Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 2

Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah

Hati Nurani sing Apik Nurut Gusti Allah

”Jaganen hati nuranimu tetep apik.”​—1 PÉTRUS 3:16.

1, 2. Apa sebabé awaké dhéwé butuh tuntunan wektu ngléwati dhaérah sing durung tau diléwati? Yéhuwah mènèhi apa kanggo nuntun awaké dhéwé?

BAYANGNA awaké dhéwé lagi lunga lan kudu ngléwati padhang pasir. Merga ana angin gedhé, posisiné bukit-bukit pasir molah-malih. Akibaté awaké dhéwé dadi gampang kesasar. Piyé carané bèn isa ngerti arah sing bener? Awaké dhéwé butuh tuntunan. Isa waé kuwi kompas, srengéngé, bintang, péta, GPS (Global Positioning System), utawa wong sing ngerti  tenan dhaérah kuwi. Awaké dhéwé butuh tuntunan bèn isa slamet tekan nggoné.

2 Kadhang kala, awaké dhéwé ora ngerti carané ngatasi masalah. Ning, Yéhuwah mènèhi hati nurani kanggo nuntun. (Yakobus 1:17) Ayo dirembug apa hati nurani kuwi lan apa gunané. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug carané bèn hati nurani isa terus dituntun Alkitab, alesané kudu mikirké hati nuraniné wong liya, lan manfaaté nduwé hati nurani sing apik.

HATI NURANI KUWI APA, LAN APA GUNANÉ?

3. Hati nurani kuwi apa?

3 Hati nurani kuwi perasaan sing isa mbantu awaké dhéwé mbédakké sing bener lan sing salah. Kuwi anugrah saka Yéhuwah. Kata Yunani sing digunakké ing Alkitab kanggo ”hati nurani” artiné ”pengetahuan pendamping”. Hati nurani sing dituntun Alkitab isa mbantu awaké dhéwé ngerti pikiran lan perasaané awaké dhéwé lan mriksa kaya apa awaké dhéwé saktenané. Kuwi ya mbantu awaké dhéwé bèn isa nindakké sing bener lan ora nindakké sing salah. Nèk keputusané bener, awaké dhéwé isa ngrasa seneng, ning nèk keputusané salah, awaké dhéwé isa ngrasa salah.​—Deloken Cathetan 5.

4, 5. (a) Merga Adam lan Hawa ora manut karo hati nuraniné, apa akibaté? (b) Sebutna conto-conto ing Alkitab sing nduduhké gunané hati nurani.

4 Saben wong isa milih arep manut karo hati nuraniné apa ora. Adam lan Hawa ora gelem manut karo hati nuraniné, lan akibaté wong loro kuwi dosa. Terus wong loro kuwi ngrasa salah, ning kuwi wis telat.  Wong loro mau wis ora manut karo Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 3:7, 8) Senajan sampurna lan ngerti nèk ora manut karo Gusti Allah kuwi salah, ning Adam lan Hawa ora gelem manut karo hati nuraniné.

5 Ning, senajan ora sampurna, ana akèh wong sing gelem manut karo hati nuraniné. Contoné, yaiku Ayub. Merga nggawé keputusan sing bener, Ayub isa kandha, ”Atiku ora bisa nacad dinané uripku siji-sijia.” (Ayub 27:6) Wektu Ayub ngomong ”atiku”, kuwi maksudé hati nuraniné Ayub, yaiku perasaan sing isa mbantu dhèwèké ngerti sing bener lan sing salah. Ana kasus liyané manèh, yaiku Daud. Dhèwèké ora gelem manut karo hati nuraniné lan akhiré ora manut karo Yéhuwah. Akibaté, dhèwèké ngrasa salah. (1 Samuèl 24:6) Hati nuraniné Daud mbantu dhèwèké ngerti nèk sing wis ditindakké kuwi salah. Daud perlu manut karo hati nuraniné bèn ora mbalèni kesalahané.

6. Apa buktiné nèk hati nurani kuwi anugrah saka Gusti Allah kanggo kabèh manungsa?

6 Malah, wong-wong sing dudu abdiné Yéhuwah ya ngerti endi sing bener lan sing salah. Alkitab kandha, ”Pikirané wong-wong kuwi ngandhani apa wong-wong kuwi tumindak salah apa ora.” (Roma 2:14, 15) Contoné, akèh wong ngerti nèk matèni utawa nyolong kuwi salah. Wong-wong kuwi sakjané manut karo hati nuraniné, yaiku perasaan sing isa mbantu wong-wong kuwi mbédakké sing bener lan sing salah. Wong-wong kuwi ya manut karo pathokan-pathokané Yéhuwah, yaiku wulangan sing bener sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé pilihan sing bener.

