Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kaya Apa Yésus Sing Saktenané?

Kaya Apa Yésus Sing Saktenané?

Ora ana sing ngerti kaya apa Yésus sing saktenané, merga dhèwèké ora tau njaluk dilukis utawa digawèkké patungé. Ning, saksuwéné pirang-pirang abad, akèh seniman sing nggawé lukisan lan patungé Yésus.

Pancèn, para seniman kuwi ora ngerti kaya apa Yésus sing saktenané. Carané para seniman nggambarké Yésus, biyasané dipengaruhi karo kabudayan, agama, lan kepénginané wong sing arep nuku karya seniné. Ning, lukisan utawa patung saka para seniman mau ana pengaruhé marang pandhangané wong-wong bab Yésus lan ajarané.

Ana seniman sing nggambarké Yésus kaya wong sing ringkih, kétok sedhih, rambuté gondrong, lan bréwoké tipis. Sakliyané kuwi, Yésus digambarké kaya malaékat, ana lingkaran cahaya ing ndhuwur sirahé, utawa wong sing ora perduli karo wong liya. Apa kuwi kabèh bener? Piyé kita isa ngerti Yésus sing saktenané? Salah siji carané yaiku nliti katrangan saka Alkitab. Kuwi uga isa mbantu kita nduwé pandhangan sing bener bab Yésus.

”PADUKA SAMPUN NYAWISAKEN BADAN DHATENG KAWULA”

Kayané kuwi sing dikandhakké Yésus ing dongané wektu dibaptis. (Ibrani 10:5; Matéus 3:13-17) Kaya apa pawakané Yésus? Kira-kira 30 taun sakdurungé, malaékat Gabrièl kandha karo Maryam, ’Kowé bakal ngandheg lan bakal mbabar Putra kakung, Putraning Allah.’ (Lukas 1:31, 35) Dadi, Yésus kuwi manungsa sing sampurna, kaya Adam wektu digawé. (Lukas 3:38; 1 Korinta 15:45) Yésus mesthi wongé gagah lan mbokmenawa mirib karo ibuké, yaiku Maryam, wong Yahudi.

Yésus kuwi nduwé bréwok kaya umumé wong Yahudi, béda karo wong Romawi. Kanggoné wong Yahudi, bréwok kuwi lambang kaurmatan. Biyasané bréwoké ora dawa lan rapi. Yésus mesthi nyukur bréwok lan rambuté. Mung wong-wong Nasir, contoné kaya Simson, sing ora tau nyukur rambuté.​—Wilangan 6:5; Para Hakim 13:5.

Nganti umur 30, Yésus kerja dadi tukang kayu tanpa nggunakké piranti modhèren. (Markus 6:3) Mula, awaké Yésus mesthi kuwat. Ing wiwitan pelayanané, Yésus ”nundhungi wong-wong mau kabèh dalah wedhusé lan sapiné, saka ing Padaleman Suci. Dhuwité préyalan-préyalan padha disuntaki, mejané padha digolingaké” tanpa bantuané wong liya. (Yokanan 2:14-17) Kuwi mung isa ditindakké karo wong sing kuwat. Gusti Allah maringi Yésus badan kanggo nindakké kersané, ”Injilé Kratoning Allah iku iya kudu Dakwartak-wartakaké menyang ing kutha-kutha liyané uga, sabab iya iku preluné anggonKu kautus.” (Lukas 4:43) Dibutuhké kekuwatan sing gedhé kanggo mlaku ing kabèh dhaérah Palestina lan martakké Kratoné Allah.

”PADHA MRÉNÉA, AKU BAKAL GAWÉ AYEMMU”

Yésus kuwi grapyak lan gampang dicedhaki. Kuwi nggawé wong-wong sing ”kesayahan lan kamomotan” dadi gelem nampa undangané Yésus kuwi. (Matéus 11:28-30) Sikapé Yésus kuwi  nggawé kita yakin nèk wong-wong sing gelem sinau saka Yésus bakal ngrasa ayem. Malah, bocah-bocah kepéngin cedhak karo Yésus. Alkitab kandha, ”Bocah-bocah mau tumuli padha dirangkuli.”​—Markus 10:13-16.

