Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB 13

Apa Kabèh Perayaan Nyenengké Gusti Allah?

Apa Kabèh Perayaan Nyenengké Gusti Allah?

”Terus pastèkna apa sing nyenengké Gusti.” —ÉFÉSUS 5:10.

1. Bèn isa nyenengké Yéhuwah, awaké dhéwé kudu piyé? Lan, apa sebabé?

YÉSUS kandha, ”Para penyembah sing sejati bakal nyembah Bapak nganggo roh lan cocog karo apa sing bener, merga saktenané Bapak nggolèki wong-wong sing kaya ngono kuwi kanggo nyembah Panjenengané.” (Yohanes 4:23; 6:44) Mula, awaké dhéwé kudu ’terus mastèkké apa sing nyenengké Gusti’. (Éfésus 5:10) Ning, kuwi ora gampang merga Sétan ngupaya ngapusi awaké dhéwé bèn nglakoni sing ora disenengi Yéhuwah.​—Wahyu 12:9.

2. Critakna pengalamané bangsa Israèl wektu kémah ing cedhaké Gunung Sinai.

2 Piyé carané Sétan ngapusi? Salah sijiné yaiku nggawé awaké dhéwé ora isa mbédakké endi sing bener lan sing salah. Gatèkna pengalamané bangsa Israèl wektu kémah ing cedhaké Gunung Sinai. Wektu Musa munggah gunung ning ora mudhun-mudhun, wong Israèl wegah ngentèni manèh lan akhiré ngongkon Harun nggawé patung anak sapi emas. Wong Israèl ya nganakké perayaan. Wong Israèl nari ngubengi lan nyembah patung kuwi merga  rumangsa nèk kuwi padha waé karo nyembah Yéhuwah. Ning, sakjané kuwi salah. Kanggoné Yéhuwah, wong Israèl padha waé nyembah brahala. Akibaté, akèh wong Israèl sing dipatèni. (Pangentasan 32:1-6, 10, 28) Apa hubungané pengalaman kuwi karo awaké dhéwé? Awaké dhéwé aja gelem diapusi. Awaké dhéwé ”aja nganti kagepok kang najis”, maksudé aja nganti nduwé hubungan karo agama palsu. Awaké dhéwé kudu manut pathokané Yéhuwah soal endi sing bener lan sing salah.​—Yésaya 52:11; Yéheskièl 44:23; Galatia 5:9.

3, 4. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngerti asal-usulé perayaan sing biasa dirayakké wong-wong?

3 Wektu ing bumi, Yésus ngandhani para rasulé carané ngibadah sing bener. Sakwisé Yésus mati, para rasul mulang murid-murid sing anyar soal kuwi. Ning, sakwisé para rasul mati, ing jemaat mulai ana ajaran, kebiasaan, lan perayaan palsu sing diwulangké guru-guru palsu. Perayaan-perayaan kuwi didadèkké perayaan Kristen. (2 Tésalonika 2:7, 10; 2 Yohanes 6, 7) Akèh perayaan kuwi isih ana nganti saiki lan isih ana hubungané karo agama palsu, malah karo roh-roh jahat. *Wahyu 18:2-4, 23.

4 Jaman saiki, ana akèh perayaan. Ning, saya akèh sinau Alkitab, awaké dhéwé dadi ngerti nèk ana perayaan sing ora disenengi Yéhuwah, lan awaké dhéwé kudu mandheg mèlu perayaan kuwi. Pancèn ora  gampang, ning Yéhuwah bakal mbantu. Ayo dirembug asal-usulé perayaan-perayaan mau.

