Purwaning Dumadi 27:1-46
27 Wektu Ishak wis tuwa lan mripaté ora isa ndelok jelas manèh, dhèwèké ngundang* Ésau+ anaké sing pertama, ”Lé!” Ésau njawab, ”Ya, Pak.”
2 Ishak kandha manèh, ”Aku wis tuwa. Uripku ora suwé manèh.
3 Jupuken panah lan busurmu, terus golèka kéwan liar sing ana ing padhang kanggo aku.+
4 Gawéa masakan sing énak sing tak senengi, terus gawanen mréné bèn isa tak pangan, supaya aku isa mberkahi kowé sakdurungé aku mati.”
5 Ribka krungu wektu Ishak ngomong karo Ésau. Terus, Ésau nggolèk kéwan liar kanggo diwènèhké bapaké.+
6 Ribka kandha karo Yakub,+ ”Aku lagi waé krungu bapakmu ngomong karo Ésau,
7 ’Gawanen kéwan liar, terus gawéa masakan sing énak bèn isa tak pangan, lan Yéhuwah bakal dadi seksi nèk aku mberkahi kowé sakdurungé aku mati.’+
8 Saiki, tak kandhani, Lé. Kowé kudu manut karo omonganku.+
9 Jupuken kambing enom loro sing paling apik saka ternaké awaké dhéwé bèn isa tak gawé masakan sing énak kesenangané bapakmu.
10 Gawanen masakan kuwi bèn isa dipangan bapakmu, supaya bapakmu mberkahi kowé sakdurungé bapakmu mati.”
11 Yakub ngomong karo Ribka, ”Tapi awakku ora ana wuluné, ora kaya Ésau.+
12 Piyé nèk bapak ndemèk aku?+ Aku mesthi dianggep ngécé dhèwèké. Aku malah ora éntuk berkah tapi éntuk kutuk.”
13 Ibuné njawab, ”Aja kuwatir, Lé, bèn aku waé sing nanggung kutukané. Tindakna waé apa sing tak omongké.+ Jupuken kambing-kambing kuwi.”
14 Mula, Yakub njupuk kambing-kambing kuwi lan diwènèhké ibuné. Terus, ibuné nggawé masakan sing énak sing disenengi bapaké.
15 Sakwisé kuwi, Ribka mlebu ing njero omah lan njupuk klambiné Ésau sing paling apik, terus klambi kuwi dianggokké ing Yakub.+
16 Ribka ya ndèlèhké wulu kambing ing tangan lan guluné Yakub sing ora ana wuluné.+
17 Terus, Ribka mènèhké masakan sing énak lan roti sing wis digawé marang Yakub.+
18 Yakub nemoni bapaké lan kandha, ”Pak!” Terus bapaké njawab, ”Ya, Lé. Kowé Ésau apa Yakub?”
19 Yakub njawab, ”Aku Ésau, anakmu sing pertama.+ Aku wis masak kéwan buruanku kaya sing dipéngini Bapak. Saiki masakané wis tak gawa kanggo Bapak. Lungguha, Pak. Bapak isa mangan hasil buruanku bèn Bapak isa mberkahi aku.”+
20 Ishak takon, ”Kok éntuké cepet banget ta, Lé?” Yakub njawab, ”Merga Yéhuwah Gusti Allahmu wis mbantu aku.”
21 Terus Ishak kandha, ”Nyedhaka, Lé, bèn aku isa ndemèk kowé. Aku péngin ngerti apa pancèn bener kowé Ésau.”+
22 Mula Yakub nyedhaki Ishak. Sakwisé ndemèk Yakub, Ishak kandha, ”Swarané kok swarané Yakub, ning tangané kok tangané Ésau.”+
23 Ishak mikir nèk kuwi pancèn Ésau merga tangané akèh wuluné kaya tangané Ésau. Mula, Ishak mberkahi dhèwèké.+
24 Sakwisé kuwi, Ishak takon, ”Apa kowé pancèn Ésau?” Yakub njawab, ”Ya, Pak.”
25 Ishak kandha, ”Gawanen mréné hasil buruanmu bèn isa tak pangan, bar kuwi aku bakal mberkahi kowé.” Mula, Yakub nggawa masakan lan anggur marang bapaké, terus Ishak mangan lan ngombé.
26 Terus Ishak kandha, ”Mrénéa Lé, ambungen Bapak.”+
27 Yakub nyedhak lan ngambung bapaké. Ishak isa ngambu klambiné anaké.+ Terus, Ishak mberkahi Yakub lan kandha,
”Ambuné anakku kaya ambuné ladhang sing diberkahi Yéhuwah.
