Yohanes 12:1-50

  • Maria ngesokké lenga ing sikilé Yésus (1-11)

  • Yésus mlebu Yérusalèm (12-19)

  • Yésus ngramalké sédané (20-37)

  • Wong-wong Yahudi sing ora nduwé iman netepi ramalan (38-43)

  • Yésus teka kanggo nylametké donya (44-50)

12  Nem dina sakdurungé Riyaya Paskah, Yésus teka ing Bétani. Lazarus, yaiku wong sing wis diuripké Yésus saka antarané wong mati, manggon ing désa kuwi.  Banjur Yésus diundang maem ing wayah wengi ing kana. Marta ngladèni wong-wong kuwi, nanging Lazarus lan wong-wong liyané padha lungguh lan mèlu mangan bareng Yésus.  Maria banjur njupuk lenga wangi kira-kira setengah liter,* yaiku lenga narwastu* murni sing larang banget regané, banjur disokké ing sikilé Yésus lan ngusapi sikilé Yésus nganti garing nganggo rambuté. Sak omah ambuné dadi wangi kabèh merga lenga kuwi.  Nanging Yudas Iskariot, yaiku salah siji murid sing bakal ngianati Yésus, kandha,  ”Ngapa lenga wangi iki ora diedol waé 300 dinar,* terus dhuwité diwènèhké marang wong-wong miskin?”  Yudas ngomong kaya ngono ora merga dhèwèké mikirké wong-wong miskin, nanging merga dhèwèké kuwi maling. Dhèwèké sing ngurusi kothak dhuwit, lan seneng nyolong dhuwit saka kothak kuwi.  Yésus banjur kandha, ”Ejarna waé dhèwèké. Dhèwèké nindakké iki kanggo nyiapké dina penguburanku.  Merga wong miskin bakal terus ana karo kowé, nanging aku ora bakal terus ana karo kowé.”  Wektu kuwi, kumpulan wong Yahudi ngerti nèk Yésus ana ing kana. Mula wong-wong kuwi teka, ora mung kanggo ndelok Yésus, nanging uga kanggo ndelok Lazarus, yaiku wong sing wis diuripké Yésus saka antarané wong mati. 10  Saiki, para imam kepala uga péngin matèni Lazarus, 11  sebab ya merga Lazarus kuwi, akèh wong Yahudi padha mrana lan nduwé iman marang Yésus. 12  Ing dina sakbanjuré, akèh wong sing teka ing riyaya padha krungu nèk Yésus lagi ing perjalanan menyang Yérusalèm. 13  Mula wong-wong kuwi ngethok pang-pangé wit palem lan metu kanggo nemoni Yésus. Wong-wong kuwi padha mbengok, ”Paringana keslametan! Muga diberkahi wong sing teka nganggo asmané Yéhuwah. Muga diberkahi Rajané Israèl!” 14  Wektu nemokké keledai enom, Yésus banjur nunggang keledai kuwi, kaya tulisan sing kandha, 15  ”Aja wedi, anak wadoné Zion. Deloken! Rajamu teka, lan nunggang keledai enom.” 16  Mauné murid-murid ora paham, nanging wektu Yésus dimulyakké, murid-murid dadi kèlingan nèk apa sing ditindakké wong-wong kuwi persis kaya apa sing wis ditulis bab Yésus. 17  Wong-wong sing ana karo Yésus wektu Yésus nyeluk Lazarus metu saka kuburan lan nguripké dhèwèké saka antarané wong mati, padha terus mènèhi kesaksian. 18  Kuwi sebabé, akèh wong padha lunga nemoni Yésus, merga wong-wong kuwi krungu nèk Yésus wis nggawé mukjijat* kuwi. 19  Mula, wong-wong Farisi padha rembugan dhéwé, ”Deloken, upayané awaké dhéwé ora ana hasilé babar blas. Wong sak donya wis padha dadi pengikuté.” 20  Wektu kuwi, ing antarané akèh wong mau, ana wong-wong Yunani sing teka kanggo ngibadah ing riyaya kuwi. 21  Wong-wong kuwi nemoni Filipus sing asalé saka Bètsaida ing Galiléa, lan kandha, ”Pak, aku péngin ketemu Yésus.” 22  Filipus ngandhani Andréas, banjur Andréas lan Filipus mara lan ngandhani Yésus. 23  Nanging Yésus njawab, ”Wektuné wis teka kanggo Putrané manungsa dimulyakké. 24  Saktenané aku kandha, nèk wiji gandum siji ora tiba ing lemah lan ora mati, kuwi mung tetep wiji gandum siji. Nanging nèk mati, kuwi bakal ngasilké akèh woh. 25  Sapa waé sing nresnani nyawané,* bakal kélangan* nyawané. Nanging sapa sing lila kélangan* nyawané ing donya iki, bakal nglindhungi nyawané supaya isa urip saklawasé. 26  Nèk wong péngin nglayani aku, dhèwèké kudu ngetutké aku. Ing ngendi waé aku ana, pelayanku ya ana ing kono. Nèk wong péngin nglayani aku, Bapak bakal ngajèni dhèwèké. 