Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nglatih Hati Nurani Nganggo Hukum lan Pathokané Yéhuwah

Nglatih Hati Nurani Nganggo Hukum lan Pathokané Yéhuwah

”Dhawuh pepènget-pepènget Paduka kawula gilut-gilut [pikirké tenanan].”​—MS. 119:99.

LAGU: 127, 88

1. Apa sebabé kita luwih unggul timbang kéwan?

YÉHUWAH maringi kita hati nurani. Kuwi sing nggawé kita luwih unggul timbang kéwan. Apa buktiné Adam lan Hawa nduwé hati nurani? Sakwisé nglanggar hukumé Allah, wong loro kuwi ndhelik, merga ngrasa hati nuraniné ora kepénak.

2. Apa sebabé hati nurani kita isa dipadhakké karo kompas? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

2 Hati nurani kuwi perasaan ing njero batin kanggo nitèni sing bener lan sing salah. Hati nurani sing ora dilatih kuwi kaya kapal sing kompasé rusak. Kapal isa malih arah merga pengaruh angin lan keadaan ing laut. Ning, nèk kompasé ora rusak, kuwi isa mbantu nahkoda nglakokké kapal menyang arah sing bener. Semono uga, hati nurani sing dilatih kanthi bener kuwi isa ngarahké urip kita.

3. Apa akibaté nèk hati nurani ora dilatih?

3 Nèk ora dilatih, hati nurani ora isa ngélikké wektu kita nindakké sing salah. (1 Tim. 4:1, 2) Kita isa dadi mikir nèk ”piala iku becik”. (Yé. 5:20) Yésus ngandhani para muridé,  ”Bakal tekan wektuné, saben wong sing matèni kowé bakal ngira nèk dhèwèké nindakké tugas suci marang Gusti Allah.” (Yoh. 16:2) Kuwi sing dipikirké karo wong-wong sing matèni Stéfanus. (Kis. 6:8, 12; 7:54-60) Wiwit mbiyèn, akèh wong sing nduwé agama nindakké kejahatan, contoné matèni wong, lan kandhané kuwi kanggo Gusti Allah. Ning, sakjané wong-wong kuwi nglawan hukumé Gusti Allah. (Pa. 20:13) Dadi, hati nuraniné wong-wong kuwi ora ngarahké ing tumindak sing bener.

4. Piyé carané isa ngerti nèk hati nurani kita ngarahké kita ing tumindak sing bener?

4 Dadi, piyé carané isa ngerti nèk hati nurani kita ngarahké ing tumindak sing bener? Hukum lan pathokané Alkitab kuwi ”migunani kanggo mulang, nduduhké apa sing salah, mbenerké kabèh sing klèru, lan nglatih kita kanggo nindakké apa sing bener”. (2 Tim. 3:16) Kita kudu ajeg sinau, mikirké tenanan, lan ngetrapké isiné Alkitab. Saya suwé cara mikir kita isa padha karo Yéhuwah. Banjur, kita isa yakin nèk hati nurani kita isa ngarahké kita ing tumindak sing bener. Saiki ayo dirembug piyé carané ngetrapké hukum lan pathokané Yéhuwah kanggo nglatih hati nurani kita.

DILATIH HUKUMÉ GUSTI ALLAH

5, 6. Apa paédahé hukumé Gusti Allah kanggo kita?

5 Ora cukup nèk mung nèk maca Alkitab lan ngerti isiné. Kita uga kudu nresnani lan ngajèni hukum-hukum ing Alkitab. Alkitab kandha, ”Sengita karo bab sing ala lan tresnaa karo bab sing apik.” (As. 5:15, Terjemahan Dunia Baru [NW]) Piyé carané? Kita kudu ngupaya nduwé cara mikir sing padha karo Yéhuwah. Bayangna nèk panjenengan ora isa turu angler. Terus, dokter ngongkon maem panganan sing séhat, luwih akèh olahraga, lan ngowahi kebiasaan-kebiasaan ing urip. Nèk panjenengan manut, terus ana hasilé, piyé perasaan panjenengan bab naséhat-naséhaté dokter kuwi?

