Purwaning Dumadi 10:1-32

  • Jenengé bangsa-bangsa (1-32)

    • Keturunané Yafèt (2-5)

    • Keturunané Ham (6-20)

      • Nimrod nglawan Yéhuwah (8-12)

    • Keturunané Sèm (21-31)

10  Iki sejarahé anak-anaké Nuh, yaiku Sèm,+ Ham, lan Yafèt. Sakwisé Banjir Gedhé, wong-wong kuwi nduwé anak-anak lanang.+  Anak-anaké lanang Yafèt yaiku Gomèr,+ Magog,+ Madai, Yawan, Tubal,+ Mèsyèkh,+ lan Tiras.+  Anak-anaké lanang Gomèr yaiku Askénaz,+ Rifat, lan Togarma.+  Anak-anaké lanang Yawan yaiku Èlisya,+ Tarsyis,+ Kitim,+ lan Dodanim.  Keturunané wong-wong kuwi nyebar ing pulau-pulau lan manggon ing endi-endi, sesuai karo basa, suku, lan bangsané.  Anak-anaké lanang Ham yaiku Kus, Mizraim,+ Put,+ lan Kanaan.+  Anak-anaké lanang Kus yaiku Séba,+ Hawila, Sabta, Raama,+ lan Sabtéka. Anak-anaké lanang Raama yaiku Syéba lan Dédan.  Kus nduwé anak sing jenengé Nimrod, wong pertama sing paling kuwat ing bumi.  Dhèwèké dadi pemburu sing kuwat sing nglawan Yéhuwah. Kuwi sebabé ana peribahasa sing kandha, ”Kaya Nimrod, pemburu sing kuwat sing nglawan Yéhuwah.” 10  Kutha-kutha pertama sing dikuwasani karo Nimrod yaiku Babèl,+ Èrèkh,+ Akad, lan Kalné. Kutha-kutha kuwi ana ing tanah Syinar.+ 11  Saka kono, dhèwèké lunga menyang Asiria+ lan mbangun Niniwé,+ Réhobot-Ir, Kala, 12  lan Rèsen. Rèsen kuwi ana ing antarané Niniwé lan Kala. Kabèh kutha kuwi kutha sing gedhé.* 13  Mizraim kuwi bapaké Ludim,+ Anamim, Léhabim, Naftuhim,+ 14  Patrusim,+ Kasluhim (nènèk moyangé wong Filistin),+ lan Kaftorim.+ 15  Kanaan kuwi bapaké Sidon+ lan Hèt.+ Sidon kuwi anak pertama. 16  Kanaan kuwi nènèk moyangé wong Yébus,+ wong Amori,+ wong Girgasyi, 17  wong Hèwi,+ wong Arki, wong Sin, 18  wong Arwad,+ wong Zémar, lan wong Hamat.+ Sakwisé kuwi, keturunané Kanaan nyebar. 19  Batas dhaérahé wong Kanaan yaiku saka Sidon nganti Gérar,+ cedhak Gaza,+ nganti Sodom, Gomora,+ Adma, lan Zéboim,+ cedhak Lasya. 20  Kuwi keturunané Ham manut suku, basa, tanah, lan bangsané. 21  Sèm nduwé anak-anak. Sèm kuwi nènèk moyangé keturunané Èbèr,+ lan dhèwèké kuwi adhiné* Yafèt, anak pertama. 22  Anak-anaké lanang Sèm yaiku Élam,+ Assyur,+ Arpakhsyad,+ Lud, lan Aram.+ 23  Anak-anaké lanang Aram yaiku Uz, Hul, Gètèr, lan Mas. 24  Arpakhsyad kuwi bapaké Syéla,+ lan Syéla kuwi bapaké Èbèr. 25  Èbèr nduwé anak lanang loro. Sing siji jenengé Pèlèg,+ merga ing jamané, penduduk bumi padha nyebar,* lan sing sijiné manèh jenengé Yoktan.+ 26  Yoktan kuwi bapaké Almodad, Syèlèf, Hazarmawèt, Yérah,+ 27  Hadoram, Uzal, Dikla, 28  Obal, Abimaèl, Syéba, 29  Ofir,+ Hawila, lan Yobab. Kabèh kuwi anak-anaké lanang Yoktan. 30  Wilayah sing dienggoni wong-wong kuwi mulai saka Mésya nganti Séfar, dhaérah pegunungan ing Wétan. 31  Kuwi keturunané Sèm manut suku, basa, tanah, lan bangsané.+ 32  Kuwi keturunané anak-anaké lanang Nuh manut silsilah keluargané lan bangsané. Sakwisé Banjir Gedhé, keturunané wong-wong kuwi dadi bangsa-bangsa sing nyebar ing bumi.+

Katrangan Tambahan

Niniwé, Réhobot-Ir, Kala, lan Rèsen dianggep kutha sing gedhé.
Utawa mungkin ”kakangé”.
Lit.: ”bumi kebagi”.