Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 TIRUNEN IMANÉ | RIBKAH

”Inggih, Kula Purun”

”Inggih, Kula Purun”

DINA wis saya soré. Ribkah nyawang gunung lan jurang saka kadohan. Sakwisé pirang-pirang minggu, dhèwèké wis biasa numpak unta. Dhèwèké ninggal keluargané ing Haran, mlaku pirang-pirang atus kilomèter menyang Kanaan. Mbokmenawa, dhèwèké ora bakal ketemu manèh karo keluargané. Saya cedhak karo panggonan sing dituju, dhèwèké mikir kaya apa uripé mbésuk.

Rombongané Ribkah ngliwati negara Kanaan lan dhaérah Négeb sing dalané angèl. (Purwaning Dumadi 24:62) Ribkah kayané weruh wedhus gèmbèl. Negara kuwi ora subur lan kurang cocog dinggo tani, ning ana akèh suket dinggo pakan kéwan. Bapak tuwa sing ngejak Ribkah wis apal banget dhaérah kuwi. Bapak kuwi wis ora sabar péngin crita karo Abraham nèk Ribkah iki calon bojoné Iskak. Mesthiné Ribkah mikirké uripé bakal kaya apa ing negara kuwi. Kaya apa Iskak, calon bojoné sing durung tau ditemoni? Apa bakal seneng nèk weruh dhèwèké? Lan, apa dhèwèké bakal isa nresnani wong kuwi?

Ing akèh panggonan, ora umum nèk wong kawin dijodhokké. Ning, ing panggonan liya, kuwi wis biasa. Senajan ngono, panjenengan mbokmenawa mikir nèk Ribkah ora ngerti uripé bakal piyé. Rasa kendel lan imané Ribkah pantes ditiru. Awaké dhéwé perlu kendel lan nduwé iman sing kuwat wektu ngadhepi kahanan urip sing béda. Merga nduwé iman sing kuwat, Ribkah isa nduwé sipat-sipat sing apik banget lan kuwi arang diduwèni wong liya.

”UNTA PANJENENGAN INGGIH BADHÉ KULA OMBÈNI PISAN”

Ribkah wis biasa nindakké gawéan omah, lan gawéan kuwi sing akhiré bakal ngowahi uripé. Dhèwèké manggon ing kutha Haran ing dhaérah Mésopotamia, utawa cedhak kono. Merga nyembah Yéhuwah, wong tuwané béda karo wong-wong ing dhaérah kono sing nyembah déwa bulan sing jenengé Sin.​—Purwaning Dumadi 24:50.

Ribkah ayu njaba njero. Dhèwèké semangat, supel, lan isih prawan. Senajan keluargané sugih lan nduwé akèh batur, ning Ribkah ora dimanja kaya ratu. Dhèwèké uga dikon nyambut gawé abot. Kaya umumé wong wédok ing jaman kuwi, Ribkah kudu nindakké gawéan omah, kaya nimba kanggo keluargané. Saben soré, dhèwèké manggul genthong cilik ing pundhaké lan lunga menyang sumur.​—Pur⁠waning Dumadi 24:11, 15, 16.

Soré kuwi, sakwisé ngisi genthong ciliké, ana ­bapak tuwa nemoni Ribkah. Bapak kuwi kandha, ”Aku wènèhana ngombé banyu ing junmu [genthong cilikmu] iku sathithik baé!” Jalukané sepélé lan carané sopan. Ribkah mikir nèk wong kuwi mesthi saka panggonan sing adoh. Mula, dhèwèké cepet-cepet ngedhunké genthong cilik mau saka pundhaké bèn wong mau isa ngombé akèh, ora mung sak sruputan waé. Ribkah ndelok untané wong kuwi sing cacahé sepuluh ndhéprok ing kono, lan bak kanggo ngombé isih kosong. Ribkah ngerti nèk digatèkké bapak kuwi, mula péngin isa mbantu. Ribkah kandha, ”Unta panjenengan inggih badhé kula padosaken toya pisan, supados sami saged ngombé ngantos tuwuk.”​—Purwaning Dumadi 24:17-​19.

