Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Muga-Muga Yéhuwah Mberkahi Rencanamu

Muga-Muga Yéhuwah Mberkahi Rencanamu

”Bungaha marga saka Sang Yéhuwah, dadi kowé mesthi diparingi pepénginaning atimu.”​—MS. 37:4.

LAGU: 11, 140

1. Cah enom kudu nggawé keputusan bab apa? Apa sing isa mbantu cah enom bèn ora pati kuwatir? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

SAKDURUNGÉ lunga, wong-wong biyasané nggawé rencana dhisik kanggo nemtokké tujuané. Semono uga, cah-cah enom kudu nggawé rencana kanggo nemtokké tujuan uripé. Cah wédok sing jenengé Heather kandha, ”Rasané wedi nèk kudu nggawé keputusan dhéwé bab carané nggunakké uripku.” Nèk kowé uga ngrasakké sing padha, élinga nèk Yéhuwah wis ngendika, ”Aja kuwatir, awit Aku iki Allahmu. Aku bakal nguwatké kowé, lan kowé bakal Dakpitulungi.”​—Yé. 41:10, Basa Jawi Padintenan (BJP).

2. Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin cah enom nggawé rencana sing wicaksana?

2 Yéhuwah péngin cah-cah enom nggawé rencana sing wicaksana kanggo uripé mbésuk. (Ko. 12:1; Mt. 6:20) Saka kabèh pakaryané sing isa didelok, dirungokké, lan dirasakké, kétok cetha nèk Yéhuwah péngin kowé urip bungah. Yéhuwah uga nggatèkké kita, buktiné Yéhuwah maringi naséhat lan piwulang bèn kita isa urip kepénak. Yéhuwah ora seneng nèk ana sing nolak naséhaté. Yéhuwah ngendika marang wong sing ora manut karo tuntunané, ’Sira luwih dhemen marang apa kang ora ndadèkaké keparenging panggalihingSun. Para abdiningSun bakal padha bungah-bungah, nanging sira bakal padha nandhang wirang; para abdiningSun bakal surak-surak marga saka senenging atiné.’ (Yé. 65:12-14) Nèk kita nggawé keputusan sing wicaksana, kuwi isa ngluhurké Yéhuwah.​—WB. 27:11.

RENCANA SING BAKAL NGGAWE BUNGAH

3. Yéhuwah péngin kowé nggawé rencana apa?

3 Yéhuwah péngin kowé nggawé rencana apa? Manungsa dirancang bèn isa nyedhak lan ngabdi marang Yéhuwah supaya seneng uripé. (Ms. 128:1; Mt. 5:3) Kéwan isané mung mangan, ngombé, lan manak. Ning, Yéhuwah péngin uripmu isa nyenengké lan ana gunané. Awaké dhéwé digawé ”mirib gambaring” Gusti Allah, ”etuking sih katresnan”. (1 Tm. 1:11; Pd. 1:27; 2 Kr. 13:11) Kowé bakal isa bungah nèk niru Allah sing kebak katresnan. Alkitab kandha, ”Rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani.” (PR. 20:35) Apa kowé ya wis tau ngrasakké kaya ngono? Akèh sing wis ngrasakké nèk pathokan kuwi pancèn bener. Mula, Yéhuwah péngin kowé nggawé rencana sing dhasaré rasa tresna marang Yéhuwah lan wong liya.​—Wacanen Matéus 22:36-39.

Kowé bakal bungah nèk nduduhké katresnan

4, 5. Apa sing nggawé Yésus bungah?

4 Yésus dadi conto sing sampurna kanggo cah-cah enom. Wektu isih cilik, Yésus mesthi ya dolanan lan seneng-seneng. Kaya kandhané Alkitab, ”ana wayahé ngguyu” lan ”ana wayahé jejogédan”. (Ko. 3:4) Yésus uga sinau Kitab Suci bèn isa cedhak karo Yéhuwah. Wektu umuré 12 taun, Yésus nggawé para guru agama ing bait nggumun merga ”kapinterané lan wangsulané”.​—Lk. 2:42, 46, 47.

