Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 ARTIKEL PELAJARAN 29

”Wektu Aku Tanpa Daya, Aku Dadi Kuwat”

”Wektu Aku Tanpa Daya, Aku Dadi Kuwat”

”Wektu aku tanpa daya, dirèmèhké, kekurangan, dianiaya, utawa ngadhepi kahanan sing angèl demi Kristus, aku seneng.”​—2 KOR. 12:10.

LAGU 38 Yéhuwah sing Bakal Nguwatké

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Rasul Paulus tau ngalami apa?

RASUL PAULUS tau ngalami masalah-masalah sing sakjané isa nggawé dhèwèké cilik ati. Contoné, Paulus tau kandha nèk badané ”saya suwé saya rusak”, kuwi artiné nèk dhèwèké wis ora kuwat manèh kaya mbiyèn. Paulus ya ngrasa angèl kanggo nindakké apa sing bener. Terus, senajan dhèwèké wis ndonga, ning jawaban saka Yéhuwah ora kaya sing dikarepké Paulus. (2 Kor. 4:16; 12:7-9; Rm. 7:21-23) Sakliyané kuwi, Paulus ya ngerti nèk dhèwèké dianggep wong sing tanpa daya karo mungsuh-mungsuhé. * Ning, kabèh masalah kuwi ora nggawé Paulus dadi cilik ati.​—2 Kor. 10:10-12, 17, 18.

2. Nurut 2 Korintus 12:9, 10, apa sing Paulus sinaoni saka pengalamané?

2 Saka pengalamané, Paulus ngerti nèk wong sing kétoké tanpa daya isa tetep kuwat. (Wacanen 2 Korintus 12:9, 10.) Yéhuwah kandha marang Paulus, ”Wektu kowé tanpa daya, kuwasa-Ku dadi nyata.” Kuwi artiné, Yéhuwah isa nggunakké kuwasané kanggo nguwatké Paulus. Saiki, ayo dirembug dhisik apa sebabé awaké dhéwé ora perlu nesu wektu ana wong-wong sing ngécé awaké dhéwé.

’WEKTU DIRÈMÈHKÉ AKU SENENG’

3. Apa sebabé awaké dhéwé isa ngrasa seneng wektu dirèmèhké?

3 Ora ana wong sing seneng dirèmèhké. Mula, awaké  dhéwé isa cilik ati nèk terus mikirké omongané wong-wong sing ngécé awaké dhéwé. (WB. 24:10) Ning, awaké dhéwé isa niru Paulus sing ngrasa ”seneng” wektu dirèmèhké. (2 Kor. 12:10) Kok isa? Yésus tau kandha nèk murid-muridé bakal dianiaya. (Yoh. 15:18-20) Dadi, nèk ana wong sing ngécé, sakjané kuwi bukti nèk awaké dhéwé murid-muridé Yésus sing sejati. (1 Ptr. 4:14) Kuwi sing dialami murid-muridé Yésus ing jaman mbiyèn. Misalé, wong Kristen wektu kuwi dianggep ora pinter karo wong-wong sing kepengaruh karo kebudayaan Yunani. Murid-muridé Yésus, termasuk Pétrus lan Yohanes, ya dirèmèhké karo wong-wong Yahudi merga murid-muridé Yésus kuwi ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”. (Kis. 4:13) Sakliyané kuwi, merga ora tau mèlu-mèlu urusan politik utawa perang, murid-muridé Yésus ora éntuk dhukungan saka pamréntah lan kétoké gampang dikalahké. Mula, akèh wong ngrèmèhké lan nganggep nèk murid-muridé Yésus kuwi tanpa daya.

