Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB UTAMA | APA KANDHANÉ ALKITAB BAB URIP LAN PATI?

Apa Kandhané Alkitab Bab Urip lan Pati

Apa Kandhané Alkitab Bab Urip lan Pati

Buku Purwaning Dumadi ing Alkitab nyritakké riwayaté manungsa sing sepisanan, yaiku Adam. Gusti Allah ngendika marang Adam, ”Sawarnané wohing wit-witan ing patamanan iki kena sira pangan ing sasenengira, nanging wit pangawruhing becik lan ala iku wohé aja sira pangan. Déné samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Purwaning Dumadi 2:16, 17) Préntah kuwi jelas banget lan ora angèl. Nèk Adam gelem manut, dhèwèké ora bakal mati, ning malah isa urip saklawasé ing taman Èden.

Sayangé, Adam pilih ora manut lan malah mangan woh sing dilarang kuwi bareng karo bojoné, yaiku Kawa. (Purwaning Dumadi 3:1-6) Akibat saka tumindaké Adam isih kudu dirasakké nganti saiki. Rasul Paulus njelaské, ”Tekané dosa ing jagad jalaran saka wong siji, sarta tekané pati marga saka dosa mau, mangkono si pati iya wus nyrambahi marang wong kabèh, jalaran wong kabèh mau wus padha gawé dosa.” (Rum 5:12) Sing dimaksud ”wong siji” kuwi Adam. Ning, apa sing dimaksud dosa kuwi lan apa sebabé kuwi isa marahi mati?

Adam sengaja nglanggar utawa ora manut karo hukumé Gusti Allah. Kuwi tegesé nindakké dosa. (1 Yokanan 3:4) Gusti Allah wis ngendika nèk akibaté dosa kuwi pati. Nèk gelem manut, Adam lan keturunané sukmbèn ora bakal dadi dosa lan ora  perlu mati. Gusti Allah sakjané péngin manungsa urip saklawasé, ora mati.

Kabèh wong setuju nèk pati kuwi ”wus nyrambahi [nyebar] marang wong kabèh”, kaya kandhané Alkitab. Ning, akèh wong percaya nèk manungsa nduwé roh sing ora isa mati. Apa kuwi bener? Nèk pancèn bener, padha waé Gusti Allah ngapusi Adam. Kok isa? Merga Gusti Allah wis ngendika nèk akibaté dosa kuwi pati. Ning, nèk isih ana bagéan saka manungsa sing tetep urip ing panggonan liya sakwisé mati, kuwi padha waé pati ora sida dadi hukuman kanggo dosa. Padhahal Alkitab kandha, ”Mokal manawa Gusti Allah cidra [ngapusi].” (Ibrani 6:18) Sakjané, sing ngapusi kuwi Sétan, wektu dhèwèké kandha karo Kawa, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah.”​—Purwaning Dumadi 3:4.

Dadi, ajaran bab roh sing ora isa mati kuwi dhasaré saka omongané Sétan sing ora bener. Lha terus, piyé sakjané kahanané wong mati?

ALKITAB NJELASKÉ SING SAKTENANÉ

Buku Purwaning Dumadi kandha, ”Sang Yéhuwah Allah tumuli akarya manungsa, kang kinarya lebuning bumi, iku ing bolonganing irungé disebuli ambekaning urip; mangkono manungsa dadi titah kang urip.” Tembung ”titah kang urip” kuwi saka basa Ibrani ne’phesh, sing tegesé makhluk sing ambekan.​—Purwaning Dumadi 2:7.

Alkitab sakjané wis cetha nerangké nèk Gusti Allah maringi ”ambekaning urip”, utawa daya urip, banjur Adam dadi ”titah kang urip”. Dadi, Alkitab ora kandha nèk Gusti Allah maringi Adam roh sing ora isa mati. Mula, ing Alkitab ora ana ayat sing nggunakké tembung ”roh sing ora isa mati”.

