Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 ARTIKEL PELAJARAN 4

Sinau Sipat-sipaté Raja Kratoné Allah saka Perjamuan sing Sederhana

Sinau Sipat-sipaté Raja Kratoné Allah saka Perjamuan sing Sederhana

”Iki nglambangké badanku. . . . Iki nglambangké getihku, yaiku ’getih kanggo perjanjian’.”​—MAT. 26:26-28.

LAGU 16 Pujinen Huwah lan Sang Putra!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus bakal nduduhké cara sing sederhana kanggo mèngeti kematiané? (b) Sipat-sipaté Yésus apa waé sing bakal dirembug?

ACARA Pèngetan kematiané Yésus saben taun dianakké nganggo cara sing sederhana. Mula, awaké dhéwé mesthi isa nyebutké apa waé sing ditindakké pas acara kuwi. Iki acara sing penting banget. Ning, kenapa acarané digawé sederhana?

2 Wektu ing bumi, cara mulangé Yésus kuwi mesthi sederhana, jelas, lan gampang dingertèni. (Mat. 7:28, 29) Mula, Yésus ya nduduhké cara sing sederhana kanggo mèngeti * kematiané. Awaké dhéwé bakal ngrembug pelajaran penting saka acara Pèngetan sing sederhana kuwi. Saka omongan lan tumindaké Yésus, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus kuwi rendah hati, kendel, lan nduwé katresnan. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané isa niru sipat-sipaté Yésus.

YÉSUS RENDAH HATI

Lambang-lambang Pèngetan, yaiku roti tanpa ragi lan anggur, ngélingké awaké dhéwé nèk Yésus wis ngorbanké uripé lan saiki wis dadi Raja ing swarga (Deloken paragraf 3-5)

3. Nurut Matius 26:26-28, kaya apa acara Perjamuan sing dianakké Yésus? Roti tanpa ragi lan anggur nglambangké apa?

3 Yésus nganakké acara Perjamuan sing pertama bareng karo 11 rasulé sing setya. Kanggo nggawé acara perjamuan sing sederhana, Yésus nggunakké apa sing isih ana sakwisé dienggo perayaan Paskah. (Wacanen Matius 26:26-28.) Wektu kuwi, Yésus mung nggunakké roti tanpa ragi lan  anggur. Yésus ngandhani para rasulé nèk roti nglambangké badané sing sampurna lan anggur nglambangké getihé, sing bakal dikorbanké kanggo manungsa. Para rasulé mungkin wis ngerti nèk Yésus bakal nggunakké cara sing sederhana kanggo perjamuan sing penting kuwi. Apa sebabé?

4. Apa sebabé awaké dhéwé isa ngerti nèk acara Pèngetan kematiané Yésus bakal sederhana?

4 Pirang-pirang sasi sakdurungé kuwi, Yésus teka ing omahé kanca cedhaké, yaiku Lazarus, Marta, lan Maria. Wektu Yésus mulai mulang, Marta malah sibuk nyiapké akèh panganan kanggo Yésus. Terus, Yésus ngandhani Marta nèk dhèwèké ora kudu répot nyiapké jamuan mangan sing akèh banget. (Luk. 10:40-42) Mula, Yésus dhéwé ya nganakké perjamuan sing sederhana kanggo mèngeti kematiané. Kuwi nduduhké nèk Yésus nduwé sipat apa?

5. Saka perjamuan sing sederhana iki, awaké dhéwé isa sinau nèk Yésus nduwé sipat apa, lan apa hubungané karo Filipi 2:5-8?

5 Liwat kabèh omongan lan tumindaké, Yésus nduduhké nèk dhèwèké kuwi rendah hati. Yésus ya nduduhké sipat kuwi ing bengi sakdurungé mati. (Mat. 11:29) Yésus ngerti nèk dhèwèké bakal dadi korban tebusan lan diuripké manèh kanggo dadi Raja ing swarga. Senajan ngono, Yésus ora kepéngin éntuk perhatian khusus saka murid-muridé nganggo acara sing rumit kanggo mèngeti kematiané. Malah, Yésus ngandhani murid-muridé supaya mèngeti kematiané nganggo perjamuan sing sederhana setaun pisan. (Yoh. 13:15; 1 Kor. 11:23-25) Perjamuan kuwi sederhana, ning tetep pantes. Kuwi bukti nèk Yésus ora sombong. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga nduwé Raja sing rendah hati kaya ngono.​—Wacanen Filipi 2:5-8.

