Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Gelem Ngentèni kanthi Sabar?

Apa Panjenengan Gelem Ngentèni kanthi Sabar?

”Kowé uga padha disabar.”​—YB. 5:8.

LAGU: 35, 139

1, 2. (a) Apa sing isa waé nggawé kita dadi takon, ”Nganti pira lawasé, dhuh Yéhuwah?” (b) Apa sebabé tuladhané para abdiné Yéhuwah jaman mbiyèn isa nguwatké kita?

NABI Habakuk sing setya tau takon, ”Dhuh Yéhuwah, taksih pinten dangunipun malih?” Nabi Yésaya ya wis tau takon kaya ngono. (Hb. 1:2; Yé. 6:11) Ing Jabur 13, Raja Dawud uga takon kaya ngono nganti ping papat. (Ms. 13:2, 3) Wektu Yésus Kristus ngamati nèk akèh wong wektu kuwi padha ora nduwé iman, dhèwèké ya takon, ”Nganti pira lawasé?” (Mt. 17:17) Kita mbokmenawa uga wis tau takon kaya ngono.

2 Apa sebabé kita isa waé takon, ”Nganti pira lawasé, dhuh Yéhuwah?” Mbokmenawa kita lagi ngalami kahanan sing ora adil, lagi lara, utawa tambah tuwa. Kita uga isa dadi strès merga urip ing ”mangsa kang rekasa”. (2 Tm. 3:1) Kita uga isa dadi nglokro lan cilik ati, merga  wong-wong padha tumindak ora bener. Ning, kita isa rumangsa dikuwatké merga ngerti nèk Yéhuwah mbiyèn ora nyalahké para abdiné sing setya wektu takon kaya ngono.

3. Apa sing isa mbantu kita wektu ngalami kahanan sing angèl?

3 Piyé nèk kita lagi ngalami kahanan sing angèl? Sedulur tiriné Yésus sing jenengé Yakobus éntuk wahyu banjur kandha, ”Para sadulur, padha disabar nganti tumeka rawuhé Gusti!” (Yb. 5:7) Dadi, kita kabèh kudu sabar. Apa sing dimaksud sabar kuwi? Piyé carané nduduhké sipat kuwi?

APA SING DIMAKSUD SABAR KUWI?

4, 5. (a) Apa sing dimaksud sabar kuwi, lan piyé carané bèn dadi wong sing sabar? (b) Apa sing dijelaské karo Yakobus bab sabar? (Deloken gambar ing kaca 3.)

4 Alkitab kandha nèk sabar kuwi asalé saka roh suciné Yéhuwah. Tanpa bantuané Yéhuwah, tetep sabar wektu ngalami kahanan sing angèl kuwi isa waé ora gampang kanggo manungsa sing ora sampurna. Kesabaran kuwi hadiah saka Yéhuwah lan bukti katresnan kita marang Yéhuwah lan wong liya. Nèk ora sabar, katresnan kita saya suwé isa ilang. (1 Kr. 13:4; Gl. 5:22) Apa sing dimaksud sabar kuwi? Kuwi maksudé isa nanggung kahanan sing angèl lan tetep nduwé sikap sing positif. (Kl. 1:11; Yb. 1:3, 4) Wong sing sabar kuwi uga bakal tetep setya lan ora mbales wektu dianiaya utawa ngalami kasusahan liya. Alkitab kandha nèk kita kudu lila lan gelem ngentèni.​—Wacanen Yakobus 5:7, 8.

5 Apa sebabé kita kudu sabar ngentèni Yéhuwah tumindak? Yakobus njelaské nèk kahanan kita iki kaya pak tani. Pak tani wis mempeng nandur, ning dhèwèké ora isa ngendhalèni cuacané utawa nggawé bèn tandurané ndang cepet thukul. Pak tani kudu sabar ngentèni ”pametuning buminé kang adi”. Semono uga, kita kudu sabar ngentèni janji-janjiné Yéhuwah kelakon, merga ora kabèh bab isa kita kendhalèni.​—Mk. 13:32, 33; PR. 1:7.

