Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Niru Kanca Akrabé Yéhuwah

Niru Kanca Akrabé Yéhuwah

Pasrawungané Sang Yéhuwah kang celak iku karo wong kang padha wedi marang Panjenengané.”​—MS. 25:14.

LAGU: 27, 21

1-3. (a) Apa sebabé awaké dhéwé percaya nèk isa dadi kancané Yéhuwah? (b) Sapa waé sing arep dirembug ing wulangan iki?

ING Alkitab, ping telu Abraham disebut kancané Gusti Allah. (2 Bb. 20:7; Yé. 41:8; Yb. 2:23) Ing Alkitab, mung Abraham sing langsung disebut kancané Gusti Allah. Apa kuwi tegesé mung Abraham sing dadi kancané Gusti Allah? Ora. Alkitab nduduhké nèk awaké dhéwé uga isa dadi kancané Gusti Allah.

2 Ing Alkitab, ana akèh tuladha saka para abdi sing dadi kancané Yéhuwah, lanang utawa wédok, sing nduwé iman marang Yéhuwah. (Wacanen Jabur 25:14.) Wong-wong kuwi digambarké Paulus dadi bagéan saka ”seksi akèh banget, kayadéné méga”. (Ib. 12:1) Wong-wong kuwi kancané Gusti Allah.

3 Ayo digatèkké critané Alkitab bab kancané Yéhuwah yaiku: (1) Rut, randha enom sing setya saka Moab, (2) Hizkia, raja sing setya saka Yéhuda, lan (3) Maryam, ibuné Yésus sing andhap asor. Piyé wong-wong mau ngupaya dadi kancané Yéhuwah? Piyé carané niru tuladhané?

 RUT NDUDUHKÉ KATRESNAN SING LANGGENG

4, 5. Rut kudu nggawé keputusan apa? Apa sebabé kuwi ora gampang? (Deloken gambar ing kaca 13.)

4 Naomi lan para mantuné yaiku Rut lan Orpa, mlaku adoh saka Moab menyang Israèl. Pas ing dalan, Orpa mutuské bali ing Moab. Ning, Naomi nduwé tékad bali ing Israèl, negara asalé. Apa sing kudu ditindakké Rut? Dhèwèké kudu nggawé keputusan sing abot. Mulih ing Moab ketemu keluargané utawa mèlu Naomi, maratuwané, mulih ing Bètléhèm?​—Rt. 1:1-8, 14.

5 Keluargané Rut manggon ing Moab. Dhèwèké isa bali lan mbokmenawa isa diopèni keluargané. Rut kenal wong-wong, basa, lan budaya ing Moab. Naomi ora isa janji nyukupi kebutuhané Rut ing Bètléhèm. Naomi uga wedi nèk Rut ora bakal nduwé bojo utawa nduwé omah. Mula, Naomi ngongkon Rut mulih menyang Moab. Pancèn Orpa ”bali ngulihi bangsané lan para allahé”. (Rt. 1:9-15) Ning, Rut mutuské ora bali ing negarané lan para allahé.

6. (a) Rut nggawé keputusan apa? (b) Apa sebabé Boas ngomong nèk Rut diayomi ing ngisoré swiwiné Yéhuwah?

6 Kayané, Rut ngerti bab Yéhuwah saka bojoné utawa saka Naomi. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah béda karo para déwa ing Moab. Rut nresnani Yéhuwah lan ngerti nèk Yéhuwah nampa tresna lan ibadahé. Mula, Rut nggawé keputusan sing bener. Dhèwèké kandha marang Naomi, ”Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula.” (Rt. 1:16) Atiné awaké dhéwé bakal trenyuh nèk mikirké tresnané Rut marang Naomi. Ning, sing nggumunké saka Rut yaiku tresnané marang Yéhuwah. Kuwi uga nggumunké Boas, sing ngalem Rut merga ana ing ”ayoming swiwiné” Yéhuwah. (Wacanen Rut 2:12.) Omongané Boas ngélingké bab anak manuk sing diayomi ing ngisoré swiwiné mbokné. (Ms. 36:8; 91:1-4) Semono uga, Yéhuwah ngayomi lan mberkahi Rut merga imané. Rut ora gela nggawé keputusan kuwi.

7. Nèk kowé gojag-gajeg ngabdi, apa sing kudu dipikirké?

7 Ana wong-wong sing sinau bab Yéhuwah ning ora gelem ngabdi marang Yéhuwah. Wong kuwi gojag-gajeg nggawé janji ngabdi lan dibaptis. Nèk kowé rumangsa kaya ngono, pikiren apa sing nggawé gojag-gajeg. Pancèn, ing donya iki sing disembah wong werna-werna, ning keputusan sing bener kuwi ya mung ngabdi marang Yéhuwah. (Ys. 24:15) Ngabdi marang Yéhuwah kuwi bukti nèk kowé percaya Yéhuwah bakal ngayomi. Yéhuwah bakal mbantu kowé ngabdi senajan akèh masalah. Kuwi sing ditindakké Gusti Allah marang Rut.

