoni kesalahan kuwi. Kanggo nindakké kuwi dibutuhké sipat andhap asor.

Nèk sombong, kita isa waé nyepèlèkké kesalahan kita, nyalahké wong liya, utawa malah ora gelem ngakoni kesalahan. Kuwi biyasané nggawé kahanané dadi saya parah. Masalahé ora isa rampung lan wong liya isa dipaido merga kesalahan kita. Saiki kita isa waé ora nanggung akibat saka kesalahan kita, ning akiré kita kabèh ”bakal ngunjukaké panjawab marang Gusti Allah bab prakarané dhéwé-dhéwé”.​—Rum 14:12.

Gusti Allah nduwé pandhangan sing masuk akal bab kesalahan. Buku Jabur nggambarké nèk Gusti Allah kuwi ”ambek welasan lan ambek asih” sarta ”ora tansah ndedukani, anggoné duka ora ing salawasé”. Gusti Allah ngerti nèk kita ora sampurna lan ”ènget yèn kita iki lebu”.​—Jabur 103:8, 9, 14.

Gusti Allah kuwi kaya bapak sing welas asih. Gusti Allah péngin kita, sing dadi anak-anaké, nduwèni pandhangan sing padha bab kesalahan. (Jabur 130:3) Ing Alkitab, Gusti Allah maringi naséhat lan tuntunan sing isa mbantu wektu kita utawa wong liya nggawé kesalahan.

CARANÉ NGATASI KESALAHAN

Wektu nggawé kesalahan, manungsa biyasané ngupaya nyalahké wong liya utawa mbenerké kesalahané. Ning, nèk omongan kita nglarani atiné wong liya, kita kudu cepet njaluk ngapura, ora mbalèni kesalahan kuwi manèh, lan njaga hubungan kita karo wong kuwi tetep apik. Apa kita wis tau nindakké kesalahan sing marahi kita utawa wong liya dadi susah? Ketimbang nyalahké awaké dhéwé utawa wong liya, luwih apik nèk kita ngupaya ngrampungi masalahé. Nèk terus-terusan nyalahké wong liya, kuwi ora ngrampungi  masalah malah nggawé masalahé tambah gedhé. Dadi, kita kudu sinau saka kesalahan, ora mbalèni kesalahan kuwi manèh, lan aja terus mikirké kesalahan kuwi.

Nèk wong liya nggawé kesalahan, kita biyasané gampang banget nesu. Ning, luwih apik nèk kita ngetrapké naséhaté Yésus, ”Mulané apa sing kokkarepaké ing bab tumindaké wong marang kowé, iku iya etrapna marang wong.” (Matéus 7:12) Wektu nggawé kesalahan, senajan mung sepélé, kita mesthi péngin wong liya ngapurani kita utawa malah nglalèkké kuwi. Mula, kita uga kudu ngupaya nindakké sing padha marang wong liya.—Éfesus 4:32.

PATHOKAN-PATHOKAN SING ISA MBANTU

Salah siji kamus nerangké nèk kesalahan isa ana merga ”nduwé anggepan sing salah, pangertèn sing kurang, utawa kurang nggatèkké”. Kita perlu ngakoni nèk kadhang kala kita uga kaya ngono. Ning, bèn ora kerep nggawé kesalahan kita perlu nggatèkké pathokan-pathokan saka Kitab Suci.

Salah siji pathokané ana ing Wulang Bebasan 18:13, ”Manawa wong mangsuli sadurungé ngrungokaké, iku bodho sarta cacad.” Kita perlu ngrungokké dhisik kabèh faktané lan mikirké carané nanggepi. Kuwi isa mbantu kita bèn ora ngomong utawa tumindak sing sembrana. Nèk ngrungokké tenanan, kita isa ngerti kabèh faktané, ora nduwé anggepan sing salah, lan ora nganti nggawé kesalahan.

Pathokan liyané yaiku, ”Sabisa-bisa yèn pancèn gumantung marang kowé, andona rukun karo wong kabèh.” (Rum 12:18) Ngupayaa rukun lan seneng kerjasama. Wektu kerja bareng, pikirna perasaané wong liya. Ngupayaa kanggo ngajèni, ngalem, lan nyemangati. Nèk kuwi ditindakké, kita bakal luwih gampang ngapurani utawa nglalèkké omongan lan tumindak sing sembrana. Lan masalah sing luwih serius uga isa dirampungi.

Kita isa sinau saka kesalahan. Ketimbang nggolèk-nggolèk alesan kanggo mbenerké kesalahan kita, dadèkna kuwi kesempatan kanggo mupuk sipat-sipat sing apik. Mbokmenawa kita perlu luwih sabar, apikan, utawa ngendhalèni dhiri. Utawa kita perlu dadi wong sing luwih alus, seneng rukun, lan nresnani wong liya. (Galati 5:22, 23) Kita perlu ngupaya bèn ora mbalèni manèh kesalahan sing padha. Pancèn, kita kudu tanggung jawab marang kesalahan kita, ning aja nganti terus-terusan ngrasa salah. Ngupayaa seneng guyon bèn ora pati tegang.

PAÉDAHÉ NDUWÉ PANDHANGAN SING BENER

Nèk nduwé pandhangan sing bener bab kesalahan, kita isa luwih gampang kanggo ngatasi masalah. Kita isa luwih ngrasa ayem lan rukun karo wong liya. Nèk ngupaya sinau saka kesalahan, kita bakal luwih wicaksana lan disenengi wong liya. Kita ora dadi cilik ati utawa mikir sing èlèk bab awaké dhéwé. Nèk ngertèni upayané wong liya kanggo ngatasi kesalahané, kita bakal luwih cedhak karo wong kuwi. Sing paling penting, kita bakal ngrasakké paédahé nèk niru Gusti Allah sing seneng ngapurani lan nresnani.​—Kolosé 3:13.

Apa kesalahané Margaret, sing disebutké ing ndhuwur mau, ngrusak acara keluargané? Ora. Kabèh padha ngguyu, kususé Margaret, lan padha seneng mangan masakan kuwi senajan ora ana makroniné. Pirang-pirang taun sakbanjuré, putuné lanang loro nyritakké pengalaman kuwi marang anak-anaké lan kuwi dadi kenangan bab simbahé. Margaret lan keluargané isa ngatasi kesalahan kuwi.

^ par. 2 Dudu jeneng asliné.