Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB SIJI

Gusti Allah Kuwi Sapa?

Gusti Allah Kuwi Sapa?

1, 2. Pitakonan apa waé sing kerep ditakokké wong-wong?

BOCAH-BOCAH cilik seneng takon. Mbokmenawa pitakonané kuwi wis dijawab, ning tetep waé takon manèh, ’Kok isa ngono?’ Bar dijawab, isih takon terus.

2 Embuh kuwi cah enom utawa wong tuwa, kabèh mesthi nduwé pitakonan. Contoné, takon apa sing arep dipangan, dinggo, utawa dituku. Mbokmenawa, uga ana pitakonan bab urip lan kaya apa donya iki mbésuk. Ning nèk ora éntuk jawabané, isa waé malah dadi wegah takon manèh.

3. Apa sebabé ana sing rumangsa ora isa nemokké jawaban kanggo pitakonan-pitakonan penting bab urip?

3 Apa Alkitab nduwé jawaban kanggo pitakonan-pitakonan penting bab urip? Ana sing mikir kaya ngono, ning wong-wong kuwi ngrasa nèk Alkitab kuwi angèl dingertèni. Liyané mikir sing isa njawab pitakonan kuwi mung guru lan pemimpin agama. Ana uga sing wedi utawa isin ngakoni nèk ora ngerti jawabané. Nèk miturut panjenengan piyé?

4, 5. Panjenengan tau nduwé pitakonan apa bab urip? Apa sebabé panjenengan kudu terus nggolèk jawabané?

4 Panjenengan mbokmenawa péngin ngerti jawaban saka pitakonan-pitakonan iki: Apa tujuané urip iki? Apa sing bakal tak alami wektu aku mati? Gusti Allah kuwi kaya apa? Yésus mulang, ”Padha nyenyuwuna, temah bakal kaparingan. Padha golèk-golèka, temah bakal olèh. Padha thothok-thothoka, temah bakal kawenganan.” (Matéus 7:7) Aja mandheg takon nganti éntuk jawaban sing bener.

 5 Nèk panjenengan ngupaya nggolèk jawabané, kuwi ana ing Alkitab. (Wulang Bebasan 2:1-5) Jawabané ora angèl dingertèni. Nèk ngerti jawabané, panjenengan bakal urip ayem tentrem saiki, lan mbésuk isa ngrasakké akèh berkah sing nyenengké ati. Saiki, ayo ngrembug siji pitakonan sing mbingungké wong akèh.

APA GUSTI ALLAH PERDULI KARO AWAKÉ DHÉWÉ?

6. Apa sebabé ana sing rumangsa nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa?

6 Akèh wong ngira nèk Gusti Allah ora perduli karo manungsa. Wong-wong kuwi mikir nèk Gusti Allah pancèn perduli, donya ora bakal kaya ngéné. Ana perang, wong sengit karo liyané, lan kasusahan ing endi-endi. Wong-wong lara, urip sengsara, lan mati. Ana sing mikir, ’Nèk Gusti Allah perduli karo manungsa, kok meneng waé pas mirsani manungsa sengsara?’

7. (a) Piyé pemimpin agama mulang nèk Gusti Allah sing nyebabké kasusahané manungsa? (b) Apa alesané awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah dudu sing nyebabké kasusahané manungsa?

7 Para pemimpin agama kadhang kala mulang nèk Gusti Allah kuwi sing nyebabké kasusahané manungsa. Nèk ana sing éntuk musibah, para pemimpin agama kuwi ngomong nèk kuwi wis dikersakké Gusti Allah. Sakjané wong-wong mau nyalahké Gusti Allah. Ning, Alkitab mulang nèk Gusti Allah ora tau nyebabké manungsa sengsara. Yakobus 1:13 kandha, ”Manawa ana wong kang kena ing panggodha aja ngucap mangkéné: ’Aku digodha déning Allah.’ Jalaran Gusti Allah ora bisa digodha déning piala, sarta Gusti Allah ora nggodha marang wong.” Kuwi tegesé, senajan Gusti Allah durung nyingkirké kasusahané manungsa, ning Gusti Allah dudu sing nyebabké. (Wacanen Ayub 34:10-12.) Coba gatèkna conto iki.