6. Piyé carané niru sipaté Yésus sing rendah hati wektu ngadhepi masalah?

6 Piyé carané niru sipaté Yésus sing rendah hati kuwi? Awaké dhéwé perlu ngutamakké kepentingané wong liya ketimbang kepentingané dhéwé. (Flp. 2:3, 4) Bayangna apa sing dialami Yésus ing bengi sakdurungé mati. Yésus ngerti nèk sedhéla manèh dhèwèké bakal ngalami sengsara lan mati. Ning, Yésus malah mikirké para rasulé sing mesthiné bakal sedhih banget wektu ditinggal mati. Mula, ing bengi kuwi, Yésus nggunakké wektuné kanggo mulang,  nguwatké, lan nggedhèkké atiné para rasulé. (Yoh. 14:25-31) Dadi, merga rendah hati, Yésus ngutamakké kepentingané wong liya ketimbang kepentingané dhéwé. Kuwi dadi conto sing apik banget kanggo ditiru.

YÉSUS KENDEL

7. Piyé carané Yésus nduduhké sipat kendelé sakwisé ngenalké Perjamuan Dalu Gusti?

7 Sakwisé ngenalké Perjamuan Dalu Gusti, Yésus nduduhké sipaté sing kendel. Piyé carané? Yésus gelem nindakké kersané Yéhuwah, senajan ngerti nèk kuwi artiné Yésus kudu disiksa, dianggep penjahat sing ngrèmèhké Gusti Allah, lan dihukum mati. (Mat. 26:65, 66; Luk. 22:41, 42) Yésus tetep setya nganti mati. Hasilé, Yésus isa ngluhurké jenengé Yéhuwah. Yésus ya isa nduduhké nèk mung Yéhuwah sing nduwé hak kanggo mréntah. Wong-wong sing mertobat isa dadi nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Sakliyané kuwi, Yésus mbantu murid-muridé bèn siap ngadhepi keadaan apa waé.

8. (a) Yésus ngandhani apa marang para rasulé? (b) Apa buktiné para muridé Yésus nduduhké sipat kendel?

8 Yésus ora mikirké rasa kuwatiré, ning malah mikirké kebutuhané para rasulé sing setya. Kuwi nduduhké nèk Yésus kendel. Sakwisé Yudas lunga, Yésus nganakké Perjamuan Dalu Gusti. Acara kuwi bakal nggawé para muridé sing dipilih munggah swarga dadi kèlingan karo manfaaté dadi bagéan saka perjanjian anyar lan korban tebusané Yésus. (1 Kor. 10:16, 17) Kanggo mbantu para muridé bèn isa tetep setya lan dadi raja ing swarga, Yésus ngandhani apa sing dhèwèké lan Bapaké péngini. (Yoh. 15:12-15) Yésus ya ngandhani masalah apa waé sing bakal diadhepi karo para  rasulé. Terus, Yésus ngandhani para rasulé bèn tetep ’kuwat atiné’, kaya sing ditindakké Yésus dhéwé. (Yoh. 16:1-4a, 33) Nganti pirang-pirang taun sakwisé kuwi, para muridé Yésus isih terus nduduhké sipat kendel lan semangat réla berkorban. Senajan ngalami kesengsaraan, para muridé Yésus terus ndhukung sedulur-sedulur seimané.​—Ibr. 10:33, 34.

9. Piyé carané awaké dhéwé isa niru sipat kendelé Yésus?

9 Para sedulur sing ngupaya tetep setya isa waé dianiaya lan dipenjara. Kaya Yésus, awaké dhéwé péngin nduduhké sipat kendel kanggo ndhukung para sedulur kuwi. Misalé, awaké dhéwé isa ndongakké lan mènèhi katrangan kanggo mbéla para sedulur kuwi ing pengadilan utawa ing ngarepé pejabat pamréntahan. (Flp. 1:14; Ibr. 13:19) Cara liyané kanggo niru Yésus yaiku terus nginjil ”kanthi kendel”. (Kis. 14:3) Awaké dhéwé péngin tetep martakké kabar apik senajan akèh sing nentang lan nganiaya. Ning, kadhang kala awaké dhéwé isa dadi wedi. Apa sing kudu ditindakké bèn tetep kendel?