6 Semono uga, Gusti Allah wis maringi hukum-hukum kanggo nggawé urip dadi luwih apik lan nglindhungi kita saka akibaté dosa. Contoné, Alkitab mulang nèk kita ora éntuk ngapusi, curang, nyolong, laku jina, tumindak kasar, utawa nindakké spiritisme. (Wacanen Wulang Bebasan 6:16-19; Why. 21:8) Wektu kita ngrasakké paédahé manut karo Yéhuwah, kuwi isa nggawé awaké dhéwé saya nresnani Yéhuwah lan hukumé.

7. Apa paédahé maca pengalaman-pengalaman ing Alkitab?

7 Bèn ngerti sing bener lan sing salah, kita ora perlu nyoba-nyoba kanggo nglawan hukumé Gusti Allah lan ngalami akibaté. Kita isa sinau saka kesalahané wong-wong ing jaman mbiyèn. Conto-conto kuwi ana ing Alkitab. Alkitab kandha, ”Wong sing wicaksana gelem ngrungokké lan sinau luwih akèh.” (WB. 1:5, NW) Naséhat kuwi asalé saka Gusti Allah lan kuwi naséhat sing paling apik. Contoné, Daud ngalami akèh kasusahan merga ora manut karo Yéhuwah lan laku jina karo Bètsyéba. (2 Sa. 12:7-14) Wektu maca pengalamané Daud, pikirna: ’Apa sing kuduné ditindakké Daud bèn ora kena masalah? Piyé nèk aku dadi Daud? Apa aku bakal kaya  Daud, utawa ora kegodha kaya Yusuf?’ (Pd. 39:11-15) Nèk kita mikirké tenanan akibaté dosa, kita bakal dadi luwih ’sengit karo bab sing ala’.

8, 9. (a) Apa hasilé nèk nduwé hati nurani sing apik? (b) Apa hubungané hati nurani karo pathokané Alkitab?

8 Kita ngedohi bab-bab sing digethingi Gusti Allah. Ning, piyé nèk ora ana hukum sing jelas ing Alkitab? Piyé carané ngerti kersané Gusti Allah? Kita isa nggawé keputusan sing apik nèk nglatih hati nurani nggunakké Alkitab.

9 Merga tresnané, Yéhuwah nyedhiyakké pathokan-pathokan sing isa ngarahké hati nurani kita. Yéhuwah kandha, ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.” (Yé. 48:17, 18) Nèk tenanan mikirké pathokané Alkitab nganti mlebu ing ati, kita isa ngowahi lan ngarahké hati nurani. Kuwi isa mbantu kita bèn nggawé keputusan sing apik.

DITUNTUN PATHOKANÉ GUSTI ALLAH

10. Apa paédahé nèk ngetrapké pathokan-pathokané Gusti Allah lan piyé Yésus nggunakké pathokan-pathokan wektu mulang?

10 Pathokan-pathokané Gusti Allah kuwi isa mbantu kita nggawé keputusan sing apik. Kita dadi ngerti pandhangané  Yéhuwah lan alesané Yéhuwah maringi hukum. Yésus nggunakké pathokan-pathokan kanggo mulang para muridé nèk kabèh sing kita tindakké kuwi ana akibaté. Contoné, Yésus mulang nèk nesu kuwi isa marahi tumindak kasar, lan pikiran-pikiran sing saru isa marahi laku jina. (Mat. 5:21, 22, 27, 28) Dadi, hati nurani kita isa dilatih kanthi apik nèk ngetrapké pathokan-pathokané Yéhuwah. Hasilé, kita isa nggawé keputusan sing ngluhurké Gusti Allah.​—1 Kor. 10:31.

