Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Mbiyèn Miskin​—⁠Saiki Sugih

Mbiyèn Miskin​—⁠Saiki Sugih

Aku lair ing omah kayu ing kutha cilik sing disebut Liberty, Indiana, Amerika Serikat. Aku nduwé mas siji lan mbakku loro. Terus, aku nduwé adhi lanang loro lan adhi wédok siji.

Omah kayu panggonanku lair

JAMANKU isih sekolah, kahanané ya ngono-ngono waé. Wiwit kelas siji nganti lulus, kanca-kancaku ya tetep padha. Aku kenal kabèh wong ing kuthaku, lan wong-wong uga kenal aku.

I was one of seven children, and I learned to do farmwork when I was young

Ing Liberty akèh ladhang, kususé ladhang jagung. Wektu aku lair, bapakku kerja ing ladhangé wong liya. Wektu isih enom, aku ajar nglakokké traktor lan kerja ing ladhang.

Wektu aku lair, umuré bapakku wis 56 taun lan ibuku 35 taun. Ning, bapakku isih kuwat lan séhat. Bapakku seneng nyambut gawé lan ngajari anak-anaké bèn seneng nyambut gawé. Senajan opahé mung sithik, ning bapakku isa nyukupi kebutuhané keluarga. Bapakku kerep ana ing omah. Dhèwèké séda umur 93 lan ibuku séda umur 86. Wong tuwaku dudu Seksi Yéhuwah. Ning, salah siji adhiku dadi pinituwa sing setya wiwit taun 1972.

WEKTU ISIH ENOM

Ibuku sregep ngibadah. Saben minggu, Ibu ngejak anak-anaké menyang greja Baptis. Aku sepisanan krungu soal Tritunggal wektu umur 12 taun. Aku takon karo ibuku, ”Kok isa Yésus kuwi Bapak lan Putra?” Aku kèlingan jawabané ibuku, ”Lé, kita ora isa ngerti kuwi.” Lan aku pancèn ora isa ngerti soal kuwi. Ning, tetep waé, pas umurku 14 taun aku dibaptis ing kali cedhak kana. Aku dilelebké ing banyu ping telu, siji kanggo Bapak, siji kanggo Putra, lan sijiné kanggo roh suci.

1952 Wektu umur 17, sakdurungé dadi tentara

Wektu aku SMA, aku nduwé kanca petinju lan dhèwèké ngojok-ojoki aku bèn dadi petinju. Dadi aku mulai latihan, terus aku dadi anggota organisasi Golden Gloves. Aku ora pati pinter main tinju, dadi ora suwé aku mandheg dadi petinju. Sakwisé kuwi, aku dijak nggabung karo tentara Amerika Serikat lan dikirim menyang Jerman. Wektu ing kono, komandan-komandanku ngirim aku menyang akademi militèr merga mikir aku isa dadi pemimpin sing apik. Wong-wong kuwi péngin bèn aku nduwé jabatan sing dhuwur ing militèr. Ning, aku ora kepéngin terus ing militèr. Sakwisé rong taun tugas ing kono, aku ninggalké militèr taun 1956.

1954-1956 Rong taun aku dadi tentara Amerika

MULAI SINAU ALKITAB

Sakdurungé sinau Alkitab, aku nduwé pandhangan sing klèru bab wong lanang. Aku mikir nèk wong lanang sing nyritakké Alkitab kuwi dudu wong lanang tenan. Aku nduwé pandhangan sing kaya ngono merga dipengaruhi karo film-film lan wong-wong ing sakiwa tengenku. Ning, akhiré ana sing isa nggawé aku ngowahi uripku. Pas aku lagi numpak mobil, ana wong wédok loro sing ngawé-awé. Wong loro kuwi adhiné bojoné mbakku lan loro-loroné Seksi Yéhuwah. Aku diwènèhi majalah Menara Pengawal lan Sadarlah! Ning, rumangsaku majalah Menara Pengawal kuwi angèl dingertèni. Terus, wong wédok loro mau ngundang aku teka ing omahé, kanggo mèlu Pelajaran Buku Sidang, yaiku pakumpulan ibadah sing ngrembug Alkitab. Aku kandha nèk bakal tak pikir dhisik. Wong loro kuwi mèsem lan kandha, ”Tenan, ya?” Aku njawab, ”Iya.”

