Yohanes 9:1-41

  • Yésus marèkké wong lanang sing wuta wiwit lair (1-12)

  • Wong Farisi nakoni wong lanang sing bar dimarèkké Yésus (13-34)

  • Wong Farisi sakjané wuta (35-41)

9  Wektu lagi mlaku, Yésus ndelok ana wong lanang sing wuta wiwit lair.  Banjur murid-muridé takon, ”Rabi, sapa sing dosa, wong iki apa wong tuwané, kok nganti dhèwèké wuta wiwit lair?”  Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong iki utawa dosané wong tuwané, nanging iki kelakon supaya wong-wong isa weruh kuwasané* Gusti Allah liwat wong kuwi.  Awaké dhéwé kudu nindakké gawéané Panjenengané sing ngutus aku mumpung isih awan, merga nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé.  Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki pepadhangé donya.”  Sakwisé ngomongké kuwi, Yésus ngidu ing lemah lan nyampurké iduné karo lemah, banjur dilèlètké ing mripaté wong lanang wuta mau,  terus ngongkon wong lanang kuwi, ”Lungaa lan raupa ing kolam Siloam” (nèk diterjemahké tegesé ”Diutus”). Wong lanang kuwi banjur lunga lan raup ing kana. Lan wektu bali, dhèwèké wis isa ndelok.  Banjur tangga-tangga lan wong-wong sing biasané weruh dhèwèké ngemis padha kandha, ”Wong iki kan sing biasané lungguh lan ngemis kaé, ta?”  Ana sing ngomong, ”Iya, kuwi wongé.” Sing liyané kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong lanang kuwi terus-terusan kandha, ”Iya, aku pancèn wongé.” 10  Mula wong-wong kuwi takon, ”Terus, kok mripatmu saiki isa ndelok?” 11  Wong lanang kuwi njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku, terus ngongkon aku, ’Lungaa lan raupa ing kolam Siloam.’ Mula aku lunga lan raup, terus aku isa ndelok.” 12  Wong-wong kuwi takon manèh, ”Terus wongé ing ngendi?” Wong lanang kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.” 13  Wong-wong nggawa wong lanang sing mauné wuta kuwi marang wong-wong Farisi. 14  Ndilalah, dina wektu Yésus nggawé campuran kuwi lan marèkké* wong wuta mau ngepasi dina Sabat. 15  Mula wong-wong Farisi banjur nakoni wong lanang mau piyé carané dhèwèké isa ndelok. Wong lanang mau kandha, ”Dhèwèké nglèlètké campuran ing mripatku, banjur aku raup, lan aku isa ndelok.” 16  Ana wong-wong Farisi sing mulai kandha, ”Wong iki dudu utusané Gusti Allah, merga dhèwèké ora nindakké Sabat.” Sing liyané kandha, ”Apa ya mungkin wong dosa isa nggawé mukjijat* kaya ngono?” Mula, ana pendapat sing béda-béda ing antarané wong-wong kuwi. 17  Wong-wong kuwi banjur takon manèh marang wong lanang wuta mau, ”Mripatmu kan wis dimarèkké* dhèwèké, dadi miturutmu, wong kuwi sapa?” Wong lanang kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.” 18  Nanging, wong-wong Yahudi ora percaya nèk wong lanang kuwi mauné wuta lan saiki isa ndelok, nganti wong-wong kuwi nyeluk wong tuwané wong lanang mau. 19  Wong-wong kuwi banjur takon marang wong tuwané wong wuta mau, ”Apa iki anakmu sing jarému wuta wiwit lair? Terus, saiki dhèwèké kok isa ndelok?” 