Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Nganggo lan Nduduhké Sipat-Sipat sing Anyar

Carané Nganggo lan Nduduhké Sipat-Sipat sing Anyar

’Ngrasuka [nganggoa] kamanungsan anyar.’​—KL. 3:10.

LAGU: 43, 27

1, 2. (a) Apa kita pancèn isa nganggo sipat-sipat sing anyar? Apa sebabé? (b) Sipat-sipat anyar apa waé sing isa disinaoni saka Kolosé 3:10-14?

ALKITAB nyebutké tembung ”kamanungsan anyar” ping pindho. (Éf. 4:24; Kl. 3:10) Kuwi maksudé sipat-sipat sing anyar, sing digawé ”manut karo karsaning Allah”. Apa kita pancèn isa nganggo sipat-sipat sing anyar kuwi? Ya, kita isa niru sipat-sipaté Yéhuwah, merga manungsa digawé manut ”gambaring Allah”.​—Pd. 1:26, 27; Éf. 5:1.

2 Pancèn kita kabèh ora sampurna. Mula, kadhang kala kita isa nduwé pepénginan sing salah. Kita uga isa kena pengaruh saka wong-wong ing sak kiwa tengené kita. Ning, merga bantuané Yéhuwah, kita isa nduwé sipat-sipat sing disenengi Yéhuwah. Mula, ayo dirembug apa waé sing klebu sipat-sipat sing anyar kuwi. (Wacanen Kolosé 3:10-14.) Kita uga bakal ngrembug carané nduduhké sipat-sipat kuwi wektu nginjil.

 ”PADHA DADI SIJI”

3. Sebutna salah siji sipat sing dadi bagéan saka ”kamanungsan anyar”.

3 Paulus nerangké nèk sipat ora pilih kasih kuwi bagéan sing penting saka ”kamanungsan anyar”. Paulus kandha, ”Ora ana wong Yunani utawa Yahudi, wong tetakan lan wong ikutan, wong Barbar utawa wong Skit, batur tukon utawa mardika.” * (Deloken katrangan ing ngisor.) Ing jemaat, aja nganti ana sing rumangsa nèk rasé, bangsané, utawa jabatané luwih unggul timbang liyané. Apa sebabé? Merga nèk dadi muridé Yésus kuwi kita ”kabèh padha dadi siji”.​—Kl. 3:11; Gl. 3:28.

Kita kudu ngajèni kabèh wong, ora masalah saka ngendi asalé

4. (a) Kepriyé kuduné sikapé para abdiné Yéhuwah marang wong liya? (b) Kahanan apa sing isa nggawé wong-wong Kristen dadi ora rukun?

4 Kita kudu ngajèni kabèh wong, ora masalah saka ngendi asalé. Kuwi bukti nèk kita nganggo sipat-sipat sing anyar. (Rm. 2:11) Mbokmenawa kuwi ora gampang ditindakké ing akèh negara. Contoné, pamréntah ing Afrika Selatan mbiyèn misahké panggonan kanggo wong-wong sing béda rasé. Nganti saiki, isih ana akèh wong sing manggon ing kono, klebu para Seksi Yéhuwah. Pengurus Pusat péngin mènèhi naséhat marang para sedulur kaya kandhané Paulus, ”Atimu wengakna kang ngeblak!” Dadi, ing sasi Oktober 2013, Pengurus Pusat nggawé pengaturan kusus kanggo mbantu para sedulur bèn isa kenal karo sedulur liyané sing béda rasé.​—2 Kr. 6:13.

5, 6. (a) Apa pengaturan sing wis digawé ing salah siji negara kanggo mbantu umaté Gusti Allah bèn isa luwih rukun? (Deloken gambar ing kaca 21.) (b) Apa asilé?

5 Para sedulur nggawé pengaturan bèn para Seksi saka rong jemaat sing béda rasé utawa basané isa srawung bareng ing dina Setu utawa Minggu. Para sedulur kuwi nginjil sarta ngibadah bareng, lan dolan menyang omahé sedulur liyané. Atusan jemaat mèlu ndhukung pengaturan kuwi, lan kantor cabang nampa akèh laporan sing apik. Malah, kuwi uga isa nggawé wong-wong sing dudu Seksi dadi nggumun. Contoné, ana salah siji rohaniwan agama sing kandha, ”Aku dudu Seksi Yéhuwah. Ning, aku nggumun karo apa sing ditindakké para Seksi kanggo ngatur gawéan nginjil. Lan kabèh padha rukun senajan asalé saka ras sing béda-béda.” Piyé perasaané para sedulur bab pengaturan kuwi?

