1 Samuèl 25:1-44

  • Samuèl mati (1)

  • Nabal nolak anak buahé Daud (2-13)

  • Abigail tumindak wicaksana (14-35)

    • Yéhuwah nglindhungi nyawa (29)

  • Nabal dipatèni Yéhuwah (36-38)

  • Abigail dadi bojoné Daud (39-44)

25  Akhiré Samuèl+ mati, lan kabèh wong Israèl ngumpul kanggo nangisi lan ngubur Samuèl ing cedhak omahé ing Rama.+ Bar kuwi, Daud lunga menyang Padhang Belantara Paran.  Ana wong lanang ing Maon+ sing kerjané ing Karmèl.*+ Wong kuwi sugih banget. Dhèwèké nduwé domba 3.000 lan kambing 1.000. Wektu kuwi, dhèwèké lagi nggunting wulu dombané ing Karmèl.  Wong lanang kuwi jenengé Nabal,+ lan bojoné jenengé Abigail.+ Abigail kuwi wong wédok sing wicaksana* lan ayu. Ning bojoné, keturunané Kalèb,+ wongé kasar lan jahat.+  Wektu ana ing padhang belantara, Daud krungu nèk Nabal lagi nggunting wulu dombané.  Mula, Daud ngongkon cah lanang sepuluh marani Nabal. Daud kandha, ”Kana lunga menyang Karmèl. Mengko pas ketemu Nabal, ngomonga nèk aku nakonké kabaré.  Terus ngomonga, ’Muga-muga njenengan panjang umur lan ayem tentrem. Muga-muga keluarga lan kabèh duwèké njenengan apik-apik waé.  Aku krungu nèk njenengan lagi nggunting wulu domba. Wektu bareng karo aku, para gembalané njenengan ora tau tak ganggu.+ Para gembala kuwi ya ora tau kélangan apa-apa pas ing Karmèl.  Takona anak buahé njenengan, lan wong-wong kuwi bakal ngandhani njenengan. Muga-muga njenengan gelem nampa anak buahku merga aku teka ing dina sing nyenengké.* Tulung wènèhana apa waé sing isa njenengan wènèhké+ marang para abdimu iki lan anakmu Daud.’”  Mula, anak buahé Daud nemoni Nabal lan nyampèkké kabèh sing diomongké Daud. Bar kuwi, 10  Nabal njawab, ”Daud kuwi sapa? Anaké Isai kuwi sapa? Saiki ana akèh budhak sing minggat saka majikané.+ 11  Ngapa aku ndadak njupuk roti, banyu, lan daging sing tak sedhiakké kanggo wong-wong sing nggunting wulu dombaku, terus kuwi kabèh tak wènèhké kanggo wong sing ora nggenah asal usulé?” 12  Terus, anak buahé Daud mulih lan nglaporké kabèh omongané Nabal marang Daud. 13  Daud langsung mréntahké anak buahé, ”Lebokna pedhangmu ing sabuk!”+ Mula, kabèh anak buahé Daud nglebokké pedhangé ing sabuké. Daud ya nglebokké pedhangé ing sabuké lan mangkat karo kira-kira wong 400. Sing 200 liyané ora mèlu merga njaga barang-barang. 14  Wektu kuwi, salah siji pelayané Nabal ngandhani Abigail bojoné Nabal, ”Daud ngirim utusan saka padhang belantara merga arep ngirim salam marang majikané awaké dhéwé. Ning, majikané awaké dhéwé malah nggetak-nggetak lan ngrèmèhké para utusan kuwi.+ 15  Padahal, para utusan kuwi apikan karo aku. Wong-wong kuwi ora tau ngganggu aku, lan aku ya ora tau kélangan apa-apa wektu bareng karo wong-wong kuwi ing padhang belantara.+ 16  Pas aku angon ternak ing kono, wong-wong kuwi kaya témbok sing nglindhungi aku awan lan bengi. 17  Saiki, tulung njenengan pikirké kudu piyé, merga majikané awaké dhéwé, keluargané, lan para pembantuné mesthi bakal kena bencana.+ Majikané awaké dhéwé kuwi wong sing ora ana gunané+ lan angèl dijak omongan.” 18  Terus, Abigail+ cepet-cepet njupuk roti 200, rong wadhah gedhé isi minuman anggur, domba lima sing wis dibelèh, limang séa* biji-bijian panggang, kué kismis 100, lan kué ara kering 200, terus ndèlèhké kuwi kabèh ing keledai-keledai.+ 19  Abigail ngongkon pembantuné, ”Kana kowé mangkat dhisik, mengko tak susul.” Ning, Abigail ora ngandhani Nabal bojoné. 20  Wektu Abigail lagi numpak keledainé, Daud lan anak buahé ya lagi mudhun saka gunung menyang arahé Abigail. Ning, Daud lan anak buahé ora ndelok Abigail merga Abigail ketutupan gunung. Terus, Abigail ketemu karo wong-wong kuwi. 21  Sakdurungé, Daud wis kandha, ”Ora ana gunané aku njaga kabèh duwèké wong kuwi ing padhang belantara. Ora ana duwèké sing ilang,+ ning saiki dhèwèké mbales tumindakku sing apik nganggo kejahatan.+ 22  Nèk nganti ana wong lanang siji waé* ing omahé Nabal sing isih urip nganti sésuk ésuk, bèn waé Gusti Allah dhéwé sing mènèhi mungsuh-mungsuhku* hukuman sing abot.” 23  Pas ndelok Daud, Abigail langsung mudhun saka keledainé lan sujud ing ngarepé Daud. 24  Abigail sujud ing sikilé Daud lan kandha, ”Pak, bèn aku waé sing tanggung jawab. Tulung ijinké aku ngomong karo njenengan, lan tulung rungokna omongané abdimu wédok iki. 25  Aku njaluk tulung, aja nanggepi Nabal, wong sing ora ana gunané kuwi.