Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Katresnan​—⁠Sipat sing Aji

Katresnan​—⁠Sipat sing Aji

RASUL Paulus éntuk wahyu banjur nulis bab sangang sipat sing aji banget. (Gl. 5:22, 23, Terjemahan Dunia Baru) Sipat-sipat iki disebut ”wohing roh”. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Wohing roh kuwi uga dadi bagéan saka ”kamanungsan anyar” sing kudu diupayakké karo wong Kristen. (Kl. 3:10) Kita isa nduduhké sipat-sipat sing apik kuwi nèk ana dhukungan saka roh suci. Kuwi kayadéné wit-witan sing isa ngasilké woh nèk disirami banyu.​—Ms. 1:1-3.

Sipat kapisan sing dicathet Paulus yaiku katresnan. Apa sebabé sipat iki aji banget? Paulus kandha nèk dhèwèké ora nduwé katresnan, dhèwèké dadi ”ora aji babar pisan”. (1 Kr. 13:2) Ning, katresnan kuwi apa, ta? Piyé carané ngupayakké lan nduduhké katresnan saben dina?

KATRESNAN KUWI APA, TA?

Pancèn ora gampang kanggo nerangké apa tegesé katresnan sing saktenané. Ning, Alkitab nerangké kaya apa tumindak lan pikirané wong sing nduwé katresnan kuwi. Contoné, wong sing nduwé katresnan kuwi ”sabar”, ”loma”, lan ”ora bungah awit saka anané tumindak kang ora adil, nanging kayektèn kang mbungahaké”. Wong sing nduwé katresnan uga isa ”nutupi samubarang, ngandel ing samubarang, ngarep-arep samubarang, nyabari samubarang”. Dhèwèké uga dadi wong sing setya, welas asih, lan bener-bener perduli marang wong liya. Ning, wong sing ora nduwé katresnan bakal gampang mèri, sombong, ora sopan, mentingké awaké dhéwé, lan ora gelem ngapurani. Kita mesthi ora gelem dadi kaya ngono. Kita péngin nduduhké katresnan sing sejati, yaiku katresnan sing ”ora golèk kepénaké awaké dhéwé”.​—1 Kr. 13:4-8.

YÉHUWAH LAN YÉSUS TULADHA KATRESNAN SING SAMPURNA

”Gusti Allah iku katresnan.” (1 Yo. 4:8) Kuwi nyata saka kabèh sing digawé lan ditindakké. Tresnané sing paling gedhé nyata wektu ngutus Yésus menyang bumi kanggo nebus kita. Rasul Yokanan kandha, ”Sihé Gusti Allah iku kababaraké ana ing antara kita, iya iku déné Gusti Allah wus ngutus Kang Putra ontang-anting ngrawuhi jagad supaya kita padha urip marga déning Panjenengané. Katresnan iku mangkéné: Dudu kita kang wus padha tresna marang Gusti Allah, nanging Gusti Allah kang wus nresnani kita lan wus ngutus Kang Putra minangka pangruwating dosa kita.” (1 Yo. 4:9, 10) Merga tresnané, dosa-dosa kita isa diapura lan kita isa éntuk pangarep-arep urip saklawasé.

Katresnané Yésus marang manungsa nyata wektu ngurbanké uripé kanggo nindakké kersané Yéhuwah. Rasul Paulus kandha, ”Marga karsané iki, kita wus disucèkaké sapisan kanggo salawas-lawasé srana kurban sarirané Gusti Yésus Kristus.” (Ib. 10:9, 10) Ora ana  manungsa sing isa nduduhké katresnan ngluwihi kuwi. Yésus kandha, ”Ora ana katresnan kang gedhéné ngluwihi katresnaning wong kang ngetohaké nyawané kanggo nglabuhi mitra-mitrané.” (Yo. 15:13) Apa manungsa sing ora sampurna isa niru katresnané Yéhuwah lan Yésus kuwi? Ya, isa. Ayo digatèkké piyé carané.

”PADHA LUMAKUA ING KATRESNAN”

Paulus kandha, ”Padha nulada marang Gusti Allah, dikaya putra-putra kang kekasih lan padha lumakua ing katresnan, kayadéné Sang Kristus Yésus uga wus ngasihi kowé kabèh lan masrahaké sarirané kanggo kita.” (Éf. 5:1, 2) Apa tegesé ’lumaku ing katresnan’? Kuwi tegesé nduduhké katresnan sak wayah-wayah, ora mung omong thok, ning kudu nyata saka tumindak. Yokanan nulis, ”Hé, anak-anakku, anggon kita padha tresna iku aja mung kalawan tembung utawa kalawan ilat baé, nanging dikanthènana panggawé lan ing sajroning kayektèn.” (1 Yo. 3:18) Contoné, kita martakké ”Injiling Kraton” merga nresnani Yéhuwah lan wong liya. (Mt. 24:14; Lk. 10:27) Kita uga kudu sabar, loma, lan ngapura wong liya, kaya kandhané Alkitab, ”Kayadéné Gusti Allah anggoné wus ngapura kowé, kowé iya tumindaka mangkono uga.”​—Kl. 3:13.

Wektu mènèhi naséhat utawa korèksi marang wong liya, kuwi dudu ateges ora nduwé katresnan. Contoné, wong tuwa sing bener-bener nresnani anaké bakal tumindak tegas nèk dibutuhké, ora mung nuruti kabèh sing dijaluk bèn anaké ora nangis. Semono uga, senajan Gusti Allah kuwi katresnan, ”Gusti Allah matrapi [ndisiplin] marang kang ditresnani”. (Ib. 12:6) Dadi, disiplin sing pas kuwi bukti katresnan. (WB. 3:11, 12) Ning, élinga nèk kita kabèh iki ora sampurna. Dadi, kita perlu ngupayakké katresnan. Piyé carané? Ayo digatèkké telung cara iki.

