Purwaning Dumadi 42:1-38

  • Kakang-kakangé Yusuf lunga menyang Mesir (1-4)

  • Yusuf ketemu lan nguji kakang-kakangé (5-25)

  • Kakang-kakangé mulih lan nemoni Yakub (26-38)

42  Wektu ngerti nèk ana biji-bijian ing Mesir,+ Yakub kandha karo anak-anaké lanang, ”Aja meneng waé.”  Yakub kandha manèh, ”Aku krungu nèk ing Mesir ana biji-bijian. Kowé kudu mrana lan tuku biji-bijian bèn awaké dhéwé ora mati kelaparan.”+  Mula, sepuluh kakangé+ Yusuf tuku biji-bijian ing Mesir.  Ning, Yakub ora ngongkon Bènyamin+ adhiné Yusuf lunga karo kakang-kakangé merga Yakub wedi nèk ana apa-apa karo Bènyamin sing isa nyebabké Bènyamin mati.+  Anak-anaké Israèl lunga bareng karo wong-wong liyané sing arep tuku biji-bijian ing Mesir merga tanah Kanaan ya ngalami kelaparan.+  Yusuf ngawasi tanah+ Mesir lan ngedol biji-bijian marang wong-wong saka kabèh wilayah ing bumi.+ Kakang-kakangé Yusuf teka lan sujud marang Yusuf.+  Wektu ndelok wong-wong kuwi, Yusuf langsung ngerti nèk kuwi kakang-kakangé.+ Ning, Yusuf ora ngandhani nèk dhèwèké kuwi Yusuf. Yusuf ngomong kasar karo wong-wong kuwi, ”Kowé saka ngendi?” Wong-wong kuwi njawab, ”Saka tanah Kanaan. Aku arep tuku bahan pangan.”+  Yusuf ngerti nèk kuwi kakang-kakangé, tapi kakang-kakangé ora ngerti nèk kuwi Yusuf.  Yusuf langsung éling karo mimpiné soal kakang-kakangé,+ terus dhèwèké kandha, ”Kowé mata-mata. Kowé mesthi mréné arep ndelok dhaérah endi sing ora dijaga.” 10  Wong-wong kuwi njawab, ”Ora, Pak. Aku iki budhak-budhakmu. Aku mréné arep tuku bahan pangan. 11  Aku kabèh iki kakang adhi. Aku iki wong apik-apik. Aku dudu mata-mata, Pak.” 12  Ning, Yusuf kandha, ”Ora mungkin. Kowé mesthi mréné arep ndelok dhaérah endi sing ora dijaga.” 13  Wong-wong kuwi njawab, ”Bapakku+ manggon ing Kanaan lan nduwé anak lanang 12.+ Adhiku sing terakhir saiki ana ing omah karo bapakku,+ lan sing sijiné wis ora ana.”+ 14  Ning Yusuf kandha, ”Pokoké kowé mata-mata. 15  Aku péngin ngerti apa omonganmu bener. Aku sumpah demi Firaun, kowé ora bakal lunga saka kéné nèk kowé ora nggawa adhimu sing terakhir mréné.+ 16  Salah siji kudu mulih methuk* adhimu. Sing liyané bakal ditahan ing kéné. Dadi, aku isa ngerti omonganmu bener apa ora. Nèk kowé ngapusi, berarti kowé pancèn mata-mata.” 17  Terus, Yusuf nglebokké wong-wong kuwi ing penjara telung dina suwéné. 18  Sakwisé telung dina, Yusuf kandha, ”Aku wedi marang* Gusti Allah. Mula, manuta karo omonganku bèn kowé tetep urip. 19  Nèk omonganmu pancèn bener, salah siji kudu ditahan ing kéné. Sing liyané éntuk mulih lan nggawa biji-bijian bèn keluargamu ora kelaparan.+ 20  Terus, gawanen mréné adhimu sing terakhir bèn aku ngerti nèk omonganmu pancèn bener, lan kowé ora bakal mati.” Wong-wong kuwi setuju. 21  Wong-wong kuwi omong-omongan, ”Iki mesthi hukuman merga kesalahané awaké dhéwé karo adhiné awaké dhéwé.+ Wektu dhèwèké njaluk dimesakké nganti nangis-nangis, awaké dhéwé ora perduli. Mula, saiki awaké dhéwé dadi susah kaya ngéné.” 