Purwaning Dumadi 50:1-26
50 Terus, Yusuf ndhekep lan ngambung bapaké+ karo nangis.
2 Sakwisé kuwi, Yusuf ngongkon para abdiné, yaiku para dokter, ngawètké+ jenazahé bapaké. Mula, para dokter kuwi ngawètké jenazahé Israèl
3 nganti 40 dina, merga butuh wektu semono kanggo ngawètké jenazah. Wong Mesir nangisi Yakub nganti 70 dina.
4 Wektu kanggo nangisi Yakub wis rampung. Terus, Yusuf ngomong karo pejabaté* Firaun, ”Tulung omongké iki marang Firaun,
5 ’Bapakku ngongkon aku nggawé sumpah.+ Dhèwèké kandha, ”Aku wis arep mati.+ Kowé kudu ngubur aku ing kuburan+ sing wis tak gali ing tanah Kanaan.”+ Mula nèk éntuk, aku tak lunga lan ngubur bapakku. Bar kuwi, aku bakal bali.’”
6 Firaun njawab, ”Kuburen bapakmu kaya sumpahmu marang dhèwèké.”+
7 Terus, Yusuf lunga ngubur bapaké. Dhèwèké lunga karo kabèh abdiné Firaun, para pejabat tinggi*+ istana, kabèh pejabat tinggi Mesir,
8 kabèh keluargané Yusuf, kakang adhiné, lan kabèh wong sing manggon bareng karo bapaké.+ Ning, anak-anak sing isih cilik, kambing, domba, lan sapi ditinggal ing tanah Gosyèn.
9 Dhèwèké ya lunga karo wong-wong sing numpak kréta+ lan sing numpak jaran. Dadi, rombongané akèh banget.
10 Terus, wong-wong kuwi tekan ing Atad, panggonan kanggo nggiles biji-bijian ing wilayah Yordan. Ing kono, wong-wong kuwi nangis nggero-nggero nganti pitung dina.
11 Wektu ndelok wong-wong padha nangis ing kono, penduduk Kanaan kandha, ”Upacara pemakamané wong Mesir kuwi luar biasa banget.” Kuwi sebabé panggonan kuwi dijenengi Abèl-mizraim,* sing ana ing wilayah Yordan.
12 Anak-anaké lanang Yakub nindakké sing wis dipréntahké bapaké.+
13 Wong-wong kuwi nggawa Yakub menyang tanah Kanaan, terus ngubur Yakub ing guwa ing ladhang Makhpéla, yaiku ladhang sing didadèkké kuburan,+ sing ana ing cedhak Mamré, sing dituku Abraham saka Éfron wong Hèt.
14 Sakwisé ngubur bapaké, Yusuf bali menyang Mesir bareng kakang adhiné lan bareng kabèh sing ngeterké Yusuf ngubur bapaké.
15 Sakwisé bapaké mati, kakang-kakangé Yusuf kandha, ”Isa waé Yusuf dendam karo awaké dhéwé lan bakal mbales kejahatané awaké dhéwé.”+
16 Mula, kakang-kakangé ngirim pesen marang Yusuf, ”Bapak mènèhi préntah iki sakdurungé mati,
17 ’Kowé kudu ngomong ngéné marang Yusuf, ”Tulung kowé ngapura salah lan dosané kakang-kakangmu sing wis nggawé kowé sengsara.”’ Mula, tulung kowé gelem ngapura salahku, para abdiné Gusti Allah sing disembah bapakmu.” Wektu krungu kuwi, Yusuf nangis.
18 Terus, kakang-kakangé teka lan sujud ing ngarepé lan kandha, ”Aku kabèh iki budhak-budhakmu.”+
19 Yusuf kandha, ”Aja wedi. Aku dudu Gusti Allah sing isa ngadili kowé.
20 Senajan wektu kuwi kowé nduwé niat jahat marang aku,+ Gusti Allah ngubah kuwi dadi apik kanggo nylametké wong akèh, kaya sing mbok delok saiki.+
21 Dadi saiki aja wedi. Aku bakal tetep nyedhiakké pangan+ kanggo kowé lan anak-anakmu.” Ya ngono kuwi Yusuf nggawé kakang-kakangé tenang lan ora wedi manèh.
22 Yusuf tetep manggon ing Mesir karo keluargané bapaké. Yusuf urip nganti umur 110 taun.
23 Yusuf isih sempet ndelok Éfraim nduwé putu.+ Yusuf ya sempet ndelok anak-anaké Makhir,+ anaké Manasyé. Anak-anak kuwi wis kaya anaké Yusuf dhéwé.*
24 Akhiré Yusuf kandha karo sedulur-seduluré,* ”Aku wis arep mati, ning Gusti Allah bakal terus nggatèkké kowé,+ lan Gusti Allah mesthi bakal nggawa kowé metu saka tanah iki menyang tanah sing dijanjèkké, kaya sumpahé marang Abraham, Ishak, lan Yakub.”+
25 Mula, Yusuf ngongkon anak-anaké lanang Israèl nggawé sumpah. Dhèwèké kandha, ”Gusti Allah mesthi bakal nggatèkké kowé. Dadi, kowé kudu janji karo aku nèk kowé bakal nggawa balung-balungku metu saka kéné.”+
26 Yusuf mati umur 110 taun, terus jenazahé diawètké+ lan dilebokké ing pethi ing Mesir.
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”keluargané”.
^ Utawa ”para sesepuh”.
^ Artiné ”Upacara Pemakamané Wong Mesir”.
^ Lit.: ”Anak-anak kuwi lair ing ndhuwuré dhengkulé Yusuf”.
^ Utawa mungkin ”kakang-kakangé”.