6 Awalé, ana sedulur wédok saka jemaat basa Xhosa, sing jenengé Noma, rumangsa isin wektu arep ngundang sedulur saka jemaat basa Inggris menyang omahé sing sedherhana. Ning,  sakwisé nginjil bareng lan mara menyang omahé para Seksi sing kulité putih, dhèwèké kandha, ”Sedulur-sedulur kuwi jebulé ya wong biyasa kaya aku.” Dadi, wektu para sedulur saka jemaat basa Inggris teka kanggo nginjil bareng para sedulur ing jemaat basa Xhosa, Noma ngundang para sedulur kuwi kanggo mangan bareng ing omahé. Noma nggumun merga salah siji tamuné, yaiku pinituwa sing kulité putih, gelem lungguh ing ndhuwuré kranjang plastik. Pengaturan kuwi isih kanggo nganti saiki. Kuwi nggawé para sedulur isa kekancan lan srawung karo para sedulur sing béda-béda asalé.

NGANGGOA SIPAT WELAS ASIH LAN APIKAN

7. Apa sebabé kita kudu nduduhké sipat welas asih?

7 Nèk donyané Sétan iki durung sirna, para abdiné Yéhuwah isih isa ngalami kasusahan. Contoné, kélangan gawéan, lara parah, dianiaya, bencana alam, kélangan bandha merga dirampok, utawa kasusahan liyané. Bèn isa mbantu siji lan sijiné, kita kudu nduwé sipat welas asih, sing bakal nggawé kita tumindak apikan marang wong liya. (Éf. 4:32) Kuwi dadi bagéan saka sipat-sipat sing anyar. Sipat-sipat kuwi isa mbantu kita niru Yéhuwah lan nguwatké liyané.​—2 Kr. 1:3, 4.

8. Apa waé asilé nèk kita nduduhké sipat welas asih lan apikan ing jemaat? Wènèhana conto.

8 Piyé carané bèn isa luwih apikan marang para sedulur sing pindhah saka negara liya utawa lagi ngalami kasusahan? Kita kudu nggawé wong kuwi rumangsa dibutuhké lan disambut, sarta dadi kancané. (1 Kr. 12:22, 25) Gatèkna pengalamané Dannykarl, sing pindhah saka Filipina menyang Jepang. Ing panggonan nyambut gawéné, dhèwèké dianggep wong asing lan dibédak-bédakké. Banjur, dhèwèké teka ing pakumpulan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah. Dannykarl kandha, ”Mèh kabèh sing teka kuwi wong Jepang. Ning, wong-wong kuwi gelem nampa aku kanthi ramah, kaya wis suwé kenal karo aku.” Sipaté para sedulur sing apikan kuwi mbantu Dannykarl saya cedhak karo Yéhuwah. Akiré, Dannykarl dibaptis, lan saiki ngabdi dadi pinituwa. Para pinituwa ing jemaat kuwi kandha, ”Dannykarl lan bojoné dadi tuladha merga urip sedherhana lan dadi perintis sarta ngutamakké Kratoné Allah.”​—Lk. 12:31.

9, 10. Wènèhana conto-conto asil apik nèk kita nduduhké welas asih wektu nginjil.

9 Kita nduwé kesempatan kanggo tumindak ”becik marang wong kabèh” wektu nginjil. (Gl. 6:10) Akèh sedulur sing nduduhké welas asih marang para imigran lan ngupaya kanggo sinau basané. (1 Kr. 9:23) Asilé apik banget. Contoné, Tiffany, salah siji perintis saka Australia, sinau basa Swahili bèn isa mbantu jemaat basa Swahili ing kutha Brisbane. Senajan ora gampang, kuwi nggawé uripé dadi luwih nyenengké. Tiffany kandha, ”Nèk kowé péngin nduwé pengalaman nginjil sing  nyenengké, ngabdia ing jemaat basa asing. Kuwi kaya dolan, ning ora perlu lunga saka kuthané dhéwé. Kowé bakal ngrasakké dhéwé katresnané paseduluran sakdonya sing nggumunké banget.”