5 Wektu wis diwasa, Yésus isa bungah merga nindakké dhawuhé Yéhuwah. Contoné, Yéhuwah péngin Yésus ’martakaké kabar becik marang wong-wong miskin sarta pulihé pandelengé wong wuta’. (Lk. 4:18, 19) Jabur 40:9 nyritakké perasaané Yésus, ”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka.” Yésus seneng mulang wong-wong bab Yéhuwah. (Wacanen Lukas 10:21.) Sakwisé omong-omongan karo salah siji wong wédok bab ibadah sing sejati, Yésus kandha marang para muridé, ’Kang dadi panganku iya iku anggonku nglakoni karsané kang ngutus aku, sarta ngrampungaké ayahané.’ (Yo. 4:31-34) Yésus isa bungah merga nresnani Yéhuwah lan wong liya. Kowé uga isa dadi bungah nèk nindakké bab sing padha.

6. Apa sebabé ngomongké rencanamu marang para sedulur liya kuwi ana paédahé?

6 Akèh sedulur sing bungah uripé merga dadi perintis wiwit isih enom. Kowé isa ngomongké rencanamu marang para sedulur kuwi. ”Rancangan bakal ora kelakon, manawa tanpa tetimbangan, nanging bakal kaleksanan manawa dikanthèni juru pirembug akèh.” (WB. 15:22) Para sedulur kuwi mbokmenawa isa nyritakké paédahé dadi perintis, yaiku éntuk pendhidhikan sing migunani. Yésus wis akèh sinau saka Bapaké wektu ing swarga. Banjur, wektu ing bumi, Yésus uga terus sinau. Yésus isa bungah merga sregep nginjil lan ngupaya tetep setya senajan ngadhepi kasusahan. (Wacanen Yésaya 50:4; lb. 5:8; 12:2) Apa sebabé dinas sepenuh-waktu kuwi isa nggawé bungah?

NGINJIL KUWI GAWÉAN SING PALING NYENENGKÉ

7. Apa sebabé akèh cah enom sing ngrasakké bungah wektu mulang wong-wong?

7 Yésus mènèhi préntah kanggo ndadèkké murid lan mulang wong-wong. (Mt. 28:19, 20) Kuwi gawéan sing isa ngluhurké Yéhuwah lan nggawé bungah. Pancèn, kabèh gawéan kuwi butuh wektu bèn isa dadi trampil. Sedulur lanang sing jenengé Timothy, sing mulai merintis wiwit umur 19 taun, kandha, ”Aku seneng dadi pelayan sepenuh-waktu merga aku tresna marang Yéhuwah. Awalé, ora ana sing gelem sinau Alkitab karo aku. Ning, wektu aku pindhah menyang dhaérah liya, ora nganti sesasi aku isa miwiti sinau Alkitab bareng karo wong-wong. Salah sijiné wis gelem teka ing Balé Ibadah. Sakwisé rong sasi mèlu Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang, aku nampa penugasan anyar lan isa mulai mulang Alkitab marang wong papat. Aku seneng mulang wong-wong, lan isa ndelok roh suci mbantu ngowahi uripé wong-wong kuwi.” * (Deloken katrangan ing ngisor.)—1 Ts. 2:19.

8. Apa sing wis ditindakké cah-cah enom kanggo nginjil marang akèh wong?

8 Ana cah-cah enom sing sinau basa liya. Contoné, Jacob saka Amerika Serikat, kandha, ”Wektu umurku pitung taun, akèh kanca sekolahku asalé saka Vietnam. Aku péngin nyritakké bab Yéhuwah marang kanca-kancaku. Dadi, aku nduwé rencana kanggo sinau basa Vietnam. Caraku sinau yaiku mbandhingké Warta Penting basa Inggris lan Vietnam. Aku uga srawung karo para sedulur ing jemaat basa Vietnam ing cedhak kéné. Aku dadi perintis wektu umur 18 taun. Banjur, aku mèlu Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang. Sekolah kuwi mbantu aku dadi perintis sing luwih trampil. Aku uga dadi pinituwa siji-sijiné ing kelompok basa Vietnam. Akèh wong Vietnam sing nggumun merga aku sinau basané. Wong-wong kuwi gelem nampa aku wektu nginjil lan kerep-kerepé gelem sinau Alkitab, nganti ana sing akiré dibaptis.”​—Bandhingna PR. 2:7, 8

9. Apa paédahé nèk nindakké gawéan nginjil?

9 Gawéan nginjil kuwi isa ndhidhik kowé bèn dadi wong sing percaya diri lan wicaksana, uga nggawé kowé ngerti carané komunikasi sing apik sarta nduwé kebiyasaan sing apik. (WB. 21:5; 2 Tm. 2:24) Ning, sing paling nyenengké yaiku kowé isa ngerti carané mbuktèkké apa sing kok percaya saka Alkitab. Kowé uga isa ngerti carané kerja bebarengan karo Yéhuwah.​—1 Kr. 3:9.

