Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Buktèkna Kowé Setya marang Yéhuwah

Buktèkna Kowé Setya marang Yéhuwah

”Sang Yéhuwah wontena ing antawis kula lan panjenengan sarta ing antawisipun turun kula lan turun panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”​—1 SA. 20:42.

LAGU: 43, 31

1, 2. Apa sebabé kekancané Yonatan lan Dawud isa ditiru?

YONATAN mesthi gumun banget merga Dawud sing isih enom wani matèni raksasa Goliat, lan nggawa ”sirahé wong Filisti” marang Prabu Saul, raja Israèl, bapaké Yonatan. (1 Sa. 17:57) Yonatan percaya nèk Gusti Allah sing nuntun Dawud. Mulai wektu kuwi, Yonatan lan Dawud kekancan akrab, lan janji bakal setya siji lan sijiné. (1 Sa. 18:1-3) Nganti mati, Yonatan setya karo Dawud.

2 Yonatan setya karo Dawud, senajan Yéhuwah ora milih Yonatan dadi raja Israèl mbésuké, ning malah milih Dawud. Wektu Prabu Saul ngupaya matèni Dawud, Yonatan kuwatir banget. Dhèwèké ngerti nèk Dawud ing padhang pasir Khorèsa, mula Yonatan nemoni Dawud kanggo nggedhèkké atiné, bèn ngendelké Yéhuwah. Yonatan ngomong karo Dawud, ”Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhé saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhé jumeneng ratu ngerèh bangsa Israèl, lan  kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan.”​—1 Sa. 23:16, 17.

3. Senajan setya karo Dawud, sakjané apa sing luwih penting kanggoné Yonatan, lan apa buktiné? (Deloken gambar ing kaca 21.)

3 Biasané awaké dhéwé seneng karo wong sing setya. Ning, apa awaké dhéwé seneng karo Yonatan mung merga dhèwèké setya karo Dawud? Ora. Sing paling penting kanggoné Yonatan kuwi setya karo Yéhuwah. Kuwi alesané dhèwèké setya lan ora mèri karo Dawud, senajan Dawud sing bakal nggantèni Saul dadi raja. Dawud lan Yonatan setya karo Yéhuwah, lan setya siji lan sijiné. Wong loro kuwi janji, ”Sang Yéhuwah wontena ing antawis kula lan panjenengan sarta ing antawisipun turun kula lan turun panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”​—1 Sa. 20:42.

4. (a) Apa sing nggawé urip nyenengké? (b) Wulangan iki arep ngrembug apa?

4 Awaké dhéwé uga kudu setya karo keluarga, kanca, lan para sedulur ing jemaat. (1 Ts. 2:10, 11) Ning, sing paling penting, kudu setya karo Yéhuwah, merga Yéhuwah sing nggawé urip. (Wy. 4:11) Nèk setya karo Yéhuwah, urip mesthi nyenengké. Awaké dhéwé kudu setya senajan ngadhepi kasusahan. Wulangan iki bakal ngrembug contoné Yonatan sing isa mbantu bèn tetep setya karo Yéhuwah, senajan ngadhepi kahanan kaya ngéné: (1) wektu rumangsa nèk sing nduwé wewenang ora pantes diajèni, (2) wektu mutuské arep setya karo sapa, (3) wektu ana sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat, sing maido utawa ora adil, lan (4) wektu angèl netepi janji.

WEKTU RUMANGSA SING NDUWÉ WEWENANG ORA PANTES DIAJÈNI

5. Apa sebabé bangsa Israèl angèl setya karo Yéhuwah wektu Saul dadi raja?

5 Yonatan lan bangsa Israèl bingung merga Prabu Saul ora setya, lan ora ditampa dadi raja manèh. (1 Sa. 15:17-23) Senajan ngono, Yéhuwah isih mènèhi Saul kesempatan dadi raja pirang-pirang taun bar kuwi. Bangsa Israèl dadi angèl setya karo Yéhuwah, merga raja sing dipilih dadi wakilé Yéhuwah tumindak bejat.​—1 Bb. 29:23.

6. Apa buktiné nèk Yonatan tetep setya karo Yéhuwah?

6 Yonatan tetep setya karo Yéhuwah. Coba dipikir tumindaké Yonatan ora suwé bar Saul mulai ora setya karo Gusti Allah. (1 Sa. 13:13, 14) Wektu kuwi, prajurit Filisti nggunakké 30.000 kréta perang nyerang bangsa Israèl. * Prajurité Saul mung 600, lan mung Saul lan Yonatan sing nggawa senjata. Ning, Yonatan ora wedi. Yonatan éling kandhané nabi Samuèl, ”Sang Yéhuwah ora bakal mbucal umaté, amarga saka asmané kang agung.” (1 Sa. 12:22) Yonatan kandha karo prajurit liyané, ”Amarga tumrap Sang Yéhuwah gampang baé mitulungi, dadia karo wong akèh, dadia karo wong sathithik.” Mula, dhèwèké lan prajurit kuwi nyerang wong Filisti lan matèni wong 20. Yonatan nduwé iman lan diberkahi Yéhuwah. Yéhuwah nyebabké lindhu, mula wong Filisti dadi wedi. Wong-wong kuwi nyerang lan matèni siji lan sijiné. Bangsa Israèl menang perang.​—1 Sa. 13:5, 15, 22; 14:1, 2, 6, 14, 15, 20.

