1 Samuèl 14:1-52

  • Serangané Yonatan ing Mikhmash (1-14)

  • Gusti Allah ngalahké mungsuhé Israèl (15-23)

  • Saul kesusu nggawé sumpah (24-46)

    • Wong Israèl mangan daging sak getihé (32-34)

  • Perangé Saul; keluargané Saul (47-52)

14  Wektu kuwi, Yonatan+ anaké Saul kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo awaké dhéwé nyabrang menyang pos pasukané Filistin ing sisih kana.” Ning, Yonatan ora ngandhani bapaké.  Saul lan kira-kira 600 prajurité+ lagi kémah ing cedhak Gibéah,+ ing ngisor wit delima ing Migron.  (Sing nganggo éfod*+ wektu kuwi Ahiya. Ahiya kuwi anaké Ahitub.+ Ahitub kuwi seduluré Ikhabod.+ Ikhabod kuwi anaké Pinéhas,+ Pinéhas kuwi anaké Èli.+ Èli kuwi imamé Yéhuwah ing Syilo.)+ Para prajurit ora ngerti nèk Yonatan wis lunga saka kono.  Jalur sing kudu diliwati Yonatan kanggo nyabrang menyang pos pasukané wong Filistin kuwi ana ing antarané tebing loro sing bentuké kaya untu. Tebing sing siji jenengé Bozèz lan sing sijiné jenengé Séné.  Tebing sing siji kaya cagak lan kuwi ana ing sisih lor lan madhep Mikhmash. Sing sijiné ana ing sisih kidul lan madhep Géba.+  Terus, Yonatan kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo awaké dhéwé nyabrang menyang posé wong-wong sing ora disunat kuwi.+ Sapa ngerti Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé. Kanggoné Yéhuwah, ora masalah nylametké wong nggunakké wong akèh utawa wong sithik.”+  Wong sing mbantu nggawa senjata kuwi kandha, ”Njenengan isa nindakké apa waé sing njenengan karepké. Aku bakal ngetutké njenengan menyang endi waé.”  Yonatan njawab, ”Awaké dhéwé arep nyabrang lan ngétok ing ngarepé wong-wong kuwi.  Nèk wong-wong kuwi kandha karo awaké dhéwé, ’Kowé kudu tetep ana ing kono, mengko aku sing mara mrono,’ ya awaké dhéwé bakal ngadeg ing kono lan ora munggah marani wong-wong kuwi. 10  Ning nèk wong-wong kuwi kandha, ’Ayo munggah mréné lan lawanen aku,’ ya awaké dhéwé bakal munggah, merga kuwi tandha+ nèk Yéhuwah bakal nggawé awaké dhéwé ngalahké wong-wong kuwi.” 11  Terus, wong loro kuwi ngétok ing posé wong Filistin. Wong Filistin padha kandha, ”Deloken! Wong Ibrani sing mauné ndhelik ing guwa wis padha metu.”+ 12  Mula, wong-wong sing ana ing pos kuwi kandha marang Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo munggah mréné. Kowé bakal tak ajar!”+ Yonatan langsung kandha marang sing mbantu nggawa senjatané, ”Ayo mèlu aku, merga Yéhuwah bakal nggawé wong Israèl ngalahké wong-wong kuwi.”+ 13  Terus, Yonatan mènèk tebing kuwi, lan sing mbantu nggawa senjatané mau ngetutké ing mburiné. Yonatan mulai nyerang wong-wong kuwi lan sing mbantu nggawa senjatané matèni wong-wong sing durung dipatèni Yonatan. 14  Ing serangan sing pertama, Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané mau matèni kira-kira wong 20. Kuwi kelakon ing jarak sing cedhak.* 15  Kabèh pasukan Filistin sing kémah ing njaba kutha lan sing ana ing pos padha wedi. Malah, pasukan penjarah+ ya padha wedi. Bumi mulai goncang, lan Gusti Allah nggawé wong Filistin padha bingung. 16  Para penjagané Saul ing Gibéah+ Bènyamin ndelok nèk wong Filistin padha bingung.