Sakjané aku gela wis njawab ngono, ning aku ora isa mblénjani janjiku. Dadi benginé, aku teka ing pakumpulan ibadah kuwi. Aku gumun ndelok bocah-bocah cilik padha ngerti isiné Alkitab. Aku teka ing gréja saben Minggu karo ibuku, ning aku mung ngerti sithik bab Alkitab. Aku péngin sinau luwih akèh. Dadi wektu ditawani sinau Alkitab, aku gelem. Sing sepisanan, aku sinau bab asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. Pirang-pirang taun sakdurungé, wektu aku takon karo ibuku bab Seksi-Seksi Yéhuwah, ibuku njawab, ”Oh, wong-wong kuwi nyembah wong lanang tuwa sing jenengé Yéhuwah.” Ning saiki aku wis ngerti sing saktenané.

Aku cepet nggawé kemajuan merga wis ngerti sing bener saka Alkitab. Aku dibaptis sasi Maret 1957, sangang sasi sakwisé sepisanan aku teka ing pakumpulan ibadah. Aku ngowahi sipat-sipatku. Aku seneng banget merga aku isa ngerti piyé kuduné wong lanang kuwi. Yésus kuwi wong lanang sing sampurna lan sing paling kuwat, ning Yésus ora seneng gelut. Yésus uga ora mbales wektu dianiaya. (Yé. 53:2, 7) Aku dadi ngerti nèk muridé Yésus kuwi ”kudu alus marang kabèh wong”.​—2 Tim. 2:24.

Aku mulai merintis taun 1958. Ning, ora suwé bar kuwi aku kudu mandheg merintis sedhéla, merga nikah karo Gloria, salah siji sedulur wédok sing ngundang aku teka ing pakumpulan. Aku ora gela karo keputusanku. Nganti saiki, Gloria isih kaya berlian sing aji banget lan aku seneng isa dadi bojoné. Ayo ngrungokké critané Gloria:

”Sedulurku 16. Ibuku Seksi sing setya lan séda wektu umurku 14 taun. Sakwisé kuwi, bapakku mulai sinau Alkitab. Merga ibuku wis ora ana, bapakku rembugan karo kepala sekolah, bèn aku lan mbakyuku sing kelas 3 SMA ora perlu mlebu sekolah saben dina. Dadi, aku lan mbakyuku isa gentènan njaga adhi-adhiku, lan nyiapké maeman kanggo keluarga sakdurungé bapakku bali kerja. Kepala sekolahku setuju, dadi aku lan mbakyuku terus nindakké kuwi nganti mbakyuku lulus sekolah. Ana loro keluarga Seksi sing mbantu keluargaku sinau Alkitab, lan hasilé aku lan 10 sedulurku dadi Seksi Yéhuwah. Aku seneng nginjil senajan aku isinan. Bojoku, Sam, terus mbantu aku.”

Aku lan Gloria nikah ing sasi Februari 1959. Aku lan bojoku seneng merintis bareng. Sasi Juli taun kuwi, aku lan Gloria ndaftar kanggo kerja ing Bètel. Aku lan dhèwèké péngin banget kerja ing kantor pusat. Aku lan bojoku diwawancarai karo Sedulur Simon Kraker. Sedulur Simon kandha nèk Bètel durung mbutuhké wong sing wis bebojoan. Aku lan Gloria isih péngin kerja ing Bètel, ning butuh wektu pirang-pirang taun nganti kuwi kelakon.

Aku lan Gloria nulis surat ing kantor pusat supaya dikirim ing dhaérah sing mbutuhké luwih akèh penginjil. Kantor pusat mung mènèhi siji pilihan, yaiku ing Pine Bluff, Arkansas. Wektu kuwi ing Pine Bluff mung ana rong jemaat, siji kanggo sedulur kulit putih lan sijiné kanggo sedulur kulit ireng. Aku lan bojoku dikirim ing jemaat kulit ireng, sing jumlahé ana 14 sedulur.

