Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PENGALAMAN

Nggondhèli Ajaran Alkitab Senajan Ora Nduwé Tangan

Nggondhèli Ajaran Alkitab Senajan Ora Nduwé Tangan

Wektu rumangsa arep tiba, wong biyasané gondhèlan barang utawa wong liya sing ana ing cedhaké. Ning aku ora isa ngono merga ora nduwé tangan. Wektu umurku pitung taun, tanganku loro-loroné diamputasi kanggo nylametké uripku.

Wektu aku lair ing taun 1960, ibuku umur 17 taun. Bapakku minggat sakdurungé aku lair. Aku lan ibuku manggon karo mbahku ing kutha Burg, kutha cilik ing Jerman sisih wétan, utawa sing mbiyèn disebut Republik Demokrasi Jerman. Akèh wong, klebu keluargaku, dadi wong atéis sing ora percaya karo Gusti Allah.

Wektu cilik, mbah kakungku sayang banget karo aku. Dhèwèké kerep ngajak aku wektu kerja, contoné mènèk wit lan nggraji pangé. Aku seneng banget merga rumangsa digatèkké lan ditresnani.

URIPKU MALIH MERGA KECELAKAAN

Wektu umurku pitung taun aku lagi mlebu sekolah rong taun. Pas mulih sekolah, aku pènèkan cagak listrik. Bareng wis munggah tekan wolung mèter, aku kesetrum nganti semaput. Ngerti-ngerti aku ana ing rumah sakit lan aku wis ora nduwé tangan. Tanganku kobong lan kudu diamputasi utawa dikethok bèn ora inféksi. Ibuku lan mbahku sedhih banget. Merga isih cilik, aku ora mudheng nèk kélangan tangan bakal ngowahi uripku.

Sakwisé metu saka rumah sakit, aku bali mlebu sekolah. Kanca-kancaku ngécé, njorokké, lan mbanggali aku merga aku ora isa ngapa-ngapa. Aku lara ati banget merga dinakali kanca-kancaku. Akhiré, aku dipindhahké menyang Sekolah Birkenwerder, yaiku sekolah kusus kanggo wong cacad. Merga sekolahé adoh saka omah, ibu lan mbahku ora isa niliki aku, ketemuné mung pas prèi. Saksuwéné sepuluh taun aku urip dhéwé tanpa ibu lan mbahku.

URIP TANPA TANGAN

Aku ajar nindakké apa-apa nganggo sikil. Bayangna wektu mangan aku nyekel séndhok utawa garpu nganggo sikil. Aku uga ajar sikatan lan sisiran nganggo sikil. Malah, sikilku ya mèlu obah wektu lagi omongan karo wong.

 Wektu mundhak gedhé, aku seneng maca buku fiksi ilmiah. Kadhang kala aku mbayangké isa nduwé tangan sing canggih bèn isa dinggo nindakké apa-apa. Wektu umur 14 taun, aku mulai ngrokok. Rumangsaku aku dadi kendel lan padha kaya wong liyané sing normal. Kaya-kayané aku ngomong, ’Aku ya isa ngrokok kaya cah gedhé, senajan ora nduwé tangan.’

Aku sibuk mèlu kagiyatan sosial. Aku dadi sekretarisé Free German Youth, yaiku pakumpulané cah-cah enom sing didhukung pamréntah. Aku uga mèlu grup nyanyi, maca puisi lan mèlu olahraga kanggo wong cacad. Sakwisé lulus sekolah, aku mulai nyambut gawé ing perusahaan ing kuthaku. Wektu wis gedhé aku kerep nggunakké tangan palsu merga péngin dadi wong normal.

NGGONDHÈLI AJARAN ALKITAB

Wektu arep mangkat kerja numpak sepur, ana wong lanang nyedhaki aku. Dhèwèké kandha nèk Gusti Allah isa nggawé aku nduwé tangan manèh. Aku nggumun. Pancèn aku péngin nduwé tangan manèh, ning kayané kuwi ora mungkin. Merga aku atéis, aku diajari nèk Gusti Allah kuwi ora ana. Mula, aku nyingkir saka wong kuwi.

Ora suwé sakwisé kuwi, kanca kerjaku ngundang aku mara ing omahé. Karo ngombé kopi, wong tuwané crita bab Gusti Allah sing asmané Yéhuwah. Lagi kuwi aku krungu nèk Gusti Allah nduwé asma. (Jabur 83:19) Ning batinku, ’Ra perduli sapa jenengé, ning Gusti Allah kuwi tetep ora ana. Tak buktékké nèk wong-wong iki klèru.’ Aku gelem rembugan Alkitab merga aku wis yakin tenan karo kapracayanku. Ning, jebulé aku ora isa mbuktèkké nèk Gusti Allah kuwi ora ana.