+ 17  Terus, Saul kandha marang prajurité, ”Tulung étungen para prajurit, lan deloken sapa sing ora ana.” Bar diétung, para prajurit ngerti nèk jebulé Yonatan lan sing mbantu nggawa senjatané ora ana ing kono. 18  Saul kandha marang Ahiya,+ ”Gawanen mréné Pethiné Gusti Allah sing bener!” (Wektu kuwi,* Pethiné Gusti Allah sing bener ana ing antarané wong Israèl.) 19  Pas Saul isih ngomong karo imam kuwi, kabèh wong Filistin dadi saya bingung. Terus Saul kandha marang imam kuwi, ”Wis, aja diteruské manèh.” 20  Mula, Saul lan kabèh prajurité ngumpul lan mangkat perang. Ing kono, para prajurit kuwi ndelok nèk wong Filistin padha perang dhéwé-dhéwé nganggo pedhang. Keadaané kisruh banget. 21  Sakliyané kuwi, wong Ibrani sing mauné mihak wong Filistin lan sing lunga ing perkémahané wong Filistin padha mbalik mihak wong Israèl sing dipimpin Saul lan Yonatan. 22  Pas kabèh wong Israèl sing ndhelik+ ing pegunungan Éfraim krungu nèk wong Filistin wis padha mlayu, kabèh wong kuwi mèlu ngoyak* wong Filistin lan maju perang. 23  Dina kuwi, Yéhuwah nylametké Israèl.+ Perang kuwi dadi saya gedhé nganti tekan Bèt-awèn.+ 24  Ning, dina kuwi wong Israèl kekeselen banget, merga Saul wis sumpah ing ngarepé wong-wong kuwi, ”Wong sing mangan apa waé* sakdurungé bengi lan sakdurungé aku mbales mungsuh-mungsuhku bakal kena kutuk.” Mula, ora ana wong sing wani mangan.+ 25  Terus, kabèh prajurit mlebu hutan. Ing kono, ana madu ing lemah. 26  Pas mlebu hutan, para prajurit weruh ana madu sing nètès, ning ora ana sing wani mangan merga wedi karo sumpah mau. 27  Ning, Yonatan ora krungu sumpahé bapaké ing ngarepé para prajurit.+ Mula, Yonatan nyelupké pucuk tongkaté ing madu kuwi. Bar mangan madu kuwi, mripaté Yonatan dadi padhang. 28  Pas weruh kuwi, ana salah siji prajurit sing kandha, ”Bapakmu wis tenanan sumpah ing ngarepé para prajurit, kandhané, ’Wong sing mangan dina iki bakal kena kutuk.’+ Kuwi sebabé para prajurit padha kentèkan tenaga.” 29  Ning Yonatan kandha, ”Bapakku wis nggawé bangsa iki susah banget. Deloken, bar mangan madu sithik waé mripatku dadi padhang. 30  Coba nèk dina iki para prajurit bébas mangan apa waé+ saka jarahan sing direbut saka mungsuh, mesthi para prajurit kuwi isa matèni wong Filistin luwih akèh manèh.” 31  Dina kuwi, para prajurit terus matèni wong Filistin saka Mikhmash nganti tekan Aiyalon.+ Para prajurit kuwi bener-bener kentèkan tenaga. 32  Mula, para prajurit kuwi cepet-cepet njarah, njupuk domba lan sapi, terus kéwan-kéwan kuwi dibelèh ing kono lan dipangan sak getihé.+ 33  Terus Saul éntuk laporan, ”Para prajurit wis dosa marang Yéhuwah merga mangan daging sak getihé.”+ Saul kandha, ”Kowé ora setya. Cepet, glundhungna watu gedhé mréné.” 34  Bar kuwi, Saul kandha, ”Kowé kudu kandha marang kabèh prajurit, ’Gawanen sapi lan dombamu mréné, terus belèhen ing ndhuwur watu iki, bar kuwi panganen. Aja mangan daging karo getihé.+ Kuwi isa nggawé kowé dosa marang Yéhuwah.’” Mula bengi kuwi, saben prajurit padha nggawa sapi lan mbelèh kuwi ing kono. 35  Saul mbangun mézbah kanggo Yéhuwah.+ Kuwi mézbah pertama sing digawé Saul kanggo Yéhuwah. 