”Panjenengané Nggatèkké Kowé”

”Panjenengané Nggatèkké Kowé”

Senajan wong liya nggawé awaké dhéwé kecéwa, ning ana sing ora bakal ninggalké awaké dhéwé. Sapa kuwi?

Raja Daud sing wis tuwa kandha, ”Sanadyan bapa-biyung kawula nilar kawula, nanging Sang Yéhuwah ingkang mupu kawula.”​—Jabur 27:10.

Yéhuwah kuwi ”Bapak sing welas asih lan Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé [lan] nglipur kita ing kabèh pacoban sing kita alami”.​—2 Korintus 1:3, 4.

”Pasrahna kabèh kuwatirmu marang Gusti Allah, merga Panjenengané nggatèkké kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

Bèn ngerti luwih akèh soal carané Gusti Allah nduduhké nèk Dhèwèké péngin mbantu awaké dhéwé, deloken Pelajaran 08 ing buku Bahagia Saklawasé sing dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Kuwi ya ana ing www.jw.org/jv