Wong Kristen sing diwasa ngajèni hati nuraniné wong liya (Deloken paragraf 11, 12)

11. Apa sebabé hati nuraniné wong Kristen isa béda-béda?

11 Keputusan sing digawé wong Kristen isa béda-béda, senajan hati nuraniné wis dilatih Alkitab. Contoné bab ngombé alkohol. Alkitab ora nglarang kita ngombé alkohol. Ning, Alkitab ngélikké aja nganti kakèhan ngombé nganti mabuk. (WB. 20:1; 1 Tim. 3:8) Apa kuwi tegesé wong Kristen ora perlu mikirké bab liyané wektu nggawé keputusan, sing penting dhèwèké ora ngombé akèh-akèh nganti mabuk? Ora ngono. Senajan hati nuraniné ora keganggu merga ngombé alkohol, ning tetep kudu mikirké hati nuraniné wong liya.

12. Apa sing isa disinaoni saka Roma 14:21 bab ngajèni hati nuraniné wong liya?

12 Paulus nduduhké nèk kita kudu ngajèni hati nuraniné wong liya. Dhèwèké nulis, ”Luwih becik ora mangan daging, utawa ngombé anggur, utawa nindakké apa waé sing isa nggawé sedulurmu kesandhung.” (Rm. 14:21) Dadi, senajan kuwi haké awaké dhéwé, kita gelem nggawé pangurbanan bèn ora ngganggu hati nuraniné sedulur liya. Mungkin ana sedulur sing kecanduan alkohol sakdurungé sinau Alkitab lan saiki mutuské ora bakal ngombé alkohol manèh. Kita ora péngin nggawé sedulur kuwi mbalèni kebiasaané sing lawas. (1 Kor. 6:9, 10) Nèk kita ngundang sedulur kuwi, apa kita bakal meksa dhèwèké kanggo ngombé alkohol? Mesthiné ora, ta?

Apa panjenengan uga gelem nggawé pangurbanan kanggo mbantu liyané?

13. Apa buktiné nèk Timotius ngajèni hati nuraniné wong liya bèn isa mbantu wong kuwi nampa kabar apik?

13 Kanggoné wong-wong Yahudi sunat kuwi penting. Dadi, wektu isih enom Timotius gelem disunat senajan kuwi lara banget, bèn wong-wong Yahudi gelem nampa kabar apik. Kaya Paulus, Timotius ya ora péngin nggawé wong liya kesandhung. (Kis. 16:3; 1 Kor. 9:19-23) Apa panjenengan uga gelem nggawé pangurbanan kanggo mbantu liyané?

”TERUS NGUPAYA KANGGO DADI DIWASA”

14, 15. (a) Piyé carané bèn isa dadi diwasa ing bab rohani? (b) Kepriyé tumindaké wong Kristen sing diwasa rohani marang wong liya?

14 Sakwisé ”rampung nyinaoni wulangan dhasar bab Kristus”, kita kabèh mesthi péngin ”ngupaya kanggo dadi diwasa”.  (Ibr. 6:1) Senajan wis suwé dadi Seksi Yéhuwah, ning durung mesthi isa dadi diwasa ing bab rohani. Kita kudu ngupaya terus sinau lan ngertèni isiné Alkitab. Dadi kita kudu maca Alkitab saben dina. (Ms. 1:1-3) Asilé, kita bakal luwih paham hukum lan pathokané Yéhuwah.

15 Hukum apa sing paling penting kanggo wong-wong Kristen? Yésus kandha marang para muridé, ”Nganggo cara iki, kabèh wong bakal ngerti nèk kowé kuwi murid-muridku: yaiku nèk kowé padha nresnani siji lan sijiné.” (Yoh. 13:35) Nurut Alkitab, katresnan kuwi disebut ”hukum raja” lan ”wong sing nduwé katresnan kuwi wis nindakké hukum”. (Yak. 2:8; Rm. 13:10) Katresnan kuwi pancèn penting banget merga Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. (1 Yoh. 4:8) Kanggoné Gusti Allah, katresnan kuwi ora mung perasaan thok. Katresnan kuwi nyata saka tumindaké. Yohanes nulis, ”Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané marang kita: Gusti Allah ngutus Putra siji-sijiné menyang donya, supaya kita isa nampa urip liwat dhèwèké.” (1 Yoh. 4:9) Nèk kita nduduhké katresnan marang Yéhuwah, Yésus, para sedulur, lan wong-wong liya, kuwi bukti nèk kita iki wong Kristen sing diwasa ing bab rohani.​—Mat. 22:37-39.