7. Apa sebabé hati nurani kadhang kala isa salah?

 7 Ning, hati nurani isa salah. Misalé, hati nurani isa rusak merga pikiran lan perasaané awaké dhéwé sing ora sampurna, lan kuwi isa nggawé awaké dhéwé nindakké sing salah. Butuh upaya bèn isa nduwé hati nurani sing apik. (Purwaning Dumadi 39:1, 2, 7-12) Hati nurani perlu dituntun karo pathokané Alkitab lan roh suci saka Yéhuwah. (Roma 9:1) Ayo dirembug carané.

CARANÉ BÈN HATI NURANI DITUNTUN ALKITAB

8. (a) Apa buktiné nèk perasaan ana pengaruhé kanggo hati nurani? (b) Apa sing kudu dipikirké sakdurungé nggawé keputusan?

8 Ana sing nganggep nèk manut karo hati nurani kuwi maksudé mung nuruti perasaan. Wong-wong kuwi nganggep nèk isa nindakké apa waé lan sing penting ora ngrasa salah. Ning, merga ora sampurna, perasaané awaké dhéwé isa salah lan kuwi ana pengaruhé kanggo hati nurani. Alkitab kandha, ”Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa baé, atiné wis kaya watu: sapa kang bisa nyumurupi kaanané?” (Yérémia 17:9) Dadi, isa waé wong nganggep sing dilakoni kuwi bener, padahal salah. Contoné, sakdurungé dadi wong Kristen, Paulus nganiaya umaté Gusti Allah lan yakin nèk kuwi bener. Paulus rumangsa nduwé hati nurani sing apik, ning akhiré dhèwèké kandha, ”Sing ngadili aku kuwi mung Yéhuwah.” (1 Korintus 4:4; Kisah 23:1; 2 Timotius 1:3) Wektu ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo kelakuané, Paulus sadhar nèk kudu berubah. Mula, sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu mikir, ’Piyé pandhangané Yéhuwah soal iki?’

9. Apa maksudé wedi marang Gusti Allah?

 9 Awaké dhéwé mesthi ora péngin nggawé wong sing ditresnani dadi sedhih. Merga nresnani Yéhuwah, awaké dhéwé ya ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. Awaké dhéwé kuduné aja nganti nggawé Yéhuwah ngrasa kaya ngono. Néhémia ngekèki conto soal kuwi. Senajan dadi gubernur, Néhémia ora gelem nggunakké jabatané kanggo mburu bandha. Apa sebabé? Merga Néhémia ”wedi marang Gusti Allah”. (Néhémya 5:15) Néhémia ora péngin nggawé Yéhuwah sedhih. Kaya Néhémia, awaké dhéwé ya ora péngin nindakké sing salah merga wedi nggawé Yéhuwah sedhih. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti carané nyenengké Yéhuwah.​—Deloken Cathetan 6.

10, 11. Pathokan Alkitab apa waé sing isa mbantu awaké dhéwé nggawé keputusan sing bener soal ngombé alkohol?

10 Contoné, wong Kristen mungkin kudu mutuské arep ngombé alkohol apa ora. Pathokan apa sing isa mbantu? Alkitab ora nglarang wong ngombé alkohol, malah Alkitab kandha nèk anggur kuwi anugrah saka Gusti Allah. (Jabur 104:14, 15) Senajan ngono, Yésus ngandhani para muridé bèn ora ”kakèhan ngombé” alkohol. (Lukas 21:34) Paulus ya ngandhani wong-wong Kristen bèn ora mèlu ”pésta bébas utawa mabuk-mabukan”. (Roma 13:13) Dhèwèké kandha nèk wong sing seneng mabuk-mabukan ”ora bakal nampa warisan Kratoné Allah”.​—1 Korintus 6:9, 10.

11 Awaké dhéwé kudu mikirké, ’Apa aku kudu ngombé alkohol? Apa aku isa ngrasa tenang utawa luwih percaya dhiri mung nèk ngombé alkohol? Apa aku isa ngatur akèhé alkohol sing tak ombé lan ping  pira aku ngombé? * Apa aku isih isa seneng-seneng karo kancaku senajan ora ana alkohol?’ Awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa nggawé keputusan sing bener. (Wacanen Jabur 139:23, 24.) Dadi, bèn hati nuraniné awaké dhéwé isa dituntun Alkitab, awaké dhéwé kudu mikirké lan ngetrapké pathokané Alkitab. Ning, ana manèh sing kudu dipikirké.

