Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PENGALAMAN

Yéhuwah Nggawé Aku Isa Terus Ngabdi

Yéhuwah Nggawé Aku Isa Terus Ngabdi

Aku ngomong karo petugas nèk aku dipenjara merga wegah mèlu perang. Aku kandha, ”Apa aku arep dipenjara manèh, Pak?” Kuwi ping loroné aku dikon dadi tentara Amerika.

AKU lair taun 1926 ing Crooksville, Ohio, Amerika Serikat. Agamané wong tuwaku mung agama KTP, ning anak-anaké sing cacahé wolu dikon lunga geréja. Aku lunga Geréja Métodis. Wektu umurku 14, pendéta geréja kuwi ngekèki aku hadiah, merga wis setaun aku teka ing geréja saben dina Minggu.

Margaret Walker (nomer loro saka kiwa) sing mbantu aku sinau Alkitab

Wektu kuwi, tanggaku sing jenengé Margaret Walker, teka lan ngrembug Alkitab karo ibuku. Dhèwèké Seksi Yéhuwah. Aku ya péngin mèlu rembugan, ning aku dikon lunga karo ibuku merga wedi aku ngganggu sinau. Ning, aku tetep ngrungokké rembugan kuwi. Sakwisé ping bola-bali nekani ibuku, Margaret takon karo aku, ”Kowé ngerti sapa jenengé Gusti Allah?” Aku njawab, ”Kabèh wong ya ngerti, jenengé kan Gusti Allah.” Dhèwèké kandha, ”Jupuken lan wacanen Alkitabmu ing Jabur 83:18 [ayat 19, Basa Jawa Resmi].” Aku mbukak ayat kuwi lan ngerti nèk jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah. Kanca-kancaku tak kandhani, ”Mengko bengi bukaken  Jabur 83:18 ya, lan deloken sapa jenengé Gusti Allah.” Dadi, wektu kuwi aku mulai nginjil.

Aku sinau Alkitab lan dibaptis taun 1941. Ora let suwé, aku dikon mimpin sinau Alkitab jemaat. Aku ngejak ibu, mbakyu, lan adhi-adhiku teka ing pakumpulan ibadah kuwi. Ning, bapakku ora gelem sinau Alkitab.

DIJAHATI BAPAKKU

Aku éntuk akèh tugas ing jemaat, lan aku nduwé akèh buku-bukuné Seksi Yéhuwah. Bapakku nuding buku-bukuku banjur kandha, ”Buku-buku kuwi kana gawanen lunga!” Aku lunga saka omah, banjur manggon ing cedhaké Zanesville, Ohio. Ning, akhiré aku mulih ing omah kanggo nyemangati keluargaku.

Bapak ngalang-alangi ibuku bèn ora teka ing pakumpulan ibadah. Kadhang kala, wektu mangkat menyang pakumpulan ibadah, ibuku digèrèd-gèrèd bapakku kon mulih. Ning, Ibu metu liwat lawang liya, banjur lunga ngibadah. Aku kandha karo ibuku, ”Rasah kuwatir, Bu. Mengko rak Bapak kesel dhéwé.” Akhiré, Bapak ora isa ngalang-alangi manèh, lan ibuku bébas teka ing pakumpulan ibadah.

Wektu ana Sekolah Mulang Alkitab taun 1943, aku éntuk tugas latihan ceramah ing jemaat. Sakrampungé tugas kuwi, aku dibantu bèn isa ceramah luwih apik manèh.

ORA MÈLU PERANG

Wektu Perang Donya Kapindho taun 1944, aku dikon dadi tentara. Aku dikon lunga ing Fort Hayes, Columbus, Ohio. Aku dikon priksa keséhatan lan mèlu tès. Aku kandha karo petugas ing kono nèk aku ora gelem dadi tentara. Aku éntuk mulih, ning pirang-pirang dina sakwisé, ana petugas teka ing omahku lan kandha, ”Corwin Robison, aku nggawa surat kanggo nyekel kowé.”

Rong minggu sakwisé, aku digawa menyang pengadilan. Hakim kandha, ”Aku isa waé ngekèki kowé hukuman seumur hidup. Piyé tanggepanmu?” Aku njawab, ”Pak, kuduné aku dianggep pendéta, merga aku nginjil bab Kratoné Gusti Allah marang akèh wong, klebu ing omah-omah.” Hakim kuwi kandha karo para juri pengadilan, ”Ing kéné kowé ora mutuské wong iki pendéta apa dudu. Kowé mutuské nèk dhèwèké gelem dadi tentara apa ora.” Kurang saka setengah jam, juri mutuské nèk aku salah. Aku dihukum penjara limang taun ing Ashland, Kentucky.

