Pengkhotbah 3:1-22

  • Kabèh ana wektuné (1-8)

  • Ngrasakké seneng ing urip kuwi hadiah saka Gusti Allah (9-15)

    • Wektu sing ora ana akhiré ing atiné manungsa (11)

  • Gusti Allah adil wektu ngadili (16, 17)

  • Manungsa lan kéwan akhiré bakal mati (18-22)

    • Kabèh bakal bali dadi debu (20)

3  Kabèh ana wektuné,Wektu kanggo saben kegiatan ing ngisoré langit:   Wektu kanggo lair lan wektu kanggo mati,Wektu kanggo nandur lan wektu kanggo nyabut sing ditandur,   Wektu kanggo matèni lan wektu kanggo nambani,Wektu kanggo ngambrukké lan wektu kanggo mbangun,   Wektu kanggo nangis lan wektu kanggo ngguyu,Wektu kanggo sambat lan wektu kanggo nari,*   Wektu kanggo mbuwang watu lan wektu kanggo ngumpulké watu,Wektu kanggo ngrangkul lan wektu kanggo ora ngrangkul,   Wektu kanggo nggolèki lan wektu kanggo ngikhlaské sing ilang,Wektu kanggo nyimpen lan wektu kanggo mbuwang,   Wektu kanggo nyuwèk+ lan wektu kanggo njait,Wektu kanggo meneng+ lan wektu kanggo ngomong,+   Wektu kanggo nresnani lan wektu kanggo nyengiti,+Wektu kanggo perang lan wektu kanggo damai.  Wong sing nyambut gawé éntuk hasil apa saka kabèh upayané?+ 10  Aku weruh gawéan sing diwènèhké Gusti Allah marang anak-anaké manungsa kanggo nggawé wong-wong kuwi sibuk. 11  Kabèh sing ditindakké Gusti Allah bakal apik* ing wektuné.+ Dhèwèké mènèhi wektu sing ora ana akhiré ing atiné manungsa. Ning, manungsa ora bakal paham gawéané Gusti Allah sing bener, sing digawé saka awal nganti akhir. 12  Aku ngerti nèk sing paling apik kanggo wong-wong kuwi yaiku seneng-seneng lan nindakké apa sing apik saksuwéné uripé.+ 13  Saben wong kuduné mangan, ngombé, lan ngrasakké hasil kerja kerasé. Iki hadiah saka Gusti Allah.+ 14  Aku ngerti nèk kabèh sing digawé Gusti Allah sing bener bakal tetep ana saklawasé. Ora perlu ditambahi lan ora perlu dikurangi. Kuwi wis digawé Gusti Allah sing bener kaya ngono, supaya wong-wong wedi karo Dhèwèké.+ 15  Apa sing kelakon kuwi wis tau kelakon, lan apa sing bakal ana kuwi wis tau ana.+ Tapi, Gusti Allah sing bener nggolèki apa sing diupayakké manungsa.* 16  Aku ya ndelok iki ing ngisoré matahari: Sing kuduné ana keadilan malah ana kejahatan, sing kuduné ana sing bener malah ana kejahatan.+ 17  Mula aku mbatin, ”Gusti Allah sing bener ngadili wong sing apik lan wong sing jahat,+ merga ana wektuné kanggo saben kegiatan lan tumindak.” 18  Aku ya mbatin soal anak-anaké manungsa. Gusti Allah sing bener bakal nguji lan nduduhké marang wong-wong kuwi nèk wong-wong kuwi kaya kéwan, 19  merga sing bakal dialami manungsa ya bakal dialami kéwan. Loro-loroné akhiré bakal ngalami sing padha.+ Manungsa mati, lan kéwan ya mati. Loro-loroné nduwé nyawa sing padha.+ Mula, manungsa ora luwih unggul timbang kéwan, merga kabèh kuwi ora ana gunané. 20  Kabèh bakal ana ing panggonan sing padha.+ Kabèh asalé saka debu+ lan bakal bali dadi debu.+ 21  Sapa sing ngerti apa nyawané manungsa munggah mendhuwur lan nyawané kéwan mudhun mengisor?+ 22  Aku ya ngerti nèk sing paling apik kanggo manungsa yaiku ngrasakké hasil kerja kerasé,+ merga kuwi upahé.* Sapa sing isa nduduhi dhèwèké apa sing bakal kelakon sakwisé dhèwèké ora ana?+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”mlumpat-mlumpat”.
Utawa ”pas; cocog”.
Utawa mungkin ”sing wis kelakon”.
Utawa ”bagéané”.