10. Piyé kowé isa tetep bungah senajan mung ana sithik sing gelem sinau Alkitab?

10 Kowé isa tetep bungah wektu nginjil senajan mung ana sithik sing gelem sinau Alkitab. Gawéan ndadèkké murid kuwi ditindakké bareng-bareng sak jemaat. Senajan mung siji sing mulang Alkitab, kita kabèh isa bungah merga mèlu ndhukung gawéan kuwi. Gatèkna pengalamané Brandon, sing wis merintis sangang taun. Ing dhaérahé, mung ana sithik sing gelem sinau Alkitab. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng nginjil merga kuwi pancèn dhawuhé Yéhuwah. Bar lulus sekolah, aku langsung dadi perintis. Aku seneng ndhukung lan ndelok kemajuan rohaniné cah-cah enom ing jemaat. Sakwisé mèlu Sekolah Alkitab bagi Saudara Lajang, aku nampa tugas anyar. Aku pancèn durung isa mbantu wong sinau Alkitab nganti dibaptis. Ning, ana sedulur liyané sing wis isa nindakké kuwi. Aku seneng banget merga mbiyèn wis mutuské kanggo dadi pelayan sepenuh-waktu.”​—Ko. 11:6.

RENCANA SING MARAHI BUNGAH

11. Cara ngabdi apa sing wis nggawé akèh cah enom dadi bungah?

11 Ana akèh kesempatan kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Contoné, akèh cah enom sing dadi rélawan pembangunan. Dibutuhké atusan Balé Ibadah sing anyar. Balé Ibadah kuwi panggonan kanggo ngluhurké Yéhuwah. Dadi, mbantu mbangun Balé Ibadah isa nggawé bungah. Kowé uga isa bungah merga kerja bareng karo para sedulur, sarta isa sinau akèh bab. Contoné, sinau cara sing aman kanggo nindakké gawéan sing apik lan carané kerjasama karo para pengawas.

Para pelayan sepenuh-waktu bakal nampa akèh berkah (Deloken paragraf 11-13)

12. Dinas perintis kuwi isa mbukak kesempatan kanggo hak istiméwa liya. Kok isa?

12 Sedulur lanang sing jenengé Kevin kandha, ”Kèt cilik aku wis péngin dadi pelayan sepenuh-waktu. Akiré, aku dadi perintis wektu umur 19 taun. Kanggo ndhukung gawéan nginjilku, aku nyambut gawe mèlu sedulur seiman sing dadi pemborong. Aku ajar masang plafon, cendhéla, lan lawang. Bar kuwi, rong taun aku mèlu ngéwangi tim bantuan kemanusiaan kanggo korban badai, ndandani Balé Ibadah lan omahé para sedulur. Wektu krungu nèk Afrika Selatan lagi butuh tenaga pembangunan, aku ndaftar dadi rélawan lan akiré diundang. Saksuwéné pirang-pirang minggu, aku mèlu mbangun pirang-pirang Balé Ibadah ing kono. Tim pembangunan kuwi wis dadi kaya keluarga, sing manggon bareng, sinau Alkitab, lan nyambut gawé uga bareng-bareng. Aku uga seneng isa nginjil karo para sedulur ing kono saben minggu. Dadi, rencana sing wis tak gawé kèt cilik bener-bener isa nggawé bungah.”