Apa sebabé wong Kristen gelem mbantu para imigran? (Deloken paragraf 10)

10 Ana keluarga saka Jepang sing uga nduwé pengalaman kaya ngono. Anaké wédok sing jenengé Sakiko kandha, ”Wektu nginjil, aku karo keluargaku kerep ketemu karo imigran saka Brasil. Wektu tak wacakké ayat saka Alkitab basa Portugis, contoné Wahyu 21:3, 4 utawa Jabur 37:10, 11, 29, wong-wong kuwi nggatèkké tenanan lan kadhang kala mbrebes mili.” Keluargané Sakiko nduwé rasa welas asih lan péngin mbantu para imigran kuwi sinau Alkitab. Dadi, keluargané Sakiko sinau basa Portugis lan mbantu jemaat basa Portugis. Nganti pirang-pirang taun suwéné, keluarga kuwi wis mbantu akèh imigran dadi abdiné Yéhuwah. Sakiko kandha, ”Pancèn sinau basa Portugis kuwi ora gampang. Ning, berkahé ngluwihi upaya sing digawé. Aku lan keluargaku maturnuwun banget marang Yéhuwah.”​—Wacanen Para Rasul 10:34, 35.

NGANGGOA SIPAT ANDHAP ASOR

11, 12. (a) Apa sebabé kita kudu nduwé tujuan sing bener wektu nganggo sipat sing anyar? (b) Piyé carané bèn tetep andhap asor?

11 Kita nganggo sipat-sipat sing anyar tujuané kanggo ngluhurké Yéhuwah, dudu supaya dialem karo wong liya. Élinga nèk malaékat sing sampurna waé isa dadi sombong lan dosa. (Bandhingna Yéheskièl 28:17.) Merga ora sampurna, kita gampang dadi sombong. Ning, kita isa ngupayakké sipat andhap asor. Piyé carané?

12 Salah siji carané yaiku maca lan mikirké tenanan isiné Alkitab saben dina. (PT. 17:18-20) Kita kususé kudu mikirké piwulang lan tuladhané Yésus bab sipat andhap asor. (Mt. 20:28) Sipat andhap asoré Yésus nyata wektu dhèwèké ngwijiki sikilé para muridé. (Yo. 13:12-17) Cara liyané yaiku ndonga njaluk roh suciné Yéhuwah. Roh suci isa mbantu kita nglawan pikiran lan perasaan luwih unggul timbang liyané.​—Gl. 6:3, 4; Fp. 2:3.

Nèk kita andhap asor, jemaat bakal dadi rukun lan ayem tentrem

13. Apa waé berkahé nèk dadi wong sing andhap asor?

 13 Wacanen Wulang Bebasan 22:4. Yéhuwah péngin kita dadi wong sing andhap asor. Nèk kita andhap asor, jemaat bakal dadi rukun lan ayem tentrem. Yéhuwah uga bakal maringi akèh berkah. Rasul Pétrus kandha, ”Samono uga kowé, . . . sing padha andhap-asor, amarga: ’Gusti Allah nglawan marang wong kang kumalungkung, nanging paring sih-rahmat marang wong kang andhap-asor.’”​—1 Pt. 5:5.

NGANGGOA SIPAT ALUS LAN SABAR

14. Sapa sing dadi tuladha paling apik bab nduduhké sipat alus lan sabar?

14 Jaman saiki, wong sing alus lan sabar kuwi biyasané dianggep ringkih. Ning kuwi ora bener. Sipat alus lan sabar kuwi sumberé saka Yéhuwah, pribadi sing kuwasané paling gedhé ing jagad iki. Lan Yéhuwah kuwi dadi tuladha sing paling apik bab nduduhké sipat kuwi. (2 Pt. 3:9) Contoné, Yéhuwah sabar wektu njawab pitakonané Abraham lan Lot liwat para malaékat. (Pd. 18:22-33; 19:18-21) Yéhuwah uga sabar ngadhepi bangsa Israèl sing bola-bali ora manut nganti luwih saka 1.500 taun.​—Yk. 33:11.

15. Apa tuladhané Yésus bab nduduhké sipat alus lan sabar?

15 Yésus kuwi pribadi sing ”alus”. (Mt. 11:29) Yésus sabar banget wektu ngadhepi para muridé sing ora sampurna. Wektu ing bumi, Yésus kerep dièlèk-èlèk lan ditudhuh sing ora bener. Ning, Yésus tetep alus lan sabar nganti mati. Wektu disiksa nganti mati ing cagak, Yésus malah nyuwun bèn Yéhuwah ngapurani wong-wong sing matèni dhèwèké. Yésus kandha nèk wong-wong kuwi ”sami boten mangretos punapa ingkang dipun tindakaken”. (Lk. 23:34) Yésus tetep alus lan sabar senajan sengsara.​—Wacanen 1 Pétrus 2:21-23.