4. Piyé tanggepané murid-muridé Yésus wektu dirèmèhké karo wong liya?

4 Apa murid-muridé Yésus ora gelem nglayani Yéhuwah manèh merga dirèmèhké karo wong liya? Ora. Misalé, Pétrus lan Yohanes dianiaya merga dadi muridé Yésus. Ning, wong loro kuwi malah ngrasa bangga. (Kis. 4:18-21; 5:27-29, 40-42) Murid-muridé Yésus ora perlu isin merga apa sing dhèwèké tindakké kuwi akèh manfaaté kanggo wong liya. Misalé, wong-wong isa kenal karo Yéhuwah lan nduwé harapan ing masa depan merga ana murid-muridé Yésus sing digunakké kanggo nulis Kitab Suci. Kaya sing diwartakké murid-muridé Yésus, Kratoné Allah saiki wis mréntah ing swarga lan ora suwé manèh ya bakal mréntah kabèh manungsa. (Mat. 24:14) Murid-muridé Yésus ya wis dadi raja ing swarga. Ning, pamréntahan Romawi wis kélangan kekuasaané lan wong-wong sing nganiaya murid-muridé Yésus ya wis padha mati. Malah, nèk sukmbèn diuripké manèh wong-wong kuwi bakal dadi rakyat saka Kratoné Allah. Padahal, wong-wong kuwi mauné sengit karo wong-wong sing martakké Kratoné Allah.​—Why. 5:10.

5. Nurut Yohanes 15:19, apa sebabé umaté Yéhuwah dirèmèhké karo wong liya?

5 Saiki, wong sing sombong lan ora gelem diatur malah dianggep hébat. Ning, umaté Yéhuwah péngin dadi wong sing rendah hati lan manut karo aturan. Merga nduwé sikap sing béda, akèh wong ngécé lan nganggep nèk umaté Yéhuwah kuwi bodho. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya ora gelem mèlu-mèlu urusan politik lan militèr. Merga ora nindakké apa sing ditindakké karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah, akhiré awaké dhéwé dirèmèhké karo wong liya.​—Wacanen Yohanes 15:19; Rm. 12:2.

6. Yéhuwah mbantu umaté kanggo nindakké apa?

6 Senajan dirèmèhké, Yéhuwah wis nggunakké umaté kanggo nindakké perkara-perkara sing luar biasa. Misalé, saiki kabar apik wis diwartakké ing sakdonya karo umaté Yéhuwah. Terus, majalahé Seksi-Seksi Yéhuwah dadi majalah sing paling akèh diterjemahké lan dibagèkké. Sakliyané kuwi, jutaan wong ya wis éntuk manfaat merga sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Senajan umaté Yéhuwah kétoké tanpa daya, ning kuwi kabèh isa kelakon merga bantuané Yéhuwah. Ning, apa Yéhuwah ya gelem mbantu saben wong sing dadi umaté? Nèk iya, apa sing kuduné ditindakké bèn Yéhuwah gelem mbantu awaké dhéwé? Saiki, ayo dirembug apa sing isa disinaoni saka contoné Paulus.

 NGENDELKÉ YÉHUWAH

7. Apa sing isa disinaoni saka contoné Paulus?

7 Wektu kuwi, akèh wong nganggep nèk Paulus kuwi wong sing hébat. Paulus kuwi asalé saka Tarsus, kutha sing makmur lan dadi pusat pendidikan. Paulus ya nduwé pendidikan sing dhuwur merga tau diwulang karo salah siji guru sing paling diajèni wektu kuwi, yaiku Gamalièl. (Kis. 5:34; 22:3) Malah, Paulus ya tau nduwé kedudukan sing penting ing antarané wong Yahudi. Paulus kandha, ”Ing agama Yahudi aku luwih maju ketimbang akèh wong sing sak umuran lan sak bangsa karo aku.” (Gal. 1:13, 14; Kis. 26:4) Nèk gelem, sakjané Paulus isa dadi wong sing sombong lan ngendelké kemampuané dhéwé. Ning, Paulus ora ngono. Kaya Paulus, awaké dhéwé mesthiné ora gelem ngendelké kemampuan utawa ketrampilané awaké dhéwé wektu nglayani Yéhuwah.

Merga péngin dadi pengikuté Yésus, Paulus nganggep nèk kabèh perkara sing nggawé dhèwèké dadi kétok hébat kuwi kaya ”sampah” (Deloken paragraf 8) *

8. Nurut Filipi 3:8, piyé pandhangané Paulus marang kabèh perkara sing nggawé dhèwèké dadi kétok hébat, lan apa sebabé Paulus malah ”seneng” nèk ngalami masalah?

