Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 48

Anaké Janda Urip Manèh

Anaké Janda Urip Manèh

Wektu ana kekeringan, Yéhuwah ngomong karo Èlia, ’Lungaa ing Zaréfat. Salah siji janda ing kana bakal mènèhi kowé panganan.’ Ing gerbang kutha kuwi, Èlia ndelok ana janda miskin sing lagi ngumpulké kayu. Èlia njaluk ombé karo janda kuwi. Wektu janda kuwi arep njupukké ombé, Èlia ngomong manèh, ’Tulung, gawakké aku roti.’ Tapi, janda kuwi ngomong, ’Aku ora nduwé roti kanggo kowé. Aku mung nduwé tepung sithik lan minyak sithik kanggo nggawé panganan. Kuwi waé ya mung cukup kanggo aku lan anakku.’ Èlia ngomong, ’Yéhuwah wis janji nèk kowé nggawèkké roti kanggo aku, tepung karo minyakmu ora bakal entèk nganti ana udan manèh.’

Mula, janda kuwi mulih. Terus, dhèwèké nggawèkké roti kanggo nabiné Yéhuwah. Kaya janjiné Yéhuwah, tepung lan minyaké janda kuwi ora entèk-entèk. Janda kuwi lan anaké lanang tetep nduwé panganan wektu kekeringan.

 Tapi, bar kuwi, anaké janda mau lara. Bocah kuwi akhiré mati. Janda kuwi njaluk bantuané Èlia. Èlia njupuk bocah kuwi saka pelukané ibuné, terus digawa munggah ing ruangan ndhuwur. Bocah kuwi diturokké ing kasur. Terus, Èlia ndonga, ’Yéhuwah, tulung uripké manèh bocah iki.’ Nèk kelakon, kuwi mesthi luar biasa banget. Kowé ngerti ora kenapa? Merga durung tau ana wong mati sing diuripké manèh wektu kuwi. Apa manèh janda lan anaké lanang kuwi ya dudu wong Israèl.

Bocah kuwi akhiré isa urip lan ambegan manèh. Èlia ngomong karo janda kuwi, ’Deloken, anakmu urip manèh.’ Janda kuwi seneng banget. Terus, dhèwèké ngomong karo Èlia, ’Kowé pancèn nabiné Gusti Allah. Aku percaya merga apa sing njenengan omongké kuwi saka Gusti Allah, lan kuwi mesthi kelakon.’

”Coba gatèkna manuk gagak. Manuk gagak ora nyebar winih utawa manèn, lan ora nduwé lumbung utawa gudhang, nanging Gusti Allah maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé luwih aji ketimbang manuk-manuk, ta?”​—Lukas 12:24