Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 SING UTAMA DIREMBUG

Wektu sing Ditresnani Mati

Wektu sing Ditresnani Mati

”Iki kersané Gusti, ndhuk. . . . Aja  . . . nangis . . . terus.”

Kuwi omongané wong sing layat marang Bébé ing kuburané bapaké sing mati merga tabrakan.

Bébé akrab banget karo bapaké. Omongan kuwi saka kancané keluarga. Sakjané arep nglipur, ning malah nglarani ati. Bébé bola-bali mikirké, ”Mosok ta, Gusti péngin bapakku mati? Kuwi kan ora bener.” Pirang-pirang taun bar kuwi, Bébé nulis bab tabrakan kuwi ing buku. Kuwi bukti nèk dhèwèké isih sedhih merga kélangan.

Kaya Bébé, butuh wektu suwé kanggo ngadhepi rasa sedhih, apamanèh ditinggal mati wong sing hubungané akrab. Alkitab nyebut pati kuwi ”mungsuh kang pungkasan”. (1 Korinta 15:26) Siap ora siap, kabèh wong bakal kélangan wong sing ditresnani merga mati. Ora ana wong sing ora sedhih, wektu ditinggal mati. Mula, ora perlu kagèt nèk rumangsa kélangan wektu wong sing ditresnani mati.

Mbokmenawa panjenengan tau mikir, ’Sepira suwéné wektu kanggo ngilangi rasa sedhih? Piyé carané? Piyé carané aku isa mbantu wong liya sing ditinggal mati? Apa ana pengarep-arep kanggo wong sing wis mati?’