Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 TIRUNEN IMANÉ SARA | SARA

Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”

Dhèwèké Disebut ”Ibuké Para Raja”

SARA lagi njejegké awak karo nyawang pemandhangan ing sak kiwa tengené. Para abdiné lagi sibuk nyambut gawé manut arahané. Sara dhéwé ya sregep mèlu nyambut gawé. Bayangna apa sing dipikirké Sara sing lagi mijeti tangané bèn ora lara. Mbokmenawa Sara mau bar njait kain kémahé sing suwèk. Kain kémah sing asalé saka kulit wedhus kuwi wis rusak merga kepanasen lan kudanan. Sara lan keluargané wis pindhah-pindhah panggonan nganti pirang-pirang taun nganggo kémah kuwi. Bareng wis surup, langité wis malih wernané. Sara isih ngentèni Abraham * sing wis lunga kèt ésuk. Ngerti-ngerti, Sara mèsem merga saka kadohan wis kétok Abraham lagi mlaku ngliwati bukit ing cedhak kono.

Sepuluh taun kepungkur, Abraham lan rombongan keluargané nyebrang ngliwati Kali Éfrat lan tekan ing Kanaan. Wektu kuwi, Sara gelem ndhukung bojoné kanggo mlaku adoh menyang dhaérah sing ora dikenal. Sara ngerti nèk Abraham nduwé tugas penting kanggo ngasilké keturunan lan bangsa sing bakal dadi pilihané Yéhuwah. Lha terus apa bagéané Sara? Umuré Sara wis 75 taun. Mbokmenawa Sara ya kuwatir, utawa malah penasaran lan mikir, ’Piyé carané janjiné Gusti Allah marang bojoku isa kelakon, padhahal aku mandhul?’

Isa waé kita uga péngin ngerti kapan janji-janjiné Gusti Allah bakal kelakon. Pancèn sabar kuwi ora gampang, kususé nèk lagi ngentèni janji sing diarep-arep. Apa sing isa disinaoni saka imané Sara kuwi?

’KULA DIPUN GANJAR GABUG DÉNING YÉHUWAH’

Sakwisé metu saka Mesir, Sara lan keluargané ngedegké kémah ing dataran tinggi sak wétané Bètèl. Kutha Bètèl kuwi uga biasa disebut Luz karo wong Kanaan. (Purwaning Dumadi 13:1-4) Saka dataran tinggi kuwi, Sara isa ndelok Tanah Prajanjian sing amba banget. Ing kono, ana désa-désané wong Kanaan lan dalan-dalan menyang dhaérah plosok. Pemandhangan kuwi béda banget karo dhaérah asalé Sara. Mauné, Sara manggon ing Ur, salah siji kutha ing Mésopotamia sing jaraké 1.900 km saka dhaérah sing dienggoni Sara saiki. Ur kuwi kutha sing makmur lan akèh pasaré. Sara dhéwé ya nduwé omah sing nyaman, nganggo atap lan témbok sing kokoh, sarta saluran banyu. Sara uga nduwé akèh sedulur ing kono. Kuwi kabèh wis ditinggalké karo Sara. Ning, wong wédok sing setya karo Gusti Allah kuwi ora kétok sedhih wektu ngéling-éling kuwi kabèh.

Kira-kira 2.000 taun sakbanjuré kuwi, rasul Paulus éntuk wahyu kanggo nulis bab imané Sara lan Abraham. Paulus kandha, ”Saupama padha ngèngetana ing tanah wutah rah kang wus tinilar, padha kagungan wektu kang ombèr kanggo kondur.” (Ibrani 11:8, 11, 15) Dadi, nèk umpamané  Sara utawa Abraham nduwé rasa kangen marang dhaérah asalé, wong loro kuwi mesthi bakal bali menyang Ur. Banjur, Sara lan Abraham bakal kélangan hak istiméwa sing luar biasa saka Yéhuwah lan ora isa dadi tuladha iman sing kuwat kanggo jutaan wong. Ning, Sara lan Abraham ora kaya ngono.

