Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 TIRUNEN IMANÉ | DAWUD

”Peperangan Iku Ana ing Astané Sang Yéhuwah”

”Peperangan Iku Ana ing Astané Sang Yéhuwah”

DAWUD ora mèlu mundur wektu para prajurit Israèl padha mundur lan mlayu merga kewedèn. Apa sing nyebabké prajurit kuwi wedi? Terus-terusan Dawud krungu para prajurit kuwi nyebut jenengé wong lanang. Wong kuwi sing lagi ngadeg ing dhasar lembah. Isa waé kuwi wong sing paling gedhé sing tau didelok Dawud.

Kuwi Goliat. Dawud isa ngerti perasaané para prajurit sing wedi karo wong siji kuwi, merga wongé gedhé banget kaya gunung. Awaké thok waé aboté luwih saka ping pindhoné wong lanang sing gedhé. Dhèwèké nggunakké piranti perang sing komplit, kuwat banget, lan prajurit sing wis trampil. Goliat nantang para prajurit Israèl lan raja Saul. Bayangna swarané sing seru nggema ing pinggiran bukit-bukit. Dhèwèké nantang sapa waé sing wani tandhing siji lawan siji.​—1 Samuèl 17:4-10.

Prajurit Israèl wedi. Raja Saul ya wedi. Dawud wis ngerti kahanan iki luwih saka sesasi. Saben dina Goliat terus nantang. Saksuwéné kuwi, prajurit Israèl lan Filisti mung meneng thok. Dawud krasa susah merga prajurit Israèl, rajané, lan kakangé telu mung meneng waé merga kewedèn. Nurut Dawud, tumindaké Goliat, wong kafir kuwi, marang prajurit Israèl ora pantes lan ngécé Yéhuwah. Ning, apa sing isa ditindakké Dawud sing wektu kuwi isih enom? Lan, apa sing isa ditiru saka imané Dawud?​—1 Samuèl 17:11-14.

”JEBADANA, YAIKU WONGE!”

Ayo didelok sasi-sasi sakdurungé iki. Wektu sore Dawud isih njaga wedhusé bapaké ing pinggiran bukit cedhak Bètléhèm. Dawud kuwi cah enom sing ngganteng, pinter lan umuré durung ana 20 taun. Ing wayah wengi sing sepi, Dawud kerep nggunakké wektuné kanggo maén harpa lan ndelok karyané Gusti Allah, saya suwé dhèwèké dadi luwih trampil maén musik. Banjur, ing sawijining dina, Dawud diundang bapaké merga péngin langsung ketemu karo dhèwèké.​—1 Samuèl 16:12.

Dawud ndelok bapaké sing jenengé Isai lagi omong-omongan karo nabi Samuèl. Yéhuwah mènèhi tugas marang Samuèl kanggo ngurapi salah siji anak lanangé Isai dadi raja Israèl sakbanjuré. Samuèl wis nemoni kakangé Dawud sing cacahé pitu, ning, ora ana sing dipilih Yéhuwah. Wektu Dawud teka, Yéhuwah kandha marang Samuèl, ”Jebadana, yaiku wongé!” Ing ngarepé kakang-kakangé Dawud, Samuèl mbukak wadhah saka sungu kéwan sing isiné minyak kusus, banjur ngesokké minyak kuwi ing sirahé Dawud. Uripé Dawud dadi béda sakwisé diurapi Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Wiwit ing dina kuwi lan saterusé [Dawud] tansah dikanthi déning Rohé Allah.”​—1 Samuèl 16:1, 5-11, 13, Basa Jawi Padintenan [BJP].

Dawud andhap asor lan ngluhurké Yéhuwah merga isa ngalahké kéwan buwas

Apa Dawud mulai dadi sombong merga dadi Raja? Ora, Dawud sabar ngentèni Roh Suciné Yéhuwah mènèhi dhèwèké tanggung jawab sing luwih gedhé. Saksuwéné ngentèni, Dawud tetep andhap asor dadi wong angon wedhus. Gawéan kuwi nglatih Dawud dadi wani lan nduwé tanggung jawab. Wedhusé bapaké wis tau ping pindho mèh diserang singa lan beruang. Wektu kuwi, Dawud ora  mlayu bèn isa slamet, ning, malah wani matèni kéwan-kéwan mau kanggo njaga wedhusé bapaké. Dawud mung dhèwèkan wektu nglawan kéwan-kéwan buwas mau.​—1 Samuèl 17:34-36; Yésaya 31:4.