”Rencana sing wis tak gawé kèt cilik bener-bener isa nggawé aku bungah”

13. Apa sebabé akèh cah enom seneng ngabdi ing Bètel?

13 Ana sing mauné dadi perintis, ning saiki ngabdi ing Bètel. Ngabdi ing Bètel kuwi pilihan urip sing isa nggawé bungah, merga kabèh sing ditindakké ing kono kuwi kanggo Yéhuwah. Keluarga Bètel mbantu nyedhiyakké Alkitab lan wacan-wacan sing isa mbantu wong-wong sinau Alkitab. Dustin, sing nyambut gawe ing Bètel, kandha, ”Kèt umur sangang taun, aku nduwé cita-cita kanggo dadi pelayan sepenuh-waktu. Bar lulus sekolah, aku mulai merintis nganti siji setengah taun, banjur diundang menyang Bètel. Ing Bètel, aku isa ajar nggunakké mesin cétak lan ngurusi program komputer. Aku uga isa ndelok dhéwé kemajuan gawéan nginjil ing saklumahing bumi. Aku seneng ngabdi ing Bètel, merga apa sing taktindakké ing kéné isa mbantu wong-wong nyedhak marang Yéhuwah.”

APA RENCANAMU?

14. Piyé carané bèn kowé isa siap dadi pelayan sepenuh-waktu?

14 Piyé carané bèn kowé isa siap dadi pelayan sepenuh-waktu? Bèn isa ngabdi nganggo cara sing paling apik, kowé perlu ngupayakké sipat-sipat Kristen. Mula, kowé kudu ajeg sinau Alkitab lan mikirké tenanan, sarta ngupaya nduduhké iman ing pakumpulan ibadah. Wektu sekolah, sinaua luwih akèh bab carané nggatèkké wong liya lan komunikasi sing apik, bèn isa luwih trampil nginjil. Gelema nindakké tugas-tugas ing jemaat, contoné ngresiki lan ngrumat Balé Ibadah. Yéhuwah seneng nggunakké wong-wong sing andhap asor lan gelem nyambut gawé. (Wacanen Jabur 110:3; PR. 6:1-3) Rasul Paulus ngajak Timotéus kanggo dadi utusan injil merga ”wus kaseksènan beciké déning para sadulur”.​—PR. 16:1-5.

Wektu sekolah, sinaua luwih akèh bab carané komunikasi sing apik, bèn isa luwih trampil nginjil

15. Apa sing isa kok tindakké bèn éntuk gawéan sing isa ndhukung dinas perintismu?

15 Akèh pelayan sepenuh-waktu sing kudu nyambut gawé. (PR. 18:2, 3) Mbokmenawa kowé isa sinau ketrampilan bèn isa éntuk gawéan kanggo ndhukung dinas perintismu. Njaluka saran marang pinituwa wilayah utawa para perintis liyané. Banjur, kaya kandhané Alkitab, ”Sakèhing panggawému pasrahna marang Pangéran Yéhuwah, temah sakèhé rancanganmu bakal kelakon.”​—WB. 16:3; 20:18.

16. Piyé dinas sepenuh-waktu isa mbantu kowé siap nindakké tanggung jawab liyané sukmbèn?

16 Kowé isa yakin nèk Yéhuwah péngin uripmu sukmbèn isa nyenengké. (Wacanen 1 Timotéus 6:18, 19.) Nèk dadi pelayan sepenuh-waktu, kowé isa nduwé sipat-sipat sing apik merga kerja bareng karo para pelayan sepenuh-waktu liyané. Dinas sepenuh-waktu uga isa mbantu kowé nduwé sipat-sipat sing dibutuhké nèk kowé sukmbèn nikah. Kerep-kerepé, para sedulur sing wis merintis sakdurungé nikah, isa terus merintis bareng karo bojoné.​—Rm. 16:3, 4.

17, 18. Apa hubungané nggawé rencana karo pepénginaning atimu?

17 Jabur 20:5 kandha bab Yéhuwah, ”Muga-muga Allah maringi apa sing dadi pepénginaning atimu lan apa sing kok rancang bakal isa kelakon.” (Terjemahan Dunia Baru) Wektu nggawé rencana, pikirna apa sing pancèn péngin kok tindakké ing uripmu. Pikirna uga apa sing lagi ditindakké Yéhuwah ing jaman saiki lan apa sing isa kok tindakké kanggo ndhukung gawéané Yéhuwah. Banjur, gawéa rencana sing nyenengké Yéhuwah.

18 Gunakna uripmu kanggo ngabdi sarta ngluhurké Yéhuwah, lan kowé bakal dadi bungah banget. Alkitab kandha, ”Bungaha marga saka Sang Yéhuwah, dadi kowé mesthi diparingi pepénginaning atimu.”​—Ms. 37:4.

^ par. 7 Sekolah iki wis diganti jenengé dadi Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah.