Yésaya 31:1-9
31 Cilaka wong sing njaluk bantuané Mesir,+Sing mung ngendelké jaran,+Kréta perang sing jumlahé akèh,Lan kekuwatané jaran sing dienggo perang,*Tapi ora ngendelké Gusti Allahé Israèl sing MahasuciLan ora nggolèk tuntunané Yéhuwah.
2 Gusti Allah kuwi wicaksana lan mesthi bakal nepati janjiné.
Dhèwèké bakal mènèhi bencana.
Dhèwèké bakal ngukum kumpulané wong jahatLan ngukum wong sing ndhukung wong jahat.+
3 Wong Mesir kuwi mung manungsa, ora isa dibandhingké karo Gusti Allah.
Jarané wong-wong kuwi mung kéwan, ora isa dibandhingké karo makhluk roh.+
Wektu Yéhuwah nduduhké kuwasané,Sapa waé sing arep nulungi mesthi bakal kesandhung,Lan wong sing ditulungi ya mesthi bakal tiba.
Kabèh kuwi bakal mati bareng-bareng.
4 Yéhuwah ngomong ngéné karo aku,”Yéhuwah pemimpiné pasukan mudhun saka swarga merga arep perangKanggo mbéla Gunung Zion lan bukité,Kaya singa sing swarané banter banget, singa enom* sing kuwat, sing ana ing ndhuwuré mangsané,Sing ora wedi lan ora lungaWektu ana kumpulan gembalaSing bengok-bengok lan nggusah dhèwèké.
5 Kaya manuk sing mabur cepet banget, Yéhuwah pemimpiné pasukan bakal mbéla Yérusalèm.+
Gusti Allah bakal mbéla lan nylametké dhèwèké.
Gusti Allah bakal mbébaské lan nulungi dhèwèké.”
6 ”Hé wong Israèl,+ mertobat lan balia marang Gusti Allah. Kowé wis jelas-jelas mbrontak nglawan Dhèwèké.
7 Pas kuwi, saben wong bakal nyingkirké patung allah-allahé sing ora ana gunané, sing digawé saka emas lan pérak, sing wis mbok gawé dhéwé lan marahi kowé dosa.
8 Wong Asiria bakal dipatèni nganggo pedhang, tapi dudu pedhangé manungsa.
Wong-wong kuwi bakal dipatèni dudu nganggo pedhangé manungsa.+
Wong-wong kuwi mlayu bèn ora dipatèni nganggo pedhang kuwi,Lan cah-cah enomé bakal dikongkon kerja paksa.
9 Sing dipercaya* wong-wong kuwi ora bakal ana manèh merga kewedèn,Lan para pemimpiné bakal wedi merga cagak sing dadi tandha kuwi,” kandhané YéhuwahSing cahayané* ana ing Zion lan sing tungkuné ana ing Yérusalèm.