36  Terus Saul kandha, ”Ayo awaké dhéwé ngoyak* wong Filistin pas bengi lan njarah nganti ésuk. Aja nganti ana sing isih urip.” Para prajurit njawab, ”Tindakna apa waé sing nurut njenengan apik.” Terus imam kuwi kandha, ”Ayo awaké dhéwé takon marang Gusti Allah sing bener.”+ 37  Saul takon marang Gusti Allah, ”Apa aku kudu nyerang wong Filistin?+ Apa Njenengan bakal nggawé wong Israèl isa ngalahké wong Filistin?” Ning dina kuwi, Gusti Allah ora njawab. 38  Mula Saul kandha, ”Hé para pemimpin pasukan, mrénéa lan coba golèkana dosa apa sing wis ditindakké dina iki. 39  Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, sing mbébaské Israèl, senajan Yonatan anakku dhéwé sing nindakké dosa kuwi, dhèwèké kudu mati.” Ning, ora ana sing njawab. 40  Terus, Saul kandha marang kabèh wong Israèl, ”Kowé kudu ngadeg ing sisih kana, lan aku bakal ngadeg ing sisih kéné karo Yonatan anakku.” Mula kabèh wong Israèl kandha, ”Tindakna apa sing nurut njenengan apik.” 41  Bar kuwi, Saul kandha marang Yéhuwah, ”Gusti Allahé Israèl, jawaben aku nganggo Tumim.”+ Terus, sing kepilih yaiku Yonatan lan Saul. Dadi, para prajurit ora disalahké. 42  Saul kandha, ”Uncalna undhi+ kanggo nentokké sapa sing dosa antarané aku lan Yonatan anakku.” Sing kepilih yaiku Yonatan. 43  Terus Saul takon marang Yonatan, ”Omonga karo aku, kowé bar nindakké apa?” Yonatan njawab, ”Aku ngicipi madu sithik sing ana ing pucuk tongkatku.+ Aku siap mati.” 44  Mula Saul kandha, ”Muga-muga Gusti Allah mènèhi kowé hukuman sing abot nèk kowé ora mati, Yonatan.”+ 45  Ning para prajurit kandha marang Saul, ”Apa Yonatan kudu mati? Dhèwèké kan wis nggawé Israèl éntuk kemenangan*+ sing gedhé iki? Aja! Aku sumpah demi Yéhuwah Gusti Allah sing urip, dhèwèké ora bakal kélangan sak ler rambut waé saka sirahé. Yonatan wis nggawé awaké dhéwé menang dina iki merga dibantu Gusti Allah.”+ Mula, para prajurit nylametké* Yonatan, lan dhèwèké ora mati. 46  Sakwisé kuwi, Saul ora ngoyak* wong Filistin manèh, lan wong Filistin bali menyang dhaérahé dhéwé. 47  Saul nduwé kekuasaan sing saya gedhé ing Israèl. Saul perang nglawan kabèh mungsuhé, yaiku wong Moab,+ wong Ammon,+ wong Édom,+ raja-raja Zoba,+ lan wong Filistin.+ Saul mesthi isa ngalahké mungsuh-mungsuhé menyang endi waé dhèwèké lunga. 48  Saul kendel banget wektu perang nglawan wong Amalèk.+ Dhèwèké ngalahké wong Amalèk lan nylametké wong Israèl saka mungsuhé. 49  Anak-anaké lanang Saul jenengé Yonatan, Iswi, lan Malkhi-syua.+ Saul ya nduwé anak wédok loro. Sing luwih tuwa jenengé Mérab,+ lan sing luwih enom jenengé Mikhal.+ 50  Bojoné Saul jenengé Ahinoam, anaké wédok Ahimaaz. Pemimpin pasukané Saul jenengé Abnèr+ anaké Nèr, pakliké Saul. 51  Kis+ kuwi bapaké Saul, lan Nèr+ bapaké Abnèr kuwi anaké Abièl. 52  Sakjegé uripé Saul, mesthi ana perang sing medèni antarané Saul+ lan wong Filistin. Wektu ngerti ana wong sing kuwat lan kendel, Saul bakal ndadèkké wong kuwi abdiné.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”ing separoné ladhang sing isa dibajak sapi ing wektu sedina”. Kira-kira setengah hèktar.
Lit.: ”Dina kuwi”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”roti”.
Utawa ”nguber”.
Utawa ”keslametan”.
Lit.: ”nebus”.
Utawa ”nguber”.