Akhiré, Dawud diundang karo Raja Saul. Senajan Saul isih dadi pejuang sing kuwat, ning, Yéhuwah ora seneng manèh karo Saul merga dhèwèké ora gelem manut karo tuntunané Yéhuwah. Yéhuwah ora mènèhi roh suciné manèh marang Saul. Mulané, Saul dadi gampang nesu, curiga, lan tumindak kasar. Sing isa nglipur Saul wektu ngalami kahanan kaya ngono yaiku musik. Ana abdiné Saul sing krungu nèk Dawud kuwi pejuang lan pinter maén musik. Mula, Dawud diundang lan dadi tukang maén musik kanggo Saul lan tukang nggawa senjata.​—1 Samuèl 15:26-29; 16:14-23.

Cah-cah enom isa niru imané Dawud. Dhèwèké nggunakké wektu santai kanggo ngupaya nyedhak marang Yéhuwah. Sakliyané kuwi, Dawud nduwé ketrampilan-ketrampilan sing isa digunakké kanggo nyambut gawé. Sing paling penting, Dawud gelem dituntun karo roh suciné Yéhuwah. Kuwi pancèn piwulang sing apik kanggo awaké dhéwé.​—Kohèlèt 12:1.

”SAMPUN NGANTOS SAMI NGLOKRO, JALARAN SAKING TIYANG PUNIKA”

Wektu ngabdi marang Saul, Dawud kerep bali menyang omah kanggo angon wedhus, kadhang kala rada suwé. Saksuwéné kuwi, Isai ngongkon Dawud marani kakangé telu sing paling tuwa, sing dadi prajurité Saul. Dawud gelem manut lan nggawakké panganan kanggo kakangé sing ana ing Lembah Élah. Wektu Dawud teka, dhèwèké kagèt wektu ndelok prajurit Israèl lan Filisti mung meneng waé, kaya sing disebutké ing wiwitané artikel iki. Wong-wong kuwi adhep-adhepan ing dhaérah lembah.​—1 Samuèl 17:1-3, 15-19.

Dawud ora trima karo kahanan kuwi. Mosok prajurité Yéhuwah wedi karo wong kafir. Kanggoné Dawud, Goliat kuwi nantang Yéhuwah. Mula, Dawud langsung ngomong marang prajurit Israèl bab ngalahké Goliat. Wektu kakangé Dawud sing paling tuwa yaiku Éliab krungu omongané Dawud, dhèwèké nyenèni Dawud lan nudhuh nèk Dawud mung péngin ndelok perang. Ning, Dawud kandha, ”Aku iki ngapa ta? Aku rak mung takon ta?” Banjur, Dawud terus lunga lan ngomong nèk isa ngalahké Goliat. Ana sing krungu omongané Dawud banjur dikandhakké Saul. Akhiré, raja Saul ngundang Dawud.​—1 Samuèl 17:23-31.

Omongané Dawud nggedhèkké atiné Raja Saul. Dawud kandha, ”Sampun ngantos sami nglokro, jalaran saking tiyang punika.” Lumrah nèk Saul lan prajurité dadi cilik ati merga mbandhingké kekuwatané karo Goliat, sing awaké gedhé. Bayangna, Saul lan para prajurité dhuwuré mung sak dhadhané Goliat. Wong-wong kuwi mbayangké nèk senjatané Goliat gampang ngalahké Saul lan prajurité. Ning, kaya sing bakal awaké dhéwé delok, pikirané Dawud béda banget. Kuwi sing nggawé Dawud wani nglawan Goliat dhèwèkan.​—1 Samuèl 17:32.

