Yésaya 49:1-26

  • Tugas kanggo abdiné Yéhuwah (1-12)

    • Cahaya sing madhangi bangsa-bangsa (6)

  • Israèl dihibur (13-26)

49  Hé wong sing manggon ing pulau-pulau, rungokna aku. Hé wong sing manggon ing negara sing adoh,+ rungokna aku. Yéhuwah milih aku sakdurungé aku lair.+ Dhèwèké wis nyebut jenengku pas aku isih ing wetengé ibuku.   Dhèwèké nggawé omonganku kaya pedhang sing landhep. Dhèwèké nglindhungi aku nganggo tangané.+ Dhèwèké nggawé aku kaya panah sing digawé landhepLan ndèlèhké aku ing wadhah panahé.   Dhèwèké ngomong karo aku, ”Hé Israèl,+ kowé abdi-Ku. Liwat kowé, Aku bakal nduduhké kemuliaan-Ku.”+   Ning, aku ngomong, ”Kerja kerasku ora ana gunané. Tenagaku entèk kanggo nindakké sing ora ana gunané. Ning aku yakin nèk Yéhuwah bakal adil karo aku Lan nèk Gusti Allah+ sing mènèhi aku berkah.*   Yéhuwah, sing mbentuk aku ing wetengé ibuku bèn aku dadi abdiné,Ngongkon aku bèn nggawa Yakub bali marang DhèwèkéBèn Israèl dikumpulké marang Dhèwèké.+ Yéhuwah bakal nganggep aku pantes diajèni,Lan Gusti Allahku bakal nguwatké aku.   Dhèwèké ngomong, ”Kowé ora mung abdi-KuSing ngumpulké manèh suku-sukuné Yakub Lan nggawa bali wong Israèl sing isih urip,Ning kowé ya Tak dadèkké kaya cahaya sing madhangi bangsa-bangsa,+Bèn Aku isa nylametké kabèh wong, termasuk sing manggon ing ujung-ujung bumi.”+  Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahasuci,+ sing nebus Israèl, ngomong karo wong sing direndhahké,+ yaiku wong sing disengiti bangsa-bangsa lan dadi abdiné para pemimpin,”Raja-raja bakal ndelok lan ngadeg,Lan para pemimpin bakal sujud Merga ngajèni Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl sing Mahasuci,+Sing isa dipercaya, lan sing wis milih kowé.”+   Yéhuwah ngomong ngéné,”Pas Aku apikan, Aku ngrungokké lan njawab kowé.+ Pas wektuné Aku nylametké, Aku nulungi kowé.+ Aku terus nglindhungi kowé. Kowé bakal Tak dadèkké perjanjian antarané Aku karo bangsa-bangsa,+Bèn keadaané tanah iki isa dadi kaya mbiyèn manèh,Bèn tanah warisan sing ora kopèn isa dibalèkké manèh marang sing nduwé,+   Bèn isa ngongkon para tahanan, ’Ndang metu,’+ Lan bèn isa ngongkon wong sing ana ing panggonan sing peteng,+ ’Ayo mréné.’ Wong-wong kuwi bakal mangan ing pinggir dalan kaya domba. Bakal ana padhang rumput ing kabèh dalan* sing diliwati. 10  Wong-wong kuwi ora bakal ngelih* lan ngelak.+ Wong-wong kuwi ya ora bakal kepanasen merga kena matahari.+ Gusti Allah sing mesakké wong-wong kuwi bakal nuntun+Lan ngarahké wong-wong kuwi menyang mata air.+ 11  Aku bakal nggawé gunung-gunung dadi dalan,Lan dalan-dalan-Ku sing gedhé bakal didhuwurké.+ 12  Wong-wong kuwi teka saka panggonan sing adoh.+ Ana sing teka saka lor, saka kulon,Lan saka tanah Sinim.”