ASAL-USULÉ NATAL

5. Apa buktiné nèk Yésus ora lair tanggal 25 Desember?

5 Natal biasané dirayakké saben tanggal 25 Desember lan dianggep tanggal lairé Yésus. Pancèn Alkitab ora nyebutké kapan persisé Yésus lair. Ning, Alkitab nyritakké keadaan wektu Yésus lair. Buku Lukas nyritakké nèk ana wong-wong sing lagi njaga wedhusé ing lapangan wektu Yésus lair ing Bètléhèm. (Lukas 2:8-11) Ing sasi Desember, Bètléhèm kuwi adhem banget, kerep udan, lan ana saljuné. Dadi, wong-wong kuwi ora mungkin njaga wedhusé ing lapangan bengi-bengi. Saka katrangan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yésus ora lair ing sasi Desember. Wektu Yésus lair, hawané ora adhem banget. Alkitab lan bukti-bukti sejarah nyritakké nèk Yésus lair ing sasi September utawa Oktober.

6, 7. (a) Piyé asal-usulé Natal? (b) Awaké dhéwé kuduné seneng mènèhi merga apa?

6 Nèk ngono, piyé asal-usulé Natal? Kuwi asalé saka perayaan agama palsu, salah sijiné yaiku perayaan Saturnalia sing dirayakké wong Roma kanggo Saturnus, déwa pertanian. The Encyclopedia Americana kandha, ”Saturnalia kuwi dirayakké wong Roma ing pertengahan sasi Desember. Akèh kebiasaan Natal sing asalé saka perayaan kuwi. Contoné, kebiasaan mangan-mangan, ijol-ijolan kado, lan nguripké lilin.” Sakliyané kuwi, tanggal 25 Desember ya tanggal lairé déwa matahariné wong Persia, yaiku Mitra.

 7 Ning, akèh wong sing ngrayakké Natal ora ngerti nèk kuwi asalé saka agama palsu. Wong-wong kuwi ngrayakké Natal merga péngin kumpul bareng keluarga, mangan-mangan, lan ijol-ijolan kado. Awaké dhéwé mesthi sayang karo keluarga lan kanca. Yéhuwah ya péngin umaté seneng mènèhi, kaya kandhané 2 Korintus 9:7, ”Gusti Allah nresnani wong sing mènèhi kanthi bungah.” Ning, Yéhuwah ora péngin umaté mènèhi hadiah mung ing dina-dina khusus.  Umaté Yéhuwah seneng mènèhi hadiah tanpa njaluk balesan lan kumpul bareng kanca lan keluarga kapan waé. Wong-wong kuwi seneng mènèhi merga rasa tresna.​—Lukas 14:12-14.

Ora mèlu perayaan merga ngerti asal-usulé

8. Apa para ahli ramal bintang mènèhi hadiah kanggo Yésus wektu Yésus lagi waé lair? Terangna.

8 Kanggo ndhukung kebiasaan mènèhi hadiah wektu Natal, wong-wong nggunakké crita soal raja telu sing mènèhi hadiah kanggo Yésus wektu Yésus lagi waé lair ing kandhang. Pancèn bener ana wong-wong lanang sing nekani Yésus lan mènèhi hadiah. Jaman mbiyèn, wong-wong biasané mènèhi hadiah kanggo wong sing dianggep penting. (1 Para Raja 10:1, 2, 10, 13) Ning, nurut Alkitab, wong-wong sing nekani Yésus kuwi ahli ramal bintang, yaiku wong-wong sing nggunakké ilmu gaib lan ora nyembah Yéhuwah. Sakliyané kuwi, wong-wong mau ora teka pas Yésus lagi waé lair ing kandhang, ning teka ing omah pas Yésus wis dadi ”bocah cilik”.​—Matius 2:1, 2, 11.

KANDHANÉ ALKITAB SOAL ULANG TAUN

9. Perayaan ulang tauné sapa sing disebutké ing Alkitab?

9 Wong-wong mesthi seneng nèk ana bayi sing lair. (Jabur 127:3) Ning, ora berarti awaké dhéwé kudu ngrayakké ulang taun. Alkitab mung nyebutké loro perayaan ulang taun, yaiku ulang tauné Firaun lan ulang tauné Raja Hérodès Antipas. (Wacanen Purwaning Dumadi 40:20-22; Markus 6:21-29.) Wong loro kuwi dudu abdiné Yéhuwah. Alkitab ora  tau nyebutké nèk ana abdiné Yéhuwah sing ngrayakké ulang taun.

