Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Katresnan sing Nggawé Kita Bungah Tenan

Katresnan sing Nggawé Kita Bungah Tenan

”Rahayu bangsa kang Gusti Allahé Pangéran Yéhuwah!”​—MS. 144:15.

LAGU: 28, 25

1. Apa sebabé jaman kita saiki unik?

KITA urip ing jaman sing bener-bener unik. Alkitab ngramalké nèk Yéhuwah nglumpukké ’golonganing wong akèh saka sakèhing bangsa lan taler tuwin golongan sarta basa’. Wong-wong kuwi ”bangsa kang santosa” sing padha ”ngladosi [Gusti Allah] rina-wengi” kanthi bungah. Cacahé ana luwih saka wolung yuta. (Wy. 7:9, 15; Yé. 60:22) Durung tau ana wong-wong sing jumlahé akèh banget kaya ngono sing padha nresnani Gusti Allah lan wong liya.

2. Katresnan kaya apa sing diduwèni wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

2 Ning, Alkitab uga ngramalké nèk wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah ing jaman saiki bakal nduduhké katresnan sing ngutamakké kepentingané dhéwé. Rasul Paulus nulis nèk ing dina-dina pungkasan, wong-wong bakal ”mung mikir marang awaké dhéwé, karem bandha” lan ”milaur nuruti pakareman katimbang karo manut marang Gusti Allah”. (2 Tm. 3:1-4) Katresnan sing kaya ngono kuwi béda banget karo katresnan marang Gusti Allah. Wong-wong nganggep nèk ngutamakké kepentingané dhéwé kuwi isa nggawé bungah ning kuwi malah nggawé urip kita lan wong liya dadi ruwed.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki? Apa sebabé?

3 Rasul Paulus ngerti nèk katresnan sing ngutamakké kepentingané dhéwé bakal dadi bab sing lumrah lan kuwi bahaya kanggo wong Kristen. Mula, rasul Paulus ngélikké wong-wong Kristen supaya ngedohi wong-wong sing nduduhké katresnan kaya ngono. (2 Tm. 3:5) Ning, saben dina kita isih srawung karo wong-wong sing ngutamakké kepentingané dhéwé. Mula, piyé carané bèn ora kena pengaruhé wong-wong kuwi lan isa nyenengké Yéhuwah? Ayo dirembug bédané katresnan sing dikersakké Yéhuwah lan katresnan sing diterangké ing 2 Timotéus 3:2-4. Banjur, kita isa mriksa awaké dhéwé lan ngupaya bèn isa nduduhké katresnan sing bakal nggawé kita bungah tenan lan marem.

TRESNA MARANG YÉHUWAH UTAWA AWAKÉ DHÉWÉ?

4. Apa sebabé nresnani awaké dhéwé kuwi ora salah?

4 Rasul Paulus nulis, ”Wong bakal padha mung mikir [nresnani] marang awaké dhéwé.” Apa kuwi tegesé ora éntuk nresnani awaké dhéwé? Ora, merga kuwi bab sing lumrah lan penting. Yéhuwah ngrancang kita bèn isa kaya ngono. Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang ing sapepadhanira kaya marang awakira dhéwé.” (Mk. 12:31) Kita ora isa nresnani wong liya, nèk ora nresnani awaké dhéwé. Alkitab uga kandha, ”Wong lanang padha kawajiban tresna marang bojoné kaya marang awaké dhéwé: Sing sapa tresna marang bojoné iku awaké dhéwé kang ditresnani. Marga ora tau ana wong nggethingi awaké dhéwé, malah diingoni lan diupakara.” (Éf. 5:28, 29) Kuwi nduduhké nèk kita kudu nresnani awaké dhéwé.

5. Terangna kaya apa wong sing luwih nresnani awaké dhéwé.

5 Katresnan sing dicathet ing 2 Timotéus 3:2 kuwi salah merga mung ngutamakké kepentingané dhéwé. Nèk ana wong sing luwih nresnani awaké dhéwé, dhèwèké ngrasa luwih unggul timbang liyané. (Wacanen Rum 12:3.) Wong kuwi luwih perduli karo awaké dhéwé timbang wong liya. Wektu ana masalah, dhèwèké seneng nyalahké wong liya. Wong sing kaya ngono kuwi ora isa bungah tenan.