Senajan sengsara sakdurungé séda, Yésus ora dadi wong sing kétok sedhih. Contoné, Yésus gelem teka ing acara pernikahan ing Kana lan nggawé mukjijat banyu dadi anggur sing kwalitasé apik. (Yokanan 2:1-11) Ing acara liyané, Yésus mulangké bab-bab sing ora bakal dilalèkké.​—Matéus 9:9-13; Yokanan 12:1-8.

Sing paling penting, carané Yésus mulang kuwi nggawé wong-wong péngin ngerti pangarep-arep bab urip saklawasé. (Yokanan 11:25, 26; 17:3) Wektu 70 muridé padha nyritakké pengalaman nginjilé, Yésus kandha, ”Padha bungaha marga jenengmu wis katulisan ana ing swarga,” lan Yésus dadi ”sukarena”.​—Lukas 10:20, 21.

”NANGING KOWE KABEH IKU ORA MANGKONO”

Para pemimpin agama ing jamané Yésus seneng diurmati lan nyombongké kuwasané. (Wilangan 15:38-40; Matéus 23:5-7) Ning, Yésus ora kaya ngono. Yésus mulang para rasulé bèn ora ”mréntah marang” wong liya. (Lukas 22:25, 26) Malah, Yésus ngélikké, ”Sing padha ngati-ati marang para ahli Torèt, kang padha dhemen mlaku-mlaku nganggo jubah dawa lan seneng diurmati ana ing pasar-pasar.”​—Markus 12:38.

Kosok balèné, Yésus kadhang kala ora isa dititèni wektu ana ing antarané wong akèh. (Yokanan 7:10, 11) Malah, Yésus ora kétok béda ing antarané 11 rasulé. Yudas, sing ngiyanati Yésus, kudu ngambung Yésus bèn isa dadi ”tandha” kanggo gerombolan wong.​—Markus 14:44, 45.

Dadi, senajan rincian bab Yésus mung ana sithik, kita isa yakin nèk Yésus ora kaya sing biyasané digambarké. Ning, sing luwih penting yaiku pandhangan kita saiki bab Yésus dudu kaya apa Yésus sing saktenané.

”KURANG SADHELA LAN JAGAD ORA BAKAL NDELENG AKU MANÈH”

Ora suwé sakwisé ngomongké kuwi, Yésus séda lan dimakamké. (Yokanan 14:19) Yésus ngurbanké nyawané ”minangka tetebusan tumrap wong akèh”. (Matéus 20:28) Ing dina katelu, Gusti Allah nguripké Yésus manèh ’mungguh ing roh’ lan ”Panjenenganipun lajeng ngatingal” marang para muridé. (1 Pétrus 3:18; Para Rasul 10:40) Kaya apa Yésus wektu nemoni para muridé? Kayané béda banget karo mbiyèné, nganti para muridé ora kenal manèh. Maryam Magdaléna ngira nèk Yésus kuwi tukang kebon. Wektu ing perjalanan menyang Émaus, loro muridé Yésus kandha nèk Yésus kuwi wong sing ora dikenal.​—Lukas 24:13-18; Yokanan 20:1, 14, 15.

Piyé kuduné pandhangan kita saiki bab Yésus? Luwih saka 60 taun sakwisé Yésus séda, rasul Yokanan éntuk wahyu bab Yésus. Yokanan ora ndelok Yésus séda ing salib. Ning, Yokanan ndelok Yésus dadi ”Ratuné para ratu lan Gustiné para gusti”, Raja ing Kratoné Allah. Ora suwé manèh, Yésus bakal nyirnakké kabèh mungsuhé Gusti Allah, yaiku makhluk roh lan manungsa sing jahat, lan mènèhi berkah sing langgeng marang manungsa.​—Wahyu 19:16; 21:3, 4.