HIZKIA AKRAB KARO YÉHUWAH

8. Critakna uripé Hizkia.

8 Uripé Hizkia béda banget karo uripé Rut. Cilikané Hizkia bener-bener nelangsa. Hizkia dadi wong Israèl, bangsa sing dipilih Gusti Allah, ning ora kabèh wong Israèl setya.  Raja Akhas, bapaké Hizkia, kuwi jahat. Dhèwèké ora ngajèni omahé Gusti Allah, lan ngongkon rakyaté nyembah para déwa. Akhas uga ngobong anaké kanggo kurban déwané.​—2 Ra. 16:2-4, 10-17; 2 Bb. 28:1-3.

9, 10. (a) Apa sebabé Hizkia isa waé dadi nglokro? (b) Apa sebabé awaké dhéwé aja nganti nesu karo Gusti Allah? (c) Aja nganti mikir nèk kelakuané keluarga mesthi marahi uripé apik apa ora. Apa sebabé?

9 Tumindaké Akhas sing jahat, isa waé ndadèkké Hizkia nglokro utawa nesu karo Yéhuwah. Saiki, wong-wong sing ngalami kaya Hizkia rumangsa nduwé alesan kanggo ”nyalahaké Gusti Allah,” utawa nesu karo pakumpulané. (WB. 19:3, Basa Jawi Padintenan.) Liyané krasa nèk kelakuané keluargané marahi uripé ora nggenah, lan ana sing niru salahé wong tuwané. (Yk. 18:2, 3) Ning, apa kuwi bener?

10 Uripé Hizkia mbuktèkké nèk kuwi ora bener. Ora ana alesan kanggo nesu utawa nyalahké Yéhuwah. Dudu Yéhuwah sing nyebabké manungsa sengsara. (Ay. 34:10) Pancèn, wong tuwa isa ngajari anaké bab sing apik utawa ala. (WB. 22:6; Kl. 3:21) Ning, kelakuané keluarga durung mesthi nggawé anak-anaké dadi apik utawa jahat. Apa sebabé? Yéhuwah nggawé manungsa bébas milih sing apik utawa ala. (PT. 30:19) Hizkia milih sing endi?

Akèh cah enom sing dadi Seksi Yéhuwah, dudu merga keluargané (Deloken paragraf 9, 10)

11. Hizkia kuwi salah sijiné raja Yéhuda sing paling apik. Apa sebabé?

11 Senajan bapaké Hizkia kuwi salah sijiné raja sing jahat ing Yéhuda, ning Hizkia dadi salah sijiné raja sing apik. (Wacanen 2 Para Raja 18:5, 6.) Hizkia ora niru bapaké. Dhèwèké malah seneng ngrungokké nabiné Yéhuwah, kaya Yésaya, Mikha, lan Hoséa. Hizkia gelem diwulang lan dikandhani salahé. Kuwi sing nggawé Hizkia gelem ngrampungi masalah sing digawé bapaké.  Hizkia ngresiki omahé Gusti Allah, njaluk Yéhuwah ngapura rakyaté, lan ngremuk patungé para déwa ing negarané. (2 Bb. 29:1-11, 18-24; 31:1) Bar kuwi, wektu Raja Sanhérib saka Asyur arep nyerang Yérusalèm, Hizkia nduduhké iman lan rasa kendelé. Dhèwèké percaya tenan karo pengayomané Yéhuwah lan nguwatké bangsané. (2 Bb. 32:7, 8) Wektu Hizkia dadi sombong, Yéhuwah ngandhani salahé lan dhèwèké dadi andhap asor. (2 Bb. 32:24-26) Pancèn, Hizkia tuladha sing perlu ditiru. Uripé Hizkia ora dipengaruhi karo kelakuané keluargané. Ning, Hizkia nduduhké nèk dhèwèké kancané Yéhuwah.

12. Apa buktiné nèk saiki ana wong-wong sing dadi kancané Yéhuwah, kaya Hizkia?

12 Wong-wong ing donya iki jahat lan ora nduwé rasa tresna. Akèh bocah, urip tanpa ditresnani lan digatèkké wong tuwané. (2 Tm. 3:1-5) Senajan ana Seksi Yéhuwah sing asalé saka keluarga kaya ngono, dhèwèké milih kekancan karo Yéhuwah. Kaya Hizkia, urip mbésuké wong-wong mau, nduduhké nèk dhèwèké ora dipengaruhi karo kelakuané keluargané. Gusti Allah ngekèki kesempatan kanggo milih, lan awaké dhéwé isa milih ngabdi lan ngluhurké Gusti Allah, kaya sing ditindakké Hizkia.

”AKU IKI PELADÈNÉ GUSTI”

13, 14. Apa sebabé tugas sing ditampa Maryam kétoké abot? Piyé tanggepané wektu krungu omongané Gabrièl?