Ribkah ora mung nawani banyu kanggo unta sepuluh mau, ning arep ngombèni nganti tutug. Nèk ngelak, unta siji isa ngombé 95 liter. Nèk unta sepuluh ngelak kabèh, mesthiné Ribkah kudu  nimba nganti pirang-pirang jam. Ning, kayané unta-unta kuwi ora ngelak banget. * Apa Ribkah ngerti bab kuwi wektu dhèwèké nawani bantuan? Ora. Dhèwèké lila, malah péngin banget mbantu, bèn isa nduduhké sipat seneng nampa tamu karo bapak kuwi. Bapak kuwi gelem nampa bantuané. Dhèwèké banjur nggatèkké Ribkah sing bola-bali ngisi genthong ciliké, banjur banyuné disokké ing bak kanggo ngombé.​—Purwaning Dumadi 24:20, 21.

Ribkah sregep lan seneng nampa tamu

Tuladhané Ribkah apik banget kanggo awaké dhéwé saiki. Awaké dhéwé saiki urip karo wong-wong sing seneng mentingké awaké dhéwé. Kaya sing wis diramalké, wong-wong bakal ”mung mikir marang awaké dhéwé,” lan ora gelem perduli karo wong liya. (2 Timotéus 3:​1-5) Wong Kristen sing ngupaya ora gelem dipengaruhi tumindak mau, isa mikirké tumindaké Ribkah sing gelem bola-bali njupuk banyu ing sumur.

Mesthiné Ribkah ngerti nèk digatèkké bapak tuwa mau. Bapak kuwi kétok gumun lan seneng wektu nyawang Ribkah. Wektu Ribkah wis rampung, bapak kuwi ngekèki hadiah perhiasan. Banjur bapak kuwi kandha, ”Kowé iku anaké sapa, enggèr? . . . Apa ing omahé bapakmu ana panginepané kanggo aku sakanca?” Wektu Ribkah crita bab keluargané, bapak kuwi saya seneng. Mbokmenawa karo semangat, Ribkah kandha, ”Ing griya kula kathah dami saha tetedhan kéwan lan ugi wonten papan pasipengan.” Ribkah nawani ngono merga bapak mau nggawa rombongan. Ribkah banjur mulih omah nemoni ibuné, lan nyritakké kedadéan sing dialami mau.​—Purwaning Dumadi 24:22-​28, 32.

Mesthi Ribkah didhidhik wong tuwané bèn seneng nampa tamu. Sipat kaya ngono kayané wis arang banget ing jaman saiki. Kuwi sipat sing isa ditiru saka Ribkah sing isih enom lan apikan. Nèk nduwé iman sing kuwat marang Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi seneng nampa tamu. Yéhuwah seneng nampa tamu merga loma karo kabèh manungsa, lan kuwi kudu ditiru umaté. Nèk seneng nampa tamu lan loma, awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah,  senajan mbokmenawa wong kuwi ora isa mbales awaké dhéwé.​—Matéus 5:​44-​46; 1 Pétrus 4:9.

’GOLÈKNA JODHO KANGGO ANAKKU’

Sapa bapak tuwa sing mau mara ing sumur? Kuwi abdiné Abraham. Abraham kuwi sedulur kandhung mbahé lanang Ribkah. Abdi kuwi disambut karo bapaké Ribkah sing jenengé Bétuèl. Abdi kuwi mbokmenawa Élièzer. * Élièzer ditawani mangan, ning dhèwèké wegah mangan sakdurungé nyritakké tujuané teka mrono. (Purwaning Dumadi 24:31-​33) Isa dibayangké nèk Élièzer mesthi semangat banget, wektu crita nèk dhèwèké weruh bukti Yéhuwah mberkahi tugasé sing penting. Kok isa?

Bayangna Élièzer lagi crita karo Bétuèl, lan sedulur kandhungé Ribkah sing jenengé Laban uga ngrungokké tenanan. Élièzer crita nèk Yéhuwah ngekèki akèh berkah kanggo Abraham ing Kanaan. Uga crita nèk Abraham lan Sara nduwé anak lanang sing jenengé Iskak, sing bakal éntuk warisan kabèh bandhané Abraham. Abraham ngekèki tugas sing penting banget marang Élièzer, yaiku kudu nggolèkké bojo kanggo Iskak, saka keluargané Abraham ing Haran.​—Purwaning Dumadi 24:34-​38.