8 Merga péngin dadi pengikuté Yésus, Paulus nganggep nèk kabèh perkara sing nggawé dhèwèké dadi kétok hébat kuwi kaya ”sampah” lan ora penting kanggo dhèwèké. (Wacanen Filipi 3:8.) Paulus ya kudu ngalami aniaya. Misalé, Paulus disengiti karo wong-wong saka bangsané dhéwé. (Kis. 23:12-14) Wong-wong Romawi ya tau nggebugi lan nglebokké Paulus ing penjara. Padahal, Paulus kuwi warga negara Romawi. (Kis. 16:19-24, 37) Sakliyané kuwi, merga ora sampurna, Paulus ya ngrasa angèl kanggo nindakké apa sing bener. (Rm. 7:21-25) Ning, kuwi kabèh ora nggawé Paulus dadi mandheg nglayani Yéhuwah. Malah, Paulus kandha, ”Wektu aku tanpa daya . . . aku seneng.” Kenapa Paulus isa ngomong kaya ngono? Merga wektu ngalami masalah, kuwi malah dadi kesempatan kanggo Paulus kanggo ngrasakké bantuané Yéhuwah.​—2 Kor. 4:7; 12:10.

9. Piyé kuduné pandhangané awaké dhéwé nèk situasiné kaya-kayané ora ndhukung kanggo nglayani Yéhuwah?

9 Bèn éntuk kekuwatan saka Yéhuwah, awaké dhéwé aja mikir nèk kekuwatan, latar  belakang, pendidikan, lan bandha kuwi sing nggawé awaké dhéwé dianggep berharga karo Yéhuwah. Malah, Alkitab kandha nèk umaté Yéhuwah kuwi ”ora akèh sing wicaksana kanggoné manungsa, ora akèh sing nduwé kuwasa, lan ora akèh sing asalé saka keluarga bangsawan”. Sing dipilih Yéhuwah kuwi ”bab-bab [sing] tanpa daya ing donya iki”. (1 Kor. 1:26, 27) Dadi, nèk situasiné awaké dhéwé kaya-kayané ora ndhukung kanggo nglayani Yéhuwah, sakjané kuwi malah isa dadi kesempatan kanggo ngrasakké bantuané Yéhuwah. Misalé, mungkin awaké dhéwé ngrasa wedi wektu ngadhepi wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Awaké dhéwé isa ndonga bèn luwih kendel wektu njelaské apa sing awaké dhéwé percayani. (Éf. 6:19, 20) Terus, nèk ngalami masalah merga lara parah, awaké dhéwé ya isa ndonga njaluk kekuwatan bèn tetep isa nglayani Yéhuwah. Wektu ngrasakké bantuané Yéhuwah, awaké dhéwé isa tetep semangat lan imané awaké dhéwé dadi saya kuwat.

SINAU SAKA ALKITAB

10. Apa sebabé awaké dhéwé perlu ngrenungké pengalamané abdiné Yéhuwah, misalé sing dicathet ing Ibrani 11:32-34?

10 Paulus kuwi seneng nyinaoni Kitab Suci. Dhèwèké éntuk akèh manfaat merga ngrenungké pengalamané abdiné Yéhuwah sing dicathet ing kono. Mula, Paulus isa ngandhani wong-wong Kristen Ibrani kanggo nindakké sing padha. (Wacanen Ibrani 11:32-34.) Misalé, Alkitab nyathet pengalamané Raja Daud sing disengiti karo mungsuh-mungsuhé lan wong-wong sing tau dadi kancané. Paulus isa waé ngrasa dikuwatké merga ngrenungké pengalamané Daud. Saiki, ayo dirembug apa sing mungkin digatèkké Paulus saka pengalamané Daud lan piyé carané awaké dhéwé isa niru Paulus.