Sara ora kangen karo kabèh sing wis ditinggalké. Sara terus ndhukung lan ngéwangi bojoné wektu kudu pindhah-pindhah panggonan karo kabèh ternaké, sarta masang lan ngringkesi kémahé. Sara tetep setya senajan ngadhepi akèh tantangan lan owah-owahan. Banjur, Yéhuwah maringi katrangan anyar bab janjiné marang Abraham, ning isih durung nyebutké bab Sara.​—Purwaning Dumadi 13:14-17; 15:5-7.

Akiré, Sara mutuské kanggo ngomong marang Abraham bab rencana sing wis suwé dipikirké. Bayangna piyé perasaané Sara wektu kandha, ”Lah ta, kula dipun ganjar gabug [mandhul] déning Sang Yéhuwah, temah boten gadhah anak.” Banjur, Sara mènèhi saran marang Abraham supaya nduwé anak liwat baturé Sara sing jenengé Hagar. Apa panjenengan isa mbayangké perasaané Sara wektu mènèhi saran kuwi? Mbokmenawa saran kaya ngono kuwi ora lumrah ing jaman saiki. Ning, ing jaman kuwi, wis lumrah nèk ana wong lanang sing nduwé selir bèn nduwé keturunan. * Apa mungkin Sara mikir nèk kuwi isa dadi cara kanggo ngasilké bangsa saka keturunané Abraham kaya kersané Gusti Allah? Senajan ngono, Sara lila nggawé pangurbanan. Piyé tanggepané Abraham? Alkitab kandha nèk dhèwèké ngrungokké sarané Sara.​—Purwaning Dumadi 16:1-3.

Apa kuwi tegesé sarané Sara mau asalé saka Yéhuwah? Ora ngono. Sarané Sara kuwi nduduhké pandhangané manungsa sing lumrah. Sara mikir nèk Gusti Allah sing kudu tanggung jawab marang masalahé, lan Sara ora nduwé pilihan liya. Padhahal saran kuwi bakal nggawé Sara dadi susah lan sedhih. Senajan ngono, kuwi malah dadi bukti nèk Sara ora mikirké kepentingané dhéwé. Kuwi nggumunké banget merga saiki akèh-akèhé wong biasané luwih mikirké kepentingané dhéwé. Dadi, nèk kita gelem ngutamakké kersané Gusti Allah timbang kepentingané dhéwé, kuwi tegesé niru imané Sara.

”SIRA MAU PANCEN GUMUYU”

Ora let suwé, Hagar mbobot. Mbokmenawa kuwi nggawé Hagar dadi rumangsa luwih penting lan ora  ngajèni Sara. Sara sing mandhul mesthi dadi gela banget. Akiré, merga wis diijinké karo Abraham lan éntuk dhukungan saka Gusti Allah, Sara nindhes Hagar nganggo cara sing ora dijelaské ing Alkitab. Banjur, Hagar nglairké anak lanang sing jenengé Ismaèl. (Purwaning Dumadi 16:4-9, 16) Sakwisé kuwi, wektu umuré Sara 89 taun lan Abraham 99 taun, wong loro kuwi nampa katrangan sing luar biasa saka Yéhuwah.

Sepisan manèh, Yéhuwah janji nèk keturunané Abraham bakal dadi akèh. Yéhuwah uga ngganti jenengé Abram dadi Abraham sing tegesé ”Bapaké Wong Akèh”. Lan saiki Yéhuwah uga nyebutké bab Sara. Mauné, jenengé Sara kuwi Sarai sing tegesé ”Seneng Padu”. Apa tegesé jeneng Sara? Sara kuwi tegesé ”Ibuké Para Raja”. Yéhuwah nerangké apa sebabé jeneng Sara kuwi cocog kanggo wong wédok sing ditresnani iki. Yéhuwah ngendika, ”[Sara] iku bakal Sunberkahi, déné sira iya bakal Sunparingi anak lanang patutan saka somahira iku, lan iya bakal Sunberkahi temah bakal dadi ibuné bangsa pirang-pirang, lan bakal nurunaké para raja.”​—Purwaning Dumadi 17:5, 15, 16.