28 Muga-muga Gusti Allah sing bener mènèhi kowé embun saka langit,+ tanah sing subur ing bumi,+ bahan pangan, lan anggur anyar sing akèh banget.+
29 Suku-suku bangsa bakal dadi pelayanmu, lan bangsa-bangsa bakal tundhuk karo kowé. Kowé bakal dadi majikané sedulur-sedulurmu, lan sedulur-sedulurmu bakal tundhuk karo kowé.+ Wong sing ngutuk kowé bakal dikutuk, lan wong sing mberkahi kowé bakal diberkahi.”+
30 Sakwisé Ishak rampung mberkahi Yakub, Yakub ninggalké Ishak. Lagi waé Yakub lunga, Ésau mulih saka mburu kéwan.+
31 Ésau ya nyiapké masakan sing énak, terus disuguhké bapaké. Ésau kandha, ”Lungguha, Pak. Bapak isa mangan kéwan buruanku bèn Bapak isa mberkahi aku.”
32 Ishak takon, ”Kowé sapa?” Ésau njawab, ”Aku Ésau, anakmu sing pertama.”+
33 Ishak ndredheg lan kandha, ”Terus, sapa mau sing mburu kéwan lan mènèhké hasilé kanggo aku? Kuwi wis tak pangan sakdurungé kowé teka. Aku ya wis mberkahi dhèwèké, lan kuwi ora isa diubah.”
34 Wektu krungu omongané bapaké, Ésau dadi sedhih banget lan nangis banter banget. Dhèwèké kandha, ”Pak, mbok aku ya diberkahi.”+
35 Ning, bapaké kandha, ”Adhimu wis ngapusi aku bèn isa éntuk berkah sing kuduné kanggo kowé.”
36 Ésau kandha, ”Pantesan jenengé Yakub.* Wis ping loro dhèwèké ngrebut apa sing dadi duwèkku.+ Dhèwèké wis ngrebut hakku dadi anak pertama,+ lan saiki dhèwèké ya ngrebut berkahku.”+ Terus Ésau kandha manèh, ”Apa Bapak ora nduwé berkah manèh kanggo aku?”
37 Ishak njawab, ”Aku wis ngomong karo Yakub nèk dhèwèké bakal dadi majikanmu.+ Aku ya wis ngomong nèk bakal ana akèh bahan pangan lan anggur kanggo dhèwèké.+ Apa isih ana sing isa tak wènèhké kanggo kowé, Lé?”
38 Ésau kandha karo bapaké, ”Pak, berkahana aku. Apa ora ana berkah manèh kanggo aku siji waé?” Terus, Ésau nangis banter banget.+
39 Ishak njawab,
”Kowé ora bakal manggon ing tanah sing subur, lan kowé ora bakal nampa embun saka langit.+
40 Kowé bakal nggunakké pedhang saksuwéné uripmu,+ lan kowé bakal dadi budhaké adhimu.+ Ning, nèk kowé ora sanggup manèh, kowé isa bébas saka dhèwèké.”+
41 Ésau dadi sengit banget karo Yakub, merga Yakub sing éntuk berkah saka bapaké.+ Ésau terus-terusan mbatin, ”Sedhéla manèh bapakku mati.+ Bar kuwi, Yakub bakal tak patèni.”
42 Wektu krungu rencanané Ésau, Ribka langsung ngundang* Yakub lan kandha, ”Lé, kakangmu péngin balas dendam lan matèni kowé.
43 Saiki, manuta karo omonganku. Ndang siap-siap, terus mlayua menyang Haran,+ ing omahé Laban kakangku.
44 Manggona ing kana rada suwé, nganti kakangmu ora nesu manèh.
45 Nèk kakangmu wis ora nesu manèh lan lali nèk kowé wis ngrebut berkahé, aku bakal ngongkon wong bèn methuk* kowé. Aku ora péngin kélangan anakku loro-loroné.”
46 Sakwisé kuwi, Ribka bola-bali ngomong karo Ishak, ”Wong-wong wédok saka Hèt+ kuwi nggawé uripku susah banget. Nèk Yakub ya nikah karo wong wédok saka Hèt kaya sing manggon ing tanah iki, mendhing aku mati waé.”+
Katrangan Tambahan
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Artiné ”Wong sing Nyekel Tumit; Sing Ngrebut Kedudukan”.
^ Utawa ”nyeluk”.
^ Utawa ”njemput”.