Wektu sinau ramalan-ramalan ing Alkitab, kapracayan atéisku dadi luntur. Akèh ramalan ing Alkitab sing kelakon, senajan ditulis atusan utawa éwonan taun sakdurungé. Wektu rembugan Alkitab, aku mbandhingké kahanan donya saiki karo ramalan ing Matéus bab 24, Lukas bab 21, lan 2 Timotéus bab 3. Kahanan sing kelakon saiki, cocog karo ramalané Alkitab. Kuwi mbantu aku ngerti nèk kita saiki urip ing ”dina-dina wekasan”. * Kuwi kaya dhokter sing isa ngerti penyakité pasièn, merga nyocokké gejala sing dirasakké pasièné. Aku kagèt tenan merga weruh dhéwé ramalan-ramalan kuwi kelakon.

Aku yakin nèk sing tak sinau iki bener. Aku mulai ndonga marang Yéhuwah lan mandheg ngrokok, senajan wis kecanduan ngrokok luwih saka sepuluh taun. Aku sinau Alkitab nganti kira-kira setaun. Tanggal 27 April 1986, aku dibaptis ing bak sing dinggo adus. Baptisé ndhelik-ndhelik, merga wektu kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah ing Jerman sisih wétan dilarang.

 MBANTU WONG LIYA

Merga ana pelarangan, aku lan para sedulur ngumpul ing kelompok-kelompok cilik ing omahé para sedulur. Aku kenal Seksi Yéhuwah mung sithik. Ngerti-ngerti, pamréntah ngéntukké aku lunga menyang Jerman sisih kulon. Ing kono, Seksi Yéhuwah ora dilarang. Lagi kuwi aku mèlu kebaktian lan isa ketemu sedulur-sedulur sing cacahé éwonan. Kuwi pengalaman sing nyenengké banget.

Sakwisé Témbok Berlin ambruk, Seksi Yéhuwah ora dilarang manèh. Akhiré, aku lan para sedulur isa bébas ngibadah. Aku péngin luwih mempeng nginjil, ning aku wedi ketemu karo wong sing ora tak kenal. Aku mindher merga cacad lan wektu isih cilik aku suwé manggon ing omah kusus kanggo wong cacad. Senajan ngono, ing taun 1992, aku nyoba nginjil 60 jam sesasi. Aku isa éntuk pengalaman sing nyenengké banget. Dadi aku mutuské nginjil 60 jam saben sasi nganti telung taun suwéné.

Aku mesthi ngéling-éling ayat sing kandha, ”Yèn ana wong rumangsa apes, apa aku ora rumangsa mèlu apes?” (2 Korinta 11:29) Senajan cacad aku isih isa mikir lan ngomong. Mula, aku ngupaya mbantu liyané. Merga ora nduwé tangan, aku dadi luwih pangertèn karo wong-wong sing butuh bantuan. Aku ngerti rasané ora isa nindakké apa sing dipéngini. Aku ngupaya nggedhèkké atiné wong-wong sing kaya ngono. Aku seneng nèk isa mbantu wong liya.

Martakké injil marahi bungah

YÉHUWAH NULUNGI AKU SABEN DINA

Kadhang kala aku ya cilik ati. Aku mung kepéngin dadi wong normal. Aku isa apa-apa dhéwé saben dina, ning kuwi butuh wektu, tenaga, lan upaya sing luwih akèh timbang wong-wong normal. Sing tak gondhèli saben dina yaiku ayat sing uniné, ”Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.” (Filipi 4:13) Saben dina, Yéhuwah maringi kekuwatan sing tak butuhké kanggo nindakké kagiyatan sing ”normal”. Aku ngerti nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké aku. Mula aku ya ora bakal ninggalké Yéhuwah.

Wektu isih cilik aku ora isa ngumpul bareng keluargaku. Ning, saiki aku nduwé keluarga dhéwé. Kuwi berkah saka Yéhuwah. Aku nduwé bojo sing nresnani lan nggatèkké keluarga, sing jenengé Elke. Aku uga nduwé keluarga rohani sing cacahé jutaan, yaiku Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya.

Karo bojoku sing tak tresnani, Elke

Aku rumangsa dikuwatké karo janjiné Yéhuwah bab Pirdus, yaiku wektu Yéhuwah nggawé ’samubarang kabèh dadi anyar’, klebu tanganku. (Wahyu 21:5) Aku dadi luwih yakin karo janji kuwi wektu mikirké tenanan sing ditindakké Yésus wektu ing bumi. Yésus isa nambani sing cacad lan uga isa mbalèkké kupingé wong sing wis tugel. (Matéus 12:13; Lukas 22:50, 51) Janjiné Yéhuwah lan mukjijaté Yésus nggawé aku yakin, nèk ora suwé manèh aku bakal ora cacad manèh.

Berkah sing paling gedhé yaiku isa kenal karo Yéhuwah, sing nglipur aku, dadi bapakku, kancaku, lan kekuwatanku. Aku nduwé perasaan sing padha karo Raja Dawud sing nulis, ”Yéhuwah iku kakuwatanku . . . Aku wus kapitulungan, mulané atiku bungah-bungah.” (Jabur 28:7) Senajan ora nduwé tangan, aku bakal terus nggondhèli ajarané Alkitab.

^ par. 17 Kanggo katrangan luwih akèh bab tandha-tandha dina wekasan, deloken buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? bab 9 sing judhulé ”Apa Pungkasané Donya Wis Cedhak?” sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah, uga ana ing www.jw.org/jv.