Prajanjiané Yéhuwah bab keturunan sing bakal dadi berkah kanggo kabèh bangsa kuwi bakal kelakon liwat anaké Sara. Anak lanangé Sara dijenengi Iskak karo Gusti Allah, sing tegesé ”Ngguyu”. Wektu ngerti kersané Yéhuwah nèk Sara bakal nduwé anak dhéwé, Abraham banjur ”sumungkem konjem ing bumi karo gumujeng [ngguyu]”. (Purwaning Dumadi 17:17) Abraham nggumun lan ngguyu merga seneng banget. (Rum 4:19, 20) Lha terus Sara piyé?

Ora let suwé, ana wong telu sing ora dikenal mara menyang kémahé Abraham. Wektu kuwi hawané panas, ning Abraham langsung mlayu nemoni tamu-tamu kuwi. Abraham kandha marang Sara, ”Diénggal njupuka glepung alus telung taker, endang uleten gawénen roti bunder!” Abraham lan Sara langsung sibuk kanggo nyambut tamuné. Abraham langsung mbelèh sapi lan nyiapké ombé lan panganan. (Purwaning Dumadi 18:1-8) Para ”priya” kuwi jebulé malaékaté Yéhuwah. Rasul Paulus mbokmenawa kèlingan karo pengalamané Abraham kuwi wektu nulis, ’Aja lali awèh pamondhokan,’ merga ana sing tanpa sadhar jebulé ”wus ngaturi pasugatan [suguhan] marang para malaékat”. (Ibrani 13:2) Apa panjenengan isa niru tuladhané Abraham lan Sara sing seneng nampa tamu?

Sara seneng nampa tamu

Wektu salah siji malaékat kuwi mbalèni janjiné Gusti Allah marang Abraham, Sara ngrungokké saka njero kémah. Ning, Sara mikir nèk kuwi anèh. Sara ora isa ngempet ngguyu lan mbatin, ”Aku wus tuwa mangkéné apa isih duwé papénginan saresmi, mangka bendaraku iya wus sepuh mangkono?” Malaékat kuwi langsung takon marang Sara, ”Tumraping Yéhuwah apa ana kang mokal?” Banjur Sara njawab, ”Kawula boten gumujeng.” Tanggepané Sara kuwi lumrah merga Sara wedi. Malaékat kuwi njawab, ”Ora, sira mau pancèn gumuyu!”​—Purwaning Dumadi 18:9-15.

Ngguyuné Sara kuwi ora nduduhké nèk dhèwèké kurang iman. Alkitab kandha, ”Marga saka pracaya, dalah Ibu Sara kaparingan kakiyatan nedhakaké putra-wayah, sanadyan wus lungsé ing yuswa; amarga ngugemi manawa kang maringi prasetya iku setya.” (Ibrani 11:11) Sara ngerti nèk Yéhuwah isa nggenepi kabèh janjiné. Kita kabèh mesthi péngin nduwé iman kaya ngono. Kita kudu ngupaya kanggo sinau luwih akèh bab Gusti Allah liwat Alkitab. Banjur kita bakal ngerti nèk imané Sara kuwi diberkahi. Yéhuwah kuwi pancèn setya lan bakal netepi kabèh janjiné. Malah, kadhang kala Yéhuwah tumindak nganggo cara sing ora dinyana-nyana sing nggawé kita nggumun utawa ngguyu ora percaya.

’APA SAPANJALUKÉ SARA IKU TURUTANA’

Yéhuwah mberkahi Sara merga imané kuwat

Wektu Sara umuré 90 taun lan Abraham 100 taun, Sara akiré isa nduwé anak lanang. Sara  mesthi seneng banget merga wis suwé ngentèni. Anaké Abraham dijenengi Iskak, kaya sing dingendikakké Gusti Allah. Bayangna Sara sing ora sabar lan ngguya-ngguyu karo kandha, ”Gusti Allah damel aku gumuyu, sapa kang krungu bab iki, mesthi bakal gumuyu marga saka aku.” (Purwaning Dumadi 21:6) Kuwi mukjijat saka Yéhuwah sing bener-bener nggawé Sara seneng banget. Ning, kuwi uga dadi tanggung jawab sing gedhé kanggo Sara.

