Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Alkitab—Apa Sebabé Akèh Banget?

Alkitab—Apa Sebabé Akèh Banget?

Apa sebabé saiki ana akèh terjemahan Alkitab? Nèk ana terjemahan sing anyar, apa kuwi isa mbantu panjenengan kanggo ngertèni isiné Alkitab utawa malah dadi alangan? Nèk ngerti asal-usulé terjemahan kuwi, kita isa dibantu kanggo milih terjemahan sing apik.

Ayo dirembug sapa sing nulis Alkitab lan kapan kuwi ditulis?

TÈKS ALKITAB SING ASLI

Alkitab kuwi ana rong bagéan. Bagéan sing kapisan, ana 39 buku sing isiné ”pangandikané Gusti Allah”. (Rum 3:2) Gusti Allah nggunakké wong-wong sing setya kanggo nulis bagéan kuwi kira-kira suwéné 1.100 taun, saka taun 1513 SM nganti kira-kira sakwisé taun 443 SM. Akèh-akèhé ditulis ing basa Ibrani, mula disebut Kitab-Kitab Ibrani, utawa Prajanjian Lawas.

Bagéan sing kapindho, ana 27 buku sing uga ”sabdaning Allah”. (1 Tésalonika 2:13) Gusti Allah nuntun para muridé Yésus sing setya kanggo nulis buku-buku kuwi suwéné kira-kira 60 taun, saka taun 41 M nganti 98 M. Akèh-akèhé ditulis ing basa Yunani, mula disebut Kitab-Kitab Yunani Kristen, utawa Prajanjian Anyar.

Dadi, isiné Alkitab ana 66 buku lan kuwi kabèh sabdané Gusti Allah kanggo manungsa. Apa sebabé ana terjemahan-terjemahan Alkitab liya sing digawé? Alesané ana telu.

  • Bèn wong-wong isa maca Alkitab nganggo basané dhéwé.

  • Ndandani kesalahan sing digawé karo para penyalin bèn isa cocog karo tèks asliné.

  • Ngganti tembung-tembung sing wis kuna.

Gatèkna piyé telung alesan kuwi ana pengaruhé kanggo rong terjemahan Alkitab sing wiwitan.

 SEPTUAGINTA YUNANI

Kira-kira 300 taun sakdurungé jamané Yésus, para sarjana Yahudi mulai nerjemahké Kitab-Kitab Ibrani ing basa Yunani. Terjemahan kuwi disebut Septuaginta Yunani. Apa sebabé digawé? Wektu kuwi, akèh wong Yahudi nggunakké basa Yunani, dudu Ibrani. Dadi, terjemahan kuwi digawé kanggo mbantu wong-wong mau bèn isa ngertèni isiné ”Kitab Suci”.​—2 Timotéus 3:15.

Septuaginta uga isa mbantu jutaan wong saka bangsa liya sing nggunakké basa Yunani bèn isa ngerti wulangané Alkitab. Profésor W. F. Howard kandha, ”Wiwit pertengahan abad kapisan, Alkitab Septuaginta digunakké ing Gréja Kristen. Para utusan Injilé marani saben sinagogé kanggo ’nduduhké saka kitab suci nèk Mèsias kuwi Yésus’.” (Para Rasul 17:3, 4; 20:20) Nurut sarjana Alkitab sing jenengé F. F. Bruce, kuwi dadi salah siji alesan akèh wong Yahudi ”ora minat manèh nggunakké Septuaginta”.

Akiré, para muridé Yésus nampa Kitab-Kitab Yunani Kristen. Bagéan kuwi didadèkké siji karo Kitab-Kitab Ibrani terjemahan Septuaginta lan akiré dadi Alkitab sing kita gunakké saiki.

VULGATA LATIN

Kira-kira 300 taun sakwisé Alkitab rampung ditulis, ahli agama sing jenengé Jerome nggawé terjemahan Alkitab ing basa Latin, sing disebut Vulgata Latin. Terjemahan-terjemahan Alkitab basa Latin sakjané wis ana. Mula, apa sebabé dibutuhké terjemahan sing anyar? The International Standard Bible Encyclopedia nerangké nèk Jerome péngin ndandani ”terjemahan sing salah, kesalahan sing kétok cetha, lan bab-bab sing ditambahké sarta dikurangi ning ora ana dhasaré”.

Jerome ndandani akèh kesalahan mau. Ning, wektu kuwi para pemimpin gréja mutuské nèk terjemahan sing resmi kuwi mung Vulgata Latin lan kuwi terus digunakké nganti pirang-pirang abad. Akibaté, wong-wong biyasa ora isa ngerti isiné Alkitab, merga akèh wong wektu kuwi ora isa basa Latin.

 TERJEMAHAN-TERJEMAHAN LIYANÉ

Wong-wong terus nggawé terjemahan-terjemahan Alkitab liyané, contoné Pesyita Siria sing mulai akèh digunakké kira-kira ing abad kalima. Ning, ing abad ke-14, wong-wong mulai ngupaya manèh kanggo nggawé terjemahan Alkitab ing basa sing umum digunakké wong-wong biyasa.

Ing akir abad ke-14, John Wycliffe mulai nyétak Alkitab ing basa Inggris, basa sing dingertèni karo wong-wong biyasa sing ana ing negarané. Ora suwé sakwisé kuwi, Johannes Gutenberg nggawé mesin cétak. Kuwi mbantu para ahli Alkitab kanggo nyétak lan nyebarké terjemahan-terjemahan Alkitab sing anyar ing akèh basa sing umum digunakké ing Eropa.

Wektu Alkitab terjemahan basa Inggris wis saya akèh, para kritikus ngrasa nèk ora perlu manèh nggawé terjemahan liya ing basa Inggris. Ning, ing abad ke-18, ana pemimpin agama saka Inggris yaiku John Lewis kandha, ”Saya suwé basa isa dadi kuna lan ora gampang dingertèni, mula terjemahan-terjemahan sing lawas kudu dipriksa bèn cocog karo basa sing digunakké saben dina.”

Saiki, para ahli Alkitab luwih gampang kanggo mriksa terjemahan-terjemahan sing lawas. Wong-wong kuwi luwih ngerti basa sing digunakké ing jaman Alkitab lan ana akèh manuskrip kuna sing lagi waé ditemokké. Kuwi mbantu wong-wong mau mesthèkké apa terjemahan kuwi cocog karo tèks asliné.

Dadi, kita perlu nduwé terjemahan-terjemahan Alkitab sing anyar. Pancèn, kita tetep perlu waspada karo terjemahan-terjemahan kuwi. * Ning, nèk wong-wong sing ndandani terjemahan kuwi bener-bener nresnani Gusti Allah, kita bakal éntuk paédahé.

 

^ par. 24 Deloken artikel ”Bagaimana Memilih Terjemahan Alkitab yang Baik?” ing Menara Pengawal 1 Mei 2008.