6. Apa sing isa disinaoni saka tuladhané nabi Mikha?

6 Nabi Mikha kudu sabar nanggung kahanan sing angèl, kayadéné kita saiki. Dhèwèké urip ing jamané Raja Akhas sing jahat. Wektu kuwi, ana akèh sing korupsi lan tumindak jahat, nganti Alkitab kandha nèk wong-wong wis ”padha ahli nindakaké piala”, (Basa Jawi Padintenan [BJP]). (Wacanen Mikha 7:1-3.) Mikha ngerti nèk dhèwèké ora isa nangani masalah kuwi. Dadi, apa sing Mikha tindakké? Mikha kandha, ”Aku bakal ngarep-arep marang Pangéran Yéhuwah, nganti-anti marang Gusti Allah kang paring karahayon marang aku, Allahku mesthi bakal nyembadani aku!” (Mi. 7:7) Kita uga kudu ”nganti-anti marang Gusti Allah”, kayadéné Mikha.

7. Apa sebabé kita kuduné ora mung waton ngentèni janjiné Yéhuwah kelakon?

7 Nèk nduwé iman kayadéné Mikha, kita bakal nganti-anti marang Yéhuwah. Penjahat sing arep diukum mati ya ngentèni ing penjara. Ning, dhèwèké ora mungkin nganti-anti  dinané ukuman mati kuwi. Dhèwèké pancèn kepeksa ngentèni. Awaké dhéwé ora kaya ngono. Yéhuwah wis janji arep maringi urip langgeng. Kita gelem ngentèni Yéhuwah merga ngerti nèk Yéhuwah mesthi bakal nggenepi janjiné. Dadi, kita bakal ”tetep setya nanggung kabèh perkara kanthi sabar lan bungah”. (Kl. 1:11, 12, Terjemahan Dunia Baru) Karo ngentèni, aja sambat merga Yéhuwah ora ndang cepet-cepet tumindak. Kuwi isa nggawé Yéhuwah ora seneng.​—Kl. 3:12.

TULADHA SAKA WONG SING SABAR

8. Apa sing isa disinaoni saka wong-wong sing setya jaman mbiyèn?

8 Piyé carané bèn isa luwih sabar? Kita isa mikirké tuladhané wong-wong sing setya jaman mbiyèn sing sabar ngentèni Yéhuwah nggenepi janji-janjiné. (Rm. 15:4) Pikirna uga sepira suwéné wong-wong kuwi kudu ngentèni, apa sebabé gelem ngentèni, lan apa berkahé saka Yéhuwah merga wong-wong kuwi sabar ngentèni.

Abraham kudu ngentèni pirang-pirang taun nganti putuné sing jenengé Ésau lan Yakub lair (Deloken paragraf 9, 10)

9, 10. Sepira suwéné Abraham lan Sara ngentèni janjiné Yéhuwah?

9 Gatèkna tuladhané Abraham lan Sara. Wong loro kuwi nampa ”apa kang wus kaprasetyakaké”, merga padha ”pracaya lan sabar mantep”. Alkitab kandha nèk sakwisé ”Abraham ngentosi kanthi sabar”, Yéhuwah janji Abraham bakal diberkahi lan dadi bapak kanggo bangsa sing gedhé.  (Ib. 6:12, 15) Abraham kudu ngentèni kanthi sabar manèh, merga janji kuwi ora langsung kelakon wektu kuwi. Ing tanggal 14 Nisan taun 1943 SM, Abraham, Sara, lan kabèh keluargané nyebrang Kali Éfrat lan mlebu ing Tanah Prajanjian. Ning, Abraham isih kudu nunggu 25 taun manèh nganti anaké sing jenengé Iskak lair, terus nunggu 60 taun manèh nganti putuné sing jenengé Ésau lan Yakub lair.​—Ib. 11:9.

10 Sepira gedhéné tanah warisan sing ditampa Abraham ing Tanah Prajanjian? Alkitab kandha, ”Wonten ing ngriku Gusti Allah boten maringi warisan dhateng panjenenganipun, malah siti sapecak kémawon boten, nanging paring prajanji, badhé maringaken tanah punika dados kagunganipun turun-tumurun sanadyan kala samanten dèrèng peputra.” (PR. 7:5) 430 taun sakwisé kuwi, keturunané Abraham lagi dadi bangsa gedhé sing manggon ing tanah kuwi.​—Pa. 12:40-42; Gl. 3:17.