10. Piyé pandhangané para muridé Yésus jaman mbiyèn soal perayaan ulang taun?

10 The World Book Encyclopedia kandha soal para muridé Yésus jaman mbiyèn sing ”nganggep nèk perayaan ulang taun kuwi dudu kebiasaané wong Kristen”. Kebiasaan kuwi asalé saka agama palsu. Contoné, wong Yunani jaman mbiyèn nganggep nèk saben bayi sing lair nduwé roh pelindung. Wong-wong kuwi ngrayakké ulang taun merga mikir nèk déwa sing tanggal lairé padha karo wong sing ulang taun kuwi bakal nglindhungi. Perayaan ulang taun ya ana hubungané karo ramalan bintang.

11. Piyé pandhangané Yéhuwah soal seneng mènèhi?

11 Akèh wong nganggep nèk dina ulang taun kuwi dina sing istiméwa merga wektu kuwi wong sing lagi ulang taun diajèni lan ditresnani. Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé apikan, seneng mènèhi, lan nduduhké katresnan karo keluarga lan kanca kapan waé, ora mung ing dina-dina khusus. (Wacanen Kisah 20:35.) Awaké dhéwé ya isa bersyukur marang Yéhuwah saben dina, ora mung pas dina ulang taun.​—Jabur 8:4, 5; 36:10.

Wong Kristen seneng mènèhi merga tresna

12. Apa sebabé ”dinaning ngajal” luwih apik timbang ”dina kalairan”?

12 Kohèlèt 7:1 kandha, ”Jeneng kang arum iku luwih becik katimbang karo lenga kang larang, lan dinaning ngajal [utawa, mati] iku luwih becik tinimbang karo dina kalairan.” Apa sebabé ”dinaning ngajal” luwih apik timbang ”dina kalairan”? Wektu  lair, awaké dhéwé durung nindakké apa-apa, klebu sing apik utawa sing èlèk. Ning, nèk setya marang Yéhuwah lan nindakké sing apik kanggo wong liya, awaké dhéwé nggawé ”jeneng kang arum”. Yéhuwah bakal terus ngéling-éling kuwi malah nganti sakwisé awaké dhéwé mati. (Ayub 14:14, 15) Umaté Yéhuwah ora ngrayakké ulang tauné sapa waé, klebu ulang tauné Yésus. Perayaan sing dipréntahké Yésus  kuwi mung Pèngetan Sédané Yésus.​—Lukas 22:17-20; Ibrani 1:3, 4.

ASAL-USULÉ PASKAH

13, 14. Paskah ana hubungané karo apa?

13 Wong-wong nganggep nèk Paskah kuwi perayaan kebangkitané Yésus. Ning, sakjané kuwi ana hubungané karo Eostre, yaiku dèwi fajar lan dèwi musim semi, sing disembah wong Anglo-Saxon. The Dictionary of Mythology nerangké nèk Eostre kuwi ya dèwi kesuburan. Kebiasaan-kebiasaan ing perayaan Paskah ana hubungané karo kesuburan. Misalé, nurut Encyclopædia Britannica, endhog kuwi ”lambang kelahiran lan kebangkitan”. Kelinci ya wis suwé digunakké kanggo lambang kesuburan ing ibadahé wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Dadi, Paskah ora ana hubungané karo kebangkitané Yésus.

14 Apa Yéhuwah seneng nèk perayaan saka agama palsu digabungké karo kebangkitané Yésus? Mesthiné ora, ta? (2 Korintus 6:17, 18) Yéhuwah ya ora tau ngongkon awaké dhéwé ngrayakké kebangkitané Yésus.