Wektu umur limang taun, Iskak disapih. Banjur, keluargané nganakké pésta. Ning, Alkitab kandha nèk Sara nggatèkké Ismaèl sing terus-terusan ngécé Iskak. Ismaèl kuwi anaké Hagar sing umuré 19 taun. Kuwi dudu mung écé-écénan biasa. Tumindaké Ismaèl kuwi sakjané padha karo panganiaya, kaya sing disebutké karo rasul Paulus. Sara nggatèkké nèk tumindaké Ismaèl kuwi isa ngancem uripé Iskak. Sara ngerti tenan nèk Iskak kuwi ora mung anaké, ning uga dadi kunci kanggo mujudké kersané Yéhuwah. Mula, Sara ngupaya nyritakké sing saktenané marang Abraham banjur njaluk bèn Hagar lan Ismaèl diusir.​—Purwaning Dumadi 21:8-10; Galati 4:22, 23, 29.

Piyé tanggepané Abraham? Alkitab kandha nèk sing diomongké Sara kuwi nggawé Abraham ora seneng merga Abraham sayang banget karo Ismaèl. Ning, Yéhuwah isa ngertèni masalahé, mula Yéhuwah ngendika marang Abraham, ”Aja nganti dadi renguné atinira marga saka bocahé lan baturira; apa sapanjaluké Sara marang sira iku turutana, awitdéné trah kang saka Iskak iku kang bakal kasebut turunira.” Yéhuwah nggawé Abraham yakin nèk Hagar lan anaké mesthi bakal diopèni. Abraham sing setya gelem manut.​—Purwaning Dumadi 21:11-14.

Sara kuwi bener-bener ndhukung Abraham ing kahanan apa waé. Sara gelem mènèhi saran marang bojoné. Dadi, wektu ana masalah sing ana pengaruhé kanggo keluargané lan uripé sukmbèn, Sara ngomong apa anané karo bojoné. Tumindaké Sara kuwi dudu ateges ora ngajèni bojoné. Malah, rasul Pétrus, sing uga nduwé bojo, nyebutké nèk Sara kuwi dadi tuladha bab wong wédok sing ngajèni bojoné. (1 Korinta 9:5; 1 Pétrus 3:5, 6) Sakjané, nèk Sara meneng waé, kuwi tegesé ora ngajèni Abraham merga ngerti nèk masalah kuwi bakal ana akibaté kanggo Abraham lan kabèh keluargané. Sara kanthi apikan ngomongké apa sing pancèn perlu diomongké.

Akèh wong wédok sing wis nduwé bojo niru tuladhané Sara bab carané ngomong kanthi jujur lan ngajèni bojoné. Mbokmenawa ana wong wédok sing péngin Yéhuwah langsung tumindak kaya sing dialami Sara. Ning, wong-wong wédok kuwi tetep niru imané Sara sarta katresnan lan kesabarané.

Sara ora péngin diajèni kayadéné bangsawan, senajan dhèwèké disebut ”Ibuké Para Raja” karo Yéhuwah

Sara ora péngin diajèni kayadéné bangsawan, senajan dhèwèké disebut ”Ibuké Para Raja” karo Yéhuwah. Mula, wajar nèk Abraham ’ngadhuh-adhuh sarta muwuni Sara’ wektu Sara mati umur 127 taun. * (Purwaning Dumadi 23:1, 2) Abraham mesthi kangen banget karo bojoné sing ditresnani. Semono uga, Yéhuwah mesthi uga kangen banget karo wong wédok sing imané kuwat iki, lan bakal nguripké Sara manèh ing bumi firdaus. Sara lan kabèh sing niru imané bakal ngrasakké urip ayem tentrem saklawasé.​—Yokanan 5:28, 29.

^ par. 3 Mauné, wong loro kuwi jenengé Abram lan Sarai. Banjur, Gusti Allah ngganti jenengé dadi Abraham lan Sara. Bèn luwih gampang, artikel iki nggunakké jeneng sing wis umum dikenal.

^ par. 10 Yéhuwah mbiyèn pancèn ngijinké wong nduwé bojo luwih saka siji, utawa nduwé selir. Ning, saiki Yéhuwah wis maringi wewenang marang Yésus kanggo mulihké pathokan bab urip bebojoan kaya sing wis ditetepké ing Èden mbiyèn, yaiku kudu lanang siji lan wédok siji.​—Purwaning Dumadi 2:24; Matéus 19:3-9.

^ par. 25 Sara kuwi siji-sijiné wong wédok sing umur matiné disebutké ing Alkitab.