11. Apa sebabé Abraham gelem ngentèni lan apa berkahé?

11 Abraham gelem ngentèni merga yakin nèk Yéhuwah mesthi netepi janjiné. Dhèwèké nduwé iman marang Yéhuwah. (Wacanen Ibrani 11:8-12.) Abraham tetep ngentèni kanthi bungah senajan ora ndelok kabèh janjiné Yéhuwah kelakon nganti dhèwèké mati. Ning, Abraham mesthi seneng banget wektu sukmbèn dhèwèké diuripké manèh ing bumi firdaus. Abraham mesthi kagèt nèk ngerti pengalamané lan pengalamané keluargané akèh dicathet ing Alkitab. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Abraham mesthi ya seneng banget nèk ngerti dhèwèké uga dadi bagéan penting saka janjiné Yéhuwah bab Mèsias. Kita yakin Abraham mesthi bakal rumangsa nèk kabèh berkah kuwi pancèn pantes dientèni.

12, 13. Apa sebabé Yusuf kudu sabar, lan kepriyé sikapé Yusuf wektu ngentèni Yéhuwah?

12 Buyuté Abraham sing jenengé Yusuf uga gelem sabar ngentèni Yéhuwah. Yusuf dadi kurban tumindak sing ora adil. Yusuf didol karo kakang-kakangé wektu umuré kira-kira 17 taun. Banjur, dhèwèké ditudhuh arep merkosa bojoné juragané lan akiré dipenjara. (Pd. 39:11-20; Ms. 105:17, 18) Kaya-kayané Yusuf ora diberkahi, ning malah diukum karo Gusti Allah, senajan dhèwèké kuwi abdiné sing setya. Ning, sakwisé 13 taun, kahanané malih. Yusuf dibébaské saka penjara lan dadi panguwasa nomer loro sakwisé Firaun ing Mesir.​—Pd. 41:14, 37-43; PR. 7:9, 10.

Yusuf yakin nèk Yéhuwah ngertèni kabèh kahanané lan kabèh berkah saka Yéhuwah kuwi pancèn pantes dientèni

13 Apa Yusuf dadi nglokro merga ngalami kuwi kabèh? Apa dhèwèké rumangsa nèk Yéhuwah wis ora perduli? Ora. Yusuf sabar ngentèni. Apa sebabé? Merga Yusuf nduwé iman marang Yéhuwah. Yusuf yakin nèk Yéhuwah ngertèni kabèh kahanané. Yusuf dhéwé ngomong karo sedulur-seduluré, ”Aja kuwatir. Aku dudu Allah. Kowé wis padha ngrantam nindakaké  piala marang aku, nanging Gusti Allah piyambak sing ngowahi niatmu sing ala mau, digawé srana mitulungi wong akèh, sing padha urip saiki-iki.” (Pd. 50:19, 20, BJP) Yusuf yakin nèk kabèh berkah saka Yéhuwah kuwi pancèn pantes dientèni.

14, 15. (a) Apa sebabé Dawud dadi tuladha sing apik banget bab sabar ngentèni? (b) Apa sebabé Dawud gelem ngentèni kanthi sabar?

14 Raja Dawud uga bola-bali ngalami tumindak sing ora adil. Yéhuwah wis nglantik Dawud dadi raja wektu Dawud isih enom. Ning, Dawud kudu nunggu 15 taun nganti dadi raja kanggo suku Yéhuda, sukuné dhéwé. (2 Sa. 2:3, 4) Wektu kuwi, Dawud kudu mlayu lan ndhelik saka Raja Saul sing kepéngin matèni Dawud. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Akibaté, Dawud dadi ora nduwé omah dhéwé lan kudu manggon ing negara asing utawa ing guwa-guwa ing padhang belantara. Akiré, Saul mati wektu mèlu perang. Ning, Dawud isih kudu ngentèni pitung taun manèh nganti akiré dadi raja kanggo bangsa Israèl.​—2 Sa. 5:4, 5.