Abraham ngongkon Élièzer nggawé sumpah nèk ora bakal nggolèkké bojo Iskak saka wong Kanaan. Lha ngapa? Merga wong-wong Kanaan ora ngajèni, lan ora nyembah Yéhuwah. Abraham ngerti nèk Yéhuwah bakal nyingkirké wong-wong Kanaan merga tumindaké sing bejat. Abraham ora péngin Iskak sing ditresnani, kawin karo wong-wong kuwi lan mèlu nindakké sing bejat. Abraham ngerti nèk Iskak nduwé tugas penting yaiku mèlu ndhukung bèn janjiné Yéhuwah kelakon.​—Purwaning Dumadi 15:16; 17:19; 24:​2-4.

Élièzer crita karo keluargané Ribkah nèk dhèwèké ndonga marang Yéhuwah wektu teka ing sumur cedhak Haran. Élièzer njaluk Yéhuwah mbantu milihké bojo kanggo Iskak. Apa sing dijaluk? Dhèwèké njaluk bukti marang Yéhuwah nèk wong wédok sing dipilih Yéhuwah kuwi bakal teka ing sumur. Lan, wektu dijaluki ngombé, wong wédok kuwi ora mung ngekèki banyu kanggo Élièzer, ning uga kanggo unta-untané. (Purwaning Dumadi 24:12-​14) Sapa wong wédok sing teka lan nindakké persis sing dijaluk Élièzer? Kuwi Ribkah. Bayangna piyé perasaané Ribkah wektu krungu crita kuwi.

Bétuèl lan Laban nganti mrinding krungu critané Élièzer, banjur kandha, ”Prakawis punika pinangkanipun [asalé] saking Sang Yéhuwah.” Kaya kebiasaan ing kono, Ribkah dikon tunangan karo Iskak sakdurungé nikah. (Purwaning Dumadi 24:50-​54) Apa kuwi maksudé Ribkah ora nduwé pilihan liya lan mung kudu manut?

Pirang-pirang minggu sakdurungé, Élièzer kandha karo Abraham, ”Bokmanawi larénipun èstri boten purun kula bekta.” Nèk kuwi kedadéan, Abraham kandha, ”Kowé wus luwar saka sumpahmu marang aku.” (Purwaning Dumadi 24:39, 41) Élièzer seneng banget merga tugasé isa rampung, lan sésuk ésuké dhèwèké pamit arep cepet-cepet mulih ing Kanaan karo Ribkah. Ning, keluargané Ribkah péngin Ribkah lunga sepuluh dina manèh. Mula wektu kuwi, keputusané Ribkah bab gelem orané penting banget lan perlu diajèni. Akhiré keluarga kuwi kandha, ”Saénipun gendhuk dipun undang saha dipun takèni piyambak.”​—Purwaning Dumadi 24:57.

Saiki Ribkah kudu nggawé keputusan sing penting banget. Ribkah bakal ngomong apa? Apa dhèwèké bakal manut karo Bétuèl lan Laban, bèn ora sida kawin karo wong sing ora dikenal? Utawa, apa dhèwèké bakal nganggep nèk gelem nindakké tugas saka Yéhuwah kuwi kaurmatan gedhé? Jawabané Ribkah nduduhké perasaané, senajan uripé mengko bakal ora kaya mbiyèn manèh. Ribkah kandha, ”Inggih, kula purun.”​—Purwaning Dumadi 24:58.

Tuladhané Ribkah isa ditiru. Jaman saiki, mbokmenawa carané wong nikah béda kaya mbiyèn, ning ana sing isa disinaoni saka Ribkah. Sing paling penting kanggo Ribkah kuwi dudu pilihané dhéwé, ning pilihané Yéhuwah. Saiki, Yéhuwah ngekèki tuntunan  sing paling apik kanggo urip bebojoan, contoné, carané milih bojo lan carané dadi bojo sing apik. (2 Korinta 6:​14, 15; Éfesus 5:​28-​33) Awaké dhéwé kudu niru tuladhané Ribkah lan nindakké sing cocog karo kersané Yéhuwah.

”SINTEN INGKANG LUMAMPAH ING ARA-ARA?”

