Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, . . . Ngungkuli Saliring Budi”

”Tentrem-Rahayu kang saka ing Gusti Allah, . . . Ngungkuli Saliring Budi”

”Tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi, bakal rumeksa marang ati lan pangangen-angenmu.”​—FP. 4:7.

LAGU: 39, 141

1, 2. Apa sing dialami karo Paulus lan Silas ing kutha Filipi? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

COBA bayangna kahanané. Kira-kira tengah wengi, Paulus lan Silas, sing dadi utusan injil, lagi lungguh ing njero penjara sing peteng ing kutha Filipi. Wong loro kuwi ora isa obah merga sikilé dibanda, lan gegeré lara merga bar digebugi. (PR. 16:23, 24) Sakdurungé kuwi, Paulus lan Silas ujug-ujug disèrèd karo gerombolan wong akèh menyang tengah-tengah pasar lan diadili nganggo cara sing ora bener. Banjur, klambiné disuwèk-suwèk lan gegeré digebugi nganggo kayu. (PR. 16:16-22) Paulus kuwi warga negara Romawi, dhèwèké nduwé hak kanggo diadili nganggo cara sing bener. *—Deloken katrangan ing ngisor.

2 Ing penjara, Paulus mbokmenawa isih mikirké apa sing kelakon ing dina kuwi lan bab wong-wong Filipi. Ing Filipi kuwi ora ana sinagogé, ora kaya kutha liyané sing wis tau  ditekani Paulus. Dadi, wong-wong Yahudi kudu ngibadah ing njabané gerbang kutha cedhak kali. Kutha kuwi ora nduwé sinagogé mbokmenawa merga cacahé wong Yahudi ing kono ora nganti sepuluh. (PR. 16:13, 14) Wong-wong Filipi kuwi bangga dadi warga negara Romawi. (PR. 16:21) Isa waé wong-wong kuwi ngerti nèk Paulus lan Silas kuwi wong Yahudi, ning ora ngerti nèk wong loro kuwi ya warga negara Romawi. Mula, Paulus lan Silas dilebokké penjara tanpa diadili nganggo cara sing bener.

3. Apa sebabé Paulus isa waé dadi bingung wektu dhèwèké dipenjara, ning piyé sikapé Paulus?

3 Mbokmenawa Paulus uga mikirké piyé critané kok dhèwèké isa ana ing Filipi. Pirang-pirang sasi sakdurungé, Paulus lagi ana ing sebrangé Laut Aegea, ing Asia Kecil. Ing kono, roh suci bola-bali ngarahké Paulus bèn nginjil ing dhaérah liya. (PR. 16:6, 7) Ing ngendi? Wektu ing Troas, Paulus éntuk wahyu kaya ngéné, ”Panjenengan kula aturi nyabrang mriki [Makédhonia].” Kuwi kersané Yéhuwah. Dadi, Paulus langsung lunga menyang Makédhonia. (Wacanen Para Rasul 16:8-10.) Ning, bareng tekan kono, Paulus malah dipenjara. Mbokmenawa Paulus mikir, ’Kenapa Yéhuwah ngejarké iki kelakon? Nganti kapan aku dipenjara?’ Senajan ngono, Paulus tetep bungah lan nduwé iman sing kuwat. Paulus lan Silas banjur ”ndedonga kalawan ngidungaké pamuji marang Gusti Allah”. (PR. 16:25) Gusti Allah nggawé pikiran lan atiné dadi ayem.

4, 5. (a) Piyé kita isa waé ngalami kahanan sing padha karo sing dialami Paulus? (b) Piyé kahanan sing dialami Paulus isa malih tanpa dinyana-nyana?

4 Kaya Paulus, mbokmenawa panjenengan wis tau njaluk tuntunané Gusti Allah wektu arep nggawé keputusan, lan rumangsa wis manut karo arahané roh suci. Ning, sakwisé kuwi, panjenengan malah dadi ngadhepi akèh tantangan utawa kudu nggawé akèh owah-owahan. (Ko. 9:11) Nèk mikirké kahanané, mbokmenawa panjenengan bingung lan takon apa sebabé Yéhuwah ngijinké kuwi kabèh kelakon. Dadi, piyé carané bèn isa tetep setya lan percaya tenan marang Yéhuwah? Ayo nggatèkké apa sing sakbanjuré dialami karo Paulus lan Silas.