PENGARUHÉ RASISME

Mbokmenawa panjenengan bingung ngapa Seksi Yéhuwah misahké penginjil kulit ireng lan kulit putih. Wektu kuwi pancèn ora ana pilihan. Merga kumpul bareng kuwi nglanggar hukum. Lan ing akèh panggonan, Balé Ibadah isa diancurké nèk dinggo ngumpul bareng. Sing kaya ngono kuwi tau kelakon. Nèk Seksi kulit ireng nginjil ing omah-omah ing dhaérahé wong kulit putih, wong-wong kuwi isa ditangkep lan digebugi. Dadi, aku lan para sedulur kudu manut hukum bèn isa terus nginjil karo ngarep-arep mbokmenawa kahanané bakal luwih apik.

Kadhang kala nginjil kuwi ora gampang. Wektu nginjil ing dhaérahé wong kulit ireng, aku lan para sedulur kadhang ora sengaja ndhodhog omahé wong kulit putih. Aku lan para sedulur kudu cepet-cepet tumindak, arep neruské sedhéla omongané utawa njaluk ngapura banjur ngalih saka kana.

Aku lan bojoku kudu nggolèk dhuwit kanggo merintis. Akèh-akèhé gawéanku karo bojoku opahé mung sithik. Gawéané Gloria ngresiki omahé wong-wong. Ing omahé salah siji keluarga, aku éntuk mbantu gawéané Gloria bèn luwih cepet rampung. Ing kono, aku lan Gloria diwènèhi maem awan. Saben minggu, Gloria mbantu nyetrika ing omahé keluarga liyané. Aku kerja ing taman, ngelap kaca, lan gawéan-gawéan liyané ing njaba omah. Ing salah siji omahé keluarga kulit putih, aku kerja ngelap kaca. Gloria ngelap kaca bagéan njero lan aku sing bagéan njaba. Gawéané sedina muput, dadiné aku lan Gloria diwènèhi maem awan. Gloria mangan ing njero, ning ora dadi siji karo keluarga kuwi. Lan aku mangan ing garasi. Kuwi ora masalah kanggo aku. Maemané énak banget. Keluarga kuwi sakjané apik, ning dipengaruhi karo wong-wong ing sakiwa tengené. Aku éling pas ngisi bènsin, aku takon marang petugasé pom bènsin sing kulité putih, apa Gloria isa nunut ing kamar mandi. Petugas kuwi ndelok aku karo nesu, lan kandha, ”Kuwi dikunci.”

KENANGAN SING ORA ISA TAK LALÈKKÉ

Senajan keadaané kaya ngono, aku nduwé pengalaman sing nyenengké wektu nginjil bareng karo para sedulur. Pas sepisanan teka ing Pine Bluff, aku manggon ing omahé sedulur sing dadi hamba sidang. Bojoné ora seiman, ning dhèwèké mulai sinau Alkitab karo Gloria. Anaké wédok lan mantuné sinau Alkitab karo aku. Bojoné sedulur mau lan anaké wédok akhiré dibaptis.

Aku nduwé kanca sing apik ing jemaat kulit putih. Sedulur kuwi ngundang aku ing omahé kanggo mangan bengi, ning aku kudu mangkat pas wis peteng bèn ora konangan. Wektu kuwi, ana organisasi sing ndhukung rasisme lan seneng tumindak kasar, jenengé Ku Klux Klan (KKK). Aku éling ing salah siji perayaan, ana wong lanang lungguh ing èmpèr omahé, nganggo jubah putih lan kudhung ing sirahé kaya sing dinggo KKK. Senajan keadaané kurang apik, para sedulur terus nduduhké katresnané. Wektu musim panas, aku lan bojoku butuh dhuwit kanggo mangkat kebaktian, lan ana sedulur sing gelem nuku mobilku. Sesasi sakbanjuré, sakwisé aku lan bojoku mlaku nginjil ing omah-omah lan marani wong-wong sing sinau Alkitab, awakku kesel banget merga hawané panas. Pas tekan omah aku kagèt, merga ing ngarep omahku ana mobil sing wis tak edol mbiyèn. Ing kaca ngarep mobil ana kertas sing tulisané, ”Mobil iki hadiah kanggo kowé. Sedulurmu.”