PERAYAAN KANGGO WONG MATI

15. Apa sebabé wong Kristen aja nganti mèlu perayaan kanggo wong mati?

15 Wong-wong padha nggawé perayaan kanggo wong mati merga percaya nèk arwahé wong mati isih ana. Misalé, ana sing nganakké slametan 3 dina, 7 dina, 40 dina, 100 dina, nganti 1000 dina.  Wong-wong ya lunga kuburan kanggo ziarah, nyekar, utawa ndonga. Ning, Alkitab kandha nèk wong mati ”ora mangreti apa-apa”. (Kohèlèt 9:5, 10) Bèn tetep ditresnani Gusti Allah, awaké dhéwé aja nganti mèlu perayaan apa waé sing ana hubungané karo wong mati.

ACARA PERNIKAHAN SING NYENENGKÉ GUSTI ALLAH

16, 17. Apa sing kudu dipikirké wektu nyiapké acara pernikahan?

16 Acara pernikahan kuwi acara sing nyenengké. Kuwi dirayakké nganggo cara sing béda-béda. Wong-wong biasané ora mikirké asal-usulé kebiasaan sing ana ing acara pernikahan, mula ora ngerti nèk ana kebiasaan sing asalé saka agama palsu. Ning, wong Kristen sing arep nikah bakal nggolèk katrangan dhisik soal kebiasaan ing acara pernikahan bèn isa nggawé keputusan sing bener lan nyenengké Yéhuwah.​—Markus 10:6-9.

17 Ana kebiasaan ing acara pernikahan sing dianggep isa nggawa berkah kanggo mantèné. (Yésaya 65:11, Basa Jawi Padintenan.) Misalé, ana acara siraman kanggo mantèn lanang lan wédok bèn awak lan atiné resik. Mantèn lanang ya kudu ngidak endhog sing tujuané bèn wong loro kuwi isa cepet nduwé keturunan. Ning, wong Kristen aja nganti nglakoni kebiasaan sing ana hubungané karo agama palsu.​—Wacanen 2 Korintus 6:14-18.

18. Pathokan Alkitab apa manèh sing kudu dipikirké wektu nyiapké acara pernikahan?

18 Wong Kristen sing arep nikah kudu ngatur bèn  acara pernikahané sopan, nyenengké, lan nggawé nyaman kabèh sing teka. Para tamu sing teka aja nganti ngekèki sambutan utawa pidato sing ora nyenengké, saru, lan nggawé isin mantèné utawa wong liya. (Wulang Bebasan 26:18, 19; Lukas 6:31; 10:27) Wong sing nikah aja nganti nduduhké ”pepénginan kanggo pamèr bandha” ing acara pernikahané. (1 Yohanes 2:16) Nèk arep nikah, awaké dhéwé kudu nggawé persiapan sing tenanan bèn kuwi isa dadi kenangan sing nyenengké.​—Deloken Cathetan 28.

NGGAWÉ SAJÈN

19, 20. Piyé asal-usulé kebiasaan nggawé sajèn?

19 Wong-wong biasané nggawé sajèn wektu panèn, acara pernikahan, mbangun omah, lan acara-acara penting liyané. Sajèn kuwi bentuké isa panganan utawa kembang. Kuwi biasané didèlèhké ing prapatan dalan, kuburan, omah, panggonan usaha, utawa panggonan liyané. Ning, piyé asal-usulé kebiasaan kuwi?

20 Akèh wong nggawé sajèn bèn ora diganggu karo roh-roh jahat. Ana manèh sing mikir nèk kuwi salah siji cara bersyukur karo Gusti Allah. Ning, sakjané kuwi asalé saka kebiasaan agama palsu. Wong Kristen aja nganti nglakoni kebiasaan kaya ngono. Alkitab ngandhani piyé carané awaké dhéwé isa njaluk bantuan lan bersyukur karo Gusti Allah.​—Yohanes 14:6; 16:23.