Katresnan sing dikersakké Yéhuwah ngasilké sipat-sipat sing apik

6. Apa paédahé merga nresnani Yéhuwah?

6 Ana ahli Alkitab sing nerangké nèk Paulus nyebutké dhisik bab nresnani awaké dhéwé merga kuwi ngasilké sipat-sipat ala sing disebutké sakbanjuré. Ning, katresnan marang Yéhuwah ngasilké sipat-sipat sing apik, yaiku ”kabungahan, tentrem-rahayu, sabar-sarèh, paramarta, kabecikan, setya, alusing bebudèn, bisa ngemudhèni dhiri”. (Gl. 5:22, 23) Sing nulis buku Jabur kandha, ”Rahayu bangsa kang Gusti Allahé Pangéran Yéhuwah!” (Ms. 144:15) Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing bungah lan umaté uga bungah. Abdiné Yéhuwah isa bungah merga seneng mènèhi. Ning, wong-wong sing luwih nresnani awaké dhéwé lan mung mikirké apa sing isa ditampa, ora isa ngrasakké bungah.​—PR. 20:35.

Piyé carané bèn kita ora nresnani awaké dhéwé? (Deloken paragraf 7)

7. Pitakonan apa waé sing isa mbantu kita mriksa katresnan kita marang Yéhuwah?

7 Piyé kita isa ngerti nèk kita luwih nresnani awaké dhéwé timbang Yéhuwah? Kita isa mikirké naséhat iki, ”Sepi ing pamrih utawa pangalembana kang tanpa guna. Nanging kosokbaliné kalawan andhap asor kang siji nganggepa marang sijiné luwih utama tinimbang awaké dhéwé; lan saben wong aja mung mikir marang kabutuhané dhéwé, nanging élinga uga marang kabutuhaning liyan.” (Fp. 2:3, 4) Kita isa mikir, ’Apa aku ngetrapké naséhat iki? Apa aku ngupaya nindakké kersané Yéhuwah? Apa aku ngupaya mbantu para sedulur ing jemaat lan ing gawéan nginjil?’ Kuwi ora mesthi gampang ditindakké. Kita isa waé kudu ngurbanké wektu, tenaga, lan bab-bab sing kita senengi. Ning, kita isa bungah merga ngerti nèk kita wis nyenengké Yéhuwah.

8. Katresnan marang Yéhuwah nggawé wong Kristen péngin nindakké apa?

8 Merga nresnani Yéhuwah lan péngin ngabdi kanthi tenanan, ana wong Kristen sing ngurbanké gawéané sing wis mapan. Ericka sing dadi dokter, luwih milih dadi perintis timbang fokus ing gawéané. Ericka lan bojoné dadi isa nginjil ing negara-negara liya. Dhèwèké kandha, ”Aku éntuk akèh pengalaman wektu mbantu jemaat ing basa liya lan nduwé kanca-kanca anyar. Kuwi nggawé aku lan bojoku bungah banget.” Ericka isih kerja dadi dokter, ning dhèwèké nggunakké luwih akèh wektu lan tenagané kanggo mulang wong-wong bab Yéhuwah lan mbantu para sedulur. Dhèwèké kandha nèk kuwi marahi ”atiné bungah lan marem”.

BANDHA ING SWARGA UTAWA ING BUMI?

9. Apa sebabé wong sing nresnani dhuwit ora bakal bungah?

9 Paulus nulis nèk wong-wong bakal ”karem bandha”. Ana salah siji perintis ing Irlandia nginjil marang wong lanang bab Gusti Allah. Wong lanang kuwi mbukak dompèté, njupuk dhuwité, banjur kandha, ”Iki allahku!” Akèh wong sing nduwé pandhangan kaya ngono, senajan ora ngakoni kuwi. Wong-wong kuwi nresnani dhuwit lan bab-bab sing isa dituku. Ning, Alkitab ngélikké, ”Sing sapa nresnani dhuwit ora bakal wareg dhuwit lan sing sapa tresna marang kasugihan ora bakal marem marang pametuné.” (Ko. 5:9) Wong sing nresnani dhuwit ora bakal ngrasa marem. Dhèwèké mesthi péngin éntuk luwih akèh dhuwit lan iki isa nyebabké ”kasusahan warna-warna”.​—1 Tm. 6:9, 10.