Ana sedulur liya sing apikan karo aku, lan kuwi nrenyuhké atiku. Taun 1962, aku diundang mèlu Sekolah kanggo Pinituwa lan Abdiné Jemaat ing South Lansing, New York. Kuwi sekolah sing suwéné sesasi kanggo nglatih para pengawas ing jemaat, wilayah, lan distrik. Wektu kuwi, aku ora nduwé gawéan lan dhuwitku mung sithik. Ning, aku wis wawancara kerja karo perusahaan télpon ing Pine Bluff. Nèk aku ditampa, aku bakal dadi wong kulit ireng pertama sing kerja ing kono. Jebulé aku ditampa kerja ing perusahaan kuwi. Aku kudu piyé? Aku ora nduwé dhuwit kanggo mangkat menyang New York. Dadi, aku mikir arep nolak undangan sekolah lan pilih nyambut gawé waé. Aku wis mèh nulis surat marang Bètel.

Ésuk-ésuk, ana sedulur wédok ing jemaat sing bojoné dudu Seksi, mara ing omahku lan mènèhi amplop sing isiné dhuwit akèh. Sedulur kuwi lan anak-anaké sing isih cilik padha tangi ésuk-ésuk lan mangkat menyang ladhang kapas kanggo ngresiki alang-alang. Kabèh padha nindakké kuwi bèn isa éntuk dhuwit supaya aku isa mangkat menyang New York. Sedulur kuwi kandha, ”Mangkata mrana, lan sinaua sing akèh. Terus muliha mréné lan wulangen aku kabèh.” Dadi, aku takon karo perusahaan télpon mau, apa aku isa mulai kerja limang minggu manèh. Jawabané, ”Ora isa!” Ning kuwi ora masalah. Aku wis nggawé keputusan lan aku seneng banget merga ora nampa gawéan kuwi.

Iki pengalamané Gloria ing Pine Bluff: ”Aku krasan banget ing kéné. Ana wong 15 nganti 20 sing sinau Alkitab karo aku. Dadi, wektu ésuk aku lan bojoku biasané nginjil ing omah-omah dhisik, bar kuwi lagi mimpin sinau Alkitab, kadhang nganti jam 11 bengi. Kuwi kabèh nyenengké banget. Jujur waé, aku sakjané ora péngin pindhah tugas lan ngancani bojoku dadi pinituwa wilayah. Ning kayané Yéhuwah nduwé rencana liya.”

DADI PINITUWA WILAYAH

Wektu merintis ing Pine Bluff, aku lan Gloria ndaftar dadi perintis istiméwa. Aku ngerti nèk pengawas distrik péngin aku lan bojoku dadi perintis istiméwa lan mbantu salah siji jemaat ing Texas. Aku wong loro ya péngin banget dadi perintis istiméwa. Dadi aku terus ngentèni, ning ora ana jawabané. Akhiré, aku éntuk surat ing sasi Januari 1965, ning surat kuwi isiné tugas dadi pinituwa wilayah. Sedulur Leon Weaver, sing saiki dadi koordinator Panitia Cabang Amerika Serikat, uga dilantik dadi pinituwa wilayah.

Sakjané aku bingung wektu ngerti nèk bakal dadi pinituwa wilayah. Kira-kira setaun sakdurungé kuwi, ana pengawas distrik sing jenengé James A. Thompson, Jr. sing nggatèkké apa aku cocog dadi pinituwa wilayah. Dhèwèké ngandhani apa waé sing perlu tak owahi, lan sing dibutuhké bèn isa dadi pinituwa wilayah sing apik. Pas wis dadi pinituwa wilayah, aku lagi ngerti nèk naséhat-naséhat kuwi pancèn tak butuhké. Sakwisé dilantik, Sedulur Thompson sing dadi pengawas distrik pertama sing kerja bareng aku. Aku isa sinau akèh saka sedulur kuwi.