8, 9. Apa sebabé awaké dhéwé kuduné ora ngarani Gusti Allah sing nyebabké manungsa sengsara? Wènèhana conto.

 8 Coba bayangna crita iki. Ana bocah lanang sing isih manggon karo wong tuwané. Bocah kuwi ditresnani banget karo bapaké, lan diwulang bèn isa nggawé keputusan sing bener. Ning, bocah kuwi mbrontak nglawan bapaké lan minggat saka omah. Dhèwèké tumindak bejat banjur éntuk masalah. Apa panjenengan bakal nyalahké bapaké, merga ora ngalang-alangi pas anaké minggat saka omah? Mesthiné ora, ta? (Lukas 15:11-13) Kaya bapak mau, Gusti Allah ora ngalang-alangi pas manungsa mbrontak nglawan Gusti Allah lan tumindak jahat. Awaké dhéwé kudu éling nèk Gusti Allah kuwi ora nyebabké manungsa sengsara. Dadi, ora bener nèk awaké dhéwé nyalahké Gusti Allah.

9 Ana alesan sing kuwat kenapa Gusti Allah durung nyingkirké kasusahané manungsa. Awaké dhéwé bakal ngerti alesané saka Alkitab, sing bakal dirembug ing bab 11 buku iki. Ning sing paling penting, awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah nresnani manungsa, lan dudu Gusti Allah sing nyebabké manungsa sengsara. Mung Gusti Allah sing isa nyingkirké kabèh kasusahan.​—Yésaya 33:2.

10. Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya nèk Gusti Allah bakal ndandani kabèh sing wis dirusak manungsa?

10 Gusti Allah kuwi suci. (Yésaya 6:3) Kabèh sing ditindakké apik lan ora ana cacadé. Dadi, awaké dhéwé isa percaya karo Gusti Allah. Béda banget karo manungsa sing kadhang kala tumindak salah. Pemimpin sing paling jujur waé ora nduwé kuwasa ndandani kabèh sing wis dirusak manungsa. Ora ana sing nduwé kuwasa kaya Gusti Allah. Gusti Allah isa, lan bakal ndandani kabèh sing wis dirusak manungsa. Kabèh sing jahat bakal disingkirké saklawasé.​—Wacanen Jabur 37:9-11.

 PIYÉ PERASAANÉ GUSTI ALLAH PAS NGERTI KASUSAHANÉ MANUNGSA?

11. Apa sing dirasakké Gusti Allah pas ngerti kasusahané manungsa?

11 Apa sing dirasakké Gusti Allah, pas ndelok kedadéan ing donya lan sing panjenengan alami? Alkitab kandha nèk Gusti Allah ”nresnani kaadilan”. (Jabur 37:28) Gusti Allah ngerti banget endi sing bener lan endi sing salah. Gusti Allah ora seneng ndelok manungsa sengsara. Alkitab kandha nèk ”Gusti Allah sekel [utawa, sedhih] galihé” pas ndelok akèh tumindak jahat ing donya. (Purwaning Dumadi 6:5, 6) Nganti saiki, rasa sedhih pas ndelok tumindak jahat kuwi isih tetep padha. (Maléakhi 3:6) Alkitab kandha nèk Gusti Allah nggatèkké tenanan panjenengan.​—Wacanen 1 Pétrus 5:7.

Alkitab mulang, Yéhuwah nggawé jagat iki merga nresnani manungsa

12, 13. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa nresnani lan nggatèkké wong liya, lan piyé rasané pas awaké dhéwé ndelok wong liya sengsara? (b) Apa sebabé awaké dhéwé isa percaya, nèk Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kasusahan lan tumindak sing ora adil?

12 Alkitab uga kandha nèk manungsa digawé kaya gambaré Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:26) Kuwi tegesé awaké dhéwé nduwèni sipat-sipaté Gusti Allah. Dadi, nèk awaké dhéwé waé ora seneng ndelok wong apik ngalami sengsara, apa manèh Gusti Allah. Awaké dhéwé isa ngerti saka endi?