7. Piyé tumindaké Yonatan marang bapaké?

 7 Senajan Saul terus-terusan ora setya karo Yéhuwah, Yonatan tetep manut karo bapaké, nèk préntahé bapaké ora nglawan kersané Yéhuwah. Contoné, Saul lan Yonatan perang kanggo mbéla umaté Yéhuwah.​—1 Sa. 31:1, 2.

8, 9. Piyé carané tetep setya karo Yéhuwah, senajan sing nduwé wewenang dudu abdiné Yéhuwah?

8 Kaya Yonatan, awaké dhéwé isa manut karo sing mréntah negara nèk kahanané cocog. Yéhuwah mènèhi wewenang marang ”panguwasa” kanggo mréntah, lan awaké dhéwé dikon manut. (Wacanen Rum 13:1, 2.) Kuwi sebabé awaké dhéwé kudu manut lan ngajèni sing mréntah negara, senajan awaké dhéwé rumangsa nèk dhèwèké ora jujur lan ora pantes diajèni. Awaké dhéwé kudu ngajèni kabèh sing dikèki wewenang karo Yéhuwah.​—1 Kr. 11:3; Ib. 13:17.

Carané setya karo Yéhuwah yaiku ngajèni bojo, senajan dudu Seksi Yéhuwah (Deloken paragraf 9)

9 Olga, sedulur wédok saka Amerika Selatan, nduduhké nèk setya karo Yéhuwah, nganggo cara ngajèni bojoné senajan dijahati. [1] (Deloken katrangan ing kaca 25.) Kadhang kala, bojoné ora gelem omongan lan omong kasar karo dhèwèké, merga Olga dadi Seksi Yéhuwah. Bojoné tau ngomong nèk arep ninggalké Olga banjur anaké digawa lunga. Ning, Olga ora ”males ala marang wong kang gawé piala”. Dhèwèké ngupaya dadi bojo sing apik. Olga masakké bojoné, ngumbahké klambiné, lan ngrampungi gawéan omah. (Rm. 12:17) Nèk isa, Olga mèlu bojoné niliki keluarga lan kancané. Contoné, wektu bapaké bojoné Olga mati, lan bojoné lunga layat ing luar kota, Olga nyepakké kabèh sing dibutuhké kanggo lunga. Wektu layat, Olga ngentèni bojoné ing njaba geréja. Pirang-pirang taun sakwisé, bojoné dadi apikan merga Olga sabar lan ngajèni. Saiki, bojoné ngongkon Olga lunga ing pakumpulan ibadah, lan malah gelem ngeterké-methuk. Kadhang kala, bojoné mèlu teka ing pakumpulan ibadah.​—1 Pt. 3:1.

 WEKTU MUTUSKÉ AREP SETYA KARO SAPA

10. Apa sebabé Yonatan mutuské setya karo Dawud?

10 Wektu Saul kandha nèk arep matèni Dawud, Yonatan bingung arep mbéla sapa. Yonatan péngin setya karo bapaké, ning uga péngin setya karo Dawud. Dhèwèké ngerti nèk Yéhuwah nuntun Dawud, dudu Saul, dadi Yonatan mutuské setya karo Dawud. Dhèwèké ngandhani Dawud kon ndhelik, lan ngomong karo Saul aja matèni Dawud.​—Wacanen 1 Samuèl 19:1-6.

11, 12. Apa buktiné nèk rasa tresna karo Gusti Allah mbantu awaké dhéwé tetep setya?

11 Alice, saka Australia, kudu mutuské arep setya karo sapa. Wektu sinau Alkitab, dhèwèké ngandhani keluargané apa sing lagi disinaoni. Dhèwèké uga crita karo keluargané nèk ora arep ngrayakké Natal lan apa alesané. Keluargané sedhih banget lan bar kuwi nesu tenan karo dhèwèké. Keluargané rumangsa nèk Alice ora nggatèkké keluargané. Ibuné kandha nèk ora sudi ketemu manèh karo Alice. Alicé kandha, ”Aku kagèt lan kelara-lara, merga aku tresna tenan karo keluargaku. Ning, aku mutuské nèk Yéhuwah lan putrané dadi sing nomer siji ing atiku. Aku dibaptis ing kebaktian bar kuwi.”​—Mt. 10:37.