5 Pas Paulus lan Silas lagi nyanyi-nyanyi, akèh kedadéan sing ora dinyana mulai kelakon. Ujug-ujug ana gempa bumi sing gedhé banget. Lawang-lawangé penjara kebukak. Kabèh ranté sing dinggo mbanda para tahanan padha ucul. Banjur, penjaga penjarané arep bunuh diri, ning dialang-alangi karo Paulus. Akiré, penjaga penjara kuwi lan kabèh keluargané dibaptis. Sésuk-ésuké, pejabat ing kutha kuwi ngirim petugas kanggo ngetokké Paulus lan Silas saka penjara. Wektu ngerti nèk Paulus lan Silas kuwi warga negara Romawi, para pejabat kuwi rumangsa nèk wis nggawé kesalahan sing gedhé. Akiré, Paulus lan Silas diijinké lunga lan dikawal karo para pejabat. Ning, sakdurungé lunga saka kutha kuwi, Paulus lan Silas pamitan karo Lidhia, sedulur wédok sing lagi waé dibaptis,  lan nggunakké kesempatan kuwi kanggo nguwatké sedulur-sedulur liya ing Filipi.​—PR. 16:26-40.

”NGUNGKULI SALIRING BUDI”

6. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

6 Apa piwulangé kanggo kita? Yéhuwah isa nindakké bab sing ora dinyana-nyana. Dadi, kita ora perlu kuwatir wektu ngadhepi kasusahan. Paulus uga bener-bener yakin karo bab kuwi. Mula, Paulus isa nulis surat marang para sedulur ing Filipi bab rasa kuwatir lan ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah”. (Wacanen Filipi 4:6, 7. ) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug apa sebabé ”tentrem-rahayu” kuwi isa mbantu kita bèn tetep setya lan percaya tenan karo Yéhuwah senajan ngadhepi kasusahan. Kita uga bakal ngrembug conto-conto liyané saka Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah isa nindakké bab sing ora dinyana-nyana.

Yéhuwah isa nindakké bab sing ora dinyana-nyana, dadi kita ora perlu kuwatir wektu ngadhepi kasusahan

7. Wektu nulis suraté, Paulus péngin para sedulur ing Filipi éntuk piwulang apa lan apa piwulangé kanggo kita?

7 Wektu maca suraté Paulus, apa sing dipikirké para sedulur ing Filipi? Mbokmenawa akèh sing kèlingan karo pengalamané Paulus lan Silas, uga karo carané Yéhuwah nulungi. Dadi, Paulus péngin para sedulur ing Filipi éntuk piwulang apa? Piwulangé yaiku: Aja kuwatir. Ndongaa, banjur kowé isa nampa ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”. Apa maksudé? Terjemahan Alkitab liya nerjemahké ukara kuwi dadi ”ngungkuli nalaré manungsa” utawa ”ngungkuli rencanané manungsa”. Dadi, Paulus kandha nèk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” kuwi ngungkuli apa sing isa kita bayangké. Nèk kita ora ngerti carané ngatasi masalah, Yéhuwah isa ngerti. Yéhuwah isa nindakké bab sing ora dinyana-nyana.​—Wacanen 2 Pétrus 2:9.

8, 9. (a) Senajan Paulus ngalami kahanan sing ora adil ing Filipi, asil apik apa sing kelakon? (b) Apa sebabé para sedulur ing Filipi isa percaya tenan karo kandhané Paulus?

8 Wektu maca suraté Paulus, para sedulur ing Filipi mesthi rumangsa dikuwatké merga mikirké apa sing wis Yéhuwah tindakké saksuwéné sepuluh taun kuwi. Yéhuwah pancèn ngijinké Paulus lan Silas ngalami kahanan sing ora adil. Ning, merga ana kedadéan kuwi, Paulus lan Silas malah dadi isa ”mbélani sarta nyantosakaké Injil”. (Fp. 1:7) Para pejabat ing Filipi ora bakal wani nganiaya para sedulur. Sakwisé Paulus lan Silas lunga, Lukas, kanca utusan injilé Paulus, isa tetep manggon ing Filipi lan mbantu jemaat sing anyar ing kono. Mbokmenawa kuwi merga Paulus mau wis ngomong nèk dhèwèké kuwi warga negara Romawi.