Saul kandha, ”Aja. Kepriyé enggonmu arep perang tandhing? Kowé isih bocah, mangka dhèwèké  wis kulina perang wiwit cilik.” Apa Dawud bener-bener isih cilik? Ora, Dawud mung isih enom banget kanggo dadi prajurit lan rupané isih kétok enom. Ning, akèh sing ngerti nèk Dawud kuwi prajurit sing kendel lan isa waé wektu kuwi umuré wis mèh rong puluhan.​—1 Samuèl 16:18; 17:33, BJP.

Dawud nyritakké kedadéan wektu dhèwèké matèni singa lan beruang kanggo nentremké atiné Saul. Apa Dawud sombong? Ora. Dawud ngerti alesané dhèwèké isa matèni kéwan-kéwan mau. Dawud kandha, ”Sang Yéhuwah, ingkang sampun ngluwari kawula saking cengkeremanipun singa utawi bruwang punika, Panjenenganipun ugi badhé ngluwari kawula saking tanganipun tiyang Filisti punika.” Banjur Saul kandha, ”Iya wis mangkata! Sang Yéhuwah muga nganthia lakunira.”​—1 Samuèl 17:37.

Apa panjenengan péngin nduwé iman kaya Dawud? Imané Dawud ora mung asal percaya, ning ana dhasaré. Dhasaré yaiku merga nduwé pangertèn lan pengalaman. Dawud percaya nèk Yéhuwah kuwi ngayomi umaté lan netepi janjiné. Nèk, péngin nduwé iman kaya ngono, awaké dhéwé kudu terus sinau bab Yéhuwah saka Alkitab. Nèk ngetrapké isiné Alkitab, awaké dhéwé bakal ngrasakké paédahé lan isa nduwé iman sing kuwat.​—Ibrani 11:1.

”SANG YÉHUWAH BAKAL MASRAHAKÉ KOWÉ MARANG ING TANGANKU”

Saul masangké klambi perangé marang Dawud. Klambi kuwi kaya sing dinggo Goliat, digawé saka tembaga. Ing bagéan njeroné klambi perang, ana klambi halkah, sing digawé saka ranté sing dianyam. Dawud nyoba piranti perang mau ning dhèwèké kangèlan. Lan, merga Dawud dudu prajurit, dhèwèké ora kulina nganggo klambi kuwi. Apa manèh Dawud nganggo klambi perangé Saul, wong sing dikenal paling dhuwur ing bangsa Israèl. (1 Samuèl 9:2) Dawud nyopot kabèh piranti perang mau lan milih klambi sing digunakké wektu dhèwèké angon wedhus.​—1 Samuèl 17:38-40.

Dawud nggawa tongkat sing dinggo angon wedhus, tas sing dislémpangké nèng pundhaké, lan umban. Jaman ndhisik, umban kuwi senjata sing ampuh. Bentuké umban kuwi yaiku tali loro saka kulit sing ana kantong cilik ing bagéan ujung. Kuwi senjata sing kerep digunakké wong sing angon wedhus. Dawud ndèlèh watu siji ing kantong cilik kuwi, lan diubengké sing banter ing ndhuwur sirahé, banjur salah siji taliné diculké, bar kuwi watuné mencelat. Kuwi senjata ampuh sing kadhang kala digunakké karo kelompok prajurit pengumban.

Merga nggawa umban, Dawud langsung marani Goliat. Awaké dhéwé isa mbayangké nèk Dawud mesthi ndonga tenanan wektu dhèwèké mbungkuk kanggo njupuk watu cacahé lima ing kali sing wis mèh garing. Banjur, Dawud mlayu menyang panggonan kanggo perang.

Apa sing dipikirké Goliat wektu ndelok Dawud? Goliat kandha. ”Dawud dirèmèhaké, amarga anom sumringah lan bagus. Aku iki apa koksengguh asu, déné anggonmu mapagaké perangku nganggo teken?” Goliat mung ndelok tongkaté Dawud ning ora weruh umbané. Goliat nyumpahi Dawud ngganggo jenengé allah-allahé wong Filisti, lan janji bakal mènèhké mayité Dawud kanggo pakan manuk sarta kéwan ing alas.​—1 Samuèl 17:41-44.