MIKIRKÉ HATI NURANINÉ WONG LIYA

12, 13. Apa sebabé hati nuraniné wong béda-béda? Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé soal kuwi?

12 Hati nuraniné wong béda-béda. Ana keputusan sing nurut hati nuraniné awaké dhéwé ora apa-apa, ning hati nuraniné wong liya ngrasa ora pénak. Contoné, awaké dhéwé mungkin gelem ngombé alkohol, ning wong liya ora gelem. Apa sebabé kok isa béda?

Hati nurani sing dituntun Alkitab isa mbantu awaké dhéwé mutuské arep ngombé alkohol apa ora

13 Hati nuraniné wong isa dipengaruhi karo dhaérah asalé, dhidhikan wong tuwané, pengalamané, utawa liyané. Misalé, wong sing mbiyèn tau kecanduan alkohol mungkin ora gelem ngombé alkohol manèh. (1 Para Raja 8:38, 39) Dadi, nèk awaké dhéwé nawani wong liya ngombé alkohol ning dhèwèké ora gelem, piyé tanggepané awaké dhéwé? Apa awaké dhéwé bakal tersinggung? Apa awaké dhéwé bakal meksa dhèwèké ngombé? Apa awaké dhéwé kudu ngerti alesané wong kuwi ora gelem ngombé? Ora, merga awaké dhéwé ngajèni keputusané.

14, 15. Piyé pandhangané para sedulur ing jamané Paulus soal daging sing didol ing pasar? Apa naséhaté Paulus?

 14 Wong-wong Kristen ing jamané Rasul Paulus ya nduwé hati nurani sing béda-béda. Misalé, pandhangan soal daging sing bar dikurbanké marang brahala lan didol ing pasar. (1 Korintus 10:25) Kanggoné Paulus, ora masalah nèk tuku lan mangan daging kuwi merga kabèh panganan asalé saka Yéhuwah. Ning, ana sedulur sing mbiyèn nyembah brahala ngrasa nèk mangan daging kuwi salah. Paulus isa waé mikir, ’Kanggoku, kuwi ora masalah. Kan kuwi hakku, ta?’

15 Ning, Paulus ora mikir kaya ngono. Paulus ora ngutamakké haké merga mikirké hati nuraniné wong liya. Paulus kandha, ”Aja mung nyenengké awaké dhéwé.” Dhèwèké ya kandha, ”Merga Kristus waé ora nyenengké dhèwèké dhéwé.” (Roma 15:1, 3) Kaya Yésus, Paulus luwih mikirké kepentingané wong liya timbang kepentingané dhéwé.​—Wacanen 1 Korintus 8:13; 10:23, 24, 31-33.

16. Apa sebabé awaké dhéwé aja nggolèk-golèk kesalahané wong liya sing keputusané béda?

16 Ning, piyé nèk keputusané wong liya nggawé hati nuraniné awaké dhéwé ora pénak? Awaké dhéwé aja nganti nggolèk-golèk kesalahané wong kuwi lan nganggep nèk pandhangané awaké dhéwé sing paling bener. (Wacanen Roma 14:10.) Hati nurani kuwi dinggo mriksa awaké dhéwé, dudu wong liya. (Matius 7:1) Aja nganti keputusané awaké dhéwé nggawé jemaat dadi ora rukun. Awaké dhéwé malah kudu ngupaya bèn para sedulur isa tetep rukun.​—Roma 14:19.

 MANFAATÉ NDUWÉ HATI NURANI SING APIK

17. Nèk terus-terusan ora manut karo pathokané Yéhuwah, apa akibaté kanggo hati nurani?

17 Rasul Paulus kandha, ”Jaganen hati nuranimu tetep apik.” (1 Pétrus 3:16) Nèk terus-terusan ora manut karo pathokané Yéhuwah, wong isa dadi ora rumangsa salah manèh wektu nggawé kesalahan. Paulus kandha nèk hati nuraniné wong mau ”wis mati rasa” kaya dicap nganggo wesi panas. (1 Timotius 4:2) Wektu ngalami luka bakar sing parah, kulité awaké dhéwé isa dadi mati rasa. Nèk awaké dhéwé terus-terusan  nglanggar pathokané Yéhuwah, hati nuraniné awaké dhéwé ya isa dadi ”mati rasa” lan akhiré rusak.