Lha terus, apa sebabé kok akèh agama ngajarké sing béda karo kandhané Alkitab? Jawabané ana hubungané karo sejarah saka jaman Mesir kuna.

 ASAL-USUL AJARANÉ AKÈH AGAMA

Herodotus, ahli sejarah Yunani sing urip 2.500 taun kepungkur, kandha nèk wong-wong Mesir kuwi ”sing sepisanan nduwé gagasan bab roh sing ora isa mati”. Wong-wong Babilon mbiyèn uga ngakoni ajaran kuwi. Wektu Alèksander Agung ngalahké Timur Tengah ing taun 332 SM, para filsuf Yunani wis nyebarké ajaran kuwi nganti tekan ing kabèh wilayah Kerajaan Yunani.

Ing Alkitab ora ana ayat sing nggunakké ukara ”roh sing ora isa mati”

Ing abad kapisan, rong sèkte Yahudi sing paling utama, yaiku kaum Eseni lan Farisi, ngajarké nèk rohé manungsa kuwi isih urip sakwisé ragané mati. The Jewish Encyclopedia kandha, ”Wong-wong Yahudi percaya karo roh sing ora isa mati merga ajaran saka wong-wong Yunani, kususé saka ajarané Plato.” Ahli sejarah Yahudi abad kapisan, sing jenengé Yosefus, kandha nèk ajaran kuwi dudu saka Kitab Suci, ning saka ”kapracayané wong Yunani”, yaiku saka dongèng-dongèng kuna sing diklumpukké karo para penulis mitologi Yunani.

Dadi, pengaruh saka budayané wong-wong Yunani kuwi wis nyebar. Banjur, wong-wong sing ngaku Kristen padha mèlu-mèlu percaya lan nyebarké ajaran kuwi. Ahli sejarah sing jenengé Jona Lendering kandha, ”Plato nduwé pendhapat nèk rohé manungsa mauné wis ana ing panggonan sing kepénak, banjur saiki urip ing donya. Akiré ajarané Plato kuwi digabungké karo ajaran Kristen.” Mula, ajaran bab roh sing ora isa mati kuwi saiki dadi ajaran dhasar sing dipercayani karo gréja-gréja ”Kristen”.

 ”KAYEKTÈN IKU BAKAL MARDIKAKAKÉ”

Ing abad kapisan, rasul Paulus ngélikké, ’Ana pangandikaning roh kang cetha, yèn ing tembé bakal ana wong kang padha murtad banjur ngéloni roh-roh panasaran lan piwulanging sétan-sétan.’ (1 Timotéus 4:1) Sing dikandhakké Paulus kuwi kebukti bener. Ajaran bab roh sing ora isa mati kuwi dadi salah siji conto ”piwulanging sétan-sétan”. Ajaran kuwi dhasaré ora saka Alkitab, ning saka ajarané agama-agama lan filsafat kuna.

Untungé, Yésus kandha nèk kita ”bakal padha mangreti ing kayektèn, lan kayektèn iku bakal mardikakaké” kita. (Yokanan 8:32) Nèk nduwé pangertèn sing bener saka Alkitab, kita isa bébas saka ajaran sing ora ngajèni Gusti Allah lan praktèk-praktèk sing ditindakké karo akèh agama ing donya iki. Sakliyané kuwi, piwulang sing bener saka Alkitab isa mbébaské kita saka tradhisi lan takhayul sing ana hubungané karo wong mati.​—Deloken kothak ” Piyé Kahanané Wong Mati?

Gusti Allah péngin manungsa urip ora mung nganti 70 utawa 80 taun thok banjur mati lan urip manèh ing alam liya. Kersané Gusti Allah yaiku bèn manungsa urip saklawasé ing bumi, dadi anak-anaké Gusti Allah sing manut. Kersané kuwi mesthi bakal kelakon. Kuwi bukti nèk Gusti Allah nresnani manungsa. (Maléakhi 3:6) Kitab Jabur nulis pangandikané Gusti Allah, ”Para wong mursid padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.”​—Jabur 37:29.