Yohanes 6:1-71

  • Yésus mènèhi mangan 5.000 wong (1-15)

  • Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu (16-21)

  • Yésus, ”roti sing mènèhi urip” (22-59)

  • Akèh sing kesandhung merga omongané Yésus (60-71)

6  Sakwisé kuwi, Yésus lunga menyang sebrangé Laut Galiléa, utawa Tiberias.  Akèh wong terus ngetutké Yésus, merga wong-wong kuwi ndelok mukjijat sing ditindakké Yésus wektu marèkké wong lara.  Mula Yésus munggah menyang sawijiné gunung lan lungguh ing kono bareng karo para muridé.  Wektu kuwi, Riyaya Paskah wong Yahudi wis cedhak.  Wektu Yésus weruh wong akèh teka marang dhèwèké, Yésus kandha marang Filipus, ”Ing ngendi awaké dhéwé isa tuku roti kanggo wong-wong iki?”  Sakjané, Yésus wis ngerti apa sing bakal ditindakké, nanging Yésus kandha kaya ngono kanggo nguji Filipus.  Filipus njawab, ”Roti sing regané 200 dinar* tetep ora cukup kanggo wong-wong kuwi, senajan saben wong mung éntuk sithik.”  Salah siji muridé, yaiku Andréas, seduluré Simon Pétrus, kandha marang Yésus,  ”Iki ana bocah cilik sing nduwé roti lima lan iwak cilik loro. Nanging apa ya cukup kanggo wong seméné akèhé?” 10  Yésus kandha, ”Kongkonen wong-wong kuwi lungguh.” Ing panggonan kuwi akèh suketé lan wong akèh mau padha lungguh ing kono. Ing antarané wong-wong kuwi, ana kira-kira 5.000 wong lanang. 11  Yésus njupuk roti kuwi, lan sakwisé ngucap sokur, dhèwèké ngedum-edumké marang wong-wong kuwi. Yésus uga nindakké sing padha kanggo iwak loro mau, lan kabèh wong padha mangan nganti wareg. 12  Sakwisé wong-wong kuwi wareg, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Sisané klumpukna, supaya ora ana sing kebuwang.” 13  Murid-muridé banjur nglumpukké sisa saka limang roti barli sing wis dipangan karo wong akèh mau. Sisané ana 12 kranjang. 14  Wektu weruh mukjijat sing ditindakké Yésus kuwi, wong-wong padha kandha, ”Dhèwèké bener-bener Nabi sing diramalké bakal teka ing donya.” 15  Banjur, merga ngerti nèk wong-wong kuwi bakal meksa Yésus kanggo dadi raja, Yésus lunga manèh menyang gunung dhèwèkan. 16  Wektu wis mulai wengi, murid-muridé lunga menyang laut, 17  lan nyabrang laut nganggo prau menyang Kapernaum. Wektu kuwi wis peteng, nanging Yésus isih durung marani murid-muridé. 18  Ing laut ombaké saya gedhé merga anginé banter. 19  Sakwisé ndhayung prauné kira-kira lima nganti enem kilomèter,* murid-murid weruh Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu laut, lan mara nyedhaki prau. Para murid dadi wedi. 20  Nanging Yésus kandha marang murid-muridé, ”Iki aku, aja padha wedi!” 21  Banjur para murid kanthi seneng nampa Yésus ing prauné. Ora let suwé, prau kuwi tekan ing panggonan sing dadi tujuané. 22  Ing dina sakbanjuré, akèh wong sing isih ana ing sebrang laut weruh nèk ing kono mung ana prau cilik siji, lan wong-wong kuwi uga weruh nèk Yésus ora mèlu lunga numpak prau kuwi bareng karo murid-muridé. 23  Nanging, prau-prau saka Tiberias teka ing cedhak panggonané Gusti mènèhi wong-wong kuwi roti sakwisé Gusti ngucap sokur. 24  Dadi wektu wong-wong kuwi weruh nèk Yésus utawa murid-muridé ora ana ing kono, wong-wong kuwi numpak prau-prau mau lan lunga menyang Kapernaum kanggo nggolèki Yésus. 