12 Aja nganti bab liyané, kaya tim olahraga, sekolah, utawa negara, luwih penting timbang Yéhuwah. Contoné, Henri seneng main skak karo kanca-kanca sekolahé, lan péngin dadi juara. Ning, merga main skak saben dina Setu-Minggu, dhèwèké ora nduwé wektu kanggo nginjil lan teka ing pakumpulan ibadah. Henri kandha nèk kegiyatan mau nggawé sekolahé luwih penting timbang Gusti Allah. Dadi, dhèwèké mandheg main skak ing sekolahané.​—Mt. 6:33.

13. Apa sebabé masalah keluarga isa rampung nèk setya karo Gusti Allah?

13 Kadhang kala, ora gampang tetep setya karo para anggota keluarga sing béda. Contoné, Ken kandha, ”Aku péngin ajeg marani ibuku lan kadhang kala péngin nginep ing kana. Ning, ibuku lan bojoku ora rukun. Aku ora isa mbélani salah sijiné.” Ken mikirké kandhané Alkitab lan ngerti nèk dhèwèké kudu setya lan nyenengké bojoné, mula kudu ngerti carané nyenengké. Banjur, dhèwèké nerangké karo bojoné alesané kudu apikan karo ibuké Ken. Dhèwèké uga ngomong karo ibuné kon ngajèni bojoné Ken.”​—Wacanen Purwaning Dumadi 2:24; 1 Korinta 13:4, 5.

WEKTU ANA SEDULUR SING MAIDO UTAWA ORA ADIL

14. Apa buktiné nèk Saul ora adil marang Yonatan?

14 Awaké dhéwé tetep isa setya karo Yéhuwah, senajan ana sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat, maido utawa ora adil karo awaké dhéwé. Prabu Saul pancèn dipilih Gusti Allah, ning dhèwèké njahati anaké. Dhèwèké ora ngerti alesané Yonatan nresnani Dawud. Mula, wektu Yonatan nulungi Dawud, Saul nesu tenan lan nggawé isin Yonatan ing ngarepé wong akèh. Ning, Yonatan tetep ngajèni bapaké. Dadi, Yonatan tetep setya karo Yéhuwah lan Dawud sing bakal nggantèni Saul dadi raja.​—1 Sa. 20:30-41.

15. Piyé tanggepané awaké dhéwé nèk ana sedulur sing ora adil karo awaké dhéwé?

 15 Jaman saiki, para sedulur sing nduwé wewenang ing jemaat ngupaya adil karo kabèh wong. Ning, para sedulur iki ora sampurna. Mula, mbokmenawa wong-wong mau ora isa ngerti alesané tumindaké awaké dhéwé. (1 Sa. 1:13-17) Dadi, awaké dhéwé kudu tetep setya karo Yéhuwah, senajan dipaido utawa diarani sing ora-ora.

WEKTU ANGÈL NETEPI JANJI

16. Awaké dhéwé kudu tetep setya lan ora mentingké awaké dhéwé wektu ngapa?

16 Saul péngin Yonatan nggantèni dhèwèké dadi raja. (1 Sa. 20:31) Ning, Yonatan nresnani lan setya karo Yéhuwah. Dhèwèké ora mentingké awaké dhéwé. Dhèwèké kekancan lan netepi janjiné karo Dawud. Wong sing nresnani lan setya karo Yéhuwah mesthi netepi janji, senajan susah. (Ms. 15:4) Awaké dhéwé kudu netepi janji, merga kuwi bukti nèk setya karo Yéhuwah. Contoné, nèk nduwé perjanjian dagang karo wong liya, janji kudu ditetepi senajan angèl. Nèk nduwé masalah keluarga, kudu tetep setya karo bojoné.​—Wacanen Maléakhi 2:13-16.

Nèk nggawé perjanjian dagang, kudu netepi janji merga setya karo Gusti Allah (Deloken paragraf 16)

17. Piyé wulangan dina iki mbantu awaké dhéwé?

17 Kaya Yonatan, awaké dhéwé péngin setya karo Yéhuwah senajan ngadhepi masalah. Awaké dhéwé kudu tetep setya karo para sedulur senajan dilarani. Kuwi bakal nggawé urip seneng, lan nyenengké Yéhuwah. (WB 27:11) Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah péngin awaké dhéwé urip tentrem lan bakal ngopèni. Minggu ngarep, awaké dhéwé bakal sinau bab wong-wong sing setya lan ora, ing jamané Dawud.

^ [1] (paragraf 9) Jeneng-jeneng ing kéné wis diganti.