Hati nurani sing apik isa mènèhi tuntunan wektu nggawé keputusan bèn awaké dhéwé isa bahagia

18, 19. (a) Nèk awaké dhéwé ngrasa salah utawa isin, kuwi bukti apa? (b) Nèk isih rumangsa salah senajan wis suwé mertobat, awaké dhéwé kudu piyé?

18 Nèk awaké dhéwé ngrasa salah, kuwi bukti nèk hati nuraniné awaké dhéwé nggawé awaké dhéwé ngerti nèk sing wis ditindakké kuwi salah. Awaké dhéwé dadi isa mikirké tumindaké awaké dhéwé bèn ora mbalèni kesalahan kuwi manèh. Contoné, sakwisé Raja Daud nindakké dosa, hati nuraniné nggawé dhèwèké péngin mertobat. Dhèwèké gela banget karo kelakuané lan péngin terus manut karo Yéhuwah. Merga wis ngalami dhéwé, Daud isa kandha nèk Yéhuwah  kuwi ’saé saha remen ngapunten’.​—Jabur 51:3-21; 86:5; deloken Cathetan 7.

19 Ning, mungkin ana wong sing isih rumangsa salah senajan wis suwé mertobat. Kuwi nggawé dhèwèké ngrasa susah lan ora berharga. Nèk kadhang kala ngrasa kaya ngono, élinga nèk awaké dhéwé ora isa ngowahi apa sing wis kelakon. Ora masalah awaké dhéwé sengaja apa ora wektu nindakké dosa, Yéhuwah wis ngapura awaké dhéwé. Yéhuwah ora nganggep awaké dhéwé isih dosa, lan saiki awaké dhéwé wis ngupaya nindakké sing bener. Mungkin atiné awaké dhéwé isih ngrasa ora pénak, ning Alkitab kandha, ”Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita.” (Wacanen 1 Yohanes 3:19, 20.) Kuwi maksudé awaké dhéwé ora perlu terus-terusan mikirké rasa isin lan kesalahané awaké  dhéwé merga ngerti Yéhuwah tresna tenan karo awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya isa yakin nèk Yéhuwah wis ngapura awaké dhéwé. Wektu diapura karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngrasa ayem lan isa seneng wektu ngabdi marang Gusti Allah.​—1 Korintus 6:11; Ibrani 10:22.

20, 21. (a) Apa manfaaté buku iki? (b) Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé kebébasan apa? Piyé carané nggunakké kebébasan kuwi?

20 Buku iki isa mbantu awaké dhéwé ngerti piyé carané bèn hati nuraniné awaké dhéwé isa dituntun Alkitab. Hati nurani sing kaya ngono isa mbantu awaké dhéwé mikirké apa tumindaké awaké dhéwé wis cocog karo pathokané Alkitab. Buku iki ya isa mbantu awaké dhéwé ngetrapké pathokané Alkitab wektu ngadhepi masalah. Buku iki pancèn ora mènèhi daftar aturan kanggo mbantu awaké dhéwé nggawé kabèh keputusan merga saiki awaké dhéwé manut karo ”hukum Kristus” sing dhasaré pathokan-pathokané Gusti Allah. (Galatia 6:2) Aja nganti awaké dhéwé nindakké sing salah mung merga kuwi ora ana hukumé ing Alkitab. (2 Korintus 4:1, 2; Ibrani 4:13; 1 Pétrus 2:16) Kuwi kuduné malah dadi kesempatan kanggo awaké dhéwé nduduhké katresnan marang Yéhuwah.

21 Wektu mikirké lan ngetrapké pathokané Alkitab, kuwi artiné awaké dhéwé nggunakké ’kesanggupan kanggo mikir’ bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah. (Ibrani 5:14) Nèk hati nuraniné awaké dhéwé dituntun karo pathokané Alkitab, awaké dhéwé isa ngatasi masalah lan isa tetep ditresnani Gusti Allah.

^ par. 11 Akèh dokter kandha nèk wong sing wis tau kecanduan alkohol biasané angèl ngatur sepira akèhé alkohol sing diombé. Mula, para dokter mènèhi saran supaya wong kuwi ora usah ngombé alkohol manèh.