+ Dhèwèké kuwi padha kaya artiné jenengé. Jenengé Nabal,* lan dhèwèké kuwi wong bodho. Pas anak buah sing njenengan utus teka, abdimu wédok iki ora ana ing kono. 26  Pak, aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip lan demi njenengan dhéwé, sakjané Yéhuwah dhéwé sing wis nyegah+ njenengan bèn ora matèni+ utawa balas dendam. Muga-muga mungsuh-mungsuhé njenengan lan wong-wong sing péngin nyilakani njenengan dadi kaya Nabal. 27  Pak, aku nggawa panganan iki dadi hadiah+ bèn isa njenengan wènèhké marang anak buah sing ngetutké njenengan.+ 28  Tulung, ampuni pelanggarané abdimu wédok iki. Yéhuwah mesthi bakal nggawé keturunané njenengan terus mréntah dadi raja kanggo wektu sing suwé*+ merga njenengan maju ing perang-perangé Yéhuwah.+ Sakjegé urip, njenengan ora tau nindakké sing jahat.+ 29  Nèk ana wong sing ngoyak* lan péngin matèni njenengan, Yéhuwah Gusti Allahé njenengan bakal nglindhungi nyawané njenengan kaya nglindhungi barang berharga sing dibungkus ing kanthong. Ning, nyawané mungsuhé njenengan bakal diuncalké Gusti Allah, kaya watu sing diuncalké nganggo bandhil.* 30  Sakwisé Yéhuwah nindakké kabèh sing apik sing Dhèwèké janjèkké marang njenengan lan nglantik njenengan dadi pemimpiné Israèl,+ 31  atiné njenengan ora bakal rumangsa salah utawa gela, merga njenengan ora sida matèni tanpa alesan utawa balas dendam.+ Nèk Yéhuwah wis mberkahi njenengan, aja lali karo abdimu wédok iki.” 32  Terus Daud kandha marang Abigail, ”Muga-muga Yéhuwah Gusti Allahé Israèl dipuji merga wis ngutus kowé nemoni aku dina iki. 33  Muga-muga Gusti Allah mberkahi kowé merga kowé wicaksana. Muga-muga kowé diberkahi. Dina iki kowé wis nyegah aku bèn ora utang getih+ lan balas dendam. 34  Demi Yéhuwah Gusti Allahé Israèl, sing wis nyegah aku bèn ora nyilakani kowé,+ nèk misalé kowé ora ndang cepet-cepet nemoni aku,+ sésuk ésuk ora bakal ana wong lanang siji waé* ing omahé Nabal sing isih urip.”+ 35  Daud nampa kabèh sing digawa Abigail lan kandha, ”Muliha ing omahmu, lan aja kuwatir. Aku wis ngrungokké omonganmu lan bakal nuruti sing mbok jaluk.” 36  Terus, Abigail bali marang Nabal. Nabal lagi pésta ing omahé kaya raja. Nabal* lagi seneng lan mabuk. Abigail ora crita apa-apa marang Nabal nganti sésuk ésuké. 37  Sésuké, pas Nabal wis ora mabuk manèh, bojoné ngandhani dhèwèké apa sing wis kelakon. Jantungé Nabal dadi kaya jantungé wong mati, lan dhèwèké ora isa obah kaya watu. 38  Kira-kira sepuluh dina bar kuwi, Yéhuwah nyebabké Nabal mati. 39  Wektu krungu nèk Nabal wis mati, Daud kandha, ”Muga-muga Yéhuwah dipuji. Dhèwèké wis mbéla aku+ bar aku dirèmèhké Nabal.+ Dhèwèké wis nyegah abdiné bèn ora nindakké kejahatan.+ Yéhuwah wis mbales Nabal merga tumindaké sing jahat.” Bar kuwi, Daud ngirim utusan kanggo nglamar Abigail bèn dadi bojoné. 40  Para abdiné Daud marani Abigail ing Karmèl lan kandha, ”Daud ngutus aku kanggo nglamar kowé bèn dadi bojoné.” 41  Abigail langsung sujud lan kandha, ”Abdimu wédok iki gelem dadi budhak sing ngwijiki sikilé+ para abdimu.” 42  Bar kuwi, Abigail+ cepet-cepet numpak keledainé. Lima abdiné wédok Abigail mlaku ing mburiné. Abigail lunga bareng karo para utusané Daud, terus dadi bojoné Daud. 43  Daud ya wis nikah karo Ahinoam+ saka Yizréèl.+ Wong wédok loro kuwi dadi bojoné Daud.+ 44  Ning, Saul wis mènèhké Mikhal anaké wédok,+ yaiku bojoné Daud, marang Palti+ anaké Lais, sing asalé saka Galim.

Katrangan Tambahan

Kutha ing Yéhuda, dudu Gunung Karmèl.
Lit.: ”dina sing apik”.
1 séa = 7,33 L. Deloken Lamp. B14.
Lit.: ”Sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.
Utawa mungkin ”mènèhi aku”.
Artiné ”Ndableg; Bodho”.
Lit.: ”bakal mbangun omah sing tahan lama kanggo njenengan”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”sapa waé sing nguyuh ing témbok”. Iki istilah ing basa Ibrani sing ngrèmèhké, sing artiné wong lanang.
Lit.: ”Atiné Nabal”.