Aku seneng nampa bantuan saka para sedulur sing wis pengalaman

Wektu kuwi, durung ana akèh pelatihan kanggo pinituwa wilayah. Aku nggatèkké pinituwa wilayah liya sing lagi nekani jemaat suwéné seminggu. Banjur, dhèwèké nggatèkké wektu aku nekani jemaat liyané. Dhèwèké mènèhi saran lan arahan. Sakwisé kuwi, aku lan sedulur mau mangkat menyang tugasé dhéwé-dhéwé. Wektu kuwi aku kandha marang Gloria, ”Apa aku pancèn wis isa dhéwé?” Akhiré aku sadhar, mesthi ana sedulur-sedulur sing apik sing isa mbantu, ning nèk awaké dhéwé gelem dibantu. Nganti saiki, aku seneng merga wis dibantu karo sedulur-sedulur sing wis pengalaman, kaya Sedulur J. R. Brown, sing wektu kuwi dadi pinituwa wilayah, lan Sedulur Fred Rusk, sing kerja ing Bètel.

Ing jaman kuwi rasisme ana ing endi-endi. Wektu aku teka ing kutha Tennessee, KKK lagi kampanye. Aku uga éling pengalaman liyané pas nginjil. Wektu kuwi aku lagi lèrèn sedhéla ing rèstoran. Pas aku arep ing kamar mandi, ana wong lanang sing nduwé tato rasisme ngetutké aku. Dhèwèké kétok nesu. Terus ana sedulur kulit putih sing awaké luwih gedhé timbang aku lan wong kuwi mau mara lan kandha, ”Piyé Brur Herd? Ora ana apa-apa, ta?” Wong kuwi mau cepet-cepet lunga, lan ora sida ing kamar mandi. Dadi sing nyebabké rasisme kuwi sakjané dudu merga werna kulit, ning merga awaké dhéwé kabèh nduwé dosa. Lan aku ngerti nèk katresnané para sedulur kuwi tulus, ora soal apa werna kulité. Nèk perlu, para sedulur kuwi lila mati kanggo seduluré.

SUGIH BAB ROHANI

Aku dadi pinituwa wilayah nganti 12 taun lan pengawas distrik 21 taun. Kuwi taun-taun sing nyenengké lan akèh banget pengalaman sing nguwatké. Sasi Agustus 1997, sing tak arep-arep akhiré kelakon. Telung puluh wolu taun sakwisé ndaftar, aku lan bojoku akhiré diundang kanggo kerja ing Bètel Amerika Serikat. Sesasi sakbanjuré, aku lan bojoku mulai kerja ing Bètel. Tak kira tugasku ing Bètel mung sedhéla, ning jebulé ora.

Nganti saiki, Gloria isih kaya berlian kanggoku

Tugasku sing sepisanan yaiku ing Departemen Dinas. Akèh banget sing tak sinaoni. Contoné, sedulur-sedulur ing kéné akèh nampa pitakonan-pitakonan sing angèl saka para pinituwa lan pinituwa wilayah. Aku maturnuwun banget merga para sedulur sabar kanggo mbantu lan nglatih aku. Nèk aku ditugaské ing departemen kuwi manèh, aku isih tetep kudu akèh sinau saka sedulur-sedulur kuwi.

Aku lan Gloria seneng banget manggon ing Bètel. Aku lan bojoku wis biasa tangi ésuk lan kuwi mbantu banget pas aku wis ing Bètel. Kira-kira sakwisé setaun, aku dadi asistèn Panitia Dinas Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah. Lan ing taun 1999, aku dilantik dadi anggota Pengurus Pusat. Aku isa akèh sinau saka tugas-tugas sing tak tampa. Aku ngerti nèk sing dadi kepalané jemaat kuwi Yésus Kristus, dudu manungsa. Kuwi piwulang sing paling penting kanggoku.

Wiwit taun 1999, aku éntuk hak istiméwa dadi anggota Pengurus Pusat

Uripku iki mirip nabi Amos. Amos kuwi pangon sing andhap asor sing gawéané mung ngopèni wit ara, sing wohé biasa dipangan wong miskin. Ning, Yéhuwah nggatèkké lan mberkahi Amos wektu nindakké tugasé dadi nabi. (As. 7:14, 15) Semono uga, Yéhuwah nggatèkké aku, anaké petani sing miskin ing Liberty, Indiana. Akèh banget berkahé Yéhuwah, nganti ora isa tak sebutké. (WB. 10:22) Mbiyèn aku pancèn miskin, ning merga berkahé Yéhuwah, aku saiki isa sugih ing bab rohani, ngluwihi sing tau tak bayangké.