Nganti saiki, omongané Dawud isih digunakké kanggo nguwatké iman. Coba bayangna Dawud mbengok marang Goliat, ”Anggonmu mapagaké aku kalawan nggawa pedhang lan tumbak sarta tlempak, nanging aku methukaké kowé atas asmané Sang Yéhuwah Gustining sarwa dumadi Gusti Allahé Israèl, kang koktantang iku.” Dawud ngerti nèk kekuwatané manungsa lan senjata perang kuwi ora dadi masalah. Goliat ora ngajèni Yéhuwah lan Yéhuwah bakal ngukum dhèwèké. Dawud kandha, ”Peperangan iku ana ing astané Sang Yéhuwah.”​—1 Samuèl 17:45-47.

Dawud ngerti nèk Goliat kuwi awaké gedhé dhuwur lan nganggo senjata perang. Ning, kuwi ora nggawé Dawud wedi. Dawud ora kaya Saul lan prajurité sing padha wedi. Dawud ora mbandhingké dhèwèké karo Goliat, ning, malah  mbandhingké Goliat karo Yéhuwah. Nèk dibandhingké karo dhuwuré wong lanang umumé, ora ana sing isa ngluwihi Goliat, sing dhuwuré 2,9 mèter. Ning, nèk gedhéné Goliat dibandhingké karo Yéhuwah, ora ana apa-apané. Jelas, nèk Goliat kuwi padha kaya manungsa liyané, malah Goliat isa disebut kaya kéwan cilik sing siap dibasmi.

Dawud mlayu nèng arahé Goliat, terus njupuk watu ing tasé. Banjur ndèlèhké watuné ing umbané lan diubengké ing ndhuwur sirahé nganti muni swarané. Goliat lan wong sing nggawa tamèng mèlu maju nyedhaki Dawud. Merga Goliat gedhé dhuwur, tamèngé ora isa nglindhungi sirahé Goliat, sing bakal dadi sasarané Dawud.​—1 Samuèl 17:41.

Dawud ngerti nèk wong sing paling gedhé waé ora ana apa-apané dibandhingké karo Yéhuwah

Dawud banjur nguncalké watu sing mau wis diubengké karo umbané. Bayangna kahanané sing ora ana swara wektu dawud nguncalké watu kuwi. Dawud mung butuh siji watu waé, merga Yéhuwah nggawé watu sing diuncalké sepisanan kuwi langsung nyungsep ngenani bathuké Goliat. Wong sing gedhé kuwi ambruk. Wong sing ana ing jèjèré Goliat mau mbokmenawa kewedèn. Banjur, Dawud nyedhak, njupuk pedhangé Goliat, lan nugel guluné Goliat.​—1 Samuèl 17:48-51.

Akiré, Saul lan prajurité isa wani manèh. Nganggo kekuwatan sing gedhé, prajurit Israèl nyerang prajurit Filisti. Israèl akhiré menang padha kaya sing dikandhakké Dawud marang Goliat, ”Sang Yéhuwah . . . masrahaké kowé ana ing tanganku.”​—1 Samuèl 17:47, 52, 53.

Saiki, abdiné Gusti Allah ora mèlu perang manèh. (Matéus 26:52) Ning, awaké dhéwé tetep kudu niru imané Dawud. Awaké dhéwé kudu percaya nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing kudu disembah lan dilayani. Kadhang kala, wektu ngadhepi masalah, awaké dhéwé krasa nèk masalah kuwi gedhé banget. Ning, nèk dibandhingké karo Yéhuwah sing kuwasané gedhé, masalah kuwi dadi ora ana apa-apané. Kaya Dawud, nèk awaké dhéwé nduwé iman lan nyembah marang Yéhuwah, ora bakal ana tantangan lan masalah sing isa nggawé cilik ati. Ora ana sing isa madhani kekuwatané Yéhuwah sing gedhé.