YÉHUWAH NJAGA AKU ING PENJARA

Sepisanan aku dipenjara rong minggu ing Columbus, Ohio. Dina kapisan aku dipenjara, aku ndonga marang Yéhuwah, ”Aku ora kuwat nèk limang taun dipenjara ing kéné. Aku ora ngerti kudu ngapa.”

Sésuké, aku éntuk mlaku-mlaku ing njaba sèlku. Aku ngliwati tahanan sing gedhé dhuwur. Aku karo dhèwèké ndelok njaba liwat jendhéla. Dhèwèké takon aku, ”Kok  kowé ing kéné, Cah Cendhèk? Aku njawab, ”Merga aku Seksi Yéhuwah.” Dhèwèké takon manèh, ”Ho-oh pa? Kok isa mlebu mréné?” Aku njawab, ”Merga Seksi Yéhuwah ora gelem mèlu perang lan matèni wong.” Dhèwèké kandha, ”Dadi, kowé dipenjara merga ora gelem matèni wong, ya? Padhahal tahanan liyané dipenjara merga matèni wong. Anèh banget, ta?” Aku njawab, ”Ya, pancèn.”

Wong kuwi jenengé Paul. Dhèwèké kandha, ”Wektu aku 15 taun dipenjara ing panggonan liya, aku maca wacané Seksi Yéhuwah.” Wektu krungu omongan mau, aku ndonga, ”Yéhuwah, tulung bèn wong iki njaga aku.” Paul kandha, ”Nèk ana sing ngganggu kowé, mbengok waé. Sing ngganggu, mengko tak ajar.” Dadi, aku ora tau nduwé masalah karo 50 tahanan liyané.

Aku karo Seksi-Seksi Yéhuwah liyané sing dipenjara ing Ashland, Kentucky, merga ora mèlu perang

Wektu aku dipindhah ing penjara ing Ashland, aku ketemu karo para sedulur lanang sing wis ana ing kono. Para sedulur kuwi mbantu aku lan liyané tetep akrab karo Yéhuwah. Para sedulur mau mènèhi tugas maca Alkitab saben minggu, lan nggawé pitakonan lan jawaban kanggo pakumpulan ibadah sing disebut Bible Bees. Sèlku gedhé banget, lan ambèn-ambèné mèpèt témbok. Ana sedulur sing ngatur dhaérah nginjil. Dhèwèké kandha, ”Robison, kowé nginjila marang wong sing gonta-ganti turu ing ambèn kuwi. Sing turu ing kono kudu mbok kabari sakdurungé pindhah nggon.” Dadi, aku lan para sedulur tertib nginjilé.

METU SAKA PENJARA

Wektu Perang Donya Kapindho rampung taun 1945, aku isih dipenjara. Aku nguwatirké keluargaku merga Bapak kandha, ”Nèk aku isa ngusir kowé, mesthi aku isa ngusir liyané.” Bar metu saka penjara, aku kagèt merga ana wong pitu ing keluargaku sing terus teka ing pakumpulan ibadah, lan salah sijiné adhiku wédok dibaptis, senajan dijahati Bapak.

Nginjil karo Demetrius Papageorge, sedulur sing dipilih munggah swarga, sing dadi Seksi Yéhuwah taun 1913

Wektu Perang Korea taun 1950 mulai, aku diundang ing Fort Hayes kon dadi tentara. Kuwi undangan sing kepindho. Bar aku ditès, petugas ing kono kandha, ”Bijimu sing paling apik ing kelompokmu.” Aku njawab, ”Maturnuwun, ning aku tetep ora gelem dadi tentara.” Aku nyuplik  2 Timotéus 2:3 lan kandha, ”Saiki aku wis dadi tentarané Kristus.” Bar meneng suwé, dhèwèké kandha, ”Ya wis, muliha.”

Bar kuwi, aku mèlu pertemuan Bètel ing kebaktian ing Cincinnati, Ohio. Sedulur Milton Henschel kandha nèk dibutuhké sedulur lanang kanggo kerja ing Bètel. Aku nglamar, banjur ditampa ing Bètel. Aku mulai kerja ing Brooklyn kèt Agustus 1954.

Gawéanku ing Bètel akèh. Pirang-pirang taun, aku kerja ing bagéan mesin lan kantor. Aku tukang mesin lan ndandani kunci. Aku uga kerja ing Balé Kebaktian ing New York City.