PIYÈ CARANÉ NGUPAYAKKÉ KATRESNAN?

Kapisan, nyuwuna roh suciné Gusti Allah sing isa ngasilké katresnan. Yésus kandha nèk Yéhuwah bakal maringi ’roh suci marang kang padha nyenyuwun’. (Lk. 11:13) Dadi, nèk ndonga njaluk roh suci lan gelem manut karo arahané, kita bakal isa nduduhké katresnan luwih akèh. (Gl. 5:16) Contoné, para pinituwa isa nyuwun roh suci bèn isa nduduhké katresnan wektu mènèhi naséhat saka Alkitab. Wong tuwa uga isa nyuwun roh suciné Yéhuwah bèn isa nduduhké katresnan wektu ndisiplin anak.

Kapindho, pikirna tenanan bab katresnané Yésus sing kétok nyata senajan dianiaya. (1 Pt. 2:21, 23) Nèk ana sing nggawé ora seneng utawa tumindak ora adil marang panjenengan, coba pikirna, ’Apa sing bakal ditindakké Yésus?’ Sedulur wédok sing jenengé Leigh mikirké pitakonan kuwi sakdurungé tumindak. Dhèwèké crita, ”Wis tau ana kanca kerjaku sak kantor ngirim e-mail marang kanca bisnisku lan ngomongké sing ora bener bab aku lan gawéanku. Kuwi nglarani atiku. Ning, aku mikir, ’Piyé carané aku isa niru Yésus wektu ana sing tumindak kaya ngono karo aku?’ Bar kuwi, aku mutuské kanggo nglalèkké waé masalahé. Banjur, aku lagi ngerti nèk kanca kerjaku kuwi lagi strès lan lara parah. Mbokmenawa dhèwèké sakjané ora péngin nglarani atiku. Dadi, senajan dilarani ati, aku tetep isa nduduhké katresnan merga niru tuladhané Yésus.” Nèk niru Yésus, kita bakal isa nduduhké katresnan marang wong liya.

Katelu, ngupayaa kanggo nduduhké katresnan nganti lila nggawé pangurbanan, kaya sing ditindakké Yésus. Kuwi dadi tandha muridé Yésus sing sejati. (Yo. 13:34, 35) Piyé carané Yésus nduduhké katresnan sing kaya ngono? Alkitab kandha nèk Yésus ’wus nyuwungaké sarirané piyambak, nganti séda’ kanggo kita. (Fp. 2:5-8) Nèk niru katresnané Yésus, kita dadi isa nduwé pikiran lan perasaan  kaya Yésus. Kita uga bakal luwih mikirké kepentingané wong liya timbang awaké dhéwé.

PAÈDAHÉ NDUDUHKÈ KATRESNAN

Nduduhké katresnan kuwi akèh banget paédahé. Gatèkna rong conto iki:

Apa paédahé nèk nduduhké katresnan?

  • PASEDULURAN SAKDONYA: Para sedulur kita sakdonya padha nresnani siji lan sijiné. Mula, awaké dhéwé mesthi ditampa kanthi apik nèk mara ing jemaat ngendi waé. Seneng banget rasané merga ngerti nèk ’kabèh sedulur kang ana ing saindenging jagad’ padha nresnani kita. (1 Pt. 5:9) Katresnan sing kaya ngono mung ana ing antarané para abdiné Yéhuwah.

  • AYEM TENTREM: Kita kabèh isa rumangsa ayem tentrem, merga ’padha ngétokké katresnan kalawan tulung-tinulung’ lan ngupaya rukun. (Éf. 4:2, 3) Kuwi isa kita rasakké ing pakumpulan ibadah lan kebaktian-kebaktian. Panjenengan mesthi setuju nèk katentreman sing kaya ngono kuwi bener-bener langka ing donya iki. (Ms. 119:165; Yé. 54:13) Nèk ngupaya rukun, kuwi bukti nèk kita bener-bener nresnani para sedulur, lan kuwi nyenengké Yéhuwah.​—Ms. 133:1-3; Mt. 5:9.

”KATRESNAN IKU MBANGUN”

Paulus nulis, ”Katresnan iku mbangun.” (1 Kr. 8:1) Apa maksudé? Kita isa maca katrangané Paulus ing 1 Korinta bab 13. Ana sing kandha nèk ayat-ayat kuwi isa disebut ”Kidung Katresnan”. Wong sing nduwé katresnan kuwi perduli karo wong liya lan ora nggolèk untungé dhéwé. (1 Kr. 10:24; 13:5) Wong sing nduwé katresnan uga sabar, apikan, lan seneng ngajèni. Kuwi isa nggawé keluarga-keluarga lan jemaat dadi rukun lan padha-padha nresnani.​—Kl. 3:14.

Ana akèh cara kanggo nduduhké katresnan marang wong liya. Ning, sing paling penting kuwi rasa tresna kita marang Gusti Allah. Apa sebabé? Merga kuwi sing nggawé wong-wong saka sak kabèhé bangsa, suku, lan basa isa ”padha ngabekti marang Panjenengané kalawan rukun”. (Zf. 3:9) Mula, ayo saiki padha nduwé tékad kanggo nduduhké sipat sing aji banget saka wohing roh suciné Yéhuwah iki saben dina.

^ par. 2 Iki dadi artikel kapisan saka sangang artikel sing bakal ngrembug saben sipat saka wohing roh.