 9 Wektu maca suraté Paulus, para sedulur ngerti nèk kuwi ora mung pendhapaté Paulus dhéwé. Paulus pancèn wis tau ngalami kahanan sing susah banget. Malah, wektu nulis surat kuwi, Paulus lagi dadi tahanan ing omahé ing Roma. Ning, Paulus tetep nduwé ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah”.​—Fp. 1:12-14; 4:7, 11, 22.

”AJA PADHA NYUMELANGAKÉ BAB APA BAÉ”

10, 11. Apa sing kudu kita tindakké wektu rumangsa kuwatir, lan apa sing bakal kelakon?

10 Piyé carané bèn isa éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” lan ora ”nyumelangaké bab apa baé”? Nurut suraté Paulus marang wong-wong Filipi, obat kanggo ngatasi rasa kuwatir kuwi donga. Dadi, wektu kuwatir kita isa ndonga lan nyritakké kabèh marang Yéhuwah. (Wacanen 1 Pétrus 5:6, 7.) Panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah mesthi nggatèkké. Aja lali ucapna sokur marang Yéhuwah merga wis maringi akèh berkah. Aja lali uga nèk Yéhuwah nduwé ”kuwaos nindakaké luwih déning akèh tinimbang apa kang kita dongakaké utawa kita pikir”.—Éf. 3:20.

11 Kaya Paulus lan Silas, mbokmenawa kita nggumun karo tumindaké Yéhuwah kanggo nulungi. Isa waé kuwi kétok biyasa, ning pancèn kita butuhké. (1 Kr. 10:13) Kuwi ora ateges kita mung lungguh waé, ora ngapa-ngapa, lan nunggu Yéhuwah tumindak ngrampungi masalahé. Kita kudu tumindak cocog karo sing kita dongakké. (Rm. 12:11) Kuwi bukti nèk dongané awaké dhéwé kuwi tenanan lan Yéhuwah mesthi bakal mberkahi. Aja lali nèk Yéhuwah isa nindakké luwih akèh timbang sing kita dongakké. Kadhang kala, apa sing Yéhuwah tindakké kuwi ora dinyana-nyana. Mula, ayo saiki nggatèkké conto-conto sing bakal nggawé kita tambah yakin karo kemampuané Yéhuwah kanggo nindakké bab sing ora dinyana-nyana.

TUMINDAKÉ YÉHUWAH SING ORA DINYANA-NYANA

12. (a) Apa sing ditindakké Raja Hizkia wektu diancam karo Raja Sanhérib? (b) Apa sing isa disinaoni saka carané Yéhuwah ngrampungi masalah?

12 Ing Alkitab, ana akèh conto bab tumindaké Yéhuwah sing ora dinyana-nyana. Contoné, wektu Hizkia dadi raja ing Yéhuda, Sanhérib, raja Asyur, nyerang lan ngrebut kabèh kutha ing Yéhuda sakliyané Yérusalèm. (2 Ra. 18:1-3, 13) Banjur, Sanhérib nyerang Yérusalèm. Apa sing ditindakké Raja Hizkia? Dhèwèké langsung ndonga njaluk bantuan lan naséhat saka Yéhuwah liwat nabi Yésaya. (2 Ra. 19:5, 15-20) Banjur, Hizkia mbayar pajeg kaya sing dikarepké Sanhérib. Kuwi tumindak sing wicaksana. (2 Ra. 18:14, 15) Sakwisé kuwi, Hizkia siap-siap wektu kutha kuwi arep dikepung. (2 Bb. 32:2-4) Piyé crita sakbanjuré? Tanpa dinyana-nyana, Yéhuwah ngutus malaékat siji kanggo nyirnakké 185.000 prajurité Sanhérib ing wektu sewengi.​—Yé. 37:36.

Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Yusuf?​—Pd. 41:42 (Deloken paragraf 13)

13. (a) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Yusuf? (b) Critakna kedadéan sing ora dinyana-nyana sing dialami Sara.

