Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan​—⁠Aja Égois lan Gampang Nesu

Tandhané Wong Kristen Kuwi Katresnan​—⁠Aja Égois lan Gampang Nesu

PENTING MERGA: Yésus kandha nèk tandhané wong Kristen kuwi katresnan. (Yoh 13:34, 35) Kanggo nduduhké katresnan kita kudu ngutamakké kepentingané wong liya lan ora gampang nesu.​—1Kor 13:5.

CARANÉ:

  • Nèk ana sing ngomong utawa nindakké bab sing nglarani ati, mandhega dhisik lan pikirna apa masalahé uga apa akibaté nèk kesusu tumindak.​—WB 19:11

  • Élinga nèk kita kabèh iki ora sampurna. Kadhang kala kita ngomong utawa nindakké bab sing akhiré nggawé gela

  • Kudu cepet ngrampungké masalahé

DELOKEN VIDEO ”PADHA TRESNA-TINRESNANANA”—AJA GOLÈK KEPÉNAKÉ AWAKÉ DHÉWÉ LAN GAMPANG NEPSU, LAN JAWABEN PITAKONAN-PITAKONAN IKI:

  • Piyé tanggepané Geri wektu Tom ngejak rapat?

  • Piyé carané bèn Tom ora nganti padu?

  • Apa hasilé wektu Tom njawab kanthi alus?

Apa manfaaté kanggo jemaat nèk kita ora gampang nesu?