13 Alkitab mulang awaké dhéwé nèk ”Gusti Allah iku katresnan”. (1 Yokanan 4:8) Kabèh sing ditindakké Gusti Allah kuwi dhasaré katresnan. Dadi, awaké dhéwé isa nresnani wong liya merga Gusti Allah ya nduwé rasa tresna. Coba dipikir, nèk panjenengan isa, apa panjenengan bakal nyingkirké kabèh kasusahan lan tumindak sing ora adil ing donya? Mesthiné iya, ta? Merga panjenengan nresnani wong liya. Semono uga, merga nduwé kuwasa lan nresnani manungsa, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kasusahan  lan tumindak sing ora adil. Awaké dhéwé isa percaya nèk kabèh janjiné Gusti Allah, sing wis ditulis ing wiwitané buku iki bakal kelakon. Ning, bèn awaké dhéwé luwih percaya, awaké dhéwé perlu kenal tenan karo Gusti Allah.

GUSTI ALLAH PÉNGIN DIKENAL KARO PANJENENGAN

Nèk pas kenalan, biyasané panjenengan nyebutké jeneng. Gusti Allah ngandhani asmané ing Alkitab

14. Sapa asmané Gusti Allah, lan saka endi awaké dhéwé isa ngerti nèk kudu nggunakké asma kuwi?

14 Nèk pas kenalan, biyasané apa sing sepisanan disebutké? Biyasané nyebutké jeneng, ta? Apa Gusti Allah nduwé asma? Akèh agama nyebut asmané Gusti Allah kuwi Allah utawa Gusti, ning sakjané kuwi dudu jeneng. Kuwi mung sebutan, kaya ”raja” utawa ”présidhèn”. Gusti Allah ngendika nèk asmané yaiku Yéhuwah. Jabur 83:19 kandha, ”Supados sami sumerepa, bilih namung Paduka ingkang asma Yéhuwah, Ingkang Mahaluhur tuwin misésani ing salumahing bumi.” Ing Alkitab, asmané Gusti Allah ditulis cacahé nganti éwon. Kuwi tegesé Yéhuwah péngin panjenengan ngerti lan nggunakké asmané. Yéhuwah ngandhani asmané bèn panjenengan isa dadi kancané.

15. Apa tegesé asma ”Yéhuwah”?

15 Asmané Gusti Allah yaiku Yéhuwah, maknané apik banget.  Kuwi tegesé kabèh sing dikersakké lan dijanjèkké mesthi bakal kelakon. Ora ana sing isa ngalang-alangi kersané. Mung Yéhuwah sing isa nduwèni asma kuwi. *

16, 17. Apa tegesé (a) ”Ingkang Mahakuwaos”? (b) ”Ratu langgeng”? (c) ”Sing nggawé urip”?

16 Kaya sing mau diwaca, Jabur 83:19 kandha bab Yéhuwah, ”Namung Paduka . . . Ingkang Mahaluhur.”  Wahyu 15:3 uga kandha, ”Agung saha élok pakaryan Paduka, dhuh Pangéran, Allah ingkang Mahakuwaos!” Sebutan ”Ingkang Mahakuwaos” tegesé kuwasané Yéhuwah ora ana tandhingané. Alkitab uga kandha nèk Yéhuwah kuwi ”Ratu langgeng”. (1 Timotéus 1:17, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan [BJP]) Sebutan ”Ratu langgeng” tegesé ana saklawasé. Jabur 90:2 uga kandha nèk Yéhuwah kuwi ora ana wiwitané lan ora ana pungkasané. Kuwi nggumunké banget, ta?

17 Mung Yéhuwah sing nggawé jagat sak isiné. Wahyu 4:11 kandha, ”Dhuh Pangéran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos; amargi Paduka sampun nitahaken samukawis; sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.” Yéhuwah sing nggawé para malaékat ing swarga, lintang ing langit, woh-wohan, lan iwak ing segara.

 APA PANJENENGAN ISA DADI KANCANÉ YÉHUWAH?

18. Apa sebabé ana sing rumangsa ora isa dadi kancané Gusti Allah? Apa kandhané Alkitab bab iki?

18 Wektu maca bab sipat-sipaté Yéhuwah sing apik banget, ana sing rumangsa wedi lan mikir, ’Gusti Allah kuwi Mahakuwasa lan Mahaluhur, adoh saka aku, apa iya bakal nggatèkké aku?’ Apa pikiran kaya ngono kuwi bener? Mesthiné ora, ta? Yéhuwah péngin cedhak karo manungsa. Alkitab kandha nèk Gusti Allah ”punika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak”. (Lelakoné Para Rasul 17:27) Gusti Allah péngin awaké dhéwé cedhak karo Gusti Allah. Gusti Allah uga janji nèk ”bakal nyelaki kowé”.​—Yakobus 4:8.

