Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa bakal ana kaadilan ing donya iki?

Apa jawaban panjenengan?

  • Iya

  • Ora

  • Ora ngerti

Kandhané Alkitab

”Kawula sumerep, bilih Pangéran Yéhuwah badhé ngadili prakawisipun tiyang ingkang katindhes, sarta badhé mbélani prakawisipun tiyang papa [sengsara].” (Jabur 140:13) Kratoné Gusti Allah bakal mujudké kaadilan ing bumi.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Gusti Allah ngerti lan bakal ndandani kahanan sing ora adil ing donya iki.Kohèlèt 5:7.

  • Kaadilan saka Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi ayem tentrem.Yésaya 32:16-18.

Apa Gusti Allah mbédak-mbédakké wong?

Ana sing percaya nèk ana bangsa sing diberkahi lan ana uga sing diukum karo Gusti Allah. Liyané percaya nèk tumindaké Gusti Allah marang kabèh wong kuwi padha. Piyé nurut panjenengan?

Kandhané Alkitab

”Gusti Allah boten mbédak-mbédakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kémawon, ingkang ngabekti dhateng Pangéran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.” (Para Rasul 10:34, 35) Gusti Allah nganggep nèk kabèh wong kuwi padha.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Alkitab nduwé kabar apik kanggo kabèh ”bangsa lan taler [suku] tuwin basa sarta golongan”.Wahyu 14:6.