Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kelompok Masorèt ati-ati nyalin Alkitab

 SING UTAMA DIREMBUG | PERJUANGANÉ ALKITAB

Perjuangan Bèn Isiné Ora Diowahi

Perjuangan Bèn Isiné Ora Diowahi

MASALAHÉ: Senajan bahané gampang rusak lan arep disingkirké, Alkitab tetep ana. Ning, ana wong-wong sing nyalin lan nerjemahké Alkitab sing ngupaya ngowahi isiné. Kadhang kala, wong-wong mau ngupaya ngowahi isiné Alkitab bèn cocog karo ajaran agamané, ora mriksa apa ajaran agamané cocog karo Alkitab. Gatèkna conto-conto iki:

  • Panggonan ibadah: Ing antarané taun 4 tekan 2 SM, sing nulis Pentateukh Samaria nambahké tembung ”Aargaareezem. Lan ing kono kowé kudu mbangun misbyah” sakwisé ayat Pangentasan 20:17. Wong-wong Samaria péngin Alkitab ndhukung pembangunan panggonan ibadah ing ”Aargaareezem”, utawa Gunung Gérizim.

  • Tritunggal: Kurang saka 300 taun sakwisé Alkitab rampung ditulis, wong-wong sing ndhukung Tritunggal nambahké ukara ”ana ing swarga, Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta kateluné iku dadi siji” ing 1 Yokanan 5:7. Ukara iki ora ana ing tulisan asliné. Ahli Alkitab sing jenengé Bruce Metzger kandha nèk ukara kuwi ”kèt abad 6, saya kerep dinggo ing Alkitab basa Latin kuna lan Vulgata [Latin]”.

  • Asmané Gusti Allah: Merga tradhisi Yahudi, ana penerjemah Alkitab sing ngilangi asmané Gusti Allah saka Alkitab. Wong-wong mau ngganti asmané Gusti Allah dadi ”Allah” utawa ”Gusti”. Tembung-tembung iki digunakké ing Alkitab ora mung kanggo Gusti Allah, ning uga kanggo manungsa, patung, lan Iblis.​—Yokanan 10:34, 35; 1 Korinta 8:5, 6; 2 Korinta 4:4. *

PERJUANGANÉ ALKITAB: Sepisan, senajan ana penyalin Alkitab sing sembrana utawa ora bener, ning akèh sing trampil lan ati-ati. Kelompok Masorèt nyalin Kitab-Kitab Ibrani ing antarané abad  6 tekan 10 M, lan kuwi disebut tèks Masorèt. Ana laporan nèk wong-wong kuwi ngétung tembung lan hurufé bèn ora ana sing salah. Nèk ana sing salah ing tulisan asliné, kesalahan kuwi ditulis ing bagéan pinggir. Kelompok Masorèt ora gelem ngowahi Alkitab. Profésor Moshe Goshen-Gottstein nulis, ”Kanggoné wong-wong mau, ngowahi isiné Alkitab kuwi tumindak sing paling jahat.”

Kapindho, akèh tulisan kuna sing saiki mbantu para ahli Alkitab nemokké kesalahan sing ana ing Alkitab. Contoné, saksuwéné pirang-pirang atus taun, para pemimpin agama mulang nèk Alkitab basa Latiné cocog karo tulisan asliné. Ning, wong-wong mau nambahi tembung-tembung sing ora bener ing 1 Yokanan 5:7. Kesalahan iki ana pengaruhé kanggo Alkitab basa Inggris King James Version. Ning, wektu tulisan kuna liyané ditemokké, apa sing dibuktèkké? Bruce Metzger nulis, ”Bagéan sing ditambahké [ing 1 Yokanan 5:7] mung ana ing basa Latin, ning ora ana ing tulisan kuna liyané (Siria, Koptik, Armenia, Etiopia, Arab, Slavia).” Hasilé, édhisi revisi King James Version lan Alkitab liyané wis ngilangi bagéan kuwi.

Chester Beatty P46, papirus tulisan kuna saka kira-kira taun 200 M

Apa tulisan-tulisan kuna mbuktèkké nèk isiné Alkitab ora diowahi? Wektu Gulungan Laut Mati ditemokké ing taun 1947, para ahli Alkitab isa mbandhingké tèks Masorèt basa Ibrani karo gulungan mau, sing ditulis luwih saka sèwu taun sakdurungé. Salah sijiné wong sing nyinaoni Gulungan Laut Mati kandha nèk sak gulungan waé isa ”mènèhi bukti sing kuwat nèk tèks Alkitab sing disalin karo para penyalin Yahudi saksuwéné sèwu taun luwih, isih tetep cocog karo asliné lan ati-ati wektu disalin”.

Ing Perpustakaan Chester Beatty ing Dublin, Irlandia, ana kumpulan papirus sing isiné mèh saben kitab saka Kitab-Kitab Yunani Kristen, klebu tulisan-tulisan kuna sing asalé saka abad 2 M, kira-kira satus taun sakwisé Alkitab rampung ditulis. The Anchor Bible Dictionary kandha, ”Papirus ora mung nyedhiyakké akèh katrangan anyar saka isiné, ning uga nduduhké nèk katrangan sing diturun tetep padha.”

”Sakliyané Alkitab, ora ana tulisan-tulisan kuna liyané sing diturun cocog karo asliné”

HASILÉ: Tulisan-tulisan kuna sing cacahé akèh isa nggawé isiné Alkitab tetep kaya asliné. Sir Frederic Kenyon nulis bab Kitab-Kitab Yunani Kristen, ”Sakliyané Alkitab, ora ana buku liya sing nduwé akèh bukti sing wujudé tulisan-tulisan kuna, lan para ahli Alkitab sing tulus setuju nèk isiné Alkitab sing saiki cocog karo asliné.” Lan, ahli Alkitab sing jenengé William Henry Green kandha bab Kitab-Kitab Ibrani, ”Sakliyané Alkitab, ora ana tulisan-tulisan kuna liyané sing diturun cocog karo asliné.”

^ par. 6 Kanggo katrangan luwih akèh, deloken Tuntunan kanggo Sinau Alkitab bagéan 1 lan 2 ing jw.org/jv.