Hati nurani kita isa luwih dipercaya nèk wis kerep mikirké pathokan-pathokané Alkitab (Deloken paragraf 16)

16. Apa sebabé pathokan kuwi luwih penting kanggoné wong Kristen sing wis diwasa?

16 Hukum biasané ditrapké mung ing kahanan-kahanan sing kusus, nèk pathokan kuwi isa ditrapké ing kahanan sing béda-béda. Dadi, kanggoné wong Kristen sing wis diwasa, pathokan kuwi luwih penting. Contoné, bocah cilik ora ngerti bahayané pergaulan sing èlèk,  mula wong tuwané nggawé aturan utawa hukum kanggo njaga bocah kuwi. (1 Kor. 15:33) Ning, wektu bocah kuwi mundhak gedhé, dhèwèké wis isa mikir dhéwé lan tumindak manut pathokané Alkitab. Dadi, saya suwé dhèwèké isa nggawé keputusan sing apik bab milih kanca. (Wacanen 1 Korintus 13:11; 14:20.) Hati nurani kita isa luwih dipercaya nèk wis kerep mikirké pathokan-pathokané Alkitab. Kita dadi luwih ngerti apa sing kudu kita tindakké sing cocog karo kersané Gusti Allah.

17. Sarana apa waé sing isa mbantu kita nggawé keputusan sing apik?

17 Ana akèh sarana sing isa mbantu kita nggawé keputusan sing nyenengké Yéhuwah. Ing Alkitab ana hukum-hukum lan pathokan-pathokan sing isa mbantu kita ”isa bener-bener sanggup lan siap nindakké saben perkara sing apik”. (2 Tim. 3:16, 17) Pancèn kita kudu ngupaya bèn isa ngertèni apa kersané Yéhuwah. (Éf. 5:17) Kita uga isa nggunakké Indeks Publikasi Menara Pengawal, Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah, Watchtower Library, Perpustakaan Online Warta Penting, lan aplikasi JW Library. Kita isa éntuk akèh manfaat nèk nggunakké sarana-sarana kuwi wektu sinau pribadi lan ibadah keluarga.

BERKAHÉ HATI NURANI SING DILATIH ALKITAB

18. Apa paédahé nèk ngetrapké hukum lan pathokané Gusti Allah ing urip kita?

18 Urip kita dadi luwih apik nèk ngetrapké hukum-hukum lan pathokan saka Yéhuwah. Jabur 119:97-100 kandha, ”Kawula punika tresna sanget dhateng angger-angger Paduka, sadinten muput kawula gilut-gilut. Pepakèn Paduka punika paring kawicaksanan dhateng kawula, munjuli satru kawula, margi ing salaminipun wonten ing kawula. Akal budi kawula punika nglangkungi para guru kawula, margi dhawuh pepènget-pepènget Paduka kawula gilut-gilut. Kawula langkung mangretos katimbang kaliyan tiyang-tiyang ingkang sampun sepuh, margi kawula netepi préntah-préntah Paduka.” Kita bakal dadi luwih wicaksana nèk terus mikirké hukum lan pathokané Gusti Allah kanthi tenanan. Lan nèk kita nggunakké hukum lan pathokané Gusti Allah kanggo nglatih hati nurani, ”sipat-sipat kita bener-bener kaya wong diwasa, kaya Kristus”.—Éf. 4:13.