2 Samuèl 3:1-39

  • Kuwasané keluargané Daud dadi saya gedhé (1)

  • Anak-anaké lanang Daud (2-5)

  • Abnèr dadi balané Daud (6-21)

  • Yoab matèni Abnèr (22-30)

  • Daud nangisi Abnèr (31-39)

3  Perang antarané wong-wong sing ndhukung keluargané Saul lan wong-wong sing ndhukung Daud ora rampung-rampung. Daud kuwasané dadi saya gedhé,+ ning sing ndhukung keluargané Saul kuwasané dadi saya kurang.+  Saksuwéné kuwi, anak-anaké lanang Daud lair ing Hébron.+ Sing pertama jenengé Amnon+ anaké Ahinoam+ wong Yizréèl.  Sing nomer loro jenengé Khiléab anaké Abigail+ randhané Nabal wong Karmèl. Sing nomer telu jenengé Absalom+ anaké Maaka. Maaka kuwi anaké wédok Talmai+ raja Gésyur.  Sing nomer papat jenengé Adoniya+ anaké Hagit, lan sing nomer lima jenengé Syéfatia anaké Abital.  Sing nomer enem jenengé Itréam anaké Égla bojoné Daud. Kuwi kabèh anak-anaké Daud sing lair ing Hébron.  Saksuwéné keluargané Saul lan keluargané Daud isih perang, Abnèr+ terus ngupaya éntuk kuwasa sing luwih gedhé ing keluargané Saul.  Saul nduwé selir jenengé Rizpa,+ anaké Aya. Wektu kuwi, Is-bosyèt+ nakoni Abnèr, ”Ngapa kok kowé turu karo seliré bapakku?”+  Abnèr dadi nesu banget merga omongané Is-bosyèt kuwi lan kandha, ”Apa aku iki asu* Yéhuda? Nganti dina iki, aku wis setya* karo keluargané bapakmu Saul, karo sedulur-seduluré, lan karo kanca-kancané. Aku ora ngianati kowé lan ora nyerahké kowé marang Daud. Ning, mung gara-gara wong wédok siji waé kowé nuntut aku.  Bèn waé Gusti Allah ngukum aku nèk aku ora ndhukung Daud, merga Yéhuwah wis janji marang Daud.+ 10  Gusti Allah janji nèk keluargané Saul ora bakal nduwé kuwasa manèh kanggo mréntah dadi raja. Terus, Gusti Allah bakal nglantik Daud dadi rajané wong Israèl lan Yéhuda, saka Dan nganti Béèr-syéba.”+ 11  Is-bosyèt ora isa ngomong apa-apa kanggo njawab Abnèr merga dhèwèké wedi karo Abnèr.+ 12  Abnèr langsung ngirim utusan marang Daud lan kandha, ”Sapa ta sing nguwasani negara iki?” Dhèwèké kandha manèh, ”Nèk kowé gelem nggawé perjanjian karo aku, aku bakal ngupaya sak isa-isaku bèn kabèh wong Israèl ndhukung kowé.”+ 13  Daud njawab, ”Iya. Aku bakal nggawé perjanjian karo kowé. Ning, ana siji sing tak jaluk, aja nemoni aku nèk kowé ora nggawa Mikhal+ anaké Saul mréné.” 14  Terus, Daud ngirim utusan marang Is-bosyèt+ anaké Saul. Utusan kuwi dikongkon ngomong ngéné, ”Balèkna Mikhal bojoku. Aku wis mènèhké 100 kulit khitané wong Filistin bèn isa tunangan karo dhèwèké.”+ 15  Mula, Is-bosyèt ngutus wong bèn njupuk Mikhal saka Paltièl+ anaké Lais. Wektu kuwi, Mikhal wis dadi bojoné Paltièl. 16  Ning, Paltièl terus ngetutké Mikhal karo nangis nganti tekan Bahurim.+ Bar kuwi, Abnèr kandha marang dhèwèké, ”Wis kana mulih waé!” Terus Paltièl mulih. 17  Bar kuwi, Abnèr ngirim pesen marang para pemimpiné* Israèl, kandhané, ”Kèt mbiyèn kowé kan péngin Daud dadi rajamu, ta? 18  Saiki wektuné kowé ndadèkké dhèwèké raja, merga Yéhuwah wis kandha,+ Liwat Daud abdi-Ku, Aku bakal nylametké Israèl umat-Ku saka wong Filistin lan kabèh mungsuh-mungsuhé.’” 19  Terus, Abnèr ngandhani wong Bènyamin.+ Abnèr ya lunga menyang Hébron bèn isa ngomong karo Daud. Abnèr ngandhani soal kabèh sing wis dirembug karo wong Israèl lan wong Bènyamin. 