Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB UTAMA | HADIAH APA SING PALING AJI?

Ngupaya Nggolèk Hadiah sing Paling Aji

Ngupaya Nggolèk Hadiah sing Paling Aji

Nggolèk hadiah sing paling aji kanggo wong liya kuwi ora gampang. Kuwi gumantung karo wong sing nampa. Apa sing dhèwèké anggep hadiah paling aji isa waé ora padha karo anggepané wong liya.

Contoné, cah enom mbokmenawa nganggep nèk piranti èlèktronik sing paling anyar kuwi hadiah sing aji banget. Ning, wong diwasa luwih seneng nèk éntuk hadiah sing ana kenangané, misalé barang warisan saka keluarga. Ana kabudayan sing nganggep nèk hadiah sing cocog kanggo wong tuwa lan cah enom yaiku dhuwit, merga isa digunakké kanggo tuku apa waé sing dipéngini.

Senajan ora gampang, akèh wong sing terus ngupaya nggolèk hadiah sing paling cocog kanggo wong sing ditresnani. Mbokmenawa kita ora mesthi isa mènèhi hadiah kaya ngono. Ning, ana patang bab sing isa dipikirké bèn kita isa mènèhi hadiah sing bakal nggawé wong liya bungah.

Kepénginané sing nampa hadiah. Ana wong lanang saka Belfast, Irlandia Utara, kandha nèk sepédha balap sing dhèwèké tampa wektu umur 10 utawa 11 taun kuwi hadiah sing aji banget. Apa sebabé? Dhèwèké kandha, ”Merga kuwi sing bener-bener tak péngini.” Kuwi mbuktèkké nèk wong bakal ngajèni hadiah sing ditampa nèk cocog karo kepénginané. Mula, coba pikirna apa sing disenengi karo wong sing péngin panjenengan wènèhi hadiah, merga apa sing disenengi kuwi biyasané dadi sing dipéngini. Contoné, simbah seneng nèk isa kumpul karo keluargané. Mula, dhèwèké péngin kerep kumpul karo anak lan putuné. Dolan bareng sak keluarga ngejak simbah isa dadi hadiah sing luwih aji timbang hadiah liyané.

Bèn isa ngerti apa sing dipéngini wong liya, kita isa ngetrapké naséhat Alkitab iki, ”Diénggal  manawa ngrungokaké, nanging disarèh manawa calathu.” (Yakobus 1:19) Wektu omong-omongan karo kanca utawa sedulur, coba rungokna tenanan bèn isa ngerti apa sing disenengi lan sing ora. Kuwi isa mbantu panjenengan mènèhi hadiah sing cocog.

Kebutuhané sing nampa hadiah. Senajan hadiahé sepélé, wong bakal ngajèni nèk kuwi cocog karo kebutuhané. Ning, piyé carané kita ngerti apa sing dibutuhké?

Cara sing paling gampang yaiku kita isa takon apa sing dibutuhké utawa sing dipéngini. Ning, akèh wong sing luwih seneng nèk isa mènèhi hadiah sing isa dadi kejutan. Sakliyané kuwi, senajan ana wong sing gelem ngomongké apa sing disenengi lan sing ora, kerep-kerepé wong ora gelem ngomongké apa sing dibutuhké.

Mula, gatèkna tenan kahanané. Apa wong kuwi isih enom, wis tuwa, isih legan, wis nikah, pegatan, randha, isih kerja utawa wis pènsiun? Banjur, pikirna hadiah apa sing cocog karo kebutuhané.

Bèn isa ngerti kebutuhané, takona karo wong-wong sing ngalami kahanan sing padha. Wong-wong kuwi isa ngandhani bab kebutuhan sing umumé ora dingertèni wong liya. Kuwi isa mbantu kita mènèhi hadiah sing cocog.

Wektuné. Alkitab kandha, ”Iba beciké tembung kang patitis ing wektu kang cocog.” (Wulang Bebasan 15:23) Ayat kuwi nduduhké nèk tembung sing diucapké ing wektu sing pas isa gedhé pengaruhé. Kuwi isa nggawé wong dadi seneng. Semono uga tumindaké kita. Nèk kita mènèhi hadiah ing wektu sing cocog, wong sing nampa bakal dadi seneng.

Contoné, ana kanca sing arep nikah, cah enom sing arep lulus sekolah, utawa wong bebojoan sing arep nduwé anak. Ing kahanan kaya ngono, wong-wong kerep mènèhi hadiah. Ana sing nyathet tanggal-tanggal penting kaya ngono supaya isa nyiapké hadiah sing cocog kanggo taun ngarep. *

Pancèn, kita isa mènèhi hadiah kapan waé ora mung pas dina-dina kusus thok. Ning, kita kudu ngati-ati. Contoné, nèk wong lanang mènèhi hadiah marang wong wédok tanpa alesan sing cetha, wong wédok kuwi isa nganggep nèk hadiah kuwi bukti wong lanang mau ngesir dhèwèké. Senajan nduwé niyat sing apik, hadiah kuwi isa marahi salah tampa lan dadi masalah. Kuwi nduduhké pentingé mikirké bab penting liyané yaiku niyaté sing mènèhi.

Niyaté sing mènèhi. Kaya conto sing disebutké sakdurungé, kita perlu mikirké apa wong sing éntuk hadiah saka kita isa dadi salah tampa. Sakliyané kuwi, wong sing mènèhi hadiah kudu mriksa niyaté dhéwé. Akèh wong sing mikir nèk niyaté tulus, ning akèh wong liyané mènèhi hadiah ing acara-acara kusus merga kepeksa. Malah, ana uga sing ngarepké éntuk balesan.

Apa kuduné niyat kita wektu mènèhi hadiah? Alkitab kandha, ”Sakèhing ayahanmu lakonana kanthi katresnan.” (1 Korinta 16:14) Nèk kita mènèhi hadiah merga perduli lan nduwé rasa tresna sing tulus, hadiah kuwi bakal ditampa kanthi rasa bungah lan kita isa ngrasa luwih seneng. Gusti Allah uga bakal seneng nèk kita nindakké kuwi saka ati. Rasul Paulus ngalem wong-wong Kristen ing Korintus wektu wong-wong kuwi mènèhi bantuan kanthi lila lan bungah kanggo wong-wong Kristen ing Yudéa. Paulus kandha, ”Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila.”​—2 Korinta 9:7.

 Nèk nggatèkké patang bab mau, kita isa mènèhi hadiah sing bakal nggawé wong liya bungah. Allah uga nggawé pengaturan kanggo maringi manungsa hadiah sing paling aji. Kuwi dadi hadiah sing paling aji merga cocog karo patang bab mau lan bab-bab liyané manèh. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug hadiah kuwi.

^ par. 13 Akèh wong uga mènèhi hadiah wektu acara ulang taun lan hari raya. Ning, acara-acara mau biyasané ora cocog karo kandhané Alkitab. Deloken artikel ”Pitakonané sing Maca—Apa Wong Kristen Kudu Ngrayakké Natal?” ing majalah iki.