Jadwal Maca Alkitab
Ing Alkitab ana akèh naséhat sing bermanfaat. Nèk maca, mikirké tenanan, lan ngetrapké Alkitab, ”sing mbok tindakké bakal berhasil”. (Yosua 1:8; Mazmur 1:1-3) Njenengan ya isa luwih kenal karo Gusti Allah lan Anaké, yaiku Yésus. Hasilé, njenengan isa urip saklawasé.—Yohanes 17:3.
Apa macané kudu urut? Ora mesthi. Mémang isa maca urut saka ngarep, tapi ya isa maca sesuai topik. Misalé, njenengan isa maca buku-buku sing isiné soal kisahé bangsa Israèl. Utawa maca buku-buku sing nyritakké piyé jemaat Kristen dadi saya akèh. Nèk saben dina maca 3-4 bab, njenengan isa rampung maca Alkitab setaun.
Njenengan isa download jadwal maca Alkitab iki, terus mulai dienggo.