Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Masa Depan Kuwi Pilihanmu Dhéwé

Masa Depan Kuwi Pilihanmu Dhéwé

APA PANJENENGAN PANCÈN ISA NEMTOKKÉ MASA DEPAN DHÉWÉ? Ana sing percaya nèk uripé kuwi wis ditakdirké, dadi ora isa nduwé pilihan dhéwé. Wektu rencanané gagal, wong-wong biasané ngomong, ”Pancèn kuwi wis takdirku”.

Sing liyané rumangsa kecéwa wektu ndelok akèh kejahatan lan tumindak ora adil ing donya. Wong-wong mbokmenawa wis ngupaya ndandani uripé, nanging tetep waé ana perang, kejahatan, bencana alam, lan penyakit. Akhiré wong-wong kuwi mung isa mikir, ’Ya wis lah. Pasrah waé.’

Pancèn bener, keadaan sing ora dinyana-nyana ana pengaruhé kanggo uripé awaké dhéwé. (Kohèlèt 9:11) Ning, Alkitab njelaské nèk kita isih nduwé pilihan kanggo nemtokké masa depané awaké dhéwé. Gatèkna apa sing dikandhakké Alkitab.

Musa, pemimpiné bangsa Israèl kuna ngandhani wong-wong Israèl wektu arep mlebu ing Tanah Perjanjian: ”Urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadéné berkah lan laknat. Kang iku kowé miliha urip, supaya lestaria urip, iya kowé dalah turunmu, kalawan nresnani Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahmu, ngrungokaké marang pangandikané sarta rumaket marang Panjenengané.”​Pangandharing Torèt 30:15, 19, 20.

”Urip lan pati wus dakgelar ana ing ngarepmu, apadéné berkah lan laknat. Kang iku kowé miliha urip.”​—Pangandharing Torèt 30:19

Sakwisé Gusti Allah mbébaské bangsa Israèl sing dadi budhak ing Mesir, bangsa Israèl isa nduwé pilihan kanggo urip seneng lan diberkahi ing Tanah Perjanjian. Nanging kuwi kabèh ora otomatis. Bèn isa diberkahi, wong-wong Israèl kudu ’milih urip’. Carané piyé? Kudu ’nresnani Gusti Allah, ngrungokaké marang pangandikané sarta rumaket marang Panjenengané’.

Saiki, kita uga nduwé pilihan sing padha. Keputusan sing kita gawé kuwi nemtokké masa depan kita dhéwé. Kita bakal isa urip saklawasé ing bumi firdaus, nèk kita nresnani, ngrungokké, lan terus setya marang Gusti Allah. Ning, apa maksudé kuwi?

NRESNANI GUSTI ALLAH

Tresna kuwi sipaté Gusti Allah sing utama. Rasul Yohanes sing éntuk wahyu nulis nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. (1 Yohanes 4:8) Mula, wektu ana sing takon karo Yésus apa préntah sing utama, Yésus kandha, ”Tresnaa marang Yéhuwah Gusti Allahmu sakwutuhé atimu, sakwutuhé nyawamu, lan sakwutuhé pikiranmu.” (Matius 22:37) Dadi, kita pancèn milih kanggo nresnani Gusti Allah, dudu merga wedi utawa mung kewajiban. Ning, apa sebabé kita milih nresnani Gusti Allah?

Gusti Allah nresnani manungsa kaya wong tuwa sing nresnani anaké. Senajan ora sampurna, wong tuwa sing nresnani anaké ngupaya ndidik, mulang, lan ndisiplin anaké merga péngin bèn anaké urip seneng lan suksès. Wong tuwa ora njaluk apa-apa, mung péngin anak-anaké nresnani wong tuwané lan ngajèni apa sing wis ditindakké kanggo kepentingané anaké. Semono uga, Gusti Allah uga kepéngin kita manut lan ngajèni apa sing wis ditindakké kanggo kita.

 NGRUNGOKKÉ GUSTI ALLAH

Ing basa asliné Alkitab, tembung ”ngrungokké” kuwi maksudé ”manut”. Kuwi kaya wektu kita ngongkon bocah cilik, ”Rungokna bapak ibumu.” Ning, merga ora isa langsung ngrungokké swarané Gusti Allah, ngrungokké Gusti Allah kuwi tegesé sinau lan manut karo pangandikané sing ana ing Alkitab.​—1 Yohanes 5:3.

Ngrungokké Gusti Allah kuwi penting. Yésus kandha, ”Manungsa kudu urip, ora mung saka roti waé, nanging saka saben tembung sing dingendikakké Yéhuwah”. (Matius 4:4) Kayadéné maem saben dina kuwi penting, sinau bab Gusti Allah uga penting. Kuwi malah luwih penting. Kok isa? Raja Salomo njelaské, ”Kawicaksanan kuwi isa nglindhungi padha kaya dhuwit sing isa nglindhungi. Nanging pengetahuan lan kawicaksanan isa nggawé wong tetep urip.” (Kohèlèt 7:12, Terjemahan Dunia Baru) Pengetahuan lan kawicaksanan saka Gusti Allah isa nglindhungi lan mbantu kita nggawé keputusan sing apik bèn isa urip saklawasé ing bumi firdaus.

SETYA MARANG GUSTI ALLAH

Panjenengan mesthi éling karo perumpamaané Yésus ing artikel sakdurungé, yaiku, ”Gerbang sing sempit lan dalan sing ciyut kuwi ngarah menyang urip, lan mung wong sithik sing nemokké kuwi.” (Matius 7:13, 14) Wektu ngliwati dalan sing kaya ngono, kita butuh tuntunan saka wong sing wis pengalaman bèn isa tekan tujuan. Mula, kita kudu tetep setya marang Gusti Allah bèn isa tekan tujuan, yaiku urip saklawasé. (Jabur 16:8) Apa sebabé?

Saben dina, akèh sing kudu ditindakké lan direncanakké. Kuwi isa nggawé kita sibuk banget utawa nganti ora nduwé wektu kanggo mikirké prentahé Gusti Allah. Mula, Alkitab ngélingké kita, ”Gatèkna tenanan cara uripmu supaya kowé dadi wong sing wicaksana, dudu wong sing ora wicaksana. Gunakna wektumu nganggo cara sing paling apik, merga saiki kita urip ing jaman sing jahat.” (Éfésus 5:15, 16) Kita kudu nganggep nèk hubungan kita karo Gusti Allah kuwi bab sing paling penting ing urip. Kuwi sing dimaksud tetep setya marang Gusti Allah.​—Matius 6:33.

PANJENENGAN DHÉWÉ SING NEMTOKKÉ

Kita pancèn ora isa ngowahi bab-bab sing wis kelakon. Ning, panjenengan isih nduwé pilihan kanggo nemtokké masa depané panjenengan dhéwé lan keluarga. Alkitab nduduhké nèk Gusti Allah Yéhuwah nresnani kita lan ngandhani apa sing kudu kita tindakké. Gatèkna kandhané nabi Mikha:

”Hé manungsa, kowé wus kaparingan sumurup apa kang becik, lan apa kang dadi pepundhutané Pangéran Yéhuwah marang kowé: kajaba mung tumindak adil, lan tresna marang laku setya, apamanèh andhap-asor ana ing ngarsané Allahmu!”​Mikha 6:8.

Apa panjenengan gelem manut karo Gusti Allah Yéhuwah lan akiré nampa berkah-berkahé sing langgeng kuwi? Panjenengan dhéwé sing isa mutuské.