Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Aku Wis Nindakké Apa sing Dadi Tugasku

Aku Wis Nindakké Apa sing Dadi Tugasku

DONALD RIDLEY utawa Don, dadi pengacarané Seksi-Seksi Yéhuwah luwih saka 30 taun. Dhèwèké nduwé tugas penting yaiku njelaské marang dokter utawa hakim nèk pasièn nduwé hak kanggo nolak transfusi darah. Merga bantuané Don, ana akèh kasus hukum ing Amerika Serikat sing isa dimenangké karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Don kuwi wong sing rajin, rendah hati, lan ora ngutamakké kepentingané dhéwé.

Ing taun 2019, Don kena penyakit sing ora ana obaté. Penyakit kuwi dadi saya parah nganti akhiré dhèwèké mati pas tanggal 16 Agustus 2019. Iki pengalamané Don.

Wong tuwaku nduwé anak lima, lan aku anak sing keloro. Aku lair ing taun 1954, ing St. Paul, Minnesota, Amerika Serikat. Aku saka keluarga sing biasa-biasa waé. Merga keluargaku agamané Katolik, pas cilik aku disekolahké ing sekolah Katolik lan kerep mbantu pastur pas ana ibadah ing greja. Senajan ngono, aku ora ngerti akèh soal Alkitab. Pancèn, aku percaya nèk Gusti Allah kuwi Sang Pencipta. Ning, aku ngrasa nèk lunga ing greja kuwi ora ana manfaaté.

SINAU ALKITAB

Aku kuliah ing jurusan hukum. Setaun sakwisé aku mulai kuliah, ana suami istri Seksi Yéhuwah sing teka ing omahku. Wektu kuwi aku isih ngumbahi. Dadi, wong loro kuwi janji nèk arep teka manèh. Pas suami istri kuwi teka manèh, aku takon, ”Kenapa wong jahat uripé luwih kepénak ketimbang wong apik? Piyé carané bèn isa bener-bener bahagia?” Suami istri kuwi mènèhi aku buku Kebenaran yang Membimbing kepada Hidup yang Kekal lan Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru sing sampulé werna ijo enom. Terus, aku ya gelem sinau Alkitab. Aku seneng banget merga ana akèh sing isa tak sinaoni. Misalé, aku dadi ngerti nèk pamréntahané manungsa ora isa nggawé rakyaté bahagia lan mung nyebabké manungsa dadi sengsara. Aku ya dadi ngerti nèk Kratoné Allah bakal mréntah ing bumi lan nggawé manungsa dadi bahagia.

Akhiré ing taun 1982, aku nggawé janji ngabdi lan dibaptis pas Kebaktian Distrik ”Kebenaran Kerajaan” sing dianakké ing St. Paul. Pirang-pirang dina sakwisé kuwi, aku teka manèh ing panggonan sing padha kanggo mèlu ujian bèn isa dadi pengacara. Ing sasi Oktober, aku lulus saka ujian kuwi lan mulai dadi pengacara.

Pas Kebaktian Distrik ”Kebenaran Kerajaan”, aku ketemu karo salah siji sedulur sing kerja ing Bètel Brooklyn, New York sing jenenge Mike Richardson. Dhèwèké kandha nèk ing kantor pusat lagi waé dibentuk Departemen Hukum. Aku dadi kèlingan karo kata-katané pejabat Étiopia sing dicathet ing Kisah 8:36 lan mikir, ’Apa sing ngalangi aku kanggo mbantu ing Departemen Hukum?’ Akhiré, aku ndaftar bèn isa nglayani ing Bètel.

Wong tuwaku ora seneng wektu aku dadi Seksi Yéhuwah. Bapak takon apa untungé nèk aku mbantu ing Departemen Hukum. Aku kandha nèk gawéan ing Bètel kuwi sukarela lan penggantian ongkos sing ditampa saben sasi ya ora akèh.

