1 Samuèl 30:1-31

  • Wong Amalèk njarah lan ngobong kutha Ziklag (1-6)

    • Daud éntuk kekuwatan saka Gusti Allah (6)

  • Daud ngalahké wong Amalèk (7-31)

    • Daud nylametké wong-wong sing ditawan (18, 19)

    • Aturan saka Daud soal jarahan (23, 24)

30  Ing dina ketelu, Daud lan anak buahé tekan ing Ziklag.+ Wong Amalèk+ wis njarah Nègèb* lan Ziklag. Wong Amalèk nyerang Ziklag lan ngobong kutha kuwi.  Wong-wong wédok lan kabèh wong sing ana ing kono, saka sing enom nganti sing tuwa, ditawan.+ Kabèh wong kuwi digawa lunga, ning ora ana sing dipatèni.  Pas Daud lan anak buahé tekan ing kutha kuwi, kutha kuwi wis diobong nganti entèk. Keluargané Daud lan keluargané anak buahé, yaiku bojo, anak-anaké lanang, lan anak-anaké wédok, kabèh wis digawa lunga dadi tawanan.  Mula, Daud lan anak buahé mulai nangis banter banget nganti ora kuwat nangis manèh.  Loro bojoné Daud, yaiku Ahinoam wong Yizréèl lan Abigail randhané Nabal wong Karmèl,+ ya ditawan.  Daud sedhih banget merga anak buahé kandha nèk arep mbandhemi* Daud nganggo watu. Anak buahé nesu banget merga wis kélangan anak-anaké lanang lan anak-anaké wédok. Ning, Daud éntuk kekuwatan merga njaluk bantuané Yéhuwah Gusti Allahé.+  Terus, Daud kandha marang Imam Abiatar+ anaké Ahimèlèkh, ”Tulung gawanen éfod* kuwi mréné.”+ Abiatar terus mènèhké éfod kuwi marang Daud.  Daud njaluk tuntunané Yéhuwah,+ ”Apa aku kudu ngoyak* grombolan rampok kuwi? Nèk tak oyak, apa aku isa nyusul grombolan kuwi?” Gusti Allah njawab, ”Oyaken, merga kowé mesthi bakal isa nyusul wong-wong kuwi. Kabèh wong sing ditawan lan barang-barangé isa mbok gawa bali manèh.”+  Daud langsung mangkat bareng karo 600 anak buahé,+ terus lunga nganti tekan Wadi* Bésor. Sebagéan anak buahé mandheg ing kono. 10  Daud terus ngoyak* wong-wong kuwi bareng karo 400 anak buahé, ning 200 anak buahé sing kesel banget lan ora kuwat nyabrang Wadi Bésor ditinggal ing kono.+ 11  Pas perjalanan, anak buahé Daud weruh wong lanang Mesir ing padhang, terus nggawa wong kuwi marang Daud. Wong lanang kuwi diwènèhi mangan lan ngombé, 12  lan diwènèhi kué ara kering sak iris lan kué kismis loro. Sakwisé mangan, tenagané pulih* merga dhèwèké ora mangan lan ngombé telung dina telung bengi. 13  Terus Daud nakoni wong mau, ”Kowé kuwi budhaké sapa, lan asalmu saka ngendi?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku wong Mesir budhaké wong Amalèk, ning telung dina wingi majikanku ninggalké aku merga aku lara. 14  Wong Amalèk njarah bagéan kidul* dhaérahé wong Khèrèti,+ dhaérah Yéhuda, lan dhaérah ing sisih kidulé* Kalèb.+ Ziklag ya diobong nganti entèk.” 15  Terus Daud kandha, ”Apa kowé gelem ngeterké aku marang grombolan rampok kuwi?” Wong kuwi njawab, ”Aku gelem ngeterké, ning njenengan kudu sumpah dhisik demi Gusti Allah nèk ora bakal matèni aku lan ora mbalèkké aku marang majikanku.” 16  Mula, wong lanang kuwi ngeterké Daud menyang panggonané grombolan rampok mau. Grombolan kuwi padha mencar-mencar lan lagi mangan, ngombé, lan pésta-pésta merga akèhé jarahan sing wis digawa saka wilayahé wong Filistin lan Yéhuda. 17  Terus, Daud matèni kabèh wong kuwi saka ésuk banget pas isih peteng nganti tekan bengi. Ora ana sing lolos,+ kecuali wong 400 sing mlayu numpak unta. 18  Daud isa nggawa bali manèh kabèh barang sing dirampas wong Amalèk,+ lan bojoné loro ya dibébaské. 19  Ora ana sing ilang, saka sing paling enom nganti sing paling tuwa. Kabèh anak-anaké lanang lan wédok, termasuk barang-barang sing wis dirampas, ya isa digawa bali manèh.+ Daud nggawa bali manèh kabèh sing wis dijarah. 20  Terus, Daud njupuk kabèh kambing, domba, lan sapiné wong Amalèk. Ternak-ternak kuwi digiring ing ngarepé ternak-ternaké Daud sing mauné dirampas wong Amalèk. Anak buahé Daud kandha, ”Iki jarahané Daud.” 21  Bar kuwi, Daud marani wong 200 sing ditinggal ing cedhak Wadi Bésor+ merga padha kekeselen lan ora isa mèlu Daud. Wong-wong sing ditinggal kuwi metu nemoni Daud lan anak buahé. Daud mara nyedhak lan nakonké kabaré wong-wong kuwi. 22  Ning, wong sing jahat lan ora ana gunané, sing ana ing antarané wong-wong sing mèlu Daud, kandha, ”Merga ora mèlu awaké dhéwé, wong-wong iki ora usah dikèki jarahan sing digawa bali. Balèkna anak lan bojoné, terus bèn padha lunga.” 23  Ning Daud kandha, ”Sedulur-sedulurku, kowé aja kaya ngono karo apa sing wis diwènèhké Yéhuwah marang awaké dhéwé. Gusti Allah wis nglindhungi awaké dhéwé lan nggawé awaké dhéwé isa ngalahké grombolan rampok sing nyerang kuwi.+ 24  Apa ana sing setuju karo kowé? Jatahé wong sing maju perang bakal padha karo jatahé wong sing njaga barang.+ Kabèh bakal éntuk jatah sing padha.”+ 25  Kèt dina kuwi, Daud netepké kuwi dadi keputusan hukum lan aturan ing Israèl nganti saiki. 26  Pas Daud bali menyang Ziklag, Daud ngirim sebagéan jarahané marang para pemimpin* Yéhuda sing dadi kancané. Daud kandha, ”Iki hadiah* kanggo kowé. Iki jarahan saka mungsuh-mungsuhé Yéhuwah.” 27  Daud ngirim kuwi marang wong-wong sing ana ing Bètel,+ ing Ramot ing dhaérah sisih kidul,* ing Yatir,+ 28  ing Aroèr, ing Sifmot, ing Èstémoa,+ 29  ing Rakal, ing kutha-kuthané wong Yérahméèl,+ ing kutha-kuthané wong Kèni,+ 30  ing Horma,+ ing Borasyan, ing Atakh, 31  ing Hébron,+ lan ing kabèh panggonan sing kerep diparani Daud lan anak buahé.

Katrangan Tambahan

Utawa ”dhaérah sisih kidul”. Maksudé, sisih kidulé Yéhuda.
Utawa ”mbalangi”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”dhèwèké dadi semangat manèh”.
Utawa ”Nègèb”.
Utawa ”Nègèb”.
Utawa ”para sesepuh”.
Lit.: ”berkah”.
Utawa ”Nègèb”.