Daud kétoké tanpa daya merga dhèwèké isih enom lan durung tau mèlu perang. Ning, Daud ngendelké Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah mènèhi Daud kekuwatan bèn isa ngalahké Goliat (Deloken paragraf 11)

11. Apa sebabé Daud kétoké gampang dikalahké? (Deloken gambar ing halaman 1.)

11 Merga kétoké gampang dikalahké, Daud ”dirèmèhaké” karo Goliat. Goliat pancèn nduwé awak sing gedhé, senjata sing lengkap, lan wis kulina mèlu perang. Daud kétoké tanpa daya merga dhèwèké isih enom lan durung tau mèlu perang. Ning, Daud ngendelké Yéhuwah. Hasilé, Yéhuwah mènèhi Daud kekuwatan bèn isa ngalahké Goliat.​—1 Sa. 17:41-45, 50.

12. Daud ya tau ngalami masalah apa?

12 Daud ya tau ngalami masalah sing isa waé nggawé dhèwèké dadi cilik ati. Daud setya nglayani raja sing dilantik Yéhuwah, yaiku Raja Saul. Pancèn, awalé Raja Saul seneng karo Daud. Ning, merga sombong, Raja Saul dadi iri karo Daud. Malah, Raja Saul nganggep nèk Daud kuwi mungsuhé lan péngin matèni Daud.​—1 Sa. 18:6-9, 29; 19:9-11.

13. Apa sing Daud tindakké senajan Raja Saul jahat karo dhèwèké?

13 Senajan Raja Saul jahat karo Daud, ning Daud tetep ngajèni Raja Saul merga dhèwèké kuwi raja sing dilantik Yéhuwah. (1 Sa. 24:7) Daud ya ora nyalahké Yéhuwah merga tumindaké Saul. Malah, Daud terus ngendelké Yéhuwah bèn isa tetep setya senajan ngalami masalah.​—Ms. 18:1, 2.

14. Situasi apa waé sing diadhepi karo Paulus sing mèh padha karo pengalamané Daud?

14 Rasul Paulus ngadhepi situasi sing mèh padha karo Daud. Misalé, Paulus dimungsuhi karo wong-wong sing luwih kuwat ketimbang dhèwèké. Akibaté, Paulus kerep digebugi lan dilebokké penjara merga disengiti karo para pemimpin agama lan pemimpin  politik. Sakliyané kuwi, Paulus ya dijahati karo wong-wong sing kuduné dadi kancané lan ana sedulur-sedulur sing ngèlèk-èlèk dhèwèké. (2 Kor. 12:11; Flp. 3:18) Ning, kuwi kabèh ora nggawé Paulus dadi cilik ati. Senajan ditentang, Paulus tetep semangat nginjil. Paulus ya tetep sayang karo para sedulur senajan tau dilarani atiné. Lan sing paling penting, Paulus isa tetep setya nganti mati. (2 Tim. 4:8) Paulus isa nindakké kuwi kabèh dudu merga ngendelké kekuwatané dhéwé, ning merga ngendelké Yéhuwah.

Awaké dhéwé kudu tetep ngajèni lan terus apikan wektu njelaské apa sing awaké dhéwé percayani marang wong sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah (Deloken paragraf 15) *

15. Apa tujuané awaké dhéwé, lan apa sing kuduné ditindakké?

15 Mungkin njenengan tau ngalami masalah merga ana kanca sekolah, kanca kerja, utawa anggota keluarga sing ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Sakliyané kuwi, mungkin ana sedulur ing jemaat sing nglarani atiné njenengan. Wektu ngalami situasi sing kaya ngono, awaké dhéwé isa mikirké contoné Daud lan Paulus. Awaké dhéwé isa ngupaya kanggo ’ngalahké kejahatan nganggo kabecikan’. (Rm. 12:21) Ora kaya Daud, tujuané awaké dhéwé kuwi mbantu wong liya bèn isa kenal karo Yéhuwah, dudu ngalahké wong sing sengit karo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu nggunakké Alkitab kanggo njelaské apa sing awaké dhéwé percayani. Awaké dhéwé ya kudu tetep ngajèni lan terus apikan karo kabèh wong, termasuk wong-wong sing sengit marang awaké dhéwé.​—Mat. 5:44; 1 Ptr. 3:15-17.