19. (a) Piyé carané dadi kancané Gusti Allah? (b) Sipaté Yéhuwah sing endi sing paling panjenengan senengi?

19 Piyé carané dadi kancané Gusti Allah? Yésus ngendika, ”Wondéné menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.” (Yokanan 17:3) Terusa sinau bab Yéhuwah lan Yésus lan panjenengan isa urip saklawasé. Awaké dhéwé wis sinau nèk ”Gusti Allah iku katresnan”. (1 Yokanan 4:16) Ning, sakjané Gusti Allah nduwé sipat-sipat liyané. Alkitab kandha nèk Yéhuwah iku ”asipat welas asih, luwih déning sabar, gedhé kamirahané lan kasetyané”. (Pangentasan 34:6) Yéhuwah iku ”saé . . . saha remen ngapunten”. (Jabur 86:5) Gusti Allah iku sabar lan setya. (2 Pétrus 3:9; Wahyu 15:4) Panjenengan bakal sinau luwih akèh bab sipat-sipaté Yéhuwah nèk maca Alkitab.

20, 21. Piyé carané awaké dhéwé isa cedhak karo Gusti Allah padahal Gusti Allah ora isa didelok?

20 Piyé panjenengan isa cedhak karo Gusti Allah padahal Gusti Allah ora isa didelok? (Yokanan 1:18; 4:24;  1 Timotéus 1:17) Panjenengan bakal ngrasakké Gusti Allah iku nyata, nèk maca Alkitab. (Jabur 27:4; Rum 1:20) Saya akèh panjenengan ngerti bab Yéhuwah, panjenengan bakal saya cedhak lan nresnani Gusti Allah.

Katresnané Yéhuwah ngluwihi katresnané bapak marang anaké

21 Panjenengan bakal sinau, nèk Yéhuwah kuwi Bapaké awaké dhéwé. (Matéus 6:9) Yéhuwah iku sing nggawé urip, lan péngin manungsa urip ayem tentrem. Kuwi kaya bapak sing péngin anak-anaké urip seneng. (Jabur 36:10) Alkitab mulang nèk panjenengan isa dadi kancané Yéhuwah. (Yakobus 2:23) Coba bayangna, panjenengan isa kekancan karo sing nggawé jagat iki.

22. Panjenengan kudu piyé nèk ana sing ngongkon panjenengan mandheg sinau Alkitab?

22 Mbokmenawa ana wong sing péngin panjenengan mandheg sinau Alkitab, merga dhèwèké wedi panjenengan pindhah agama. Ning, aja nganti ana wong liya sing ngalang-alangi panjenengan dadi kancané Yéhuwah, merga Yéhuwah iku kanca sing paling apik kanggo panjenengan.

23, 24. (a) Apa sebabé panjenengan aja isin takon? (b) Apa sing bakal dirembug ing bab 2 buku iki?

23 Wektu sinau Alkitab, mbokmenawa ana sing angèl dingertèni. Ning, aja isin takon. Yésus ngendika nèk awaké dhéwé kudu andhap asor, kaya bocah-bocah cilik. (Matéus 18:2-4) Bocah-bocah cilik seneng takon. Gusti Allah péngin panjenengan nemokké jawabané. Dadi, panjenengan kudu sinau Alkitab sing tliti bèn ngerti sing bener miturut Gusti Allah.​—Wacanen Lelakoné Para Rasul 17:11.

24 Cara sing paling apik kanggo sinau bab Yéhuwah, yaiku sinau Alkitab. Ing bab 2 buku iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé Alkitab béda karo buku-buku liyané.

^ par. 15 Nèk ing Alkitab panjenengan ora ana asma Yéhuwah, utawa nèk panjenengan péngin ngerti katrangan sing luwih akèh bab carané nyebutké lan tegesé asmané Gusti Allah, deloken Cathetan 1.