 13 Pikirna pengalamané Yusuf sing isih enom. Yusuf wis tau dipenjara ing Mesir. Ning, sakbanjuré kuwi, tanpa dinyana-nyana dhèwèké dadi panguwasa nomer loro ing Mesir lan digunakké karo Yéhuwah kanggo nulungi keluargané saka bala kelaparan. (Pd. 40:15; 41:39-43; 50:20) Yusuf dhéwé mesthi ora nyangka nèk bakal ngalami kuwi. Pikirna uga pengalamané Sara, mbah buyuté Yusuf. Apa Sara sing wis tuwa bakal ngira nèk Yéhuwah isa nggawé dhèwèké nglairké anak? Lairé Iskak kuwi mesthi ngungkuli bayangané Sara.​—Pd. 21:1-3, 6, 7.

14. Kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal nindakké apa kanggo kita?

14 Pancèn, kita ora bakal ngarep-arep Yéhuwah nggawé mukjijat kanggo ngrampungi kabèh masalah sakdurungé donya anyar. Kita uga ora njaluk Yéhuwah nindakké bab sing nggumunké kanggo kita. Ning, kita ngerti nèk Yéhuwah wis mbantu para abdiné sing setya jaman mbiyèn nganggo cara sing nggumunké. Lan Yéhuwah ora  malih. (Wacanen Yésaya 43:10-13.) Kuwi isa nggawé kita yakin marang Yéhuwah. Kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal maringi kekuwatan sing dibutuhké kanggo nindakké kersané. (2 Kr. 4:7-9) Apa sing isa disinaoni saka pengalamané Hizkia, Yusuf, lan Sara? Nèk kita tetep setya, Yéhuwah isa mbantu kita senajan kahanané angèl banget.

Nèk kita tetep setya, Yéhuwah isa mbantu kita senajan kahanané angèl banget

15. Piyé carané bèn éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” senajan ngadhepi masalah? Terangna.

15 Piyé carané bèn éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” senajan nduwé masalah? Kita kudu njaga hubungan karo Yéhuwah tetep kuwat. Kita isa cedhak karo Yéhuwah merga Yésus wis nebus kita. Tebusan kuwi salah siji wujud tumindaké Yéhuwah sing nggumunké. Merga ana tebusan, dosa-dosa kita isa diapura, kita isa nduwé hati nurani sing resik, lan cedhak karo Yéhuwah.​—Yo. 14:6; Yb. 4:8; 1 Pt. 3:21.

”RUMEKSA MARANG ATI LAN PANGANGEN-ANGENMU”

16. Apa sing kelakon wektu kita éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah”? Terangna.

16 Apa sing kelakon wektu kita éntuk ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”? Alkitab kandha nèk kuwi bakal ’rumeksa marang ati lan pangangen-angen [kita]’. (Fp. 4:7) Ing basa asliné, tembung ”rumeksa” kuwi ana hubungané karo pasukan prajurit sing ditugasi njaga kutha. Wong-wong sing manggon ing kutha Filipi mbiyèn isa rumangsa aman lan turu angler merga kuthané dijaga karo pasukan sing kaya ngono. Semono uga, nèk nduwé ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah”, ati lan pikiran kita isa dadi ayem lan ora kuwatir. Kita ngerti nèk Yéhuwah ngopèni kita lan péngin kita bungah. (1 Pt. 5:10) Kuwi uga isa mbantu kita bèn ora dadi sumelang utawa cilik ati.

17. Apa sing isa mbantu kita bèn tetep percaya marang Yéhuwah wektu sengsara gedhé sukmbèn?

17 Sengsara gedhé ora suwé manèh bakal kelakon. (Mt. 24:21, 22) Kita ora ngerti persisé apa sing bakal kelakon sukmbèn. Ning, kita ora perlu kuwatir. Kita ora ngerti apa waé sing bakal Yéhuwah tindakké. Ning, kita ngerti sapa Yéhuwah kuwi. Kita ngerti apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo para abdiné sing setya mbiyèn. Ora soal apa waé sing kelakon, Yéhuwah mesthi tumindak kanggo mujudké kersané. Lan isa waé Yéhuwah tumindak nganggo cara sing ora dinyana-nyana. Dadi, ing kahanan apa waé, kita isa éntuk kesempatan kanggo nampa ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”.

^ par. 1 Kétoké Silas kuwi ya warga negara Romawi.​—PR. 16:37.