+ 13  Hé langit lan bumi,+ kowé kudu sorak-sorak. Gunung-gunung, kowé ya kudu sorak-sorak,+Merga Yéhuwah menghibur umaté,+Lan Dhèwèké mesakké karo wong-wong sing susah.+ 14  Ning, Zion terus-terusan ngomong,”Yéhuwah wis ninggalké aku,+ lan Yéhuwah wis lali karo aku.”+ 15  Apa ya mungkin ibu lali karo anaké sing isih nyusu? Apa ya mungkin ibu ora sayang manèh karo anaké kandhung? Senajan dhèwèké isa lali, Aku ora bakal lali karo kowé.+ 16  Jenengmu wis Tak tulis ing tangan-Ku. Aku terus ngawasi témbok-témbokmu. 17  Anak-anakmu lanang cepet-cepet mulih. Wong-wong sing ngremuk lan ngrusak kutha-kuthamu bakal padha lunga. 18  Deloken sekitarmu. Anak-anakmu padha ngumpul+Lan marani kowé. Yéhuwah ngomong, ”Aku sumpah demi Aku sing urip,Anak-anakmu kuwi bakal dadi kaya perhiasan sing mbok enggo,Kaya kalung sing dienggo mantèn. 19  Senajan panggonanmu hancur lan ora diopèni, terus negaramu dadi reruntuhan,+Ning saiki panggonanmu dadi sempit merga kebak wong,+Lan wong-wong sing ngremuk kutha-kuthamu+ bakal padha lunga.+ 20  Sakwisé kélangan anak, kowé nglairké anak-anak liyané. Anak-anak kuwi bakal ngomong ngéné,’Panggonan iki sempit banget. Aku butuh panggonan sing luwih amba bèn isa tak enggoni.’+ 21  Terus kowé bakal mbatin,’Aku iki wong wédok sing bar kélangan anak lan mandhul. Aku ya dibuwang lan dadi tawanan. Dadi, anak-anak sing diwènèhké aku iki sakjané anaké sapa? Sapa sing ngopèni anak iki nganti gedhé?+ Aku mung dhèwèkan,+Terus anak-anak iki asalé saka ngendi?’”+ 22  Gusti sing Mahakuwasa Yéhuwah ngomong ngéné,”Aku bakal ngangkat tangan-Ku bèn bangsa-bangsa padha ndelok. Aku bakal mènèhi tandha* kanggo suku-suku bangsa.+ Wong-wong kuwi bakal nggéndhong anak-anakmu lanang. Wong-wong kuwi ya bakal nggéndhong anak-anakmu wédok ing pundhaké.+ 23  Raja-raja bakal ngopèni kowé,+Lan putri raja bakal dadi pembantumu. Wong-wong kuwi bakal sujud marang kowé+ Lan tundhuk karo kowé.*+ Kowé bakal ngerti nèk Aku iki Yéhuwah. Wong sing berharap marang Aku ora bakal isin.”+ 24  Apa wong sing ditangkep wong sing kuwat isa dibébaské? Apa wong sing ditawan wong sing kejem isa dislametké? 25  Yéhuwah ngomong ngéné,”Wong sing ditangkep wong sing kuwat bakal dibébaské,+Lan wong sing ditawan wong sing kejem bakal dislametké.+ Aku bakal nglawan wong sing nglawan kowé,+Lan Aku bakal nylametké anak-anakmu. 26  Aku bakal nggawé wong sing nindhes kowé mangan dagingé dhéwéLan ngombé getihé dhéwé nganti mabuk kaya ngombé anggur sing legi. Kabèh wong bakal ngerti nèk Aku Yéhuwah,+Sing nylametké+ kowé lan sing nebus kowé,+Gusti Allahé Yakub sing kuwat.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”upah”.
Utawa mungkin ”bukit sing gundhul”.
Utawa ”luwé”.
Utawa ”mènèhi cagak sing dienggo tandha”.
Lit.: ”Lan ndilat debu ing sikilmu”.