10. Apa sing kudu ditindakké ing minggu-minggu sakdurungé acara Pèngetan, lan apa sebabé?

10 Awaké dhéwé isa tetep kendel nèk mikirké harapan sing isa kelakon merga korban tebusané Yésus. (Yoh. 3:16; Éf. 1:7) Ing minggu-minggu sakdurungé acara Pèngetan, awaké dhéwé nduwé kesempatan kanggo nduduhké rasa syukur merga korban tebusané Yésus. Awaké dhéwé isa maca ayat-ayat Alkitab sing dijadwalké kanggo Pèngetan lan ngrenungké peristiwa-peristiwa sing kelakon sakdurungé lan sakwisé Yésus mati. Dadi, wektu teka ing acara Pèngetan, awaké dhéwé bakal luwih ngerti nèk pengorbanané Yésus sing dilambangké  karo roti lan anggur kuwi penting banget lan akèh manfaaté kanggo awaké dhéwé. Merga ngerti lan ngajèni apa sing wis ditindakké Yésus lan Yéhuwah, awaké dhéwé isa saya yakin nèk harapan ing masa depan bakal kelakon. Kuwi ya isa mbantu awaké dhéwé dadi saya kendel.​—Ibr. 12:3.

11-12. Apa sing wis awaké dhéwé sinaoni?

11 Awaké dhéwé wis ngrembug acara Perjamuan Dalu Gusti. Kuwi mbantu awaké dhéwé ngerti nèk tebusan kuwi berharga. Awaké dhéwé ya isa sinau sipaté Yésus sing rendah hati lan kendel. Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga ngerti nèk Yésus, sing dadi Imam Agung ing swarga lan perantara kanggo keslametané awaké dhéwé, terus nduduhké sipat-sipat kuwi. (Ibr. 7:24, 25) Kanggo nduduhké rasa syukur, awaké dhéwé kudu terus manut karo préntahé Yésus kanggo mèngeti kematiané saben taun. (Luk. 22:19, 20) Awaké dhéwé nindakké kuwi ing tanggal 14 Nisan. Kuwi dadi dina sing paling penting kanggo awaké dhéwé.

12 Awaké dhéwé isa sinau sipaté Yésus sing liyané manèh saka perjamuan sing sederhana kuwi. Kuwi sipat sing kerep banget diduduhké karo Yésus wektu ing bumi. Sipat apa kuwi?

YÉSUS NDUWÉ KATRESNAN

13. Apa kandhané Yohanes 15:9 lan 1 Yohanes 4:8-10 soal katresnané Yéhuwah lan Yésus, lan sapa waé sing isa éntuk manfaat?

13 Kabèh tumindaké Yésus nduduhké katresnané Yéhuwah sing gedhé kanggo manungsa. (Wacanen Yohanes 15:9; 1 Yohanes 4:8-10.) Malah, Yésus nganti lila ngorbanké nyawané kanggo awaké dhéwé. Kabèh muridé Yésus, sing dipilih munggah swarga lan ”wedhus-wedhus liya”, isa éntuk manfaat saka pengorbanané Yéhuwah lan Putrané. (Yoh. 10:16; 1 Yoh. 2:2) Sakliyané kuwi, lambang-lambang sing digunakké ing acara Pèngetan ya isa nduduhké nèk Yésus nresnani lan nggatèkké para muridé. Apa sebabé?

Yésus nduduhké katresnané nganggo cara netepké acara Perjamuan sing sederhana, dadi isa ditindakké saben taun ing keadaan apa waé (Deloken paragraf 14-16) *

14. Apa buktiné nèk Yésus nresnani para muridé?

14 Yésus ngerti nèk kabèh muridé sing dipilih munggah swarga bakal ngalami keadaan sing béda-béda, klebu ana sing bakal dipenjara. Mula, Yésus netepké perjamuan sing sederhana bèn murid-muridé tetep isa mèngeti kematiané saben taun. Kuwi bukti nèk Yésus nresnani para muridé.​—Why. 2:10.

15-16. Senajan keadaané angèl, apa sing ditindakké para sedulur bèn isa mèngeti kematiané Yésus?

