Purwaning Dumadi 39:1-23
39 Wong Ismaèl+ nggawa Yusuf menyang Mesir.+ Terus, Yusuf dituku karo wong Mesir sing jenengé Potifar,+ yaiku pejabat istanané Firaun lan kepalané para penjaga.
2 Ning, Yéhuwah ndhukung Yusuf,+ mula kabèh sing dilakoni Yusuf mesthi berhasil. Yusuf ya diwènèhi tanggung jawab ing omahé majikané, wong Mesir kuwi.
3 Majikané ndelok nèk Yéhuwah ndhukung Yusuf lan nèk Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.
4 Yusuf terus nyenengké atiné Potifar, lan dhèwèké dadi pembantu sing dipercaya. Yusuf ditugasi ngawasi omahé Potifar lan ngurusi kabèh hartané Potifar.
5 Sakwisé kuwi, Yéhuwah terus mberkahi keluargané wong Mesir kuwi merga Dhèwèké ndhukung Yusuf. Yéhuwah mberkahi kabèh sing ana ing omah lan ladhangé+ Potifar.
6 Kabèh hartané Potifar dipasrahké bèn diurus Yusuf, lan Potifar ora perlu mikirké apa-apa manèh sakliyané mikir arep mangan apa. Awaké Yusuf dadi saya gagah lan rupané nggantheng.
7 Suwé-suwé bojoné majikané mulai seneng karo Yusuf lan kandha karo Yusuf, ”Ayo turu* karo aku.”
8 Ning, Yusuf ora gelem. Yusuf kandha, ”Majikanku wis masrahké kabèh sing ana ing omah iki bèn tak urus, lan dhèwèké ora perlu mikirké apa-apa manèh.
9 Aku sing nduwé wewenang paling gedhé ing omah iki. Kabèh wis dipasrahké marang aku kecuali njenengan, merga njenengan bojoné. Ora mungkin aku jahat banget kaya ngono lan nggawé dosa marang Gusti Allah.”+
10 Saben dina wong wédok kuwi ngrayu Yusuf, ning Yusuf tetep ora gelem turu karo dhèwèké utawa mung wong loro thok karo wong wédok kuwi.
11 Wektu Yusuf kerja ing njero omah, lan ora ana pembantu ing njero omah kuwi,
12 bojoné Potifar narik klambiné Yusuf lan kandha, ”Ayo turu karo aku!” Ning, Yusuf ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba.
13 Sakwisé Yusuf ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba,
14 wong wédok kuwi bengok-bengok lan ngundang* para pembantu sing ana ing omahé, terus kandha, ”Wong Ibrani sing digawa bojoku iki nggawé awaké dhéwé isin. Aku mèh diperkosa, ning aku njerit sak banter-banteré.
15 Merga aku njerit-njerit, klambiné ditinggal ing kéné, lan dhèwèké mlayu menyang njaba.”
16 Terus, wong wédok kuwi ndèlèhké klambiné Yusuf ing cedhaké nganti majikané Yusuf mulih.
17 Wong wédok kuwi ya crita karo bojoné, ”Pembantu Ibrani sing mbok gawa mréné kuwi nggawé aku isin.
18 Ning, wektu aku njerit-njerit, dhèwèké ninggalké klambiné lan mlayu menyang njaba.”
19 Potifar nesu banget wektu krungu critané bojoné soal Yusuf.
20 Mula, majikané nyekel Yusuf lan nggawa Yusuf menyang penjara sing biasané dienggo tahanané+ raja.
21 Ning, Yéhuwah terus ndhukung Yusuf lan sayang karo* Yusuf, mula Yusuf isa nyenengké atiné kepala penjara.+
22 Kepala penjara ngongkon Yusuf ngawasi kabèh tahanan ing penjara kuwi. Yusuf sing mutuské gawéan apa sing kudu digarap karo kabèh tahanan ing kono.+
23 Kepala penjara ora perlu ngawasi kabèh sing wis dipasrahké marang Yusuf, merga Yéhuwah ndhukung Yusuf lan Yéhuwah nggawé kabèh sing dilakoni Yusuf berhasil.+
Katrangan Tambahan
^ Maksudé, nindakké hubungan sèks.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Utawa ”lan nduduhké katresnan sing langgeng marang”. Deloken Daftar Istilah.