10. Apa kandhané Alkitab bab ”kamlaratan utawi kasugihan”?

10 Kita pancèn butuh dhuwit merga kuwi isa mènèhi ”pangayoman”. (Ko. 7:12) Ning, kita isih isa bungah senajan mung isa nyukupi kebutuhan saben dina. (Wacanen Kohèlèt 5:11.) Agur anaké Yaké nulis, ”Punapa malih sampun Paduka ganjar kamlaratan utawi kasugihan, namung kaparingana rejeki ingkang dados panduman kawula.” Dhèwèké ora péngin mlarat banget supaya ora kegodha kanggo nyolong, merga kuwi ora ngluhurké Gusti Allah. Ning, apa sebabé dhèwèké ora gelem sugih? Dhèwèké kandha, ”Supados manawi kawula tuwuk, sampun ngantos sélak dhateng Paduka kaliyan wicanten: Pangéran Yéhuwah iku sapa?” (WB. 30:8, 9) Mbokmenawa kita kenal karo wong-wong sing ngendelké bandha timbang Gusti Allah.

11. Apa sing dikandhakké Yésus bab dhuwit?

11 Wong-wong sing nresnani dhuwit ora isa nyenengké Yéhuwah. Yésus kandha, ”Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarané kang siji bakal disengiti; sijiné ditresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepèlèkaké marang sijiné. Kowé ora bisa ngawula marang Allah lan marang Mamon [Bandha].” Yésus uga kandha, ”Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya; ana ing donya bakal kena ing renget lan taiyèng kang ngrusak, sarta bisa katekan maling kang mbabah lan nyolong. Nanging padha nglumpukna bandha ing swarga, kang ora bakal kena ing renget lan taiyèng kang ngrusak lan ora bakal katekan maling kang mbabah lan nyolong.”​—Mt. 6:19, 20, 24.

12. Apa sebabé nèk urip sedherhana isa mbantu kita ngabdi marang Yéhuwah? Wènèhana conto.

12 Akèh abdiné Yéhuwah sing ngupaya bèn isa urip sedherhana. Wong-wong kuwi dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo ngabdi lan isa luwih bungah. Jack, sing manggon ing Amerika Serikat, ngedol omahé sing gedhé lan bisnisé bèn isa dadi perintis bareng karo bojoné. Jack kandha, ”Pirang-pirang taun, saben bali menyang omah rasané strès merga akèh masalah ing gawéan. Ning, bojoku isa terus bungah merga dadi perintis biasa. Kaya-kayané nduwé bos sing paling apik. Akiré, aku ngedol omahku sing gedhé lan lemahku sing ana ing ndésa senajan kuwi ora gampang. Saiki, aku lan bojoku merintis bareng kanggo Yéhuwah.”

’Apa cara uripku nduduhké nèk aku percaya tenan kandhané Alkitab bab dhuwit?’

Piyé carané bèn kita ora nresnani dhuwit? (Deloken paragraf 13)

13. Apa sing isa mbantu kita bèn nduwé pandhangan sing bener bab dhuwit?

13 Kita kudu jujur wektu mriksa pandhangan kita bab dhuwit. Kita isa mikir, ’Apa cara uripku nduduhké nèk aku percaya tenan kandhané Alkitab bab dhuwit? Apa nggolèk dhuwit kuwi bab sing paling penting kanggoku? Apa aku luwih mentingké bandha timbang hubunganku karo Yéhuwah lan wong liya? Apa aku percaya tenan nèk Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhanku?’ Kita isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal nggawé gela wong-wong sing setya.​—Mt. 6:33.

TRESNA MARANG YÉHUWAH UTAWA KESENENGAN?

14. Apa pandhangan sing seimbang bab kesenengan?

14 Alkitab uga ngramalké nèk ing dina-dina pungkasan, wong-wong bakal ”nuruti pakareman [kesenengan]”. Kita ngerti nèk nduwé pandhangan sing seimbang bab awaké dhéwé lan dhuwit kuwi ora salah, semono uga bab kesenengan. Ana wong sing nganggep nèk dhèwèké babar blas ora éntuk seneng-seneng, ning kuwi ora cocog karo kersané Yéhuwah kanggo kita. Alkitab kandha, ”Mara, panganen rotimu kalawan bungah, lan ombénen anggurmu kalawan senenging ati.”​—Ko. 9:7.