Merga aku wis nampa gawéan ing pengadilan, aku ora isa langsung nglayani ing Bètel. Dadi, aku lagi isa mulai nglayani ing Bètel Brooklyn ing taun 1984 lan ditugaské ing Departemen Hukum. Pas wis nglayani ing Bètel, aku ngrasa nèk pengalamanku wektu nyambut gawé ing pengadilan kuwi ana manfaaté.

RÉNOVASI STANLEY THEATER

Stanley Theater sing durung dirénovasi

Ing November 1983, Seksi-Seksi Yéhuwah nuku Stanley Theater, salah siji bangunan ing dhaérah bisnis sing ana ing Jersey City, New Jersey. Terus, wektu njaluk ijin kanggo ndandani saluran listrik lan banyu sing ana ing gedhung kuwi, para sedulur njelaské marang pamréntah nèk gedhung kuwi arep digunakké kanggo dadi balé kebaktian. Ning, pamréntah ora ngijinké merga ana aturan sing kandha nèk panggonan ibadah kuduné ana ing dhaérah perumahan, dudu dhaérah bisnis. Merga ijiné ditolak, para sedulur naik banding. Ning, kuwi ora disetujui.

Sakwisé seminggu aku ing Bètel, organisasi ngejokké kasus kuwi ing pengadilan. Aku wis biasa ngadhepi kasus kaya ngono merga wis rong taun kerja ing pengadilan. Pas ing pengadilan, salah siji pengacarané Seksi Yéhuwah kandha nèk Stanley Theater wis kerep digunakké wong-wong kanggo nonton film utawa konsèr musik. Dadi, nèk Stanley Theater digunakké kanggo ngibadah, apa sebabé kuwi dianggep nglanggar hukum? Akhiré, pengadilan mutuské nèk pamréntah Jersey City wis nglanggar haké Seksi Yéhuwah kanggo ngibadah lan ngongkon pamréntah kanggo mènèhi ijin marang Seksi Yéhuwah. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah mberkahi upayané organisasi kanggo menangké kasus hukum sing ana hubungané karo gawéan nginjil. Aku seneng banget merga isa mbantu organisasi menangké kasus kuwi.

Ana akèh gawéan sing kudu ditindakké karo para sedulur kanggo ngrénovasi gedhung kuwi. Ning, ora nganti setaun sakwisé rénovasiné dimulai, Balé Kebaktian Jersey City kuwi wis isa dienggo acara wisuda Giléad kelas ke-79 sing dianakké tanggal 8 September 1985. Aku seneng banget merga isa mbantu ing Departemen Hukum. Malah, gawéan iki isa nggawé aku luwih bahagia ketimbang wektu aku kerja ing pengadilan. Aku ya ora nyangka nèk Yéhuwah bakal nggunakké aku kanggo mbantu organisasi bèn isa menangké kasus-kasus liyané.

MBÉLA HAKÉ PASIÈN KANGGO NOLAK DARAH

Ing taun 1980-an, biasané dokter-dokter lan rumah sakit ora setuju karo Seksi Yéhuwah sing ora gelem nampa perawatan sing nggunakké getih. Para hakim ing pengadilan ya kandha nèk wong hamil ora nduwé hak kanggo nolak transfusi. Para hakim kuwi kandha nèk wong hamil sing mbutuhké getih ning ora gelem ditranfusi kuwi bahaya banget merga wong kuwi isa mati lan anaké dadi ora nduwé ibu.

Pas tanggal 29 Desember 1988, sedulur Denise Nicoleau ngalami pendarahan sakwisé nglairké. Merga pendarahané saya parah, dokter ngongkon sedulur kuwi kanggo transfusi darah. Ning, sedulur Nicoleau ora gelem. Sésuké, pihak rumah sakit njaluk surat perintah marang pengadilan bèn isa mènèhi transfusi darah kanggo sedulur kuwi. Hakim ing pengadilan langsung gelem mènèhi surat kuwi, padahal dhèwèké durung mènèhi kesempatan marang sedulur Nicoleau lan bojoné kanggo njelaské apa sebabé ora gelem nampa transfusi darah. Malah, hakim ya ora ngandhani sedulur Nicoleau lan bojoné nèk dhèwèké wis mènèhi surat perintah kuwi.

Pas dina Jumat, 30 Desember, Sedulur Nicoleau tetep ditransfusi karo pihak rumah sakit senajan bojoné lan anggota keluarga liyané ora setuju. Soréné, ana anggota keluarga lan para pinituwa sing dicekel polisi merga ditudhuh ngalang-alangi pihak rumah sakit kanggo mènèhi transfusi. Sésuké, wong-wong ing dhaérah New York lan sekitaré dadi ngerti soal peristiwa kuwi merga disiarké ing koran, TV, lan radio.

Aku karo Philip Brumley pas isih enom

Merga arep naik bandhing, dina Senèn ésuk aku nemoni Hakim Milton Mollen sing wewenangé luwih dhuwur ketimbang hakim sakdurungé. Aku njelaské marang Hakim Mollen nèk hakim sing sakdurungé langsung mènèhi surat perintah tanpa nakoni pendapaté keluargané Sedulur Nicoleau. Awané, Hakim Mollen ngongkon aku teka manèh kanggo ngrembug kasus kuwi lan undang-undang sing ana hubungané karo kasus kuwi. Soréné, aku teka ing kantoré Hakim Mollen bareng karo pengawasku, yaiku Sedulur Philip Brumley. Pas aku teka, ing kana ya ana pengacara saka pihak rumah sakit. Ning, aku malah dadi debat karo pengacara kuwi merga aku péngin banget mbuktèkké nèk pengacara saka pihak rumah sakit kuwi salah. Akhiré, Sedulur Brumley ngongkon aku bèn ”ora émosi” manèh.

Saka kiwa terus tengen: Richard Moake, Gregory Olds, Paul Polidoro, Philip Brumley, aku, lan Mario Moreno—para pengacara sing mèlu nangani kasus Watchtower vs. Desa Stratton ing Mahkamah Agung Amerika Serikat.—Deloken Sedarlah! 8 Januari 2003 halaman 3-4, 4-5, 6-8, lan 9-11

Kira-kira sakjam sakwisé kuwi, Hakim Mollen kandha nèk kasus kuwi bakal dadi kasus pertama sing bakal dirembug sésuk. Dhèwèké ya kandha nèk kuwi bakal dadi ”kasus sing gedhé” kanggo pengacara saka pihak rumah sakit. Apa sebabé? Merga pengacara kuwi kudu nggolèk bukti sing kuwat nèk apa sing ditindakké karo rumah sakit marang Sedulur Nicoleau kuwi bener. Aku yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu aku bèn isa menangké kasus iki. Aku seneng banget merga isa digunakké Yéhuwah kanggo nindakké kepénginané.

Aku lan para sedulur saka Departemen Hukum nggawé persiapan bèn isa ngerti apa sing kudu tak omongké ing pengadilan sésuk. Merga jaraké cedhak karo Bètel Brooklyn, mula aku lan para sedulur kuwi mlaku menyang gedhung pengadilan. Sakwisé ngrungokké penjelasan saka Seksi Yéhuwah, patang hakim sing ana ing kono nggawé keputusan nèk kuduné pengadilan ora langsung mènèhi surat perintah marang pihak rumah sakit. Akhiré, para hakim ndhukung keputusané Sedulur Nicoleau. Para hakim kuwi ya kandha nèk rumah sakit wis nglanggar hak asasi manusia merga ora mènèhi kesempatan marang pasièn kanggo njelaské soal keputusané.

Ora suwé sakwisé kuwi, pengadilan tertinggi ing New York mutuské nèk Sedulur Nicoleau nduwé hak kanggo nampa perawatan keséhatan tanpa nggunakké getih. Pengalamané Sedulur Nicoleau iki dadi kasus pertama sing isa tak critakké saka patang kasus sing ana hubungané karo getih. (Deloken kothak ” Kasus-Kasus sing Dimenangké karo Seksi-Seksi Yéhuwah”.) Aku ya seneng isa kerja bareng karo para sedulur ing Bètel sing dadi pengacara kanggo nangani kasus-kasus liyané, misalé soal pegatan, hak asuh anak, tanah utawa bangunan.

KELUARGAKU

Karo bojoku, Dawn

Aku nikah karo sedulur sing jenengé Dawn. Dhèwèké kuwi randha sing nduwé anak telu. Dawn merintis lan nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Aku kagum ndelok upayané Dawn merga dhèwèké tetep nduwé tékad sing kuwat kanggo nglayani Yéhuwah senajan ngalami akèh masalah. Ing taun 1992, aku ketemu karo Dawn ing Kebaktian Distrik ”Para Pembawa Terang”. Wektu kuwi, aku kandha karo Dawn nèk aku péngin luwih kenal karo dhèwèké. Setaun sakwisé kuwi, aku nikah karo Dawn. Aku bersyukur banget merga nduwé bojo kaya Dawn, wong sing seneng guyon lan nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Dawn kuwi bener-bener hadiah sing luar biasa saka Yéhuwah.​—WB. 31:12.

Wektu kuwi anak-anaké Dawn umuré 11, 13, lan 16 taun. Senajan aku dudu bapak kandungé, ning aku péngin isa dadi bapak sing apik kanggo bocah-bocah. Mula, aku maca publikasi-publikasi sing ana hubungané soal kuwi lan ngupaya kanggo ngetrapké saran-sarané. Pancèn kuwi ora gampang. Ning, aku seneng merga akhiré bocah-bocah gelem cedhak karo aku lan nganggep aku kaya kancané dhéwé. Aku karo Dawn ya ngupaya bèn isa kenal karo kanca-kancané anakku. Aku seneng merga isa akrab karo cah-cah nom.

Ing taun 2013, aku lan bojoku pindhah menyang Wisconsin kanggo ngopèni bapakku lan maratuwaku. Senajan ngono, aku seneng banget merga isih isa nglayani ing Bètel. Aku dadi rélawan sementara kanggo nangani kasus-kasus liyané.

KEADAAN BERUBAH

Ing September 2018, aku ngrasa nèk ana sing anèh ing tenggorokanku. Mula, aku priksa ing dokter. Ning, dokter kuwi ora ngerti apa penyakitku. Terus, ing Januari 2019, aku priksa manèh ing dokter liyané. Dokter kuwi kandha nèk aku kena penyakit sing ora ana obaté lan kuwi ana pengaruhé kanggo anggota badan liyané.

Ana salah siji olahraga sing tak senengi. Aku wis ahli nindakké olahraga kuwi merga kèt mbiyèn aku wis kerep mèlu olahraga kuwi. Telung dina sakwisé priksa, aku mèlu olahraga kuwi. Ning, aku tiba lan pergelangan tanganku tugel. Saka kono, aku dadi ngerti nèk penyakitku tambah parah. Aku dadi saya angèl gerak, ngomong, utawa ngeleg.

Aku seneng banget merga isa nggunakké ketrampilanku dadi pengacara kanggo mbantu organisasiné Yéhuwah. Aku ya seneng merga isa nulis akèh artikel ing majalah-majalah sing diwaca karo para dokter, pengacara, lan hakim. Aku ya isa mènèhi katrangan kanggo mbéla haké Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa milih perawatan keséhatan utawa operasi tanpa transfusi darah. Dadi, kaya Lukas, aku kandha, ”Aku mung budhak sing tanpa guna. Aku mung nindakké apa sing dadi tugasku.”​—Luk. 17:10.