 ’WONG KANG PADHA TRESNA MARANG YEHUWAH PADHA SENGITA MARANG PIALA’

21. Perayaan apa manèh sing aja nganti dirayakké wong Kristen?

21 Sakdurungé mèlu perayaan, awaké dhéwé kudu mikirké kebiasaan sing ana ing perayaan kuwi. Contoné, ana kebiasaan sing ora pantes ing perayaan lan karnaval. Kuwi klebu tarian sing saru, mabuk-mabukan, lan malah sèks bébas. Perayaan-perayaan kaya ngono mungkin ya ndhukung wong homo lan lesbian, utawa semangat mbéla negara. Nèk mèlu perayaan kaya ngono, kuwi artiné awaké dhéwé ora ’sengit marang piala’.​—Jabur 1:1, 2; 97:10; 119:37.

22. Sakdurungé mèlu perayaan, apa sing kudu dipikirké?

22 Awaké dhéwé aja nganti mèlu perayaan sing ora ngluhurké Gusti Allah. Rasul Paulus nulis, ”Ora soal kowé mangan, utawa ngombé, utawa nindakké apa waé, tindakna samubarang kabèh demi kamulyané Gusti Allah.” (1 Korintus 10:31; deloken Cathetan 29.) Pancèn ora kabèh perayaan ana hubungané karo sèks bébas, agama palsu, utawa semangat mbéla negara. Nèk perayaan kuwi ora nglanggar pathokané Alkitab, awaké dhéwé kudu mutuské arep mèlu apa ora. Awaké dhéwé ya kudu mikirké pengaruh keputusané awaké dhéwé kanggo wong liya.

NGLUHURKÉ YÉHUWAH LÉWAT OMONGAN LAN TINGKAH LAKU

23, 24. Piyé carané nerangké karo keluarga sing dudu Seksi Yéhuwah soal alesané awaké dhéwé ora gelem mèlu perayaan manèh?

23 Keluargané awaké dhéwé mungkin mung isa kumpul pas hari raya. Nèk awaké dhéwé ora gelem  mèlu perayaan kuwi, isa waé awaké dhéwé dikira ora sayang lan ora gelem kumpul manèh karo keluarga. Mula, awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé isa mbuktèkké nèk isih sayang lan nganggep keluarga kuwi penting. Misalé, ngundang keluarga kumpul bareng ing kesempatan liya.​—Wulang Bebasan 11:25; Kohèlèt 3:12, 13.

24 Awaké dhéwé ya isa nggolèk katrangan saka jw.org kanggo njelaské alesané ora gelem mèlu perayaan manèh. Awaké dhéwé perlu mbantu keluarga bèn ngerti nèk keputusan kuwi wis dipikirké dhisik. Aja nganti keluarga nganggep nèk awaké dhéwé ngejak padu utawa meksa bèn nampa pendapaté awaké dhéwé. Aja karo nesu lan omongané awaké dhéwé kudu ”nyenengké, kaya panganan sing dibumboni nganggo uyah”.​—Kolose 4:6.

25, 26. Piyé carané wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn ngetrapké pathokané Alkitab?

25 Awaké dhéwé kudu ngerti tenan alesané ora gelem mèlu perayaan. (Ibrani 5:14) Alesan utamané yaiku merga péngin nyenengké Yéhuwah. Wong tuwa ya kudu mulang anak-anaké bèn ngerti lan ngetrapké pathokané Alkitab. Nèk kekancan akrab karo Yéhuwah, bocah-bocah mesthi ya péngin nyenengké Yéhuwah.​—Yésaya 48:17, 18; 1 Pétrus 3:15.

26 Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé terus ngupaya ngibadah nganggo cara sing bener. (Yohanes 4:23) Jaman saiki, akèh wong sing mikir nèk dadi wong jujur kuwi angèl. Apa kuwi bener? Ayo dirembug ing bab 14.

^ par. 3 Ana katrangan luwih akèh soal perayaan-perayaan kuwi ing Indeks Publikasi Menara Pengawal, Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah, lan jw.org.