20  Pas Abnèr marani Daud ing Hébron bareng karo wong 20, Daud nganakké pésta kanggo wong-wong kuwi. 21  Terus Abnèr kandha marang Daud, ”Rajaku, mbok aku éntuk lunga lan nglumpukké kabèh wong Israèl bèn kabèh wong Israèl isa nggawé perjanjian karo njenengan, lan njenengan isa dadi rajané kabèh wong Israèl.” Mula, Daud ngéntukké Abnèr lunga. Bar kuwi, Abnèr lunga saka kono. 22  Ora let suwé, Yoab lan anak buahé Daud bali sakwisé njarah karo nggawa jarahan akèh banget. Wektu kuwi, Abnèr wis lunga saka Hébron, merga Daud wis ngéntukké dhèwèké lunga. 23  Pas Yoab+ teka karo pasukané, Yoab dikandhani, ”Abnèr+ anaké Nèr+ mau marani Raja, lan Raja ngéntukké dhèwèké lunga. Terus Abnèr lunga saka kono.” 24  Terus, Yoab ngadhep Raja lan kandha, ”Njenengan kuwi piyé, ta? Abnèr wis marani njenengan, ning ngapa kok malah ngongkon dhèwèké lunga. Saiki dhèwèké wis lolos. 25  Njenengan ngerti sapa Abnèr anaké Nèr kuwi. Dhèwèké teka kanggo ngapusi njenengan lan kanggo ngamati apa waé sing lagi njenengan tindakké.” 26  Mula, Yoab ninggalké Daud lan ngutus wong-wong nyusul Abnèr. Wong-wong sing wis diutus kuwi nggawa Abnèr saka sumur Sira, ning Daud ora ngerti apa-apa soal kuwi. 27  Pas Abnèr bali menyang Hébron,+ Yoab ngejak ngomong Abnèr ing samping gerbang. Tapi ing kana, Yoab nusuk wetengé Abnèr, terus Abnèr mati.+ Yoab nindakké kuwi merga Abnèr wis matèni* Asahèl+ adhiné. 28  Pas krungu kuwi, Daud kandha, ”Aku lan kerajaanku ora bakal dianggep salah karo Yéhuwah nganti sakterusé merga Abnèr anaké Nèr mati.+ 29  Bèn waé Yoab+ lan kabèh keluargané sing nanggung kuwi. Muga-muga sakterusé ana sing kena penyakit kelamin,+ kena kusta,+ wong lanang sing nyambut gawéné mintal,* wong sing mati merga pedhang, utawa wong sing kelaparan+ ing keluargané Yoab.” 30  Ya ngono kuwi Yoab lan Abisyai+ kakangé matèni Abnèr,+ merga Abnèr wis matèni Asahèl adhiné pas perang+ ing Gibéon. 31  Terus, Daud kandha marang Yoab lan kabèh wong sing bareng dhèwèké, ”Kowé kudu nyuwèk klambimu lan nganggo kain goni, terus nangisi Abnèr.” Raja Daud mlaku ing mburiné tandhu jenazahé Abnèr. 32  Bar kuwi, wong-wong padha ngubur Abnèr ing Hébron. Raja nangis banter banget ing kuburané Abnèr, lan kabèh wong ya mèlu nangis. 33  Raja nyanyi lagu sedhih kanggo Abnèr lan kandha,”Ngapa Abnèr kudu mati kaya wong sing direndhahké? 34  Tanganmu ora ditalèni,Sikilmu ora diranté.* Kowé mati kaya wong sing dipatèni penjahat.”*+ Terus, kabèh wong padha nangisi dhèwèké manèh. 35  Bar kuwi, pas isih awan, kabèh anak buahé Daud padha teka lan ngongkon Daud bèn mangan,* ning Daud sumpah, ”Muga-muga Gusti Allah mènèhi aku hukuman sing abot nèk nganti aku mangan roti utawa mangan apa waé sakdurungé matahari terbenam.”+ 36  Kabèh wong padha nggatèkké soal kuwi lan padha seneng. Apa waé sing ditindakké Raja mesthi nggawé wong-wong seneng. 37  Mula ing dina kuwi, wong-wong sing ndhukung Daud lan kabèh wong Israèl ngerti nèk Raja ora salah merga Abnèr anaké Nèr mati.+ 38  Terus Raja kandha marang abdi-abdiné, ”Apa kowé padha ora ngerti nèk dina iki pemimpin lan wong penting ing Israèl mati?+ 39  Dina iki, senajan aku wis dilantik dadi raja,+ aku ora isa nglawan anak-anaké Zéruya,+ merga wong-wong kuwi kejem banget.+ Muga-muga Yéhuwah mbales wong jahat sesuai karo kejahatané.”+

Katrangan Tambahan

Lit.: ”endhasé asu”.
Utawa ”nduduhké katresnan sing langgeng”. Deloken ”Katresnan sing langgeng” ing Daftar Istilah.
Utawa ”para sesepuhé”.
Lit.: ”merga getihé”
Mungkin maksudé, wong lanang cacad sing kudu nindakké gawéané wong wédok.
Utawa ”ora ditalèni tembaga”.
Utawa ”putra-putra sing ora bener”.
Utawa ”lan mènèhi Daud roti penghiburan”.