16. Piyé carané nduduhké sipat alus lan sabar?

16 Paulus nyebutké salah siji cara nduduhké sipat alus lan sabar, yaiku, ”Padha tulung-tinulunga lan apura-ingapuraa, samasa panunggalanmu ana sing duwé rasa ora kepénak atiné. Kowé kudu apura-ingapura, kaya patrapé Gusti ngapura kowé.” (Kl. 3:13, Basa Jawi Padintenan [BJP]) Kita kudu nduwé sipat alus lan sabar bèn isa ngapurani wong liya. Kuwi isa nggawé jemaat tetep rukun.

17. Apa sebabé sipat alus lan sabar kuwi penting?

17 Yéhuwah péngin kita dadi wong sing alus lan sabar. Kita kudu nduduhké sipat-sipat kuwi nèk péngin urip ing donya anyar. (Mt. 5:5; Yb. 1:21) Nèk nduduhké sipat alus lan sabar, kita isa ngluhurké Yéhuwah lan mbantu wong liya nindakké sing padha.​—Gl. 6:1; 2 Tm. 2:24, 25.

 NGANGGOA SIPAT KATRESNAN

18. Apa hubungané katresnan karo sikap ora pilih kasih?

18 Kabèh sipat sing wis dirembug iki ana hubungané karo katresnan. Contoné, Yakobus mènèhi naséhat marang para seduluré sing luwih nggatèkké wong sugih timbang sing mlarat. Yakobus nerangké nèk kuwi nglanggar prentahé Gusti Allah, yaiku, ”Tresnaa marang sapepadhamu, kaya marang awakmu dhéwé.” Banjur, dhèwèké kandha, ”Yèn kowé padha mbédak-mbédakaké, kowé dadi nglakoni dosa.” (Yb. 2:8, 9, BJP) Nèk nresnani wong liya, kita ora bakal nduwé prasangka merga pendhidhikané, rasé, utawa status sosialé. Sikap ora pilih kasih kuwi kudu tulus, ora mung éthok-éthok.

19. Apa sebabé nduduhké katresnan kuwi penting?

19 Katresnan kuwi uga ”sabar”, ”loma” lan ’ora kumenthus’. (1 Kr. 13:4) Kita kudu sabar, apikan, lan andhap asor bèn isa terus martakké kabar apik marang wong liya. (Mt. 28:19) Sipat-sipat kuwi uga isa nggawé kita luwih gampang srawung karo kabèh sedulur ing jemaat. Nèk kita kabèh nduduhké katresnan sing kaya ngono, jemaat isa dadi rukun lan ngluhurké Yéhuwah. Wong liya bakal nggatèkké kuwi lan dadi péngin sinau Alkitab. Mula, cocog nèk Alkitab kandha, ”Katresnan kuwi nunggalaké samubarang kabèh dadi siji klawan sampurna.”​—Kl. 3:14, BJP.

”KOWÉ PADHA DIANYARAKÉ”

20. (a) Pitakonan apa waé sing kudu dipikirké lan apa sebabé? (b) Kita ngarep-arep kahanan sing kaya apa sukmbèn?

20 Kita kabèh kudu mikir, ’Aku isih kudu nggawé owah-owahan apa bèn isa nguculi lan mbuwang sipat-sipat sing lawas?’ Kita kudu ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Kita uga kudu ngupaya tenanan kanggo ngowahi pikiran lan tumindak sing salah bèn isa ”olèh panduman Kratoning Gusti Allah”. (Gl. 5:19-21) Kita uga perlu mikir, ’Apa aku isih terus ngowahi cara mikirku bèn isa nyenengké Yéhuwah?’ (Éf. 4:23, 24) Merga ora sampurna, kita kudu terus ngupaya tenanan bèn isa tetep nganggo sipat-sipat sing anyar. Mesthi nyenengké banget kahanané sukmbèn, wektu kabèh wong bakal nganggo sipat-sipat sing anyar lan niru sipat-sipaté Yéhuwah.

^ par. 3 Ing jaman Alkitab, wong-wong Skit kuwi kerep dienyèk merga tingkah laku lan kebudayaané.