Kerja ing bagéan mesin ing Bètel Brooklyn

Aku seneng mèlu ibadah ésuk lan Sinau Warta Penting ing Bètel. Aku uga seneng nginjil karo jemaat. Nginjil kuwi gawéan sing kudu ajeg ditindakké Seksi Yéhuwah. Para keluarga isa akrab karo Yéhuwah, nèk wong tuwa lan anak-anaké ngrembug ayat harian bareng, nganakké Ibadah Sak Keluarga, teka ing pakumpulan ibadah, lan nginjil.

Kancaku akèh ing Bètel lan ing jemaat. Ana sing wis munggah swarga lan ana sing ora dipilih munggah swarga. Kabèh abdiné Yéhuwah kuwi ora sampurna, klebu wong Bètel. Nèk aku rada ora cocog karo sedulur liyané, aku ngupaya rukun. Aku mikirké Matéus 5:23 bab carané ngupaya rukun. Ora gampang ngomong ”njaluk ngapura,” ning sakjané kuwi cara sing paling apik kanggo rukun manèh.

HASIL ANGGONKU NGINJIL

Merga saiki aku wis tuwa, lunga nginjil kuwi ora gampang, ning aku tetep semangat. Aku isa basa Mandarin sithik-sithik, lan seneng nginjil karo wong Cina ing dalan. Aku wis tau ésuk-ésuk ngekèki 30 utawa 40 majalah, marang wong sing gelem nampa.

Nginjil karo wong Cina ing Brooklyn, New York

Malah, wong sing tanggepané apik kuwi ana ing negara Cina. Dadi critané, ana cah wédok enom ngguyu karo aku wektu liwat ing ngarepku, ngiklanké kios buah-buahan.  Aku ya ngguyu lan nawakké Menara Pengawal lan Sadarlah! ing basa Cina. Dhèwèké gelem nampa lan kandha nèk jenengé Katie. Bar kuwi, saben ketemu aku, Katie mesthi ngejak ngobrol. Aku ngajari dhèwèké jeneng buah lan sayuran ing basa Inggris, lan dhèwèké mbalèni omonganku mau. Aku uga nerangké bab Alkitab marang dhèwèké, lan dhèwèké gelem nampa buku Alkitab Ajarkan. Ning, pirang-pirang minggu bar kuwi, dhèwèké ora kétok manèh.

Pirang-pirang sasi sakwisé, aku nawakké majalah karo cah wédok liya sing lagi ngiklanké, lan dhèwèké gelem nampa. Minggu ngarepé, cah wédok kuwi ngekèki aku HPné lan kandha, ”Ana wong saka negara Cina arep ngomong.” Aku njawab, ”Aku ora kenal sapa-sapa ing Cina.” Ning, dhèwèké meksa, dadi aku gelem ngomong nganggo HP kuwi. Aku kandha, ”Halo, aku Robison.” Sing péngin ngomong kandha, ”Robby, aku Katie. Aku mulih ing Cina.” Aku ngomong, ”Cina?” Katie njawab, ”Iya. Robby, kowé ngerti ra, cah wédok sing nyilihi HP iki? Kuwi sedulurku. Kowé wis ngajari aku werna-werna. Tulung, dhèwèké ya diajari.” Aku kandha, ”Ya, tak upayakké, Katie. Maturnuwun wis ngabari aku.” Aku terus omong-omongan karo seduluré Katie. Kuwi terakhir aku ketemu cah wédok mau. Mbuh saiki wong loro kuwi ing endi, ning muga-muga padha gelem sinau bab Yéhuwah.

Aku wis 73 taun ngabdi marang Yéhuwah, lan aku seneng merga Yéhuwah terus njaga aku tetep setya lan ora mèlu perang. Mbakyu lan adhi-adhiku kandha nèk mèlu semangat merga weruh aku tetep ngabdi marang Yéhuwah, senajan dijahati bapakku. Akhiré ibu lan sedulur kandhungku sing cacahé enem dibaptis. Malah, bapakku rada apikan lan gelem teka ing pakumpulan ibadah sakdurungé mati.

Nèk Yéhuwah kersa, keluarga lan kanca-kancaku bakal diuripké manèh ing Pirdus. Mesthi seneng banget isa ngibadah marang Yéhuwah saklawasé, bareng karo wong-wong sing ditresnani. *

^ par. 32 Wektu pengalaman iki ditulis, Corwin Robison mati.