27  Saiki aku* susah banget, lan apa sing kudu tak omongké? Bapak, slametna aku saka mangsa susah iki. Nanging, aku teka pancèn kanggo ngadhepi mangsa susah iki. 28  Bapak, luhurna asma Panjenengan.” Banjur ana swara saka langit, ”Aku wis ngluhurké kuwi lan bakal tak luhurké manèh.” 29  Wong akèh sing ngadeg ing kana krungu swara kuwi lan padha kandha nèk kuwi gludhug. Sing liyané kandha, ”Ana malaékat sing omongan karo dhèwèké.” 30  Yésus kandha, ”Swara kuwi dudu kanggo aku, nanging kanggo kowé kabèh. 31  Saiki, donya iki lagi diadili, lan panguwasa donya iki bakal diusir. 32  Nanging, nèk aku diangkat saka bumi, aku bakal narik kabèh wong marang aku.” 33  Sakjané Yésus ngomong kaya ngono kanggo nduduhké kaya apa matiné mengko. 34  Banjur wong akèh kuwi njawab, ”Aku kabèh krungu saka hukum Taurat nèk Kristus tetep ana saklawasé. Kok isa kowé ngomong Putrané manungsa kudu diangkat? Sapa Putrané manungsa kuwi?” 35  Yésus kandha marang wong-wong kuwi, ”Mung kari sawetara wektu pepadhang ana ing antaramu. Mlakua mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, supaya pepeteng ora nguwasani kowé. Sapa waé sing mlaku ing pepeteng ora ngerti arep lunga menyang ngendi. 36  Mumpung kowé isih nduwé pepadhang kuwi, duduhna iman marang pepadhang kuwi, supaya kowé dadi anak-anaké pepadhang.” Sakwisé ngomong kaya ngono, Yésus banjur lunga lan ndhelik saka wong-wong kuwi. 37  Senajan Yésus wis nggawé akèh mukjijat* ing ngarepé wong-wong kuwi, nanging wong-wong kuwi ora nduwé iman marang Yésus. 38  Nganggo cara kuwi, kelakon apa sing dikandhakké Nabi Yésaya, yaiku, ”Yéhuwah, sapa sing nduwé iman marang kabar sing tak wartakké? Lan marang sapa kuwasané* Yéhuwah diduduhké?” 39  Nabi Yésaya uga ngandhani alesané ngapa wong-wong kuwi ora isa percaya, yaiku, 40  ”Panjenengané wis nggawé mripaté wong-wong kuwi wuta lan atiné ketutup, supaya wong-wong kuwi ora isa ndelok nganggo mripaté lan paham nganggo atiné banjur mertobat lan Aku marèkké wong-wong kuwi.” 41  Yésaya ngomongké bab Kristus iki merga dhèwèké wis ndelok kamulyané. 42  Sakjané, akèh wong, klebu para pemimpin, nduwé iman marang Yésus, nanging padha ora wani ngakoni merga wong-wong Farisi. Wong-wong kuwi wedi diusir saka sinagogé.* 43  Wong-wong kuwi luwih seneng nampa kamulyan saka manungsa ketimbang kamulyan saka Gusti Allah. 44  Nanging Yésus kandha nganggo swara seru, ”Sapa waé sing nduwé iman marang aku, kuwi ora mung nduwé iman marang aku, nanging uga marang Panjenengané sing ngutus aku. 45  Sapa waé sing ndelok aku uga ndelok Panjenengané sing ngutus aku. 46  Aku teka ing donya iki dadi pepadhang, supaya saben wong sing nduwé iman marang aku ora tetep ana ing pepeteng. 47  Nanging nèk ana wong sing ngrungokké omonganku lan ora manut, aku ora ngadili dhèwèké, merga aku teka ora kanggo ngadili donya nanging kanggo nylametké donya. 48  Sapa waé sing nolak aku lan ora nampa omonganku bakal diadili. Omongan sing wis tak omongké kuwi sing bakal ngadili wong kuwi ing dina pungkasan. 49  Merga aku ora ngomong manut karepku dhéwé, nanging Bapak sing ngutus aku, maringi aku préntah bab apa sing kudu tak omongké lan tak wulangké. 50  Aku ngerti nèk préntahé ngasilké urip saklawasé. Mula, apa waé sing tak omongké kuwi persis kaya sing dingendikakké Bapak marang aku.”

Katrangan Tambahan

Utawa ”sak pon”. 1 pon Romawi kira-kira 327 g.
Narwastu kuwi tanduran sing oyod lan gagangé wangi.
Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”tandha”.
Utawa ”jiwané”.
Lit.: ”nyirnakké”.
Lit.: ”sengit marang”.
Utawa ”jiwaku”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”lengené”.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.