15 Wiwit jaman mbiyèn, wong-wong Kristen sing sejati terus ngupaya bèn isa mèngeti kematiané Yésus saben taun. Senajan ngadhepi keadaan sing angèl, wong-wong Kristen terus ngupaya niru carané Yésus wektu nganakké acara Pèngetan. Misalé, wektu dipenjara ing Cina, Sedulur Harold King kudu nggolèk cara bèn isa tetep mèngeti kematiané Yésus. Lambang-lambang Pèngetané ya mung nggunakké apa sing ana lan dhèwèké kudu ngupaya bèn ora konangan. Dhèwèké ya ngupaya nemtokké wektu kanggo mèngeti kematiané Yésus bèn isa pas tanggal 14 Nisan. Terus, Sedulur Harold nyanyi, ndonga, lan nyampèkké kotbah dhéwé kanggo mèngeti kematiané Yésus ing dina kuwi.

16 Conto liyané yaiku pengalamané sedulur-sedulur wédok sing nganakké acara Pèngetan ing kamp konsèntrasi wektu Perang Donya II. Nèk nganti konangan,  kuwi bahaya kanggo uripé. Ning, merga lambang sing digunakké mung sederhana, para sedulur kuwi tetep isa mèngeti kematiané Yésus. Para sedulur mau nyritakké nèk wektu kuwi ana bangku sing ditutupi kain putih lan ing ndhuwuré ana lambang-lambang Pèngetan. Terus, para sedulur ngadeg ing sekitaré bangku kuwi lan mung nggunakké lilin bèn ora konangan. Para sedulur ngucapké manèh ikraré nèk arep nggunakké uripé kanggo ngluhurké jenengé Yéhuwah. Kuwi mbuktèkké imané sing luar biasa. Kuwi ya nduduhké katresnané Yésus merga wis netepké acara Pèngetan sing sederhana, dadi awaké dhéwé kabèh tetep isa mèngeti kematiané senajan keadaané angèl.

17. Pitakonan apa waé sing perlu awaké dhéwé pikirké?

17 Sedhéla manèh, awaké dhéwé arep nganakké acara Pèngetan. Mula, awaké dhéwé perlu mikirké, ’Piyé carané aku isa luwih niru Yésus sing nduduhké katresnan? Apa aku luwih ngutamakké kepentingané para sedulur ketimbang kepentinganku dhéwé? Apa aku isa luwih ngertèni kelemahané para sedulur?’ Awaké dhéwé perlu terus niru Yésus lan isa luwih ”ngrasakké apa sing dirasakké wong liya”.​—1 Ptr. 3:8.

TIRUNEN YÉSUS

18-19. (a) Awaké dhéwé isa yakin soal apa? (b) Apa sing kuduné dadi tékadé awaké dhéwé?

18 Acara Pèngetan kematiané Yésus ora bakal terus ana. Wektu Yésus ”teka” pas sengsara gedhé, dhèwèké bakal nglumpukké ”wong-wong pilihané” menyang swarga, lan awaké dhéwé wis ora perlu nganakké acara Pèngetan manèh.​—1 Kor. 11:26; Mat. 24:31.

19 Senajan sukmbèn wis ora ana acara Pèngetan manèh, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh umaté Yéhuwah bakal terus kèlingan nèk perjamuan sing sederhana kuwi dadi bukti sipat-sipaté Yésus sing rendah hati, kendel, lan nduwé katresnan. Sukmbèn, kabèh sing wis tau mèngeti kematiané Yésus isa crita soal acara kuwi karo wong-wong sing urip ing donya anyar. Ning, karo ngentèni kuwi kelakon, awaké dhéwé kudu nduwé tékad kanggo niru sipat-sipaté Yésus. Nèk terus nindakké kuwi, awaké dhéwé mesthi bakal éntuk berkah saka Yéhuwah.​—2 Ptr. 1:10, 11.

LAGU 13 Niru Tuladhané Yésus

^ par. 5 Ora suwé manèh, awaké dhéwé bakal mèngeti kematiané Yésus ing acara Perjamuan Dalu Gusti. Saka perjamuan sing sederhana iki, awaké dhéwé isa sinau sipat-sipaté Yésus, yaiku rendah hati, kendel, lan katresnan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané niru sipat-sipaté Yésus.

^ par. 2 KATRANGAN: Mèngeti kuwi maksudé nganakké acara khusus kanggo ngéling-éling salah siji peristiwa utawa wong sing dianggep berharga.

^ par. 56 GAMBAR: Adegan sing nduduhké wong-wong Kristen sing setya sing lagi nganakké acara Pèngetan ing jemaat abad kapisan; ing taun 1880-an; ing kamp konsèntrasi Nazi; lan ing Balé Ibadah sing sederhana ing Amerika Selatan.