GELEM DIBANTU KARO PARA SEDULUR

16-17. Paulus ora bakal lali karo apa?

16 Sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus sing mauné disebut Saul kuwi wong sing sombong lan seneng nganiaya murid-muridé Yésus. (Kis. 7:58; 1 Tim. 1:13) Mula, Yésus tumindak bèn Paulus ora terus-terusan nganiaya murid-muridé Yésus. Yésus ngandhani Paulus saka swarga lan nggawé Paulus dadi ora isa ndelok apa-apa. Bèn isa ndelok manèh, Paulus kudu gelem dibantu karo salah siji muridé Yésus yaiku Ananias. Padahal, Paulus sengit banget karo murid-muridé Yésus. Ning,  akhiré Paulus gelem dadi wong sing rendah hati lan gelem dibantu karo Ananias.​—Kis. 9:3-9, 17, 18.

17 Sakwisé kuwi, Paulus pancèn nduwé tugas penting ing jemaat. Ning, Paulus ora lali karo pengalamané wektu éntuk naséhat saka Yésus. Paulus tetep rendah hati lan gelem dibantu karo para sedulur. Paulus nganggep nèk para sedulur kuwi dadi ”sumber panglipuran” kanggo dhèwèké.​—Kol. 4:10, 11.

18. Apa sebabé kadhang kala awaké dhéwé ngrasa nèk ora butuh dibantu karo sedulur liya?

18 Apa sing isa disinaoni saka contoné Paulus? Pas pertama kali sinau Alkitab, awaké dhéwé mungkin gelem dibantu sedulur liya merga ngerti nèk isih ana akèh sing kudu disinaoni. (1 Kor. 3:1, 2) Ning, nèk wis suwé nglayani Yéhuwah lan nduwé akèh pengalaman, mungkin awaké dhéwé ngrasa nèk ora butuh dibantu karo sedulur liya, apa manèh nèk sedulur kuwi durung suwé nglayani Yéhuwah. Senajan ngono, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah kerep nggunakké para sedulur kanggo nguwatké awaké dhéwé. (Rm. 1:11, 12) Dadi, Yéhuwah isa nguwatké awaké dhéwé nèk awaké dhéwé gelem dibantu karo para sedulur.

19. Apa sebabé Paulus isa nindakké perkara-perkara sing luar biasa?

19 Sakwisé dadi wong Kristen, Paulus isa nindakké perkara-perkara sing luar biasa. Paulus ngerti nèk wong isa berhasil nglayani Yéhuwah merga rendah hati lan luwih ngendelké Yéhuwah, dudu merga ngendelké kekuwatan, pendidikan, latar belakang, utawa bandha sing dhèwèké duwèni. Muga-muga awaké dhéwé isa niru Paulus sing (1) ngendelké Yéhuwah, (2) terus sinau saka Alkitab, lan (3) gelem dibantu karo para sedulur. Hasilé, ora soal apa sing awaké dhéwé rasakké, Yéhuwah bakal terus nguwatké awaké dhéwé.

LAGU 71 Prajurité Yéhuwah

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug contoné Rasul Paulus. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bakal mbantu wong sing rendah hati bèn isa tetep semangat senajan dhèwèké diécé lan ana masalah sing nggawé cilik ati.

^ par. 1 KATRANGAN: Awaké dhéwé isa waé ngrasa tanpa daya utawa cilik ati merga ora sampurna. Awaké dhéwé ya isa ngrasa kaya ngono nèk miskin, lara, ora nduwé pendidikan sing dhuwur, utawa ana wong-wong sing nglarani atiné awaké dhéwé liwat omongan lan tumindaké.

^ par. 57 GAMBAR: Merga péngin dadi pengikuté Yésus, Paulus nganggep nèk kabèh perkara sing dhèwèké duwèni wektu dadi wong Farisi kuwi ora penting, misalé gulungan-gulungan lan kothak sing isiné ayat.