15. Apa sing dimaksud ”nresnani kesenengan”?

15 Alkitab kandha ing 2 Timotéus 3:4 nèk luwih nresnani kesenengan, kita isa dadi adoh saka Yéhuwah. Ayat kuwi kandha nèk wong-wong bakal luwih nresnani kesenengan timbang Gusti Allah. Ning, kuwi ora ateges nèk wong-wong mau isih nresnani Gusti Allah. Nurut salah siji sarjana, kuwi tegesé ”wong-wong mau babar blas ora nresnani Gusti Allah”. Iki pangéling-éling sing serius kanggo wong-wong sing nresnani kesenengan. Alkitab nggambarké wong-wong mau kaya wong sing ”kelindhih” kesenengan urip.​—Lk. 8:14.

16, 17. Tuladha apa sing Yésus wènèhké bab kesenengan?

16 Yésus nduduhké apa maksudé seimbang ing bab kesenengan. Dhèwèké teka ing pèsta pernikahan lan acara mangan-mangan. (Yo. 2:1-10; Lk. 5:29) Ing pèsta pernikahan, angguré ora cukup, mula Yésus nggawé mukjijat banyu dadi anggur. Ing wektu liya, pas wong-wong ngelokké Yésus merga mangan lan ngombé, Yésus nduduhké kanthi cetha nèk wong-wong kuwi ora nduwé pandhangan sing seimbang.​—Lk. 7:33-36.

17 Ning, Yésus ora ngutamakké kesenengan ing uripé. Dhèwèké ngutamakké Yéhuwah lan ngupaya mbantu wong liya. Yésus gelem sengsara lan mati ing cagak kanggo nylametké manungsa. Yésus ngandhani wong-wong sing péngin dadi muridé, ’Rahayu kowé, manawa marga saka aku kowé diwewada lan dikaniaya sarta dipitenah. Padha bungaha lan sukarenaa, sabab gedhé ganjaranmu ana ing swarga, awit iya kaya mangkono anggoné wong-wong padha nganiaya para nabi sadurungé kowé.’​—Mt. 5:11, 12.

Piyé carané bèn kita ora nresnani kesenengan? (Deloken paragraf 18)

18. Pitakonan apa waé sing isa mbantu kita mriksa sepira gedhéné katresnan kita marang kesenengan?

18 Apa sing isa mbantu kita mriksa sepira gedhéné katresnan kita marang kesenengan? Kita isa mikir, ’Apa aku luwih mentingké hiburan timbang pakumpulan ibadah lan nginjil? Apa aku gelem ngurbanké bab-bab sing tak senengi bèn isa ngabdi marang Yéhuwah? Wektu milih hiburan, apa aku mikirké pandhangané Yéhuwah?’ Merga nresnani lan péngin nyenengké Yéhuwah, kita ora mung ngupaya ngedohi bab-bab sing kita ngerti salah, ning uga bab-bab sing kita anggep isa nggawé Yéhuwah ora seneng.​—Wacanen Matéus 22:37, 38.

CARANÉ ÉNTUK KABUNGAHAN SING SEJATI

19. Sapa sing ora bakal bungah tenan?

19 Kira-kira wis 6.000 taun donyané Sétan nggawé manungsa sengsara. Ing dina-dina pungkasan iki, saya akèh wong sing nresnani awaké dhéwé, dhuwit, lan kesenengan. Wong-wong kuwi mikirké apa sing isa ditampa lan pepénginané dadi bab sing paling penting ing uripé. Ning, wong-wong kaya ngono kuwi ora isa bungah tenan. Alkitab kandha, ”Rahayu wong kang ndarbèni Allahé Rama Yakub minangka pamomongé, kang pengarep-arepé marang Sang Yéhuwah, Gusti Allahé.”​—Ms. 146:5.

20. Apa sebabé katresnan marang Yéhuwah isa nggawé kita bungah?

20 Yéhuwah tenanan ditresnani karo umaté lan jumlah umaté Yéhuwah saben taun tambah akèh. Kuwi mbuktèkké nèk Kratoné Allah wis mréntah lan ora suwé manèh bakal maringi berkah-berkah sing ora isa kita bayangké. Nèk nindakké kersané Yéhuwah, kita nyenengké Yéhuwah lan kuwi isa nggawé kita bungah tenan. Wong-wong sing nresnani Yéhuwah bakal ngrasakké bungah saklawasé. Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug sipat-sipat ala sing diakibatké merga nduwé katresnan sing ngutamakké kepentingané dhéwé. Banjur, kita bakal ngerti bédané kuwi karo sipat-sipaté para abdiné Yéhuwah.