Keluargané Bétuèl mberkahi Ribkah. Akhiré Ribkah, Débora sing ngopèni Ribkah pas cilik, lan batur liyané mèlu lunga bareng Élièzer lan rombongané. (Purwaning Dumadi 24:59-​61; 35:8) Ora krasa, Haran wis saya adoh. Rombongan kuwi kudu mlaku 800 kilomèter, lan mbokmenawa butuh wektu telung minggu nganti tekan nggoné. Kuwi dudu kahanan sing nyenengké. Ribkah pancèn kerep weruh unta, ning dhèwèké durung biasa numpak unta. Alkitab kandha nèk keluargané Ribkah angon wedhus, dudu pedagang sing tumpakané unta. (Purwaning Dumadi 29:10) Wong sing lagi waé isa numpak unta kerep sambat nèk ora pénak, senajan numpaké mung sedhéla.

Ribkah tetep nduwé tékad arep ketemu lan kenal karo Iskak lan keluargané. Bayangna, Élièzer ngomong karo Ribkah nèng ngarep api unggun, bab janjiné Yéhuwah marang kanca akrabé yaiku Abraham. Gusti Allah bakal ngekèki berkah kanggo kabèh manungsa liwat keturunané Abraham. Bayangna uga, piyé perasaané Ribkah wektu dhèwèké ngerti nèk janjiné Yéhuwah bakal kelakon liwat dhèwèké lan Iskak.​—Purwaning Dumadi 22:15-​18.

Ribkah nduduhké sipat andhap asor sing aji lan arang diduwèni

Akhiré, ing wayah lingsir kulon, kaya sing dicritakké ing wiwitan mau, rombongan kuwi tekan Négeb. Ribkah weruh ana wong lanang mlaku-mlaku ing padang rumput. Wong lanang kuwi kétoké kalem, pinter, lan gagah. Alkitab kandha nèk Ribkah ”banjur mudhun saka ing untané,” mbokmenawa langsung anjlog, ora ngentèni untané ndhéprok dhisik. Ribkah banjur takon ”Sinten ingkang lumampah ing ara-ara mapag dhateng kula lan panjenengan punika?” Wektu ngerti nèk kuwi Iskak, Ribkah nutupi rainé nganggo seléndhang. (Purwaning Dumadi 24:62-​65) Apa sebabé? Kuwi bukti nèk dhèwèké ngajèni calon bojoné. Rasa ngajèni kuwi mbokmenawa saiki wis dianggep kuna. Dadi, wong lanang lan wédok jaman saiki isa niru tuladhané Ribkah sing andhap asor. Sipat kuwi sing kudu diduwèni kabèh wong.

Iskak, sing umuré kira-kira 40 taun, isih sedhih banget merga ditinggal mati ibuné telung taun sakdurungé. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk Iskak nduwé perasaan sing alus. Iskak beja banget merga dikèki bojo sing sregep, seneng nampa tamu, lan andhap asor. Terus piyé akhiré wong loro mau? Alkitab kandha nèk Ribkah ”banget ditresnani” Iskak.​—Purwaning Dumadi 24:67; 26:8.

Saiki, 39 abad sakwisé kedadéan kuwi, tetep akèh sing seneng karo Ribkah. Piyé carané bèn nduwé sipat kendel, sregep, seneng nampa tamu, lan andhap asor? Awaké dhéwé​—ora masalah isih enom utawa tuwa, lanang utawa wédok, nduwé bojo utawa ora⁠—kudu niru imané Ribkah.

^ par. 10 Dina kuwi wis soré. Ora ana katrangan nèk Ribkah ing sumur kuwi nganti pirang-pirang jam. Uga, ora ana katrangan nèk keluargané wis turu wektu dhèwèké mulih omah, utawa ana sing nggolèki Ribkah merga ora mulih-mulih.

^ par. 15 Élièzer ora disebutké jenengé ing katrangan kuwi, ning kayané pancèn dhèwèké abdi sing dimaksud. Abraham wis tau nduwé niyat ngekèki warisan kabèh bandhané marang Élièzer, nèk ora nduwé keturunan. Dadi, mesthiné Élièzer kuwi abdiné Abraham sing paling tuwa lan paling dipercaya. Mula, abdi mau dicritakké ing kéné.​—Purwaning Dumadi 15:2; 24:​2-4.