22  Rubèn kandha, ”Kan aku wis ngomong bocah kuwi aja diapak-apakké, tapi kowé ora gelem ngrungokké.+ Saiki, awaké dhéwé kudu tanggung jawab merga wis matèni dhèwèké.”*+ 23  Ning, wong-wong kuwi ora ngerti nèk Yusuf ngerti omongané wong-wong kuwi, merga wektu omong-omongan karo wong-wong kuwi, Yusuf nggunakké penerjemah. 24  Terus, Yusuf lunga saka kono lan nangis.+ Wektu bali lan omong-omongan manèh karo wong-wong kuwi, Yusuf milih Siméon+ lan nalèni Siméon ing ngarepé wong-wong kuwi.+ 25  Yusuf ngongkon bèn karung-karungé wong-wong kuwi diisi biji-bijian nganti kebak, terus dhuwité wong-wong kuwi dibalèkké ing karungé dhéwé-dhéwé. Yusuf mènèhi wong-wong kuwi panganan bèn dipangan ing perjalanan. Préntahé Yusuf kuwi ditindakké. 26  Biji-bijian kuwi didèlèhké ing ndhuwuré keledai, terus wong-wong kuwi mangkat saka kana. 27  Ing panggonan kanggo istirahat, wektu salah siji wong kuwi mbukak karungé merga arep makani keledai, dhèwèké ndelok ana dhuwit ing njero karungé. 28  Terus, dhèwèké ngomong karo liyané, ”Dhuwitku dibalèkké lan didèlèhké ing njero karungku.” Saking wediné, wong-wong kuwi nganti ndredheg, terus ngomong, ”Iki mesthi hukuman saka Gusti Allah.” 29  Sakwisé tekan Kanaan, wong-wong kuwi crita karo Yakub bapaké soal kabèh sing wis dialami. Wong-wong kuwi kandha, 30  ”Wong sing nguwasani tanah kuwi ngomong kasar karo aku+ lan nudhuh aku mata-mata ing tanah kuwi. 31  Tapi aku njawab, ’Aku iki wong apik-apik, dudu mata-mata.+ 32  Bapakku nduwé anak lanang 12.+ Sing siji wis ora ana,+ lan sing terakhir saiki karo bapakku ing Kanaan.’+ 33  Terus, wong lanang sing nguwasani tanah kuwi kandha, ’Nèk omonganmu pancèn bener, salah siji kudu tetep ing kéné.+ Sing liyané éntuk mulih lan nggawa bahan pangan bèn keluargamu ora kelaparan.+ 34  Gawanen mréné adhimu sing terakhir, bèn aku ngerti nèk kowé wong sing apik-apik lan dudu mata-mata. Bar kuwi, adhimu bakal tak balèkké, lan kowé éntuk tuku bahan pangan ing tanah iki.’” 35  Wektu ngosongké karung-karungé, wong-wong kuwi ndelok dhuwité ana ing karungé dhéwé-dhéwé. Wektu ndelok kuwi, wong-wong kuwi lan bapaké dadi wedi. 36  Yakub kandha karo wong-wong kuwi, ”Aku kélangan anak-anakku merga kowé.+ Yusuf ora ana,+ Siméon ya wis ora ana,+ lan saiki kowé arep njupuk Bènyamin. Ngapa kok aku sing kudu nanggung susah kaya ngéné?” 37  Rubèn kandha karo bapaké, ”Bapak éntuk matèni anakku lanang loro nèk aku ora nggawa bali Bènyamin.+ Bènyamin bakal tak jaga lan tak gawa mulih.”+ 38  Tapi bapaké kandha, ”Anakku ora bakal lunga karo kowé merga kakangé wis mati lan saiki dhèwèké mung dhèwèkan.+ Nèk ana apa-apa ing dalan lan dhèwèké mati, kowé mesthi bakal nggawé aku sing wis tuwa iki mati*+ merga sedhih.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”njemput”.
Lit.: ”merga getihé”.
Lit.: ”nggawa uwanku mudhun ing Syéol”. Deloken Daftar Istilah.