20  Wong tuwané njawab, ”Iki pancèn anakku, lan dhèwèké pancèn wuta wiwit lair. 21  Nanging bab piyé dhèwèké saiki isa ndelok, aku ora ngerti. Utawa sapa sing marèkké* dhèwèké, aku ya ora ngerti. Takona dhéwé. Dhèwèké kan wis gedhé, isa njawab dhéwé.” 22  Wong tuwané ngomong kaya ngono kuwi merga wedi karo wong-wong Yahudi. Wong-wong Yahudi wis padha setuju nèk ana wong sing ngakoni Yésus kuwi Kristus, wong kuwi kudu diusir saka sinagogé.* 23  Kuwi sebabé wong tuwané kandha, ”Dhèwèké kan wis gedhé. Takona dhéwé.” 24  Mula, kanggo kaping pindhoné wong-wong mau nyeluk wong lanang sing mauné wuta kuwi, lan kandha marang dhèwèké, ”Luhurna Gusti Allah kanthi ngomong sing saktenané. Aku kabèh ngerti nèk dhèwèké kuwi wong dosa.” 25  Wong lanang kuwi njawab, ”Embuh dhèwèké kuwi wong dosa apa ora, aku ora ngerti. Sakngertiku, mauné aku wuta nanging saiki aku isa ndelok.” 26  Wong-wong kuwi takon manèh, ”Kowé dikapakké karo wong kuwi? Piyé carané dhèwèké marèkké kowé?”* 27  Wong lanang kuwi njawab, ”Aku kan wis ngandhani kowé, nanging kowé ora gelem ngrungokké. Ngapa kok kowé péngin krungu manèh? Apa kowé ya péngin dadi muridé?” 28  Wong-wong kuwi ngrèmèhké lan kandha, ”Kowé kuwi muridé, nanging aku kabèh muridé Musa. 29  Aku kabèh ngerti nèk Gusti Allah ngendika marang Musa, nanging bab wong kuwi, aku kabèh ora ngerti asalé saka ngendi.” 30  Wong lanang kuwi njawab, ”Kok anèh tenan nèk kowé ora ngerti asalé saka ngendi, padahal dhèwèké wis marèkké aku.* 31  Awaké dhéwé kan ngerti nèk Gusti Allah ora mirengké wong dosa, nanging Gusti Allah mirengké wong-wong sing wedi marang Panjenengané lan nindakké kersané. 32  Wiwit jaman mbiyèn, awaké dhéwé ora tau krungu ana wong sing isa marèkké wong wuta wiwit lair. 33  Nèk wong iki dudu utusané Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa nindakké apa-apa.” 34  Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Kowé kuwi wong sing kebak dosa wiwit lair, lan saiki kowé arep mulang aku?” Wong-wong kuwi banjur ngusir wong lanang kuwi menyang njaba. 35  Yésus krungu nèk wong-wong ngusir wong lanang mau menyang njaba, lan wektu ketemu dhèwèké, Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé iman marang Putrané manungsa?” 36  Wong lanang kuwi takon, ”Dhèwèké kuwi sapa, Pak? Kandhanana aku supaya aku isa nduwé iman marang dhèwèké.” 37  Yésus njawab, ”Kowé wis ndelok dhèwèké. Malah, dhèwèké lagi omongan karo kowé.” 38  Wong lanang kuwi kandha, ”Aku nduwé iman marang dhèwèké, Gusti.” Banjur wong lanang kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 39  Yésus terus kandha, ”Aku teka menyang donya supaya donya iki isa diadili. Mula wong-wong wuta isa ndelok, lan wong-wong sing isa ndelok dadi wuta.” 40  Wong-wong Farisi sing ana ing kono krungu Yésus ngomongké kuwi, banjur padha takon, ”Dadi maksudmu, aku kabèh ya wuta?” 41  Yésus njawab, ”Nèk kowé wuta, kowé ora dosa. Nanging merga kowé kandha, ’Aku isa ndelok,’ mula dosamu ora bakal diapura.”

Katrangan Tambahan

Lit.: ”gawéané”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”dibukak”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”mbukak mripatmu”.
Lit.: ”mbukak mripatku”.