15 Apa sebabé Dawud gelem ngentèni kanthi sabar? Dawud dhéwé kandha ing Jabur 13, ”Kawula kumandel dhumateng sih-kadarman Paduka, manah kawula abingah-bingah margi saking pitulungan Paduka. Aku arep kekidungan kagem Sang Yéhuwah, amarga wus paring kasaénan marang aku.” (Ms. 13:6) Dawud yakin nèk Yéhuwah tresna lan bakal tetep setya karo dhèwèké. Dawud ngéling-éling wektu mbiyèn wis ditulungi karo Yéhuwah ping bola-bali. Dawud ngentèn-entèni wektuné Yéhuwah bakal mbantu ngrampungi masalahé. Dawud yakin nèk kabèh berkah saka Yéhuwah kuwi pancèn pantes dientèni.

Yéhuwah ora mung ndhawuhi bèn kita sabar ngentèni, ning Yéhuwah uga nindakké kuwi

16, 17. Apa buktiné nèk Yéhuwah lan Yésus kuwi dadi tuladha sing paling apik ing bab sabar ngentèni?

16 Yéhuwah ora mung ndhawuhi bèn kita sabar ngentèni, ning Yéhuwah uga nindakké kuwi. Yéhuwah dhéwé dadi tuladha sing paling apik ing bab sabar ngentèni. (Wacanen 2 Pétrus 3:9.) Contoné, wektu ing taman Èden éwonan taun kepungkur, Sétan nudhuh Yéhuwah ora adil. Yéhuwah ”ngantos-antos” wektuné kanggo mulihké asma suciné. Kuwi isa ngasilké berkah sing nyenengké banget kanggo wong-wong sing padha ”nganti-anti marang Panjenengané”.​—Yé. 30:18.

17 Yésus uga gelem ngentèni. Wektu ana ing bumi, Yésus tetep setya nganti mati. Ing taun 33, Yésus masrahké nyawané kanggo dadi kurban lan  mbayarké kuwi marang Yéhuwah ing swarga. Ning, Yésus isih kudu nunggu nganti dadi Raja ing taun 1914. (PR. 2:33-35; Ib. 10:12, 13) Sakliyané kuwi, Yésus uga isih kudu ngentèni nganti pungkasané Pamréntahan Sèwu Tauné, nganti kabèh mungsuhé disirnakké. (1 Kr. 15:25) Dadi, Yésus kudu nunggu nganti suwé banget. Ning, kabèh berkahé kuwi pancèn pantes dientèni.

PIYÈ CARANÉ BÈN ISA SABAR?

18, 19. Piyé carané bèn dadi wong sing sabar?

18 Dadi, cetha nèk Yéhuwah péngin kita dadi wong sing sabar, gelem ngentèni. Piyé carané? Kita kudu ndonga nyuwun roh suciné Yéhuwah, merga sabar kuwi salah siji wohing roh. (Éf. 3:16; 6:18; 1 Ts. 5:17-19) Dadi, nyuwuna bantuané Yéhuwah bèn isa tetep setya lan sabar.

19 Élinga uga karo tuladhané Abraham, Yusuf, lan Daud. Wong-wong kuwi isa sabar ngentèni janjiné Yéhuwah merga nduwé iman lan percaya marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi ora mung mikirké kepénginan lan kepentingané dhéwé. Élinga nèk wong-wong kuwi padha diberkahi merga sabar ngentèni Yéhuwah. Mula, kita kabèh mesthi ya péngin niru tuladhané.

20. Kita kudu nduwé tékad kanggo nindakké apa?

20 Kita kudu nduwé tékad kanggo tetep sabar ngentèni Yéhuwah senajan ngalami akèh kasusahan. Kadhang kala kita isa waé takon, ”Ngantos pinten dangunipun punika, dhuh Pangéran?” (Yé. 6:11) Ning, merga bantuan saka roh suciné Yéhuwah, kita isa niru nabi Yérémia sing kandha, ”Pangéran Yéhuwah iku dadi pandumanku, mulané dakarep-arep.”​—KP. 3:24.

^ par. 11 Kira-kira 15 bab saka buku Purwaning Dumadi nyritakké bab uripé Abraham. Sakliyané kuwi, para penulis Kitab-Kitab Yunani Kristen kerep nyritakké bab Abraham nganti ping 70 luwih.

^ par. 14 Yéhuwah nolak Saul sakwisé Saul dadi raja kira-kira luwih saka rong taun. Ning, Saul isih tetep mréntah saksuwéné 38 taun manèh nganti dhèwèké mati.​—1 Sa. 13:1; PR. 13:21.