Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tebusan kuwi hadiah paling aji saka Gusti Allah, sing isa nggawé kita éntuk pangarep-arep urip saklawasé

 BAB UTAMA | HADIAH APA SING PALING AJI?

Hadiah Apa sing Paling Aji?

Hadiah Apa sing Paling Aji?

”Angger peparing kang becik sarta ganjaran [hadiah] kang sampurna iku saka ing luhur, tumurun saka ing Ramané sakèhing pepadhang.” (Yakobus 1:17) Ayat kuwi nduduhké nèk Allah Yéhuwah, Bapak kita sing ana ing swarga, nduwé sipat loma. Gusti Allah wis maringi akèh hadiah kanggo manungsa. Ning, ana siji sing paling aji kaya kandhané Yokanan 3:16, ”Gusti Allah anggoné ngasihi marang jagad iku nganti masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengané aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng.”

Hadiah saka Gusti Allah yaiku ”Kang Putra ontang-anting”. Kuwi hadiah paling aji sing isa kita tampa merga isa mbébaské kita saka dosa, tuwa, lan pati. (Jabur 51:7; Yokanan 8:34) Senajan wis ngupaya tenanan, kita ora isa bébas saka kuwi kabèh. Ning, merga tresna banget karo manungsa, Gusti Allah mbébaské kita liwat kurban tebusan Putrané, yaiku Yésus Kristus. Tebusan kuwi nggawé manungsa sing setya éntuk pangarep-arep urip saklawasé. Ning, apa tebusan kuwi? Apa sebabé kuwi dibutuhké? Lan piyé kita isa éntuk paédah saka tebusan kuwi?

Tebusan kuwi rega sing dibayarké kanggo nebus apa sing wis diilangké utawa kanggo mbébaské wong. Alkitab nerangké nèk Adam lan Kawa digawé dadi manungsa sampurna, sing isa urip saklawasé ing bumi firdaus bareng karo keturunané. (Purwaning Dumadi 1:26-28) Sayangé, Adam lan Kawa kélangan kuwi kabèh wektu ora manut karo Yéhuwah lan dadi wong sing nduwé dosa. Apa akibaté? Alkitab kandha, ”Tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.” (Rum 5:12) Adam ora ngekèki warisan urip sampurna marang keturunané, ning malah warisan dosa lan pati.

Tebusan sing dibayarké kudu padha karo apa sing wis diilangké. Wektu Adam sengaja ora manut karo Gusti Allah, Adam nindakké dosa lan kélangan uripé sing sampurna. Alkitab nerangké nèk kuwi nyebabké keturunané Adam dadi nduwé dosa lan akiré mati. Mula, dibutuhké manungsa sing sampurna uga, yaiku Yésus, kanggo mbébaské manungsa saka dosa lan pati. (Rum 5:19; Éfesus 1:7) Merga tresnané karo manungsa, Gusti Allah nyedhiyakké tebusan bèn manungsa isa ngrasakké apa sing wis tau diilangké Adam lan Kawa, yaiku urip saklawasé ing bumi firdaus.​—Wahyu 21:3-5.

Tebusan kuwi pancèn hadiah sing paling aji saka Gusti Allah merga isa nggawé manungsa éntuk pangarep-arep urip saklawasé. Bèn isa ngajèni ”ganjaran [hadiah] kang sampurna” kuwi, ayo dirembug piyé hadiah kuwi cocog karo patang bab sing wis dirembug ing artikel sakdurungé.

Cocog karo kepénginan kita. Manungsa nduwé kepénginan kanggo urip saklawasé. (Kohèlèt 3:11) Kepénginan kuwi ora isa kelakon nèk nganggo upayané kita dhéwé. Ning, merga ana tebusan, kepénginan kuwi isa kelakon. Alkitab kandha, ”Awit pituwasé dosa iku pati, balik sih-peparingé Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yésus, Gusti kita.”​—Rum 6:23.

 Cocog karo kebutuhan kita. Manungsa ora isa nyedhiyakké tebusan. Alkitab kandha, ”Amarga kelarangen regané pangluwaraning nyawané, lan ora nyukupi ing salawasé.” (Jabur 49:9) Mula, kita butuh banget bantuané Gusti Allah bèn isa bébas saka dosa lan pati ”lumantar panebusé Sang Kristus Yésus”.​—Rum 3:23, 24.

Wektuné pas. Alkitab kandha, ”Sang Kristus wus nglampahi séda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” (Rum 5:8) Merga diparingké ”nalika kita isih padha kawengku ing dosa”, tebusan kuwi bukti katresnané Gusti Allah senajan kita isih dosa. Lan kuwi mènèhi kita pangarep-arep, senajan kita saiki isih kudu nanggung akibat saka dosa.

Niyaté luhur lan ngutamakké kepentingané manungsa. Alkitab nerangké apa sebabé Gusti Allah maringké Putrané dadi tebusan, ”Sihé Gusti Allah iku kababaraké ana ing antara kita, iya iku déné Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga déning Panjenengané. Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita.”​—1 Yokanan 4:9, 10.

Apa buktiné nèk kita ngajèni hadiah sing paling aji saka Gusti Allah? Élinga kandhané Yésus ing Yokanan 3:16 nèk mung wong-wong sing nduduhké iman sing bakal dislametké. Nurut Alkitab, nduwé iman kuwi tegesé ”yakin yèn prekara-prekara sing kita arep-arep kuwi nyata”. (Ibrani 11:1, Basa Jawi Padintenan) Bèn isa yakin kaya ngono, kita perlu nduwé pangertèn sing bener. Mula, panjenengan perlu sinau bab Yéhuwah, Gusti Allah sing mènèhi ”ganjaran [hadiah] kang sampurna”, lan sinau apa sing kudu ditindakké bèn isa éntuk paédah saka kurban tebusané Yésus, yaiku urip saklawasé.

Kita isa sinau kuwi kabèh nganggo cara nliti katrangan saka Alkitab sing ana ing situs wèb www.jw.org/jv. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu panjenengan. Nèk nyinaoni bab hadiah sing paling aji iki lan ngrasakké paédahé, panjenengan bakal kandha, ”Aku ngucap sokur marang Gusti Allah, iku marga déning Gusti Yésus Kristus, Gusti kita.”​—Rum 7:25.