25  Wektu ketemu karo Yésus ing sebrang laut, wong-wong kuwi kandha, ”Rabi, kapan panjenengan tekan kéné?” 26  Yésus njawab, ”Saktenané aku kandha, kowé kabèh nggolèki aku dudu merga kowé wis ndelok mukjijat,* nanging merga kowé kabèh wis mangan roti nganti wareg. 27  Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok. Nanging nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan ngasilké urip langgeng, sing bakal diparingké Putrané Manungsa marang kowé kabèh. Merga Bapak ing swarga, yaiku Gusti Allah dhéwé, wis ndèlèhké meterainé marang Putra kanggo nduduhké nèk Bapak nresnani Putra.” 28  Mula wong-wong kuwi takon, ”Apa sing kudu tak lakoni kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah?” 29  Yésus njawab, ”Kanggo nindakké gawéan saka Gusti Allah, kowé kabèh kudu nduduhké iman marang wong sing diutus Panjenengané.” 30  Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Mukjijat* apa sing bakal panjenengan duduhké supaya isa tak delok lan aku kabèh percaya marang panjenengan? Apa sing bakal panjenengan tindakké? 31  Mbiyèn, para leluhuré awaké dhéwé mangan manna ing padhang belantara, kaya sing ditulis ing Kitab Suci, ’Panjenengané maringi roti saka swarga* kanggo dipangan.’” 32  Yésus banjur kandha, ”Saktenané aku kandha marang kowé, Musa ora mènèhi kowé roti sing sejati saka swarga, nanging saiki Bapakku maringi kowé roti sing sejati saka swarga. 33  Roti saka Gusti Allah yaiku roti sing mudhun saka swarga lan mènèhi urip kanggo donya.” 34  Wong-wong kuwi kandha, ”Gusti, wènèhana terus aku roti kuwi.” 35  Yésus kandha, ”Aku iki roti sing mènèhi urip. Sapa waé sing teka marang aku ora bakal luwé manèh, lan sapa waé sing nduduhké iman marang aku ora bakal ngelak manèh. 36  Nanging kaya sing tak omongké marang kowé, senajan kowé wis ndelok aku, kowé tetep ora percaya. 37  Kabèh wong sing wis dipasrahké Bapak marang aku bakal teka marang aku, lan aku ora bakal ngusir wong sing teka marang aku. 38  Merga aku mudhun saka swarga ora kanggo nindakké karepku dhéwé, nanging kanggo nindakké kersané Panjenengané sing ngutus aku. 39  Iki kersané Panjenengané sing ngutus aku, yaiku supaya aku aja nganti kélangan siji waé saka kabèh sing wis dipasrahké Panjenengané marang aku, nanging supaya aku nguripké manèh wong-wong kuwi ing dina pungkasan. 40  Iki kersané Bapakku, yaiku supaya saben wong sing nampa Putra lan nduduhké iman marang dhèwèké éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan.” 41  Banjur wong-wong Yahudi mulai nggrundel bab Yésus merga Yésus kandha, ”Aku iki roti sing mudhun saka swarga.” 42  Wong-wong kuwi banjur kandha, ”Iki kan Yésus anaké Yusuf, ta? Awaké dhéwé kenal karo bapaké lan ibuné. Kok isa-isané dhèwèké kandha, ’Aku mudhun saka swarga’?” 43  Yésus njawab, ”Aja padha nggrundel manèh. 44  Ora ana wong sing isa teka marang aku, kejaba Bapak, sing ngutus aku, narik dhèwèké, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 45  Ana tulisan ing Kitab Para Nabi, ’Kabèh wong kuwi bakal diwulang karo Yéhuwah.’ Saben wong sing wis ngrungokké Bapak lan sinau saka Panjenengané teka marang aku. 46  Ora ana wong sing tau ndelok Bapak, kejaba aku sing asalé saka Gusti Allah, mung aku sing wis tau ndelok Bapak. 47  Saktenané aku kandha marang kowé, sapa waé sing percaya bakal éntuk urip saklawasé. 