13 Suwé sakwisé jamané Hizkia, wong wédok enom sing andhap asor, sing jenengé Maryam, kekancan karo Yéhuwah lan dikèki tugas kusus. Maryam bakal meteng, nglairké, lan ngopèni anaké Gusti Allah. Mesthiné Yéhuwah nresnani lan percaya karo Maryam, mula dikèki tugas kusus. Piyé tanggepané Maryam pas sepisanan éntuk tugas kuwi?

”Aku iki peladèné Gusti” (Deloken paragraf 13, 14)

14 Awaké dhéwé arang ngomongké tugas kusus sing dikèkké Maryam. Ning, apa sing mbokmenawa marahi dhèwèké wedi? Contoné, malaékat Gabrièl kandha nèk Maryam bakal meteng ora merga wong lanang. Ning, Gabrièl ora nerangké bab kuwi karo keluarga lan tangga teparoné. Piyé tanggepané wong-wong kuwi? Piyé carané Maryam nerangké karo Yusuf nèk dhèwèké ora laku jina? Lan manèh, Maryam nduwé tanggung jawab ngopèni anaké Gusti Allah sing dadi manungsa. Awaké  dhéwé ora ngerti kabèh sing dipikirké Maryam, ning awaké dhéwé isa ngerti tanggepané bar dikandhani Gabrièl. Maryam kandha, ”Aku iki peladèné Gusti. Sembarang kuwi mau kabèh bakal klakon karo aku kaya sing mbok omong kuwi.”​—Lk. 1:26-38, Basa Jawa Suriname [BJS].

15. Apa sebabé tuladhané Maryam isa ditiru?

15 Tuladhané Maryam apik banget. Maryam gelem nindakké apa waé sing ditugaské merga rumangsa nèk mung abdi. Maryam percaya nèk Yéhuwah bakal ngopèni lan ngayomi. Kok imané Maryam isa kuwat? Wektu dilairké, awaké dhéwé ora langsung nduwé iman. Kuwi kudu diupaya lan njaluk berkahé Gusti Allah. (Gl. 5:22; Éf. 2:8) Maryam ngupaya tenanan bèn imané kuwat. Apa buktiné? Ayo digatèkké apa sing dirungokké lan diomongké Maryam.

16. Apa buktiné nèk Maryam seneng ngrungokké?

16 Sing dirungokké Maryam. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé kudu ’cepet nèk ngrungokké, nanging alon-alon nèk arep ngomong’. (Yb. 1:19, BJS) Maryam kuwi wong sing seneng ngrungokké. Alkitab nduduhké nèk dhèwèké tenanan ngrungokké, apamanèh nèk sinau bab Yéhuwah. Maryam nggolèk wektu kanggo mikirké bab-bab sing penting. Contoné, wektu Yésus lair, Maryam mikirké omongané wong angon wedhus sing ngandhakké omongané para malaékat. Bar kuwi, wektu umuré Yésus 12 taun, Yésus ngomongké bab sing nggumunké Maryam. Ing kedadéan-kedadéan kuwi, Maryam ngrungokké, ngéling-éling, lan nglebokké ing ati.​—Wacanen Lukas 2:16-19, 49, 51.

17. Dongané Maryam nduduhké apa?

17 Sing diomongké Maryam. Ing Alkitab ora akèh katrangan bab omongané Maryam. Dongané Maryam sing dawa ana ing Lukas 1:46-55. Ayat iki nduduhké nèk Maryam ngerti isiné Kitab Ibrani. Kok isa? Dongané Maryam mèh kaya dongané Hana, ibuné Samuèl. (1 Sa. 2:1-10) Wektu ndonga, Maryam nyuplik ayat Alkitab kira-kira ping 20. Kuwi bukti nèk Maryam seneng ngomongké bab sing bener saka Yéhuwah.

18. Piyé carané niru Maryam?

18 Kaya Maryam, kadhang kala awaké dhéwé nampa tugas sing abot saka Yéhuwah. Ayo niru tuladhané Maryam sing andhap asor nampa tugas, lan percaya nèk Yéhuwah bakal mbantu! Uga, isa niru imané Maryam, sing gelem ngrungokké lan mikirké bab Yéhuwah lan kersané. Awaké dhéwé bakal seneng nèk gelem nyritakké sing disinaoni marang wong liya.​—Ms. 77:12, 13; Lk. 8:18; Rm. 10:15.

19. Nèk niru para abdiné Yéhuwah, awaké dhéwé isa yakin apa?

19 Pancèn Rut, Hizkia, lan Maryam dadi kancané Yéhuwah kaya Abraham. Wong-wong kuwi dadi ”seksi akèh banget, kayadéné méga” sing nampa kaurmatan dadi kancané Yéhuwah. Muga-muga awaké dhéwé isa terus niru wong-wong kuwi. (Ib. 6:11, 12) Nèk isa niru, awaké dhéwé bakal éntuk berkah dadi kancané Yéhuwah saklawasé.