48  ”Aku iki roti sing mènèhi urip. 49  Para leluhurmu mangan manna ing padhang belantara, lan akiré tetep mati. 50  Nanging saben wong sing mangan roti sing sejati, yaiku roti sing mudhun saka swarga, ora bakal mati. 51  Aku iki roti sing mènèhi urip, sing mudhun saka swarga. Wong sing mangan roti iki bakal urip saklawasé. Sakjané, roti sing bakal tak wènèhké kuwi dagingku, supaya donya iki nampa urip.” 52  Wong-wong Yahudi banjur padha bebantahan karo siji lan sijiné, kandhané, ”Kok isa wong iki mènèhké dagingé kanggo dipangan awaké dhéwé?” 53  Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Saktenané aku kandha marang kowé, nèk kowé ora mangan dagingé Putrané manungsa lan ngombé getihé, kowé ora bakal nampa urip.* 54  Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal éntuk urip saklawasé, lan aku bakal nguripké manèh wong kuwi ing dina pungkasan. 55  Dagingku kuwi panganan sing sejati lan getihku kuwi ombèn sing sejati. 56  Sapa waé sing mangan dagingku lan ngombé getihku bakal tetep dadi siji karo aku, lan aku dadi siji karo wong kuwi. 57  Padha kaya Bapak sing urip ngutus aku, lan aku urip merga Bapak, wong sing mangan dagingku bakal urip merga aku. 58  Iki roti sing mudhun saka swarga. Iki ora kaya roti sing dipangan para leluhurmu, merga wong-wong kuwi akiré tetep mati. Sapa waé sing mangan roti iki bakal urip saklawasé.” 59  Yésus ngomongké kuwi kabèh wektu lagi mulang ing sinagogé* ing Kapernaum. 60  Wektu krungu omongan kuwi, akèh muridé kandha, ”Omongané ora isa ditampa, aku wegah ngrungokké kuwi.” 61  Yésus ngerti nèk murid-muridé padha nggrundel bab perkara mau. Mula Yésus kandha, ”Apa bab iki nggawé kowé kélangan iman?* 62  Terus piyé nèk kowé weruh Putrané manungsa munggah menyang panggonan asalé? 63  Sing mènèhi urip kuwi roh suci, dudu upayané manungsa sing babar blas ora ana gunané. Bab sing tak omongké marang kowé kuwi asalé saka roh suci lan mènèhi urip. 64  Nanging ing antaramu ana sing ora percaya.” Saka wiwitan Yésus wis ngerti sapa waé sing ora percaya lan sapa sing bakal ngianati dhèwèké. 65  Yésus neruské omongané, ”Kuwi sebabé aku ngandhani kowé, ora ana wong siji-sijia sing isa teka marang aku kejaba Bapak ngijinké wong kuwi.” 66  Merga kuwi, akèh muridé Yésus bali menyang perkara-perkara sing wis ditinggalké lan ora ngetutké Yésus manèh. 67  Mula Yésus takon marang 12 rasulé, ”Apa kowé ya arep lunga sisan?” 68  Simon Pétrus njawab, ”Gusti, aku kudu lunga marang sapa? Omongané panjenengan ngasilké urip saklawasé. 69  Aku kabèh wis percaya lan ngerti nèk panjenengan kuwi Sing Suci saka Gusti Allah.” 70  Yésus njawab, ”Aku sing milih kowé wong 12 iki, ta? Nanging salah siji saka antaramu kuwi tukang mitenah.”* 71  Sakjané, Yésus lagi ngomongké bab Yudas anaké Simon Iskariot, merga dhèwèké sing bakal ngianati Yésus, senajan dhèwèké kuwi salah siji saka 12 rasul.

Katrangan Tambahan

Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”kira-kira 25 utawa 30 setadi”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”langit”.
Lit.: ”ora nduwé urip ing awakmu”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Lit.: ”Apa iki nggawé kowé kesandhung?”
Utawa ”iblis”.